Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (01) Kaca 01 – 18

 

( Pangantèn Sèh Amongraga kalihan Nikèn Tambangraras kaundhuh )

I. Pangantèn Sèh Amongraga kalihan Nikèn Tambangraras kaundhuh dening para putra lan rayinipun Ki Bayi Panurta. Ki Pangulu Basarodin ugi angsal giliran ngundhuh pangantèn.

1. Ing griyanipun Jayèngsari, Sèh Amongraga nglajêngakên katranganipun bab Pawukon, bab dintên-dintên naas, kasambêt bab panggenaning rijalolah sarta saratipun tiyang kêkesahan ingkang nêrjang panggenanipun rijalolah. Wanci jam 10 Ki Bayi ngajak bibaran, para santana sami mantuk. Pangantèn sakalihan dhatêng langgar namung kalawan Ni Cênthini. Lajêng mêmulang garwa tuwin para ipe bab: jatining pandulu lan pamuwus; bab kajatèning ngèlmi dumugi bab wahya jatmika, rasa, hêning, sampurnaning panunggal.

Wanci têngah dalu Sèh Amongraga atangat lawan garwa wontên ing tajug alit, sabakdaning palilah, pangantèn maring tilam adi, anggung mêmulang mring garwa bab jatining puji ngantos byar enjing, lajêng manjing masjid angimami salat Subuh.


Kaca 01 - 18.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 1

SÊRAT CÊNTHINI VII

373 Lonthang

1.
Nulya kang gumanti ing taun Jimawal |
tanggalipun sasi Sura dintên Tumpak |
Wage wuku Julungwangi nulya wulan ||

2.
Sapar tanggal Sênèn Wage Mandhasiya |
wulan Mulud tanggal Slasa Pon Marakèh |
nulya wulan Rabingulakir tanggal ||

3.
Kêmis Êpon wuku Wuye nulya wulan |
ing Jumadilawal tanggale Jumuwah |
Paing kang awuku Wugu sarêng tanggal ||

4.
Wulan Jumadilakir tanggale Akat |
Paing wuku Sinta nulya wulan Rajab |
tanggal Sênèn Lêgi wuku Tolu tampa ||

5.
Wulan Ruwah Rêbo Lêgi tanggalira |
wuku Julungwangi gya wulan Ramêlan |
tanggal Kêmis Kaliwon wuku Langkirnya ||

6.
Wulan Sawal Sêptu Kaliwon tanggal |
wuku Kuruwêlut wulan Dulkangidah |
tanggal Akat Wage wuku Wuye ika ||

7.
Wulan Bêsar Salasa Wage tanggalnya |
wuku Wugu wus tamat sataunira |
nulya kang gumantya taun Je kang tampa ||

8.
Tanggalnya ing Sura Rêbo Pon punika |
wuku Watugunung nulya wulan Sapar |
tanggal Jumungah Pon Kurantil wukunya ||

9.
Wulan Mulud Saptu Paing tanggalira |
wuku Warigagung anulya kang wulan |
Rabingulakir tanggal Sênèn Paingnya ||

10.
Wuku Langkir gya wulan Jumadilawal |
tanggal Sênèn Kaliwon Kruwêlut wukunya |
Jumadilakir Kêmis Lêgi tanggalnya ||

11.
Maktal Rêjêb Jumungah Kliwon tanggal |
wuku Bala nulya wulan Sakban tanggal |
Akat Kaliwon wuku Watugunungnya ||

Jilid 7 - Kaca : 2

12.
Wulan Ramêlan Sênèn Wage tanggal |
wuku Kurantil nulya ing wulan Sawal |
tanggal Rêbo Wage Wrigagung wukunya ||

13.
Wulan Dulkangidah Kêmis Pon tanggal |
wuku Kuningan nulya ing wulan Bêsar |
tanggal Sêptu Êpon wukunipun Pahang ||

14.
Gumanti taun Dal tanggale ing Sura |
apan Akat Paing wukunipun Maktal |
sasi Sapar Salasa Paing tanggal ||

15.
Wuku Bala nulya wulan Muludira |
tanggal Rêbo lêgi Dhukut wukunira |
sasi Rabingulakir tanggal Jumungah ||

16.
Lêgi wuku Wukir anulya kang wulan |
Jumadilawal Sêptu Kliwon tanggalnya |
wuku Warigalit anuntên kang wulan ||

17.
Jumadilakir Sênèn Kliwon tanggal |
kang wuku Kuningan nulya sasi Rajab |
tanggal Sêlasa Wage kang wuku Pahang ||

18.
Sasi Sura Kêmis Wage tanggalira |
wuku Madhangkungan gya wulan Ramêlan |
tanggal Jumungah Êpon wuku Prangbakat ||

19.
Wulan Sawal Akat Êpon tanggalira |
wuku Dhukut nulya wulan Dulkangidah |
tanggal Sênèn Paing wuku Wukirira ||

20.
Sasi Bêsar Rêbo Paing tanggalira |
wuku Warigalit tamat sêtaun |
wondene nênggih ing taunipun ngarsa ||

21.
Gantya taun ehe tanggale ing Sura |
pan Jumungah Paing wukunya Galungan |
sasi Sapar Akat Paing tanggalira ||

22.
Wuku Pahang nulya sasi Muludira |
tanggal Sênèn Lêgi wuku Madhangkungan |
anulya kang wulan Rabingulakirnya ||

23.
Tanggalnya Rêbo Lêgi wuku Prangbakat |
sasi Madilawal Kêmis Kliwon tanggal |
wuku Landêp anulya ing wulan Rajab ||

24.
Tanggal Akat Wage Wrigalit wukunya |
sasi Ruwah Salasa Wage tanggal |
wuku Galungan anulya wulan Ramêlan ||

25.
Tanggal Rêbo Pon Julungpujud wukunya |
sasi Sawal Jumungah Pon tanggalira |
wuku Tambir nulya wulan Dulkangidah ||

26.
Tanggal Saptu Paing Manahil wukunya |
sasi Bêsar Sênèn Paing tanggalira |
wuku Kulawu tamat sataunira ||

27.
Gantya taun Wawu tanggale ing Sura |
tanggal Salasa Lêgi Landêp wukunya |
sasi Sapar Kêmis Lêgi tanggalnya ||

Jilid 7 - Kaca : 3

28.
Wuku Gumbrêg gya wulan Rabingulawal |
tanggal Jumungah Kêliwon wuku Sungsang |
Rabingulakir Akat Kêliwon tanggal ||

29.
Wuku Julungpujud sasi Madilawal |
tanggal Sênèn Wage Tambir wukunira |
Jumadilakir Rêbo Wage tanggal ||

30.
Wuku Manahil nulya ing wulan Rajab |
tanggal Kêmis Êpon wukunira Wayang |
Ruwah tanggal Saptu Êpon wuku Sinta ||

31.
Sasi Pasa Akat Paing tanggalira |
wuku Gumbrêg anulya ing wulan Sawal |
tanggalnya Salasa Paing wuku Sungsang ||

32.
Dulkangidah Rêbo Lêgi tanggalira |
wuku Mandhasiya nulya wulan Bêsar |
tanggal Jumungah Lêgi Marakèh wukunya ||

33.
Gantya taun Jimakir tanggaling Sura |
Saptu Kliwon wuku Wuye sasi Sapar |
tanggalnya Sênèn Kaliwon wuku Wayang ||

34.
Sasi Mulud Salasa Wage tanggal |
wuku Sinta nulya Rabingulakirnya |
tanggal Kêmis Wage Tolu wukunira ||

35.
Jumadilawal Jumungah Pon tanggal |
wuku Julungwangi anulya kang wulan |
Jumadilakir Akat Pon tanggalira ||

36.
Wuku Mandhasiya nulya wulan Rajab |
tanggal Sênèn Paing Marakèh wukunya |
nulya Ruwah Rêbo Paing tanggalira ||

37.
Wuku Wuye nulya ing wulan Ramêlan |
tanggal Kêmis Lêgi Wugu wukunya |
nulya Sawal Saptu Lêgi tanggalira ||

38.
Wuku Watugunung nulya Dulkangidah |
tanggal Akat Kaliwon Tolu wukunya |
nulya wulan Bêsar tanggalnya Sêlasa ||

39.
Kêliwon Julungwangi nulya wukunya |
wus jangkêp sawindu dintên kang nèng tanggal |
sabên taun Alip anggêr taunira ||

40.
Kêmis Kliwon sarêng tanggal sasi Sura |
wuku kalih kang lumampah gantya-gantya |
Alip wuku Kulawu Alip Langkirnya ||

41.
Taun ehe Sênèn Wage tanggal Sura |
wuku Tambir lan Kurantil ganti mara |
taun Jimawal Saptu Wage ing Sura ||

42.
Wuku kalih Mandhasiya lan Prangbakat |
taun Je Rêbo Pon sarêng tanggal Sura |
Watugunung Julungpujud gênti mara ||

43.
Taun Dal Akat paing tanggaling Sura |
wuku Maktal Gumbrêg samya gênti mara |
taun Be Jumungah Paing tanggal ||

Jilid 7 - Kaca : 4

44.
Wuku kalih Galungan Wugu pan gantya |
taun Wawu Slasa Lêgi tanggal Sura |
wuku kalih Landêp Kuruwêlut gantya ||

45.
Taun Jimakir Saptu Kliwon ing Sura |
wuku kalih Wuye Warigalit gantya |
sampun tamat kalih kang linampah ||

46.
Dene windu kathahipun mung sakawan |
windu Kunthara windu Adi kalihnya |
Sancaya tri kapate windu Sêngara ||

47.
Pan punika lampahe tapriking tanggal |
kawan Kurup kadhang sami nuntên slaya |
ingkang kêncêng namung Kurup Ngarbangiyah ||

48.
Mênggah babing wulan Siyam mêgêngan |
wa mêkatên ngulama satunggal-tunggal |
apan kêdah nyindikkên timbuling tanggal ||

374 Maskumambang

1.
Kyai Bayi Panurta têrang tyasnèki |
myarsa wuwusira |
kang putra Sèh Amongragi |
nuli malih atêtanya ||

2.
Mênggah nangasing tanggal punika pundi |
kang putra turira |
nangasing wulan satunggil |
apan sapisan sawulan ||

3.
Apan sangêt piyambak nangasing sasi |
sabarang pakaryan |
lamun anêrak tan bêcik |
cilaka tur miskin paman ||

4.
Karananya ing dintên punika lagi |
nênging rijallolah |
pan nangas agêng pribadi |
tan kenging maha anêrak ||

5.
Wiwit wulan Sura naas gung sa-ari |
pan tanggal wolulas |
wulan Sapar naasnèki |
apan tanggal ping sadasa ||

6.
Wulan Mulud tanggal ping pat naasnèki |
Rabyalakir naas |
tanggal tigawêlas nênggih |
kang sasi Jumadilawal ||

7.
Tanggal kaping tiga naasing gêng nênggih |
Jumadilakirnya |
tanggal kaping tiga nênggih |
anulya ing wulan Rajab ||

8.
Tanggal kaping wolulikur naasnèki |
wulan Sakban samya |
wolulikur naasnèki |
nulya ing wulan Ramêlan ||

Jilid 7 - Kaca : 5

9.
Tanggal pisan naasipun agêng nênggih |
dene wulan Sawal |
tanggal pindho naasnèki |
ingkang sasi Dulkangidah ||

10.
Tanggal kaping tigawêlas naasnèki |
de kang wulan Bêsar |
tanggal kaping wolu nênggih |
jangkêp nangas gunging wulan ||

11.
Kyai Bayi Panurta têtanya malih |
anakmas manira |
tyas taksih cuwa sakêdhik |
dunungipun rijallolah ||

12.
Ki Sèh Amongraga aturira aris |
mênggah prênahira |
ingkang rijallolah aib |
manut ing dintên ênggènnya ||

13.
Lamun dintên Akat rijallolah aib |
kidul bênêr (ng)gènnya |
Sênèn rijallolah aib |
anèng wetan lêrês (ng)gènnya ||

14.
lamun dintên Slasa rijallolah aib |
nèng lor wetan (ng)gènnya |
Rêbo rijallolah aib |
anèng langit ênggènira ||

15.
Namung dintên Kêmis rijallolah gaib |
nèng lor bênêr (ng)gènnya |
Jumngah rijallolah gaib |
anèng kulon bênêr nggènnya ||

16.
Namung dintên Saptu rijallolah gaib |
kidul kilèn (n)gènnya |
jangkêp rijallolah gaib |
punika ngèlmi kapiyat ||

17.
Ihtiyaring kawulèng Hyang ngam puniki |
lamun manggih karya |
mêdal (ng)gyan rijallolahi |
nadyan tiyang kêkesahan ||

18.
Kang ngèlmi kapiyat kêdah dèn-sarati |
manawi kasêlan |
sarat tumêngèng wiyati |
watara ing pitung dina ||

19.
Manawi mangkat ing dintên Sênèn nênggih |
pan sarat amangan |
tigang pulukan abukti |
yèn mangkat dintên Sêlasa ||

20.
Sarat nikêl kayu lamun mangkat malih |
ing dintên Rêbonya |
sarat (n)jêjak lêmah ping tri |
kalamun mangkat lulungan ||

21.
dintên Kêmis manggang tangan saratnèki |
yèn mangkat Jumungah |
sarat akêkêmu warih |
lamun mangkat dintên Tumpak ||

22.
Sarat tigang dintên akêkudhung jarit |
Akat susumpinga |
yèn kesah têbih ywa lali |
utawi yèn anglurug prang ||

Jilid 7 - Kaca : 6

23.
Pinandêng prênahing rijallolah aib |
ingulukan-salam |
ngalekum rahmatulahi |
wakalara rijallulah ||

24.
Sarta angênggèni keblat prênahnèki |
ingkang rijallolah |
lamun wontên lèr (ng)gènnèki |
sarat ngêngidul lakunya ||

25.
Lamun rijallolah gaib anèng langit |
mudhun ing jog-jogan |
nèng kidul mêngalèr lari |
lamun nèng kilèn mangetan ||

26.
Lamun anèng wetan mêngilèn lumaris |
namung nèng lèr wetan |
mêngidul-ngilèn lumaris |
kidul kilèn ngalèr wetan ||

27.
Tamat lampahipun rijallolah gaib |
Ki Bayi asuka |
kalangkung lêga tyasnèki |
ningali kang mantu tama ||

28.
Sakèhing kang myarsa sadaya pupuji |
mring Sèh Amongraga |
miwah kang ibu Malarsih |
rumaos rahmat tyasira ||

29.
Wiradhustha Jayèngwèsthi Jayèngragi |
Panukma Panamar |
Kulawirya Basarodin |
cipta (ng)guguru sadaya ||

30.
Samya padha tyas tan sumêlang samênir |
kaluhuran sabda |
dening sang anom kakiki |
kang tuwa majaji samya ||

31.
Tan kumlamar dènnya nganggêp guru yêkti |
mring Sèh Amongraga |
sumungkêm toh lahir batin |
suka anjurudêmungnya ||

375 Jurudêmung

1.
Ing wanci pukul sadasa |
Ki Bayi Panurta muwus |
sêdhênge bubaran lungguh |
maklum kang aduwe karya |
karipan manawa ngantuk |
kang rayi matur sandika |
Ki Bayi sung salam gupuh ||

2.
Kang putra Sèh Amongraga |
ngaturkên asta andhêku |
wusnya gya pra pamanipun |
gantya-gantya atur salam |
Wiradhustha Panukmèku |
Panamar myang Kulawirya |
anulya Kyai Pangulu ||

Jilid 7 - Kaca : 7

3.
Atur salam miwah marang |
Jayèngwèsthi Jayèngragèku |
wus waradin salamipun |
sigra Ki Bayi Panurta |
lan kang garwa samya kondur |
para ri ngiring sadaya |
wangsul paregolanipun ||

4.
Samya mantuk sowang-sowang |
yata wau ingkang kantun |
Mongraga lan garwanipun |
malbèng wisma lajêng marang |
tajug panêpèn ing pungkur |
linangse masjide seta |
awingit simpar asamun ||

5.
Sang ro wus tumamèng sanggar |
cèthi Cênthini tan kantun |
Ki Jayèngraga wus mangsuk |
ing wisma lan ingkang garwa |
wau ta kang anèng tajug |
Mongraga lan Tambangraras |
dhadharan sumaos ngayun ||

6.
Cênthini nata ing ngarsa |
Sèh Mongraga ngandika rum |
yayi dèn-kaparèng ngayun |
pan iki ana wirayat |
ing waliulah linuhung |
yogya iku kawruhana |
ing ngèlmu rasaning wuwus ||

7.
Anulya kang rayi prapta |
Jèngraga lan garwanipun |
samya mrih cacadhang wuruk |
saking masud wong kalihnya |
prapta aririh nèng ngayun |
kang raka mèsêm ngandika |
punapa botên kawayun ||

8.
Kang rayi ro aturira |
tan ngraoskên ambaliyut |
Sèh Mongraga lingira rum |
mring kang rayi Jayèngraga |
alkamdulilah aplalu |
inggih kang cêlak kewala |
sami ngraosakên ngèlmu ||

9.
Kawula sawêg anabda |
ing (m)bakyu andika sang rum |
umatur sarwi tumungkul |
kawula maklum kewala |
ing wuwulang mring (m)bokayu |
mapangat dhatêng kawula |
ri paduka ngayun-ayun ||

10.
Sèh Mongraga lon lingira |
mring garwa lon madu juruh |
yayi pamuwusku mau |
mungguh sasmitaning gêsang |
wajib kang ahli ing surup |
wus jamaking waliulah |
ingkang angyêktèni kawruh ||

11.
Iki yayi kawruhana |
mulya jatining pamuwus |
Hyang sêdya Suksma kang wimbuh |
parêking Hyang sasolahnya |
lir atma nèng angganipun |
dènnira among ing karsa |
tan pantara ing sakayun ||

Jilid 7 - Kaca : 8

12.
Paesan wahya jatmika |
ingakên rasa Hyang Agung |
rasaning Hyang purbandulu |
andulu piyambakira |
lir anopèng paminipun |
solahing rasa kawangwang |
adohing tingal kadulu ||

13.
Ilapat punika tingal |
tingalira mring Hyang Agung |
sarêgêp dulu-dinulu |
dènnya molah mong-winongan |
winong ing pribadinipun |
kadya wahya lan dyatmika |
kadya mangkana liripun ||

14.
Kang liring-liniring tingal |
lingling-linglingan pandulu |
nglingliningan ing pamuwus |
têmah ilang tanpa nora |
tunggal samudananipun |
solah ing jati kawangwang |
kang andulu kang dinulu ||

15.
Datan lulunturan tingal |
lir dhêg-êndhêg lan mun-amun |
pisah kumpule tan ngantu |
dening kang durung waspada |
panganggêpe kadung-kadung |
pan anggayuh-gayuh tuna |
tuna liwat kèh sinêngguh ||

16.
Saking tan wruh jatineka |
jatine tanpa srirèku |
sariranirèku dudu |
jatining Hyang sêdya Suksma |
among jiwa jatinipun |
jiwangga tan na sarira |
sopana pipindhanipun ||

17.
Gatha rêtna madu raswa |
kêtarèng coba dinulu |
saciptanira ing kawruh |
lan graita lan sasmita |
alpèng wangsit awas (n)dulu |
kalawan tampining driya |
dèn-akatrêm anèng kalbu ||

18.
Kadya sêkar toyèng kentar |
tan sêlaya sarirèku |
apan sarêng solahipun |
lir sêrati nunggang liman |
têkèng lampah èsthinipun |
kasariran solah kita |
yayi kaya ta wong punggung ||

19.
Tan wruh yèn anèng sarira |
anggung dènulati ngênu |
ingulatan tan kapangguh |
datansah angaya-apa |
lir pandung kalane dalu |
antya rêgêpa sirêpan |
(ng)gurayang tan wruh (ng)gènnipun ||

20.
Pangling tan kêna ngulatan |
ciptane kadya nênêmu |
balolokên ing pandulu |
kapêtêngan ing asuka |
yèku wong tan wruh ing kawruh |
têmah papa siya-siya |
yayi kang dadya puniku ||

Jilid 7 - Kaca : 9

21.
Pijêr angas ing Pangeran |
amêsthèkkên ingkang durung |
tyas kêdarung kadya lurung |
kêlurung ngambah larangan |
tan owêl uripe lurung |
tan wruh rasaning angarang |
kang kasurang-surang wurung ||

22.
Kang wus tan samar ing marga |
mangkana ponang andulu |
topèng kang anopèng iku |
tan ana lyaning paningal |
srênggaranya asung lulut |
dènnya nungsung guyunira |
guyune ingkang andulu ||

23.
Kênèng lungiding sasmita |
mèh-mèh lir milu angludruk |
kang (m)bêsur kêkêl angguyu |
kapêjêng-pêjêng alatah |
kabyaktan wangsiting ludrug |
kapênêdan ing paningal |
arda sèdhêt wuryaningrum ||

24.
Kadi kilat pamaneka |
mung sakêdhap padhangipun |
tan jênêk kêkêl punang wruh |
pan paliwara kewala |
sakèhing ingkang andulu |
banyole ki Gambuh lêbda |
singa dèn-banyolkên patut ||

25.
Sapa wruha araningwang |
lamun tan pribadinipun |
ngaranana dhèwèk iku |
yèn sung gambuh ingkang wignya |
yayi ywa kêliru surup |
kang myat dêrma ngèstokêna |
sampurnane ing pandulu ||

26.
Si rupa kang rinumpaka |
tan ana kari kêdulu |
katon kang angrumpaka yun |
sêktine amisesèngrat |
ana ora ing sirèku |
wus mangkono karsaning Hyang |
lulutira onêng wuyung ||

27.
Anjatèni jinatènan |
asung wruh ing sira tan wruh |
mangke mapan sun-angetung |
saking sira marganira |
kadya pamisiking kalbu |
rungonên bae manira |
nyananingong pangudangmu ||

28.
Andananingkung ing nala |
kagugu ing siyang dalu |
tan wun kêsambat sirèku |
tan arah yuktining lampah |
yayi yèn sira wus surup |
tutupana ing sarengat |
tarekatira dèn-brukut ||

Jilid 7 - Kaca : 10

29.
Lan kakekate kang santosa |
makripat ingkang aluhur |
Tambangraras tyasnya sukur |
karenan wulanging raka |
toh tyas syuh sêdya tumutur |
tar pae Ki Jayèngraga |
lan garwa ngartati tutur ||

376 Dhandhanggula

1.
Yata wau ingkang lagya prapti |
Jayèngwèsthi lawan ingkang garwa |
lajêng tumamèng ngarsane |
Jèngraga mingsêr lungguh |
Sèh Mongraga mingsêt sarya ngling |
yayi sawêg kularsa |
-arsa nuntên rawuh |
Jayèngwèsthi aturira |
sakalangkung kawula cuwa duk enjing |
tan katon angsal wulang ||

2.
Amongraga angandika malih |
marang ingkang garwa Tambangraras |
miwah mring kang rayi dene |
yayi ujar kang iku |
mêtu têka ing Kitab Jawi |
kidungane uliya |
waliyulah luhung |
lambang lêlèjêming rasa |
kang kaliling ing siyang kêlawan ratri |
surasaning ngagêsang ||

3.
Rinasanan kêlawan pribadi |
mungguh wêkasaning kêdadeyan |
ngèlmu sarengat jatine |
apan iku pitutur |
tur utama ran kabar yakin |
tarekat jatineka |
anglilimbang catur |
caturing para suhada |
dalil kadis kususe kalawan yakin |
dene ngèlmu kakekat ||

4.
Sajatine kêdah angyêtèni |
kabar ingkang wus kusus muktamat |
ayun wruh ing sayêktine |
makripat jatinipun |
yun waspada marang kêdadin |
dadine kang sampurna |
purwakaning kawruh |
wêruh akasatmataa |
iku yayi tan kêna kalawan saksi |
namung thok dhawakira ||

5.
Nora kêna apêpeka pikir |
iku sêmune wahya jatmika |
jatining wahya budine |
jatmika jatinipun |
apan badan kita puniki |
aran kang bangsa êrah |
kulit daging balung |
sungsum sêngsêming jatmika |
mikanana ing pati sajroning urip |
kêlawan ênêngira ||

Jilid 7 - Kaca : 11

6.
Ênêng iku yayi ingkang hêning |
hêning punika tan paja muga |
mungguh kita kumambange |
akêlêm ing asamun |
pasêmone kasaman jati |
jati kang tan tumitah |
muhung ing Hyang Agung |
kewala jatining wênang |
wênang amisesèngrat birat ngrakêti |
tan ana napi isbat ||

7.
Iku yayi sajatining hêning |
yèku ingkang nêng sajroning gêsang |
gêsang ing ati tatrape |
milane kang wus luhung |
bisa mati sajroning ngurip |
urip tan kênèng pêjah |
matitis ing kawruh |
tan kawruhan ing akathah |
wus kukutha waskitha papêsthèn gaib |
mangkono kang wus tama ||

8.
Gunung katon têgal katon yayi |
ewuh katone wahya jatimika |
yèn tan lawan paesane |
paesan iku ngèlmu |
upamane wong ngilo yayi |
kudu ngupaya kaca |
kang wêning sumunu |
lamun goroh kacanira |
ingkang ngilo gèsèh rupa jroning crêmin |
gèsèhe saking kaca ||

9.
Milane parlu talabul ngèlmi |
ngèlmi papat puniku paesan |
sarengat lan taretake |
hakekat makripatu |
kudu ngêningakên kang ngèlmi |
yèn luput tampanira |
yayi maring ngèlmu |
iku kaca gorohannya |
wahya jatmika wisesa ing carêmin |
gorohe lan yaktinya ||

10.
Kêdah ngati-ati ing ngaurip |
arêp wêruh rasaning sarira |
ana Suksma ing awake |
tan sêpi parêkipun |
nanging arang ingkang ngawruhi |
dahat dene asamar |
tan kêna dinunung |
ananing Hyang tan dunungan |
anon tinon marmane tan aningali |
alingan ing paningal ||

11.
Lamun sira yayi angabêkti |
kang tumêka sampurnaning tunggal |
tunggalêna ing karone |
haywa kèh kang kadulu |
(n)dulu tunggal iku kang jati |
pan sampurnaning tunggal |
tan dulu-dinulu |
andulu ing dhawakira |
tan anunggal-tinunggalan ing liyaning |
têgêse liya ika ||

12.
Nora kawoworan pikir kalih |
utawa yèn kasiwo ing kathah |
ethethekle panêmbahe |
yayi sira yèn yun wruh |
sampurnaning panêmbah jati |
iku marganing sunya |
nugraha kang wêruh |
marang sajatining ora |
nora kêna rewa-rewa anggêgampil |
papalên ing papastha ||

Jilid 7 - Kaca : 12

13.
Padhêm kayon yayi pangabêkti |
pan tan ana ingkang katingalan |
anging ananira dhewe |
pan siji jatinipun |
datan ana kawula Gusti |
cêp tan kêna kinêcap |
liyêting ngaluyut |
pangangrêmaning nugraha |
pamêdharing sih datan kêna dinalih |
tan wiwitan wêkasan ||

14.
Upamane yayi raga iki |
kadi pandam kurung pacakannya |
roh ilapi lir urube |
kang ngèlmu anglir kukus |
dat mutêlak panasirèki |
puniku kawruhana |
pisah kumpulipun |
urub lan panase ika |
wruh apisah kumpuling panas lan gêni |
pan tan kêna pinisah ||

15.
Aywa ngaku yayi angabêkti |
rungsit trape mungguh panarima |
lara kang tan wruh jatine |
mapan tan kênèng mundur |
lamun kundur aja agingsir |
nistha lamun kundura |
awèt ginaguyu |
alara rêke ing tiba |
lamun kundur ing tiba tan kêna tangi |
nistha tanpa puwara ||

16.
Inkang sura lêgawa ing pati |
sopanèng (n)don mungguh ananing Hyang |
tan dinadèkakên dene |
datan dulu-dinulu |
nora sêbut-sinêbut yayi |
utawa nguripana |
sêsêg jagad iku |
jail yèn amatènana |
ananing Hyang Maha Sukci gaib yayi |
langgêng tanpa karana ||

17.
Tan kajaba tan kajêro yayi |
datan kering kanan ananira |
pasthi langgêng pribadine |
tan rame tan nèng samun |
amung kang wus kinarsèng Widi |
nurbuwahing sarira |
angganira wimbuh |
ta alamun yèn sonya-a |
ananing Hyang anèng kuna awal-akhir |
nèng sadurunge awal ||

18.
Anèng sauwise akir yayi |
poma dèn-tumanêm ing wardaya |
sadaya napi isbate |
ingkang garwa sumungku |
saha sêmbah umatur aris |
ingkang bêrkah (n)jêng tuwan |
sung idayat wahyu |
jasat-kawula prasasat |
wus kaêntas saking sasanèng yomani |
luwar saking nêraka ||

Jilid 7 - Kaca : 13

19.
Amongraga sasmitèng ri kalih |
Jayèngwèsthi Jayèngraga lawan |
Turida Rarasatine |
samya nêmbah tumungkul |
aturira anor ngalap sih |
kalangkung dening rahmat |
wulang-paduka wus |
dadya pamusthining manah |
datan mèngèng sadrah pinara sakêthi |
kapusthi ing wardaya ||

20.
Sèh Mongraga ningali para ri |
kalih pisan saha ingkang garwa |
Turida Rarasatine |
miwah mring sang lir madu |
kanêm marang cèthi Cênthini |
tranging tyas wus pitaya |
kaidayat ngilmu |
Sèh Mongraga tan sumêlang |
pamulange ring garwa ri miwah cèthi |
Cênthini wus kawilang ||

21.
Samya cêcalon nugrahèng ngèlmi |
sajroning desa ing Wanamarta |
wowolu mukmin êkèhe |
èstri gangsal tinuwuh |
Tambangraras laman Malarsih |
Rarasati Turida |
Cênthini kucumbu |
priya Ki Bayi Panurta |
lawan sira Jayèngwèsthi Jayèngraga |
cêcawang ran uliya ||

22.
Mila dhusun ing Manamartèki |
langkung harjanira pinardika |
tan samèng desa kabèhe |
saking mangunahipun |
jalma luwih wolu winali |
isining kang desarja |
ing Wanamartèku |
kasanga Sèh Amongraga |
mukmin êkas sinidhikarèng desaji |
karajan Wanamarta ||

23.
Yata wus siyang bêdhug kang wanci |
Nikèn Turida matur ing raka |
myang Rarasati ature |
mring kang raka sang galuh |
kawularsa saos abukti |
wanci wus têngah siyang |
Sèh Mongraga nambung |
yayi paran dera sabda |
Ni Turida Rarasati matur aris |
kawula saos dhahar ||

24.
Amongraga angandika aris |
apuranipun yayi kalihnya |
tan kuwawa nandhang sihe |
wa mêkotên ing ngriku |
raka (n)dika yayi kêkalih |
Jèngwèsthi Jayèngraga |
aturipun nuwun |
pan taksih tuwuk duk enjing |
kang raka ngling yayi mas lamun tan bukti |
dawêg wêktu kewala ||

Jilid 7 - Kaca : 14

25.
Gupuh dènnya matur nyêndikani |
nulya kang raka mring pakadasan |
angambil toyastutine |
sadaya sigra wulu |
mring patirtan sawusnya suci |
samya aminggah salat |
kang pra ari makmum |
ing raka Sèh Amongraga |
langkung jênêg rahab dènnira abêkti |
maring Hyang murbèng jagad ||

26.
Wus antara praptèng salamnèki |
dumugi pupujianira sah |
dhikir rêmpêg ririh rèrèh |
atasing kalihatus |
wusnya nulya donga utami |
limang wêktu kataman |
sukur mring Hyang Agung |
lajêng sunat bakdiyatan |
bakda sunat atarap wirit akiki |
mutlak kaking panêmbah ||

27.
Tan sulaya dènnira trap wirit |
birainya brangta ing Pangeran |
pan sami pasang rakite |
pangguyêrira wuru |
wiwarane wêrana napi |
lir kuda ngrap pandêngan |
sanalika luyut |
layap ing pasênêtannya |
mancad saking kusta daim ismu ngalim |
ngalimput ahli pana ||

28.
Rêntah saking palinggihan sami |
tanpa kèblat labêde kalaban |
purbaning sih nugrahane |
dadya saujuripun |
apan tanpa papan pon papin |
tan pae paekanya |
dènnya samya suhul |
padhêm anèng padhêmitan |
guyêngira angayêngi jroning gaib |
ka-êbab kabibullah ||

29.
Dangu dènnira pralinèng ngèlmi |
sang kapitu mênêng kaênêngan |
kang anênga ing dhèwèke |
saobah osikipun |
apan dadya sêmbah lan puji |
puji minangka tilam |
ingkang amrik arum |
aworing èstri lan priya |
nalikane campuh tibaning raswèki |
wus jumbuh tan prabeda ||

30.
Patêmune kawula lan Gusti |
nèng sajroning puji jinêmira |
rasa lir sujud karone |
tan ana kaotipun |
nir tan ana puji-pinuji |
rasa-rinasa datan |
asêbut-sinêbut |
sêmbah-sinêmbah wus nora |
lire ilang tan ana kawula Gusti |
sêbab jênêng tan beda ||

Jilid 7 - Kaca : 15

31.
Êlidipun pan puji-pinuji |
samya rasa-rinasa bêlaka |
sêmbah-sinêmbah tan pae |
apan sêbut-sinêbut |
sabab dening roroning tunggil |
lamun datan kêlawan |
sakarone bukung |
cuthêl tan ana kang ana |
nahan wau kang lagya jênak kang mupid |
nèng jaman kanyênyêtan ||

32.
Sira Ki Sèh Imam Amongragi |
luwar dènnira suhul ing Suksma |
sèwu napas antarane |
wus wantah ing palungguh |
atêpakur sukur ing Widi |
miwah kanêm awirya |
pan lajêng têpakur |
nalangsèng tyas ing Pangeran |
wus paragad dènnira sami awirit |
sêgu Sèh Amongraga ||

33.
Sarya sêsalaman sadayèki |
wangsul (ng)yannira wau alênggah |
Amongraga lon dêlinge |
(n)dawêg yayi ing ngriku |
awon kèndêl samya nyênyamik |
rarayapan kewala |
krana Lah ing ngèlmu |
kang rayi matur sandika |
nulya sami sapikantuk anyênyamik |
nutug dènnya dhêdharan ||

34.
Wau ingkang rayi Jayèngwèsthi |
lawan kang garwa Nikèn Turida |
nêmbah matur pamit lèngsèr |
linilan ing raka wus |
samya mundur lan Jayèngragi |
manêmbah wus linilan |
lawan garwanipun |
lèngsèr lajêng malbèng wisma |
maring tilam kawayon ing ratri arip |
nendra tan winursita ||

35.
Yata wau ingkang tatakrami |
Ki Suharja kang mêmajang wisma |
rinayap kulawangsane |
dèn-nyarsa ngundhuh mantu |
pupulunanira Mongragi |
rinowa kurmatira |
dadya amêmantu |
tri ari dènnya trap karya |
ing sawêngi pan mawi midadarèni |
asêlur wong nunumbang ||

36.
Jalu èstri samya busana sri |
sadintên tan kandhêg ingkang prapta |
kang numbang lajêng tan mulèh |
badhe samya amêthuk |
ing pangantèn sang Amongragi |
yata sampun ngalêmpak |
bodhol èstri jalu |
aprapta ing Kajèngragan |
wus samêkta myang Pêngulu Basarodin |
Jèngwèsthi Jayèngraga ||

37.
Wusnya pêpak nulya tan asari |
bodhol umangkat sang pinangantyan |
gumrêdêg kang ngiringake |
[.
.
.
] |
santri tinon lampah ing margi |
jêjêl wong kang niningal |
tan ana gopipun |
wis prapta ing wismanira |
Ki Suharja gupuh manggihi têtami |
anèng pêndhapanira ||

Jilid 7 - Kaca : 16

38.
Sang ro tama nèng pajangan mamrik |
ingayap ing para èstri kathah |
kang anèng pandhapa rame |
têpung gêlang alungguh |
sinugata pawohan sami |
patehan wus warata |
cinaran sadarum |
samya nginang nginum medang |
nulya ambêng kêndhuri majêng ing ngarsi |
wus cukup ambêngira ||

39.
Jawi lêbêt waradin tan kari |
jalu èstri nutug dènnya nadhah |
wus binage kêndhurine |
sêkul pangananipun |
samya kathah barêkatnèki |
Ki Suharja lingira |
sanakngong sadarum |
mêngko wanci bakda Ngisa |
prayogine samya wangsula mariki |
samya dhikir Muludan ||

40.
Kang liningan sadaya nanggahi |
wanci mèh surup samya mit bubar |
rêbat parlu ing Mahribe |
jalwèstri bubar mantuk |
wênèh ana ingkang tan mulih |
santri samya lajêngan |
kewala ing ngriku |
waktu Mahrib samya salat |
kang ngimami Ki Pangulu Basarodin |
kang makmum santri kathah ||

41.
Sêsaking masjid natar pandhapi |
Sèh Mongraga asalat nèng wisma |
ngimami parèstri kabèh |
gandhok kilèn (ng)gyannipun |
samya rahab lêlagon puji |
wus praptèng bakda Ngisa |
sadaya kang wêktu |
tata wangsul ing pandhapa |
miwah ingkang wau mantuk sami prapti |
Jèngwèsthi Jayèngraga ||

42.
Lan sagarwanira datan kari |
lan pra ari sakawan wus prapta |
myang pra santri sadayane |
wus pêpakan sadarum |
santri (m)bêkta nuskah pribadi |
adan lêkas salawat |
singir dhikir Mulud |
datan mawi tarêbangan |
nulya ingkang raka (n)Jêng Kiyai Bayi |
Panurta ingkang prapta ||

43.
Wusnya panggih lan putra Mongragi |
sakêdhap nulya mêdal ing jaba |
kang alênggah samya mire |
nulya lajêng anutug |
dènnya samya dhikir Muludi |
lik-êlikan jor-jinoran || samya arêbut sru |
wong nonton arêbut papan |
datan ana mêndha bosênne ningali |
andon rêna niningal ||

44.
Tan wun ucapên kang suka singir |
kurmat nabi kita kang mustapa |
nutug saruktining gawe |
yata sang Amongngingkung |
sawusira bakda tangati |
atêsbèh ing palilah |
lan tangat tahajud |
saking langgar pasamuan |
tajug alit asimpar rêsik awingit |
kundur Sèh Amongraga ||

Jilid 7 - Kaca : 17

45.
Malbèng wisma lawan ingkang rayi |
Tambangraras lan kucumbunira |
Cênthini tansèng wurine |
miyat ing pandhapa wus |
samya bubar sêlawat dhikir |
samya mantuk sadaya |
kang rama wus kundur |
kantun ingkang darbe wisma |
Ki Suharja nèng pandhapa lawan santri |
miwah rèh-rèhanira ||

46.
Amongraga lajêng mring tilamrik |
lan kang garwa Nikèn Tambangraras |
sampun tumangkêb samire |
Cênthini tansèng ngayun |
mèpèt anèng waton patani |
sang ro datan anêndra |
mêksih mulang ngèlmu |
marang garwa Tambangraras |
Sèh Mongraga pangandikanira aris |
yayi Nikèn wruhanta ||

47.
Lamun sira anêmbah amuji |
sajatining puji kawruhana |
iku parlu makripate |
yèn durung wruh ing ngriku |
maksih tiron bae kang puji |
puji tan paja-paja |
sampurnaning kawruh |
kang garwa matur nor raga |
inggih mugi amba paduka jatèni |
ing puji kang sampurna ||

48.
Wruhanira sajatining puji |
dudu lapal kang muni ing lesan |
swara lawan kumandhange |
pan unèn-unèn dudu |
dene puji sajatinèki |
pan iya harêpira |
kang suci sumunu |
pangidhangsing kirsa juga |
ingkang datan kajêg-kajêg iku yayi |
yèn kajêg iku aral ||

49.
Samangsane aral iku yayi |
unine sami lan swara kewan |
puji gugumyahan bae |
mandhak ngèlmu têkabur |
tiwas êrak gondhange salit |
pujine tan sampurna |
malah saya luput |
lupute kang ahli tama |
nora sêdya gêmbar-gêmbor amumuji |
ngur turut tan kangèlan ||

50.
Kang mangkono puji tanpa kardi |
tan manpangat ing donya ngakerat |
sabab puji awèl-awèl |
iku yayi dènemut |
sucèkêna karêpirèki |
karêp mring kaluhuran |
mardikaning tuwuh |
iku sênêting uliya |
kang minangka kang jêmparing pasopati |
puji kang wus muslim kak ||

Jilid 7 - Kaca : 18

51.
Iya karêpira ingkang suci |
iya maha suci jatineka |
tunggal wujud ing dununge |
puguting tingal luhung |
anèng kono suhuling Widi |
wadhaganing agêsang |
yèn durung sumurup |
ing sajatining puji ka |
kadya nora asih ing uripirèki |
awèt dadya paguywan ||

52.
Tambangraras sumungkêm ngabêkti |
ing pada dêlamakaning priya |
wus kêsanggêm jroning tyase |
tan ana kang kalimput |
malah maksih kirang kang wiji |
tyas maksih ombèr longgar |
saking gênging wahyu |
tinitah wali wanita |
Tambangraras rêrasan ngilmi winilis |
sasmitaning uliya ||

53.
Pajar gidib wayahe kang wêngi |
putêr bênggala munya sauran |
kêluruk ayam arame |
burung swarèng pakswa rum |
mrak jag-jagan nèng payon muni |
èsthane lir anggugah |
marang santri Subuh |
katampèn sasmitaning mrak |
santri samya agya ngambil toyastuti |
adan ayat-ayatan ||

54.
Miwah sakwèh tajug masjid-masjid |
kanan kering cêlak radi têbah |
samya sarênti adane |
angalik-alik arum |
anênangi langêning wêngi |
tan ewah lawan saban |
saban wêktu Subuh |
mangkana Sèh Amongraga |
dènnya Subuh angimami para èstri |
nèng gandhok kilèn (ng)gènnya ||

55.
Praptèng byar enjing bakdanirèki |
samya bubar kang makmum sadaya |
samya trap sasaosane |
Sèh Mongraga sih jungkung |
tangat Luka nêm salam nênggih |
sawusira pêragad |
dènnira akusud |
kundur lênggah ing jêrambah |
sinaosan wedang dhêdharan mawarni |
Suharja nèng pandhapa ||

56.
Pan ingadhêp para lurah santri |
rare cilik nèng latar paguywan |
dolan sakarêp-karêpe |
tamburan kumarusuk |
bênthik bengkat myang cirak umbris |
gendhongan miwah jajan |
sêga ramês pincuk |
ingkang nglawatakên dara |
kinêplokan myang kêkêplok gumruh atri |
wus lumrah wong sadesa ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (00) Isi Jilid 07
  • (02) Kaca 19 – 26 >