Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

(03) Kaca 27 -30

 

( Bab sahipun siyam ing wulan Ramêlan )

2. Ing pandhapa sami dhahar sarapan, sinambi rêmbagan bab riba warni tiga: 1. riba badan, 3. riba lesan, lan 3. riba manah.

Dalunipun Sèh Amongraga mulang garwa bab ngamaling agêsang 4 prakawis inggih punika:

1. ngamaling sarengat, iman mrih bêkti;

2. ngamaling tarekat, iman amuji ing Pangeran;

3. ngamaling hakekat iman suhul ing Hyang Widhi; 4. ngamaling makripat angujlat maring Pangeran.


Kaca 19 - 26.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 27

376 Dhandhanggula

109.
Wuwuh royoman mundhak pakolih |
kacèk lan takêrku saban-saban |
Ki Pangulu nambung ture |
inggih sayêktosipun |
tiyang sêpuh tan bêtah ngêlih |
sanès duk sih nènèman |
sangêt kaotipun |
Ki Bayi angling ya talah |
kang wus lumrah yèn sira tan pati salin |
adrêmba biyèn mula ||

110.
Gêr gumuyu sarêng jalu èstri |
Ki Kulawirya ngling latah-latah |
kang Pangulu katujune |
sêdyane arêp umuk |
dhèk ênome bêtah tan bukti |
pati-gêni rong wulan |
ambisu sataun |
nuli kèh prawan kedanan |
teplak-teplok Ki Bayi gumujêng angling |
lah ya iku dhèk kapan ||

111.
Bobote pasa prêlu sasasi |
durung nutug sadina-dina-a |
sok pasa Ngasar sajêge |
ing saiki ta êmbuh |
mênèk bisa nutug saari |
matur mênawi kula |
sampun pancènipun |
myat tiyang bêtah ing lapa |
apan inggih sangêt (ng)gènkula kapengin |
nanging tan kadurusan ||

112.
Kenthol Kulawirya amêstani |
bêtah pati-gêni kalih wulan |
lah punapa botên jidhèt |
tan mangan kalih têngsu |
ginaguyu kang sami linggih |
Ki Bayi lon ngandika |
kadospundinipun |
anak mas Sèh Amongraga |
mênggah tiyang siyam Ramêlan puniki |
sahipun kang punapa ||

113.
Amongraga aturira aris |
babing siyam tan kenging winastan |
tri prakawis ing Kadise |
kang dhihin siyamipun |
mukmin êngam liripun nênggih |
siyamipun makruhan |
purun udud susur |
adus wuwung kadhang nginang |
kêmu tilêm sumawana êsak sêrik |
dèntên (ng)gènnipun buka ||

114.
Sasurupe srêngenge abukti |
lamun saur purun wêktu pajar |
yèn dèrèng mêdal srêngenge |
pan maksih purun saur |
limrahipun mukmin ngam sami |
siyamipun kadyèka |
kaping kalihipun |
mukmin kas dènnya asiyam |
datan arsa kalêbêtan kang makruhi |
binatalkên sadaya ||

115.
Sinucèkkên siyame saari |
udud susur nginang apan batal |
adus tilêm kêkêmune |
nadyan ngising anguyuh |
sumawana ingkang sak sêrik |
mimikul mukul batal |
marma ngising nguyuh |
cewoke kang mawa batal |
sabab toya manjinge marang jopnèki |
punika batalira ||

Jilid 7 - Kaca : 28

116.
Lamun buka yèn ta dèrèng manjing |
wêktu Ngisa icale sirat bang |
tan purun buka myang ngombe |
maksih siyang kumipun |
barang mêkruh dipun-kawruhi |
kados ta yèn wontêna |
tiyang cukil untu |
sogok untu kinêcapan |
lan anggugud lingsaning tuma sawiji |
sami lan mangan sêga ||

117.
Lamun saur wanci maro ratri |
têngah dalu yèn wus babêdhugan |
tan purun saur sababe |
wus siyang kukumipun |
dènnya siyam duk maksih ratri |
wus limrah pra mukmin kas |
siyame kadyèku |
kaping tiga mukmin kawas |
dènnya siyam tan batal tan mêkruh tuwin |
tan buka saur pisan ||

118.
Siyam ing dalêm tridasa ari |
buka ing tanggal sapisan Sawal |
pan makatên ing siyame |
mukmin kawas linuhung |
pan sumanggèng kêrsa (n)Jêng Kyai |
pundi ingkang tinelat |
-akên siyamipun |
Ki Bayi padhang tyasira |
amyarsakkên kang putra dènnya muradi |
sucine ing Ramêlan ||

119.
Kyai Bayi Panurta ngling aris |
padha rasakêna kono sira |
pira-bara ing kawase |
lagi kas lan ngamipun |
sidhang-siring kewala pinrih |
samya sumanggèng karsa |
kawula tumutur |
angandika mring kang putra |
Sèh Mongraga matur punika manawi |
kadugi linampahan ||

120.
Supaya mrih êkas sawatawis |
siyamipun ing dalêm sasiyang |
ingatos-atos êkase |
aywa purun ing mêkruh |
sasamine kang mutawatir |
kandhangan badhe batal |
sabab maha mêkruh |
ingkang ngam ngamal kewala |
mila kêdah êkas puwasa saari |
mung siyange kewala ||

121.
Dene dalunipun tan mangêni |
anganggeya tabiyate êngam |
yèn buka surup srêngenge |
yèn ta puruna saur |
wanci enjing ing pajar gidib |
dèrèng mêdal kang surya |
taksih kenging saur |
ing dalu botên rinaksa |
namung siyangipun dipun ati-ati |
supaya dadya êkas ||

Jilid 7 - Kaca : 29

122.
Samya padhang sadaya tyasnèki |
Kyai Bayi Panurta lingira |
murad iku samajade |
kuwat sêdya pinêsu |
anucèkkên siyamirèki |
dadya tan bèrèt beya |
wus kangèlan wurung |
emanên rêkasanira |
kang liningan suka sukur anglampahi |
pinrih agama mulya ||

123.
Tuwin parèstri kang samya myarsi |
sinatmatan mring pra priyanira |
pirêna tan nêdya mèngèng |
sêdya manut ing kakung |
Ki Panurta ngandika malih |
payo sêdhêng bubaran |
ing rêmbug wus kusus |
padha sêdya-a tumandang |
pan utama tokit maring Dalil Kadis |
anulya sasalaman ||

124.
Sawusira wau Kyai Bayi |
lajêng kundur mulih sowang-sowang |
tan winuwus ing solahe |
yata kang ngundhuh mantu |
Ki Panukma amangun kardi |
tan pae lan kang raka |
dènnya pasang tarub |
kèh kang numbang myang rèrèyan |
ing wong jagal lang sakèhe ingkang prapti |
badhe mapag pangantyan ||

125.
Wusnya pêpak bodhol sadayèki |
jalu èstri prapta Wiradhusthan |
wus miranti lir sabêne |
umangkat tan asantun |
pan ingarak asri nèng margi |
prapta ing wismanira |
Panukma asugun |
sugatan wus rinumatan |
wusnya rampung dènnira ngingon-ingoni |
mèh Mahrib abubaran ||

126.
Samya rêbut ing wêktu Mahêrib |
santri adan santri ing sadesa |
kalangkung asri swarane |
praptèng bakda Ngisa wus |
ingkang sami kinèn abali |
samya dhatêng sadaya |
lir sabên kang rawuh |
(n)Jêng Kyai Bayi Panurta |
wus nèng ngriki lan garwa myang putra kalih |
arahab sêlawatan ||

127.
Nutug dènnya sukur kurmatnèki |
samuwaning kêndhuri wus pragat |
lingsir dalu ing bubare |
yata ingkang nèng tajug |
Sèh Mongraga garwa kucumbi |
sabakdanirèng tangat |
têsbèh lan tahajud |
lajêng kundur maring wisma |
lan kang garwa Tambangraras tumamèng ing |
tilamsari nginêban ||

128.
Sang ro langkung asihirèng krami |
Sèh Mongraga tansah mulang garwa |
manis arum andikane |
yayi ki ana kawruh |
ing aurip parlu ngawruhi |
panjinge agamèslam |
pan sawêlas wuwus |
parlu daim saprakara |
ping ro niyat daim ping tri sahdat daim |
ngèlmu daim kaping pat ||

Jilid 7 - Kaca : 30

129.
Kaping lima yayi salat daim |
kaping ênêm makripat daimnya |
tokid daim kapitune |
iman daim ping wolu |
junun daim ping sanganèki |
sêkarat daim dasa |
pati daim uwus |
jangkêp sawêlas prakara |
lire basa daim pêrlu iku yayi |
kang tansah elingira ||

130.
Mring Hyang Agung dene niyat daim |
ingkang tansah asihira mring Hyang |
kang salat daim têgêse |
ingkang tansah angêgung |
mring Hyang dene kang ngèlmu daim |
kang tansah maklumira |
mring Hyang Kang Maha Gung |
sadad daim têgêsira |
ingkang tansah paworira mring Hyang Widi |
makripat daim lirnya ||

131.
Ingkang tansah pandêngirèng Widi |
tokid daim têgêse kang tansah |
antêpira mring Hyang dene |
iman daim liripun |
ingkang tansah madhêp Hyang Widi |
junun daim têgênya |
kang tansah cêngêngmu |
maring Hyang Kang Maha Mulya |
lsakarat daim kang tansah panrimèki |
sira maring Hyang Suksma ||

132.
Pati daim têgêsipun yayi |
ingkang tansah nikmatira marang |
Hyang Agung kang karya kabèh |
poma yayi puniku |
prabot gêdhong mutyara adi |
malige pasênêtan |
-nira Hyang Maha Gung |
sira Nikèn Tambangraras |
atur sêmbah maring raka anuwun sih |
kaikêt kakekat tyas ||

133.
Wanci bangun sêdhêng angin ngidid |
pajar gidib asri kang swabawa |
pêksi wana lan ingonne |
sabên esuk wit bangun |
wong sadesa dènnira tangi |
kathah kang kapiyarsa |
santri adan Subuh |
ting karêlik tanpa rungwan |
Sèh Mongraga Subuh ngimami parèstri |
pinarnah kadya saban ||

134.
Anèng gandhok kilèn pinaranti |
praptèng bakda Subuh byar atangat |
sawusing bakda Lukane |
milu lan garwanipun |
nèng pandhapa lan paman linggih |
angrukti bok Panukma |
sêsaosanipun |
dhêdharan enjing-enjingan |
gya Pangulu Ki Bayi Panurta prapti |
para ri garwa putra ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (02) Kaca 19 – 26
  • (04) Kaca 31 -35 >