Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (18) Kaca 213 - 225

 

( Petangan Kurup tuwin Wuku )

V. Petangan Kurup tuwin Wuku

Byar enjing ingkang trêbangan ing pandhapi sami bibaran. Para ingkang ngayahi pakaryan damêl têtingalan sami andum arta angsal-angsalaning tombok, lajêng sami nêdha kêmbul sakalangkung pakantuk. Jamal Jamil suka pitêdah dhatêng Ki Pangulu jampining sakit encok tuwin bêlaking suku.

Sèh Amongraga nêrangakên petangan tanggal kanthi dhasar kurup Kamsiyah, Arbangiyah tuwin Jumangiyah. Lajêng wiwit nêrangakên bab Wuku.


Kaca 213 - 225

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||


Jilid 6 - Kaca : 213

369 Mêgatruh

5.
Langkung nigang dhuwit sadaya wus cukup |
nulya lajêng maring mêsjid |
samya dus mèt banyu wulu |
kang wus suci ambêdhugi |
Jamal Jamil adan Suboh ||

6.
Abandhungan sabawane adan Subuh |
lor kidul kulon angalik |
-alik sanggèn-ênggènnipun |
kang cêlak myang ragi têbih |
kang sarênti barung ulon ||

7.
Ing sadesa sawarnining tajug-tajug |
kang lagya dan kang pupuji |
swaranya sri nganyut-anyut |
mawur sabawaning pêksi |
wurahan myang ingon-ingon ||

8.
Gêmak pêlung asêngut prêkutut manggung |
jalak menco bèthèt nori |
kruk babon sawung kaluruk |
bèbèk banyak glathik êmprit |
miwah mrak munya mangungong ||

9.
Babon kruk-kruk lir wong wulu lagi kêmu |
sawung kaluruk angêlik |
kadya angadani Subuh |
banyak ngak-ngok lir ngimami |
bèbèk kadya Kunut alon ||

10.
Jalak menco bèthèt nori lan prêkutut |
pitik cilik glathik êmprit |
lir pupujiyaning Subuh |
gêmak mêngung sênguk muni |
nguk-nguk lir dhikir lêlagon ||

11.
Dalimukan lir andonga limang wêktu |
dara (m)bêkur kadya amin |
mrak munya nyêngungong cohung |
èsthanira lir nangsibi |
jaran ambrangingèh dhog-dhog ||

12.
Kadya (ng)gugah santri angênthongi Subuh |
wêdhus lir srêngên kon tangi |
barung pêksi-wana umyung |
sikatan munya cing-goling |
cocak angroyok kumroyok ||

13.
Wor kuthilang thithilungan bangun esuk |
kêdhasih angasih-asih |
si tuhu lir wong akukuk |
nèng kaywa gêng mêmêlingi |
têkèk munya othog-othog ||

14.
Apan limrah wong sadesa (ng)gènnya Subuh |
awal maksih pajar gidib |
yèn wus adan barung umyung |
punujiyan langkung asri |
sauran rampak lêlagon ||

Jilid 6 - Kaca : 214

15.
Datan liyan wong sadesa pujinipun |
astagpirulah halngalim |
minkuli dabin ngalamu |
walayagpiru dunubi |
ila rabil ngalamino ||

16.
Kanan kering kulon wetan lor myang kidul |
samya alêlagon puji |
anganyut swaranira rum |
wong tuwa barung rarywalit |
alayu-layu amelon ||

17.
Gurantangan lir sundari tri katiyub |
ing pracandha sru angidid |
sring srang-srangan kapyarsa rum |
wor swararsa agêgrami |
myang pêpasar ting karengkot ||

18.
Bang-bang wetan lêkas tatrap awêwarung |
lincaknya nyamikan enjing |
lagya dadèn gêni murub |
kang adol ledre surabi |
anake alit dèn gendhong ||

19.
Mèh byar rina rêma saput-lêmah pêdhut |
sangsaya kèh sabawaning |
desarja lêlangênipun |
rame swaraning kang jalmi |
(n)dulur nèng marga agolong ||

20.
Cêcaturan guguyon tutur-tinutur |
sawêngi tan bisa guling |
karipan dènnya (n)dudulu |
ana batur gus Suratin |
ana Sênu kang dèn-omong ||

21.
Ana Widiguna kang cinatur lucu |
ana nutur Jayèngragi |
asigit bagus abêsus |
saselahe jongkar angin |
bisa wèh lam-lam ngêlamong ||

22.
Ting kulikik para bakul turut lurung |
sami pêpasar anggili |
kèsèr pipikul andulur |
tunggal kang cinatur sami |
kalane andulu gamboh ||

370 Gambuh

1.
Sirat mabang byar esuk |
Hyang Surya mijil udayèng gunung |
sirating Hyang Rawi mrabani salwirning |
nahyani prêdapa wungu |
sumringah sinoming kayon ||

Jilid 6 - Kaca : 215

2.
Kitri ingkang ngêrêmbyung |
kawijilan ujwalaning samsu |
gambiraning kitri ron katubing angin |
lir wadya suka pinanggut |
tampi ganjaraning katong ||

3.
Mangkana èsthanipun |
apan kathah alangên dinulu |
ing sajroning desa ing Wanamartèki |
saking harjaning dhusun gung |
tan ana kang walang atos ||

4.
Sadaya sami cukup |
pan (n)Jêng Kyai Bayi brêkahipun |
rare alit jalu èstri samya ngaji |
tan ana tajug kang suwung |
kêbak ing saênggon-ênggon ||

5.
Gumrah ngaji nèng tajug |
ana kang gêladhag ngaji Kulhu |
ana lagya tutug Ikral lan Watini |
kang wus tamat Ngama Sajud |
ana kang ngejah kemawon ||

6.
Akèh kêrêng kang muruk |
yèn tan bênêr sinabêtan wilur |
gigitike wilah lir walêsan pacing |
sêsrêngên sambi mumuruk |
tansah nunutuh sarya kon ||

7.
Jèh ambaèkkên tutur |
yèn wong ngaji amrih gangsaripun |
yèn tuttug Lamyakunil sidhêkah inthil |
ekrak opak Kulhu sêkul |
Idaja-a iku jongkong ||

8.
Akathah solahipun |
harjaning dhusun tan wun cinatur |
Ki Sèh Amongraga alênggah sarimbit |
sarta lan kang rayi wau |
Jayèngraga sakarongron ||

9.
Cênthini tansèng ngayun |
angladèni sêsaosanipun |
Nikèn Rarasati kang anatèng ngarsi |
pateyan tenonganipun |
dharan enjingan sumaos ||

10.
Sêrabi ledre puthu |
tan kolak bikang jênang garêndul |
gêmblong lèmpèng juwadah gulali gêbing |
lan bakaran pisang suluh |
dhèndhèng gêpuk apêm kocor ||

11.
Munggwèng paningratipun |
ing bale-watangan dènnya lungguh |
gya kang rayi Jayèngwèsthi ingkang prapti |
lan garwa rencang nèng pungkur |
sarwi manggul dhulang loro ||

Jilid 6 - Kaca : 216

12.
Dhêdharan lawan bucu |
praptèng made Jayèngraga mudhun |
ingkang raka Amongraga anginsêti |
wus tata sami alungguh |
dhêdharan lajêng sumaos ||

13.
Wus aglar anèng ngayun |
nulya wau ingkang paman rawuh |
Kulawirya lan sagarwanira katri |
rencangira sarwi manggul |
dhulang têlu abot-abot ||

14.
Dhêdharan lawan bucu |
kupat lêgandha sa-abênipun |
praptèng paningrat kang putra samya ngering |
pan lajêng tinatèng ngayun |
kupat lêgandha mirantos ||

15.
Datan antara dangu |
(n)Jêng Kyai Panurta ingkang rawuh |
lan kang garwa sakucumbu samya ngiring |
santri Luci anèng ngayun |
ngirid jodhang sarêmbat bot ||

16.
Kang putra duk andulu |
lamun ingkang rama ibu rawuh |
sigra samya mudhun sing bale ngurmati |
(n)Jêng Kyai sêmada gupuh |
myat ing putra mantu anor ||

17.
Ki Bayi Panurta wus |
lênggah lan garwa kang putra gupuh |
samya nêmbah sadaya sarêng alinggih |
(n)Jêng Kyai alon amuwus |
hèh Wirya apa sireko ||

18.
Banjur bae tan mantuk |
ingkang rayi alon aturipun |
inggih mantuk sakêdhap bibaran enjing |
pajar gidip samya mantuk |
pan lajêng Subuh kemawon ||

19.
Byar siyang nulya wangsul |
kang raka ngling gumujêng ya sokur |
apa karo anggawa sarapan enjing |
iki manèh bokayumu |
anggawa sèmèkan wayon ||

20.
Rada sompok gyanipun |
saenggane ngalih ing (ng)gènnipun |
ing pandhapa kang bawera bae bêcik |
sadaya sami umatur |
sumanggèng karsa kemawon ||

21.
(n)Jêng Kyai nulya nuduh |
hèh Tiraga gêlarana gupuh |
ing pêndhapa lampit kêlasa dèn-aglis |
ingkang dhinawuhan gupuh |
tan adangu wus mirantos ||

22.
Kang rama alon muwus |
wawi anak nèng pêndhapinipun |
matur inggih sumangga kula umuring |
nulya samya linggar mudhun |
lênggah ing pandhapa manggon ||

Jilid 6 - Kaca : 217

23.
Dhêdharan sadayèku |
samya ginawa sinaos ngayun |
Ni Cènthini lan Sumbaling nglêladèni |
wus tinata kadya wau |
Ki Bayi ngandika alon ||

24.
Luci undangên gupuh |
si Pangulu Basarodin mupung |
esuk yèn wus muruk marang santri-santri |
kang liningan mentar dangu |
tan antara nulya rawoh ||

25.
Ki Bayi lingira rum |
dimarene Pangulu alungguh |
sira iku gêlis tuwa sunarani |
tan sêmbada daging pupuk |
sabobotmu gêlis repot ||

26.
Ki pangulu umatur |
ping sadasa kêcandhaking ribug |
suku kula bêlakên tan sagêt mari |
mila lampah griyah-griyuh |
kawêwahan sakit encok ||

27.
Kulawirya gumuyu |
punapyajêng jampi kang Pangulu |
jampi encok ampuh gathêg sêg gya mari |
dene bobok pan pituduh |
mung sarat nanging sayêktos ||

28.
Yèn wontên manuk êngkuk |
jinogèdan wontên ngandhapipun |
sampun êmpun yèn botên mibêr kang pêksi |
bêr bêr ya gawanên mabur |
encokku ngaliha mrono ||

29.
Puniku japanipun |
kang sami myarsa suka gumuyu |
Ki Pangulu ambêkuh mèsêm nauri |
jêrku apa yèn kadyèku |
tan pasaja mung guguyon ||

30.
Nadyan yêktos puniku |
mawi anjogèd pan botên mungguh |
linampahan tiyang kadya awak mami |
Ki Bayi mèsêm amuwus |
hèh gus Jamal Jamil kono ||

31.
Kalamun duwe kawruh |
tamba encok wong tuwa wlas-ayun |
Sèh Mongraga sumambung umatur aris |
inggih Jamal sabênipun |
sagêd anjampèni encok ||

32.
Asênggak Ki Pangulu |
dhuh inggih alkamdulilah sokur |
kula ngalap bêrkah adhi Jamal Jamil |
sarta idine wong bagus |
prayogi ngriki alunggoh ||

33.
Jamal Jamil turipun |
nuwun ajrih lan dede dhêdhukun |
Ki Baywa ngling munggaha gus Jamal Jamil |
lungguha lan Ki Pangulu |
cêlakan bae ing kono ||

Jilid 6 - Kaca : 218

34.
Amêksa Ki Pangulu |
ngawe cêluk-cêluk manthuk-manthuk |
sampun ta (ng)gih sampun ran dènlilani |
Sèh Mongraga ngandika rum |
lah ya lungguha ing kono ||

35.
Ki Jamal Jamil gupuh |
lênggah tunggil lan Kyai Pangulu |
Kyai Basarodin suka angingsêdi |
kadospundi tambanipun |
ingkang nyarasakên encok ||

36.
Ki Jamal aturipun |
jampi encok inggih adatipun |
ingkang sampun kalampahan kèh kang mari |
sarate punika namung |
isining bendha kang gesot ||

37.
Kalawan cabe wungkul |
pan salawe lan sarêm sawuku |
sawuku thil kang bendha gesot satunggil |
pinipis ingkang alêmbut |
tinoyanan êmpon-êmpon ||

38.
Kewala pathinipun |
rambah ping salawe dènnya jamu |
kaping kalih sawulan dènnira jampi |
sarêng tanggal pisanipun |
lan tanggal limalas kono ||

39.
Sabên-sabên puniku |
kang ajangkêp salawe jêjamu |
insa-Allah kang sakit encok pan mari |
oyoding sêsakit larut |
kuwat balung daging otot ||

40.
Sêgêr marang ing purus |
dhatêng napas aring antêng landhung |
lan tawêkal mêlèk ratri tan patya rip |
badan asaras sakojur |
manah enggar tan mirangrong ||

371 Wirangrong

1.
Pangulu lêga tyasnèki |
myarsa kojah jampi jompo |
mituhu wirayat manthuk-manthuk |
kêduga sarya ngling |
dhuh bagus Jamil Jamal |
kêlangkung alkamdulilah ||

2.
Ki Bayi Panurta angling |
Pangulu bêgja-lih kaol |
apan manirarsa iya mèlu |
agawe jêjampi |
wis bunuhe wong tuwa |
agujih krêp sakitira ||

3.
Ki Pangulu matur aris |
dhuh inggih apan sayêktos |
kados wus adatnya tiyang sêpuh |
cêpak kang sêsakit |
Ki Baywa ngling ya talah |
puluh wus ganjaraning Hyang ||

Jilid 6 - Kaca : 219

4.
Apan sarwi ngancarani |
ing dhêdharan kang sumaos |
paran sinênêngan sadaya wus |
nyamikan binukti |
wedang myang pêpanganan |
sami sakantuk dhêdharan ||

5.
Dangu dènnira nyênyamik |
Ki Bayi ngandika alon |
bêcik sêsarapan mumpung esuk |
Malarsih anuding |
Sumbaling Cênthini gya |
malbèng wisma paparentah ||

6.
Sadaya sampun miranti |
rampadan ingangkat gupoh |
Cênthini nèng ngarsa manggul bucu |
anèng panjang giri |
sinaoskên nèng ngarsa |
rampadanira tinata ||

7.
Sumbaling lawan Cênthini |
sawuse dènnya sêsaos |
mundur saking ngarsa tan adangu |
Kyai ngandika ris |
lah payo samya nadhah |
barêngan bae aenak ||

8.
Bancakan pakolih bukti |
lah mara padha wêwisoh |
krana Lah kewala payo kêmbul |
sigra kang sinung ngling |
samya awiwijikan |
adan lêkas samya nadhah ||

9.
Nulya Wiradhustha prapti |
Panukma Panamar katon |
Ki Baywa sru lingnya lah dèn-gupuh |
lagi lêkas iki |
rayi gêpah alênggah |
lajêng wijik kêmbul nadhah ||

10.
Pakantuk kang samya bukti |
lan garwa putra aroyom |
samya rahabira Ki Pangulu |
nunggil Jamal Jamil |
bucu juga tinigan |
lam-ulamane mawarna ||

11.
Myang gudhang kulup mêpêki |
jangan pindhang bobor loncom |
sêkul gorèng pulên punar wuduk |
myang rampadanèki |
ingkang kinarsan ana |
janganan ulam-ulaman ||

12.
Ki Pangulu Basarodin |
dènnya nadhah ngramês kokoh |
cekoh mojar wawi ngriku |
adhi Jamal Jamil |
kang nênêm kalih kula |
sami krana Lah kewala ||

13.
Jayèngraga angêjèpi |
mring Jamal Jamil wong loro |
ingkang sinasmitan samyandhêku |
ing sêmu wus tampi |
mangkana Jamil Jamal |
angangsêg dènnira sila ||

14.
Samya angling anangguhi |
wong têlu kokoh aserob |
samya drêmbanira thêkul-thêkul |
andhêngèngèk kudhi |
Pangulu lêga tyasnya |
kaecan dènnya anadhah ||

Jilid 6 - Kaca : 220

15.
Dangu antaraning bukti |
Ki Pangulu pantog tinog |
ngling Ki Kulawirya kang Pangulu |
saiki lèh tandhing |
binut ro Gathutkaca |
Antarêja Antasena ||

16.
Lah mêngko kalah kang êndi |
pêthèkku kalah kang roro |
Ki Pangulu saya nyêrang puluk |
abikut pakolih |
tumpêng sawiji têlas |
ulam sarampadan bebas ||

17.
Jangan sakuwali ênting |
bêsêngèk bêtutu opor |
kari balung (ng)glethak bantu sêkul |
punar pulên gurih |
miwah kupat balendrang |
ambandrêng dènnira nadhah ||

18.
Akokoh balendrang pêtis |
sambêl têlas lalab lombok |
pan urap-urapan carub wor-suh |
puluke sabithi |
akrêp tan tulatènan |
ingampêr bar-bêr kewala ||

19.
Kokohe sapanjang lintrik |
Jamal Jamil ya samono |
Ki Pangulu mojar laminipun |
nadhah tan kadyèki |
langkung takêre saban |
adhi pan eca kewala ||

20.
Ki Jamal Jamil nauri |
inggih sawêg eca mawon |
apan sarêng têlas kokohipun |
nulya luwaran bukti |
Ki Bayi lon ngandika |
wis padha dumên barêkat ||

21.
Kang wrata lir dum kêndhuri |
padha bae lanang wadon |
nulya Kulawirya kang adungdum |
barêkat waradin |
pan pinara nêmbêlas |
èstri pitu jalu sanga ||

22.
Ki Pangulu Basarodin |
tan dinuman brêkat mêngko |
sabab ambêngira datan kantun |
wus têlas binukti |
Ki Pangulu malêngak |
dhêlêg-dhêlêg tan micara ||

23.
Ki Bayi ngandika aris |
iku si Pangulu (n)jomblong |
tan dinuman brêkat priye iku |
katri Jamal Jamil |
Kulawirya alatah |
jêr anumpêr-numpêr mangan ||

24.
Ki Pangulu anauri |
inggih sampun bêgjaningong |
sêmune isin tyas ginaguyu |
tumungkul tan angling |
sakêdhap byar katingal |
ambêng kang sampun pinangan ||

25.
Wêtah tan ana kang cuwil |
Ki Pangulu andêngongok |
miyat ambênge tyasnya agumun |
mèsêm sarya angling |
niki ambêng punapa |
Jamal Jamil saurira ||

Jilid 6 - Kaca : 221

26.
(ng)Gih ambêng wau puniki |
kêdhik dèrèng kalong-kalong |
Ki Pangulu Basar kagyat (n)jumbul |
agiyak ambêkik |
gumuyu kêkêlyogan |
sing tak pangan mau apa ||

27.
Dudu rasane Ki Jamil |
bisa têmên karya gawok |
sadaya kang myarsa sru gumuyu |
Ki Kulawirya ngling |
wit ning mundhak akathah |
barêkate wutuh ayam ||

28.
Nulya dinum pinara tri |
Ki Pangulu muwus alon |
niku mêngke uga kadi wau |
adamêl prakawis |
la (m)bok sampun dhi Jamal |
mungna samèntên kewala ||

29.
Samya ginuyu Ki Rodin |
Pangulu malih têtakon |
adhi Jamal Jamil nêdha tulung |
kirang saprakawis |
kang dadya kêmlaratan |
sêsakite suku kula ||

30.
Sangêt susah ingkang ati |
saking bêlakên malêthok |
tan sagêd lumampah griyah-griyuh |
milane pun adhi |
mugi suka-a têdah |
jampi kang maraskên bêlak ||

31.
Inggih sok sarasa nuli |
kula nadar mring (n)dika ro |
mragad wêdhus gibas wong têtêlu |
bukti kang dumugi |
Jamal lon aturira |
babakan pocung kewala ||

372 Pocung

1.
Kalih kayu urip lan widuri namung |
punika ginêcak |
ginodhog kang molak-malik |
yèn wus ragi lêmpêr panase kang wedang ||

2.
Suku kinum duga-duga panasipun |
yèn uwus sumawah |
pangêkume ywa dèn-(n)dhani |
pan sadintên (m)bêngkêlêng kinum ing wedang ||

3.
Wedang lamun asrêp ginodhog kur-ukur |
sumawah kewala |
suku kinumakên malih |
ingkang tanak sadintên pisan tan têlas ||

4.
Yèn wus tutug sadintên pangêkumipun |
nulya kinêrukan |
lawan wêlating pring lêgi |
ingkang kanti têlas dlamakan kang bêlak ||

Jilid 6 - Kaca : 222

5.
Lamun sampun têlas balêdhaganipun |
nuntên jinampènan |
mung tela pêndhêm pinipis |
lan apu dèntraju kang sami wawratnya ||

6.
Gya cinampu kaulêt pan sukunipun |
pinopok ing tamba |
kang wrata lamakanèki |
pinanggang ing wangwa kusambi kang panas ||

7.
Ingkang dangu pêmanggangipun ing latu |
kang karaos panas |
dèn-kantos aking kang jampi |
pan makatên kewala sa-Allah saras ||

8.
Yèn wus mantun dêlamakan mantuk alus |
kang sampun klampahan |
tan wontên madal satunggil |
wah mêkatên punika manawi madal ||

9.
Lêrêsipun inggih botên-botênipun |
pan wus dadi sarat |
sakit dêlamakan sikil |
êrang porang bêrak bêlak bubul-yuta ||

10.
Ki Pangulu Basarodin manthuk-manthuk |
anggêga kadugi |
mring kojahe Jamal Jamil |
angling inggih dhi sa-Allah botên mangmang ||

11.
Nambung wuwus Kulawirya mring Pêngulu |
untung kakang Basar |
layak mau bêngi ngimpi |
kèh bêrkate olèh kojah jampi mata ||

12.
Alon muwus Kyai Bayi Panurtèku |
bêgjane Ki Basar |
kabèh ngêmum mring si Rodin |
iku mendah sêsandhingan lan wong bisa ||

13.
Lingira rum Ki Bayi marang Pangulu |
hèh Pangulu Basar |
mungguh kurup lan rukyati |
pan manira masih sumêlang tan padhang ||

14.
Yèn anuju wulan Ramêlan sring kuwur |
kakirên kawalan |
sabên mêgêng mutawatir |
kang utama apa kurup apa rukyat ||

15.
Kurup têlung prakara iku sun durung |
kusus ing lampahnya |
kang têtêp tanggaling sasi |
kurup Kamsiyah Arbangiyah Jamngiah ||

Jilid 6 - Kaca : 223

16.
Ki Pangulu umatur dèrèng tyas kusus |
sumangga kewala |
(n)Jêng Kyai ngandika aris |
kadospundi anak mas Sèh Amongraga ||

17.
Ingkang têmtu lampahe kurup têtêlu |
punapa Kamsiyah |
punapa Arbangiyahi |
punapa Jamangiyah sèntune ingetang ||

18.
Alon matur Sèh Mongraga mring marsêpuh |
mênggah kang punika |
ing kurup tigang prakawis |
apan sami kêlampah katiga pisan ||

19.
Lamun nuju ing taun Dal lampahipun |
salêbêting Êdal |
sami lumampah kurup tri |
kurup Arbangiyah apan lawan wulan ||

20.
Wiwitipun wulan Madilakiripun |
Rêjêb Ruwah Siyam |
saking Rêbo wit winilis |
pan ingetang nêptuning taun lan wulan ||

21.
De kang kurup Kamsiyah ing lampahipun |
apan gangsal wulan |
wit Sawal Dulkangidah Kaji |
lawan Rabingulakir Jumadilawal ||

22.
Pan ingetung saking Kêmis naptunipun |
lêrêse kang tanggal |
sapisan kang botên sisip |
lawan malih lampahing kurup Jamngiyah ||

23.
Tigang tèngsu wit Sura Sapar lan Mulud |
pangetange tanggal |
saking Jumuwah winilis |
kala Nabiulah têdhak marang donya ||

24.
Lêrêsipun tanggal kaping rolas Mulud |
lamun tan dènetang |
saking Jumuwah pan sisip |
dene lamun botên nuju taun Êdal ||

25.
Ingkang kurup Kamsiyah kewala laju |
apan wolung wulan |
Sawal Dulkijah Dulkaji |
Sura Sapar Mulud Rabingulakirnya ||

26.
Kêlawan Jumadilawal jangkêpipun |
wolung wulan ngetang |
saking Kêmis kurupnèki |
kurup Arbangiyah anggêr kawan wulan ||

27.
Tan ewah Jumadilakir Rêjêbipun |
Sakban lan Ramêlan |
saking Rêbo etangnèki |
mila Arbangiyah anggêr datan ewah ||

28.
Sababipun ing dalêm sawulan ngriku |
siyame supaya |
jangkêp tigangdasa ari |
dados botên mutawatir Ramêlannya ||

Jilid 6 - Kaca : 224

29.
Yèn ta ngetung saking Arbangiyahipun |
têmtu yèn sumêlang |
sring tan jangkêp tridasa ri |
sabab dede jumblahe kurup ingetang ||

30.
Lamun tangsu Ramêlan tan liyan kurup |
kêdah Arbangiyah |
kang têtêp tan mutawatir |
yèn Kamsiyah asring katunjang ing rukyat ||

31.
Alon muwus Ki Bayi marang sang bagus |
wontên malih etang |
tan mawi kurup dèn-pêsthi |
ing dintêne satunggal-tunggal (m)bên tanggal ||

32.
Ris umatur Ki Sèh Amongraga arum |
pan inggih punika |
winastanan etang Taprik |
kang rama ngling kadospundi ing lampahnya ||

33.
Aturipun kang putra mênggah puniku |
tan mawi pinetang |
taun kang dipuntingali |
pan punika etang saking kapujanggan ||

34.
Wiwit taun Alip Kunthara kang windu |
tanggale ing Sura |
Kêmis Kaliwon marêngi |
wuku Kulawu nuntên ing wulan Sapar ||

35.
Tanggal Saptu Kliwon Landêp wukunipun |
gya Rabingulawal |
Akat Wage Warigalit |
nuntên wulan Rabingulakir dintênnya ||

36.
Tanggalipun Slasa Wage (ng)gih puniku |
wukunya Galungan |
gya Jumadilawal nênggih |
tanggal Rêbo Pon wuku Julungpujudnya ||

37.
Kang wulan Jumadilakir tanggalipun |
ing dintên Jumungah |
Êpon wukunipun Tambir |
wulan Rêjêb tanggal Saptu Paingira ||

38.
Wukunipun Manahil ingkang lumaku |
nulya wulan Sakban |
sarêng tanggal Sênèn Paing |
wuku Kulawu nulya wulan Ramêlan ||

39.
Tanggalipun Salasa Lêgi puniku |
Landêp wukunira |
Sawal tanggal Kêmis Lêgi |
Wuku Gumbrêg nulya sasi Dulkaidah ||

Jilid 6 - Kaca : 225

40.
Tanggalipun Jumungah Kaliwon nêngguh |
nuju wuku Sungsang |
wulan Bêsar tanggalnèki |
Akad Kliwon wuku Julungpujud tamat ||

41.
Gantya taun ehe nênggih kang lumaku |
tanggale ing Sura |
Sênèn Wage wuku Tambir |
wulan Sapar tanggale Rêbo Wagenya ||

42.
Wukunipun Manahil gya wulan Mulud |
Kêmis Pon tanggalnya |
wuku Wayang nulya sasi |
Rabingulakir tanggal Saptu Ponira ||

43.
Wukunipun Sinta anulya kang tangsu |
ing Jumadilawal |
tanggalipun Akat Paing |
wuku Gumbrêg gya wulan Madilakirnya ||

44.
Tanggalipun Sênèn Lêgi Sungsang wuku |
Rêjêb tanggalira |
Salasa Kliwon anênggih |
wuku Mandhasiya nulya wulan Sakban ||

45.
Tanggalipun Kêmis Kliwon Mrakèh wuku |
gya wulan Ramêlan |
tanggal Saptu Kliwonèki |
wuku Wuye anuntên ing wulan Sawal ||

46.
Tanggalipun Sênèn Kaliwon puniku |
wukunipun Wayang |
wulan Dulkangidah nênggih |
sarêng tanggal dintên Salasa Wagenya ||

47.
Ingkang wuku Sinta nulya Bêsaripun |
dintên sarêng tanggal |
Kêmis Wage wukunèki |
Tolu tamat ing sataunipun lonthang ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (17) Kaca 205 - 212