Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (15) Kaca 116 - 118

 

( Bab: sajatining ngèlmu kasbut ing kitab warna-warni )

2. Bakda salat Isa sami lêlênggahan ing pandhapi sami mirêngakên andharanipun Sèh Amongraga bab: 1. sajatining ngèlmu kasbut ing kitab warna-warni; 2. bab sampurnaning iman lan tokit kanthi nucèkakên salat, ngantos dumugi bab panunggaling kawula Gusti dalah pilah-pilahanipun.


Kaca 116 - 118.
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 116

383 Dhandhanggula

190.
Kyai Bayi angandika aris |
payo kono padha nyênyamikan |
la nganggur sapakolèhe |
samya matur anuwun |
angling malih mring Amongragi |
mênggah ingkang ngarahan |
sampurnaning kawruh |
liripun kadya punapa |
alon matur sira Ki Sèh Amongragi |
Kadis èngêt kawula ||

191.
Jroning kitab Tanbihul apilin |
pangandikaning (n)Jêng Rasullolah |
kawan prakawis wus rasèh |
iman lan tokitipun |
kang makripat lan Islamèki |
sampurnaning kang iman |
lawan tokitipun |
makripat kalawan Islam |
anèng kitab Durat lawan Bayan-tasdhik |
Sêmarakandhi witnya ||

192.
Iman pangèstu marang Hyang Widi |
kêdah ngèstokakên ing asalat |
tokit tan ngloro tingale |
namung sawijinipun |
Hyang Maha Gung datan kêkalih |
kêdah anunggal salat |
makripat liripun |
kang awas marang Hyang Suksma |
kêdah ngawasakên salat kang sajati |
Islam kasucining Hyang ||

193.
Kêdah nucèkakên salatnèki |
malah wong kang wus uningèng Islam |
sèstu Hyang anucèkake |
marang sawiji maklum |
sarta parêng tan kenging srênti |
wor tan kênaning pisah |
parêkan dohipun |
pan sampun ingakên tunggal |
ing panunggal tan wontên kawula Gusti |
sinama sami litnya ||

194.
Beda tan beda kawula Gusti |
paminipun punjul lan kaotan |
Gusti anèng kawulane |
yèn ta sagêd kadyèku |
sanès jinis kawula Gusti |
Gusti Gusti kewala |
langgêng ananipun |
kula kawula kewala |
têtêp ngaral bangsa riyah apêsnèki |
tan kêna ngaya apa ||

195.
Bedanipun kawula lan Gusti |
makluk yèn rinusak pêsthi rusak |
beda lan Gusti yêktine |
Pangeran Kang Maha Gung |
tan kantênan pipinggirnèki |
gênge tanpa wêkasan |
lêmbut tan kajumput |
kang aran Islam punika |
dipun rasa angaji ing Dalil Kadis |
ing kitab kalihwêlas ||

Jilid 7 - Kaca : 117

196.
Kitab Sitin lan Sêmarakandhi |
Bayan-tasdhik Sail lawan Sujak |
Ilah miwah Mukarare |
Juwahir Kidayatun |
Sukbah miwah Mustahal nênggih |
Adkiya jangkêpira |
kalihwêlasipun |
punapa prentah kang kocap |
anèng kitab prayogi dipun lampahi |
sami saking ing Kur'an ||

197.
Dalil madlul Kadis lan kudisi |
Ijêmak Kiyas lan lapal makna |
murad rasa sih kanthète |
pan tunggal asalipun |
saking Kur'an puniku nênggih |
marga ris kang utama |
agung kang linuhung |
Dalil pangandikaning Hyang |
madlul pangalaping Dalil maring Kadis |
Kadis kang pangandika ||

198.
Inggih pangandikaning (n)Jêng Nabi |
kudsi pangalaping Kadis marang |
ing Kadis pan pênulare |
para waliulahu |
sami matut ngèlmi agami |
ingkang aran Ijêmak |
ngèlmu kang wus kusus |
mupakat ratu sakawan |
Kangjêng Imam Sapingi Imam Hambali |
lawan Maliki Imam ||

199.
Kaping sakawan Imam Kanapi |
sintên ingkang tan purun ngambaha |
ing ngèlmi sakawan lire |
yêkti kapir puniku |
datan antuk manut ing Nabi |
katrècèt undurira |
agamane kupur |
mila kang sami tawab tyas |
andadarus kang nêdya ahli muslimin |
prawira ing agama ||

200.
Kyai Bayi manthuk-manthuk angling |
sarwi angathung nêkêm panganan |
cêriping gêdhang suwene |
wis pinutung ping têlu |
dèrèng dipun dhahar sakêdhik |
pijêr ngraoskên murat |
sampurnaning kawruh |
mara ta padha rasakna |
rèhning sami ahli sarake (n)Jêng Nabi |
Muhamad kang mustapa ||

201.
Kudu mring kitab rolas kang apil |
surasaning kitab linampahan |
rampung ing kauripane |
sadaya matur nuwun |
inggih kados punapa malih |
lamun tan talabula |
ing ngèlmi kang luhung |
Kulawirya aturira |
ing mangke wus angsal pathokan pramati |
miradipun anakmas ||

202.
Langkung sakeca raosing kapti |
apan inggih sanadyan ngèlmi hak |
saking ngriku pinangkane |
apan cêkap sadarum |
kawruh datan wontên kêlampit |
ing kitab kalihwêlas |
Ki Bayi amuwus |
iku yèn-yanane uga |
yèn wong alim tan kêna kudu nêtêpi |
ing kitab kalihwêlas ||

Jilid 7 - Kaca : 118

203.
Pan tumunjêm tyase sadayaki |
hajad anêtêpi ngaji kitab |
wintu pinrih pahame |
Ki Bayi lon amuwus |
nyamikane padha cinêmil |
mara ta kono padha |
ngoyog-oyog janggud |
yèn wus nyênyamik bubaran |
kang liningan sadaya jalu lan èstri |
samya nadhah dhêdharan ||

204.
Ingkang sapta wowohan angambil |
miwah kang sapta olah-olahan |
aroyom tan ana wênèh |
sabiyantu akêmbul |
langkung suka Kiyai Bayi |
ningali ting kucapah |
wus samya anutug |
sadaya awiwijikan |
ngêsut tangan ting tarècèt wus barêsih |
kang udud wênèh nginang ||

205.
Sira Ki Pangulu Basarodin |
mêndhêt jram kêprok papat lan nangka |
srabi rangin sarywajare |
brêkat bae thithik wus |
gêcok wadok jaluk lih-ulih |
dhèhèm Ki Kulawirya |
Pamgulu anjumbul |
ingèsêman ing ngakathah |
Kulawirya latah-latah sarwi angling |
kang Ngulu nora jamak ||

206.
Adat têmên tan tinggal pakolih |
makêm nyangkêrêm lir bèthèt grudha |
anucuk angibêrake |
sru gumuyu sadarum |
Kyai Bayi gumuyu angling |
bok karpèkne mêningan |
wuwuhana iku |
thithik-thithik wratanana |
Ni Malarsih sigra mêwahi mratani |
Pêngulu bungah-bungah ||

207.
E ya dene mundhak akèh iki |
(ng)gih nuwun nyai Alkamdulillah |
Malarsih gumuyu linge |
di mrono ywa tumungkul |
ambêganmu anggigilani |
kaya macan sênggoran |
Ki Wirya amuwus |
wong mènèk olèh tataran |
baya ngimpi pela-pelu mau bêngi |
lèh brêkat dhêdhèwèkan ||

208.
Kyai Bayi Panurta ngling malih |
sira iku layak padha sayah |
payo wus bubaran mulèh |
matur sumanggèng kayun |
sawusira salaman sami |
santri Luci agêpah |
nyulêd êtingipun |
nèng ngarsa mrih padhang marga |
nulya kundur Ki Bayi lawan Malarsih |
ingiring kucumbinya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (14) Kaca 104 - 115
  • (16) Kaca 119 – 120 >