Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (08) Kaca 47 -51

 

( Bab: kal donya tuwin kal akerat )

8. Enjingipun sami lêlênggahan sinambi ngrêmbag bab: kal donya tuwin kal akerat.

Kal donya 5 prakawis: 1. karya bêt sasana, 2. nampurnakên mayit, 3. tumuntên angemah-emahakên anak èstri, 4. nrapkên kukum kang wus sisip, 5. enggal nyaur sambutan.

Dene kal akerat wontên gangsal prakawis ugi, inggih punika: 1. talabul ing sêkawan ngèlmi; sarengat, tarekat, hakekat, makripat; 2. Angibadah salat gangsal wêkdal; 3. Kipayah dusing mayit, anyalatakên pisan; 4. Sabar tawêkal tan gingsir, tan opèn ing liyan; 5. Tapa têpa tanpantuk bukti.


Kaca 47 - 51.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||


Jilid 7 - Kaca : 47

376 Dhandhanggula

237.
Ingkang garwa umatur nuwun sih |
yata ing wanci pajar gidiban |
asri bêkisar pangwuhe |
nulya mijil tuturuh |
lan kucumbu cèthi Cênthini |
sawusnya sami kadas |
mring gandhok kilèn wus |
Sèh Mongraga dènnya adan |
nganyut-anyut landhung swara rum amanis |
myang pra santri kèh adan ||

238.
Tampan-tinampan angalik-alik |
apan ramya sabawaning desa |
myang pêksi-pêksi munya kèh |
praptèng bakda byar esuk |
kèh solahe jalma jalwèstri |
raryalit rêbut paran |
ing swaranya umyang |
yata Ki Sèh Amongraga |
sabakdaning sunat Luka nulya mijil |
sarimbit lan kang garwa ||

239.
Ki Pangulu mudhun ing pandhapi |
gupuh mapag mudhun atur salam |
wong wus kinèn lungguh age |
kapering dènnya lungguh |
Ni Pangulu anglêladèni |
papat pisan anata |
sêsaosanipun |
dhêdharan enjing-enjingan |
nulya Kyai Bayi Panurta kang prapti |
lan putra kalihira ||

240.
Saha garwa sarta apangirit |
pakintun sêkul ulam panganan |
jing-enjingan lir sabênne |
sadaya sami mudhun |
ingkang rama gupuh nyarani |
nulya samya alênggah |
asêsalaman wus |
tan adangu para kadang |
Ki Suharja Wiradhudtha Panukmèki |
Panamar Kulawirya ||

241.
Lan sêrayat tan ewah lir wingi |
lan Nyai Jambul sarêngan prapta |
rong jodhang bot gêgawane |
samya marêk ing ngayun |
atur bêkti salaman sami |
Nyai Pangulu mapag |
nampèni pamunjung |
lajêng tinata ing ngarsa |
samohandhèr rampadan awarni-warni |
sêkul ulam panganan ||

242.
Kyai Bayi angandika aris |
bok wis payo padha sêsèmèkan |
mumpunga esuk enake |
mara ta kono wisuh |
kaya sabên bae abêcik |
sigra ingkang liningan |
samya atuturuh |
adan lêkas samya nadhah |
jalu èstri pikantuk kêmbul lan bukti |
tan ana ringaning tyas ||

243.
Sira Ki Pangulu Basarodin |
tunggil sa-ambêng lan Jamil Jamal |
tinuluskên punagine |
wong têlu samya thêkul |
Kulawirya sêsambèn angling |
lah kang Pangulu Basar |
(n)dika niku kaul |
punapa wus (n)dika coba |
ing kojahe têtamba Ki Jamal Jamil |
Basarodin turira ||

Jilid 7 - Kaca : 48

244.
Kula coba pan inggih sayêkti |
suku kula wus mantun tan lara |
Kulawirya ngling kadèke |
wingi bisa lumayu |
ngêmpêt bangêt pan kêbat mèri |
ingkang dene rêkasa |
ukur mingkug-mingkug |
wakne kang wadon akêbat |
gèsèh têmên kang Pangulu Basarodin |
kang wadon lan kang lanang ||

245.
Ingkang wadon bangêt kuru aking |
ingkang lanang bangêtên lêmunya |
kang myarsa gumuyu kabèh |
Ki Pangulu umatur |
kula timbang lan waunèki |
tan sagêd mlajêng pisan |
suku kula ribug |
kêdhik-kêdhik lêhêng mangkya |
botên grigah-griguh wah sagêd lumaris |
saking dhi Jamil Jamal ||

246.
E lah layake yèn punagèni |
Jamil Jamal marasakên lara |
mêksih kuciwa kaule |
iwake kèh kang wayu |
êmpal bawuk dèn sungkên Jamil |
pan sêrampadan pisan |
kabèh padha bawuk |
Jamil Jamal aturira |
botên wontên kang bawak-bawuk satunggil |
Ki Pangulu anjola ||

247.
Sarwi kadumêlan angling ririh |
(n)dawêg nêdha mawon ywa pinirsa |
Jamil mangêrti sêmune |
jênênge Ki Pangulu |
Basarodin Bawuk dhèk cilik |
kêtarèng guyunira |
sêdaya aguyub |
Kulawirya malih nabda |
niki kang Pangulu opor bêsngèk pitik |
kang botên bawuk mangkak ||

248.
Ki Pangulu mêlerok nauri |
botên ilok nyêmoni anjangkar |
tan marèni sêmbranane |
Kulawirya gumuyu |
kang Pangulu kula rumiyin |
kèn-damêl bawak (n)dika |
mangke punapampun |
Ki Pangulu saurira |
punapa takèn têmênan bawak yêkti |
manawi sasêmonan ||

249.
Yèn sayêktos dèrèng dados mangkin |
kantun ngalus doranne kewala |
lawan ancêpe tandhinge |
Ki Kulawirya muwus |
bok dèn-êmpunakên tumuli |
niku gaganti lawas |
bawak kongsi bawuk |
Pangulu ngling lah apa ta |
jarku apa dhasar wong arêp moyoki |
samya ginuywèng kathah ||

Jilid 7 - Kaca : 49

250.
Saya kaecan dènnira bukti |
sinambi samya apagujêngan |
Mongraga mèsêm myat dene |
kang samya (m)banyol wuwus |
pan sinamur tanpantuk bukti |
pamulukira arang |
alit kêpêlipun |
sapêntil tanjung karêngga |
ginêlintir kongsi atos ngintip aking |
gutuk kêpêl atosnya ||

251.
Sêdhêku sikut tumungkul bukti |
pêmamahe tan kêtarèng waja |
pinamah kaping salawe |
antara kongsi lêmbut |
kêcap pisan pêlêlêdnèki |
tan pati dhahar ulam |
sêcuwil mung paru |
sinêlan lawan lalaban |
cokol laos têmu poh lêmpuyang kunci |
tan kathah sawatara ||

252.
Sadangunira dènnira bukti |
anyêngka angsal sangang pulukan |
samya micarèng jro tyase |
adat têmên sang Mong kung |
wus tan nêdya sêsambèn bukti |
salaminya anadhah |
royoman kadyèku |
lagyèki kèh-kèhing buktya |
wus tatela uliya Sèh Amongraga |
tan lumrah lan wong kathah ||

253.
Têka mangkana tyase jalwèstri |
wus antara dangu dènnya nadhah |
anti-inganti uwise |
nulya samya tuturuh |
ngumbah tangan awijik wanting |
ambênge cinarikan |
dinum bêrêkat wus |
waradin sadayanira |
jalu èstri lurah santri magêrsari |
kang samya nèng pandhapa ||

254.
Dalah pawong-wong tan ana kari |
nulya mangsêgan lumadyèng ngarsa |
nyamikan sapikantuke |
sadaya sami nutug |
nulya luwar dharan binagi |
brêkat kèh enak-enak |
sami pandumipun |
jalwèstri ciptanya rahmat |
sabab sajêgipun dèrèng anglampahi |
royoman kang kadyèka ||

255.
Kyai Bayi angandika aris |
kadipundi anak mas Mongraga |
mungguh kal donya parlune |
lan kal akeratipun |
parlunipun kadi punêndi |
Sèh Mongraga turira |
lon mring ramanipun |
ingkang kal donya parlunya |
apan gangsal prakawis ingkang rumiyin |
karya bèt sêsananya ||

256.
Kaping kalih nampurnakkên mayit |
kaping tiga anglakèkkên anak |
èstri pilih tumuntêne |
kaping pat nrapakên kukum |
ingkang sampun katrap ing sisip |
ping gangsal nyaur utang |
parlu rikatipun |
tan kenging sinabarêna |
lamun nyabarakên batal kal donyèki |
têmahan dadya wisa ||

Jilid 7 - Kaca : 50

257.
Kal akerat pan gangsal prakawis |
kawit talabul ing ngèlmi papat |
sarengat tan tarekate |
kakekat makripat wus |
kaping kalih angibadati |
ing salat gangsal wêdal |
kaping tiganipun |
kipayah dusing mayita |
sarta nyalatakên pisan datan pilih |
kang prayoga lan nistha ||

258.
Ping pat sabar tawêkal tan gingsir |
tan opèn ing liyan mung dhawaknya |
sarèh rèrèh rahayune |
de kaping gangsalipun |
tapa têpa tanpantuk bukti |
tan pomah rajah tamah |
namung antêpipun |
lan alincak alicikan |
kang wus singsal ing misil sandhang lan bukti |
namung nungge Pangeran ||

259.
Kyai Bayi manthuk-manthuk angling |
jawane wus babagan piyambak |
kang ahli kal donya kiye |
lan ahli akeratu |
pan wus palalira pribadi |
andhêku kang sinojar |
ing wuwus junurung |
lingira Bayi Panurta |
mring kang putra kêkalih miwah pra ari |
lah iku anakira ||

260.
Pupungkasan le padha punagi |
dadi lakune nak-putunira |
kari sapisan (ng)ko sore |
pan mulihe malêbu |
ing wêngine akurmat nabi |
iku parentahana |
sarèh-rèhanamu |
samya umatur sandika |
angling malih payo padha bubar mulih |
sêdhênge tata-tata ||

261.
Sami sêsalaman sadayèki |
lajêng kundur Ki Bayi Panurta |
putra ri samya andhèrèk |
wangsul ing korinipun |
putra kalih lan para ari |
mantuk sowang-sowangan |
wau ta cinatur |
yata Ki Bayi Panurta |
lan kang garwa Malarsih amanngun kardi |
parèstri olah-olah ||

262.
Ki Baywa ngling marang santri Luci |
èh Luci kabèh sira priksa-a |
tarup myung tutuwuhane |
sulamana dèn-gupuh |
êndi ingkang rusak tan bêcik |
lan manèh andadaka |
kêmbar-mayang arum |
kang bisa maune sapa |
konên gawe santri Luci matur aris |
inggih pun Gêndhayakan ||

Jilid 7 - Kaca : 51

263.
Lah ya kono mara ta dèn-aglis |
tur sandika Luci sigra mentar |
paparentah mring santri kèh |
tapung samya anambut |
anulami kang tan prayogi |
jalu èstri busêkan |
mragat mesa lêmbu |
wêdhus banyak bèbèk ayam |
rinampungan têngange ngingon-ingoni |
kèndêl Luhur sêmbahyang ||

264.
Bakda Luhur tatrap nambutkardi |
rinayap ing anak-putu kathah |
purna sadayaning gawe |
ngajêngkên Asar-ipun |
ingkang sami kinèn wus prapti |
kang putra kalihira |
lan pra kadangipun |
myang magêrsari sudagar |
jalu èstri santana lan lurah santri |
samya prapta sadaya ||

265.
Wus pêpakan anèng ing pandhapi |
Ki Bayi lênggah pinggir lèr têngah |
nèng lampit kadêmangane |
Ki Bayi alon muwus |
apa uwus pêpak pra sami |
kang para ri turira |
kados inggih sampun |
nulya muni bêdhug Ngasar |
angling malih payo padha salat dhisik |
sêdhêng mêngko bakda Sar ||

266.
Nulya sami salat maring masjid |
masjid mangu dènnira asalat |
myang dhèrèk mring tajug bae |
lan para èstri wêktu |
salong kantun tan salat sami |
maksih ngrukti pakaryan |
samya rasan muwus |
lan rowange nambutkarya |
iya ta lah ing karsane (n)Jêng Kiyai |
ringkês wêkasan rowa ||

267.
Ringkêse namung nora nyuruhi |
mring priyayi iya gêdhe uga |
mung tan natap gangsa bae |
iya bênêr sirèku |
yèn rong dêdêg sajaking kardi |
kalamun tinêksira |
rongatus tan cukup |
bêgjane Kèn Tambangraras |
tan krama kongsi kalangkahan kang rayi |
lêkas krama tan jamak ||

268.
Kinurmatan para kyai-kyai |
prasasat dèn-mantokkên ping sanga |
atumpa-tumpa bêgjane |
kang sawiji sumambung |
wus tan kêna dilalahnèki |
mangunahe kang garwa |
Mongraga linuhung |
apêsthi ta iku uga |
ingkang mawa ing gawe anèh sêsami |
kayata wong anumbang ||

269.
Dadi kaping sanga sabênnèki |
wiwitane le padha anumbang |
nuli maring Jayèngwèsthèn |
mring Jèngragan kang ngundhuh |
gantya-gantya salajêngnèki |
Suharjan Wiradhusthan |
Panukman ing ngriku |
Panamar Kulawiryanya |
mring Pangulon kang numbang tan ana sêdhih |
têka bungah kewala ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (07) Kaca 42 - 46
  • (09) Kaca 52 - 55 >