Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

(17) Kaca 121 - 130

 

( Bab sajatining priya lan sajatining wanita )

4. Nikèn Tambangraras nyuwun katrangan dhatêng Sèh Amongraga bab sajatining priya lan sajatining wanita. Dhawuhipun Sèh Amongraga, bab punika ibaratipun Allah Rasul Muhammad, purnaning roroning tunggal, i.p. Nikèn Tambangraras lan Sèh Amongraga.

Sarêng kalihan babaring sih, wêkasan Nikèn Tambangraras lan Sèh Amongraga dumugi patêmbayaning sih, kadi sêkar tinêmpuh ing sadpada. Kalampahan Nikèn Tambangraras rinasuk dening Sèh Amongraga.

Cênthini sumêrêp ing gati lajêng ngaturakên dhatêng Ki Bayi Panurta, bilih Nikèn Tambangraras sampun katêrasan. Ki Bayi Panurta sakalihan garwa muji sukur. Enjingipun Ni Daya damêl jampi miturut sakathahing ila-ila, dalah kêndhurinipun.

Sèh Amongraga matur ing rama arsa angêlih namaning ari Jayèngwèsthi, tinurunan namanipun rumiyin, i.p. Jayèngrêsmi, jinurungan, lajêng dipun umumakên sadhusun.
Kaca 121 - 130.
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 121

383 Dhandhanggula

222.
Kumandêle kang rayi mring ngèlmi |
sawusira luwar katrinira |
kang raka aris wuwuse |
payo yayi tumurun |
marang wisma layaping ratri |
kang garwa tan lênggana |
tumutur ing kakung |
cèthi Cênthini tan têbah |
praptèng wisma tumamèng tilam seta di |
tumutur Tambangraras ||

223.
Amba matur kang tuwan lilani |
nuwun pantog ing ilmi kang nyungap |
ing samodra pribadine |
mugi tuwan sung rampung |
kang tan mawi warana gaib |
sêjatining wanita |
sêjatining kakung |
sêjatining Hyang Ma Mulya |
nyataning hak puniku ingkang punêndi |
kang raka lon lingira ||

224.
Marang Nikèn Tambangraras aris |
kabênêran dènnira tatanya |
sun arsa-arsa lawase |
patanyanmu kadyèku |
pan idayat dening patitis |
yayi sira myarsakna |
sun wêjang sirèku |
dening sêjatining Allah |
lan sêjatining lanang jatining èstri |
yayi sira tampa-a ||

225.
Sêjatining Allah iku siji |
kang mêngkoni ana lawan ora |
sadurunge sauwise |
sêpala sêgala gung |
kapurba kawisesèng siji |
sijining anaoran |
durung lawan sampun |
sêpala lawan sêgala |
yèku yayi sijining isbat lan napi |
datan napi tan isbat ||

226.
Apan ora durung nora uwis |
nora sêpa lan nora sêgala |
tan ana tan ora rêke |
tan suwung datan mujud |
liring roro-roning asiji |
siji-siji bêlaka |
tan kurang tan wuwuh |
roroning napi lan isbat |
ya roroning Rasul lan Muhamad yêkti |
roroning èstri priya ||

227.
Nir karoning jênênging jalwèstri |
ilang aranning napi lan isbat |
miwah lan sapapadhane |
roroning tunggal iku |
apan tunggal dadi sawiji |
wiji siji amêncar |
-akên ing tumuwuh |
kang kagêpok kang katingal |
iku saking purnaning ro maring siji |
siji Allah tangala ||

228.
Siji iku tan isbat tan napi |
datan kandha warna ambu rasa |
tan arah tan ênggon angèng |
pêsthi kawasanipun |
anglimputi tur Maha Sukci |
amurba amisesa |
maring ro puniku |
liring ro kun payakun-nya |
lire siji dhewe-dhèwèke pribadi |
yèku yayi jatinya ||

Jilid 7 - Kaca : 122

229.
Dening jatine lanang sajati |
yèku Rasul rasa ingkang mulya |
sukmaning roh iku Nikèn |
pan nurbuwahing ênur |
nur Muhamad ingkang ginusti |
tan asum maring ora |
latip jatinipun |
yèku napi tanpa isbat |
lagi êkun durung kapindho sih suci |
Rasul jatining lanang ||

230.
Ana dene sajatining èstri |
yèku Muhamad ingkang minulya |
Muhamad insaniahe |
nugraha kang linuhung |
nugrahaning urip puniki |
tanasup maring ana |
kaannanirèku |
yèku isbat tanpa napya |
pan payakun wus kapindho sihing Widi |
yèku jatining kênya ||

231.
Ya mulane lapal Allah yayi |
aksarane pan amung titiga |
Alip Êlam lan êhe-ne |
iku pasêmonipun |
Allah Rasul Muhamad yayi |
Alip mungguh ing Allah |
Lam mungguhing Rasul |
Ehe mungguhing Muhamad |
sampurnaning Lam Ehe jumênêng Alip |
amor purnaning tunggal ||

232.
Allah Alip mutakalim wakid |
Rasul aksara êlam jaidah |
Muhamad he hu akat-e |
iku sampurnèng idhup |
sanyatane ngèlmu sajati |
jati-jatining kang Hyang |
sajatining kakung |
jatining wanodya iya |
apan Rasul ingong Muhamad sirèki |
woring sirèngsun ya Hyang ||

233.
Allah sênêt nèng sajroning pati |
Rasul Muhamad sênêt jroning gêsang |
urip kang kaanan kiye |
urip iki kawimbuh |
pan kawêngku ing dalêm pati |
pati pan amisesa |
ing urip sawêgung |
kabèh ginantungan rusak |
utamining urip kang prasanak pati |
matinya mupung gêsang ||

234.
Sapa kang angeling-eling pati |
ingkang bisa mati jroning gêsang |
tinêtah supaya tètèh |
titah ing Hyang Maha Gung |
kudu eling ing dalêm pati |
patitis ing kasidan |
uripe linuhung |
sabab uripe prasanak |
lawan pati urip tan kênaning pati |
yèku dating Hyang Suksma ||

235.
Têtêlu iku roroning tunggil |
datan kêna pinae paeka |
tan kêna ngaran rorone |
tan kêna ngaran têlu |
datan kêna ingaran siji |
Allah ngaran Muhamad |
Muhamad ran Rasul |
Rasul ingaranan Allah |
kang wus bisa uripe pra sanak pati |
Allah kang sipat rahmat ||

Jilid 7 - Kaca : 123

236.
Iku yayi pêtakonirèki |
sajatining lanang lan wanodya |
sirèku lan ingong kiye |
tan prabeda kadyèku |
Allah Rasul Muhamad yayi |
Muhmaad iya sira |
Rasul iya ingsun |
purnaning roroning tunggal |
lanang wadon yèku Hyang kang Maha Suci |
sira lawan manira ||

237.
Sajatining lanang apan èstri |
sajatine èstri apan lanang |
karana mêngkono lire |
èstri anèng jro kakung |
kakung anèng sajroning èstri |
Muhamad Rasullolah |
kang tumraping sêbut |
Rasul nèng jroning Muhamad |
Muhamad nèng sajroning Rasullolahi |
tan beda roning tunggal ||

238.
Tambangraras winêjang ing laki |
sanalika tyasira wus purna |
padhang tan sumêlang lire |
driya wus pupus putus |
tungtas mêntas dèn-jajatèni |
tinêkan ing sakaptya |
kumandêl ing ngèlmu |
wus gigal dharatan dunya |
tan tinisnan mung papaèsing Hyang Widi |
widagdèng wadi tama ||

239.
Cêprol tyasira kang wingi-wingi |
tan wiwinga wus kandhih kandhêhan |
ing tyas sirna wêranane |
mung ngèlmu kang satuhu |
dadya gêgeyonganing budi |
badanne wus tan jiwa |
jinarwan sêjatu |
jatining Hyang èstri priye |
Tambangraras sakala kalawan laki |
-nira Sèh Amongraga ||

240.
Cinarêman patêmbayaning sih |
lir cêmpaka wungkul sinadpada |
praptèng mangsa sakalihe |
sari mêkar ing bangun |
kaididan pandhêming tis-tis |
linungiding brêmara |
mangungruming tanjung |
Tambangraras katêtêsan |
tyasira tis angèsthi jatining ngèlmi |
minulyèng rasa purba ||

241.
Kapurbèng laki purbaning Widi |
rêkasèng rasa ngêsah swuh ikram |
trap bengat satariyah-e |
dyah sanalika kantu |
lena nèng pakulinan mupid |
rasèng tyas amêrtiga |
rong duman mring ngèlmu |
saduman rasaning priya |
mèpu Hyang maring dating Kang Maha Suksi |
tan ura ring panduman ||

Jilid 7 - Kaca : 124

242.
Rasa kang pangrasa karasèki |
datan wiwal anèng kawiritan |
wus tampi wulang waune |
dangu dènnira kantu |
pananing sih nugrahèng Widi |
Sèh Mongraga tan samar |
muriganing kayun |
layape ing garwanira |
tan kasêlan ring hawa awaking eblis |
pananing ngèlmu rasa ||

243.
Cèthi Cênthini wruh ing wêwadi |
mring patirtan mariksa hèr lukak |
samya ingêbèr toyane |
badhe pasiramipun |
sakaliyan bêndaranèki |
yata ingkang kulina |
anèng jinêm arum |
luwaran dènnya asmara |
mijil saking pagulingan pan sarimbit |
randhat maring patirtan ||

244.
Ni Cênthini gupuh angladèni |
nampa sinjang anèng panadhahan |
sêsaosan pasatane |
sinèlèh anèng ngriku |
Ni Cênthini sigra lumaris |
mangilèn tur uninga |
mring kang rama ibu |
andhodhog kori winêngan |
nuju dèrèng guling pan lagi amikir |
kang putra kang dadya tyas ||

245.
Praptèng ngarsa Cênthini matur ris |
lamun putra Nikèn Tambangraras |
sampun katêrasan mangke |
ramè-bu gyat amuwus |
ya sekur Alkamdulilahi |
gugahên bibi Daya |
Cênthini dèn-gupuh |
Ni Daya wus tinimbalan |
praptèng ngarsa Malarsih mèsêm turnya ris |
bibi wayah andika ||

246.
Tambangraras wus pinagud ing sih |
tinêmbayan atut palakrama |
mangsa-boronga adate |
sarat katrêsnan ing rum |
mugi bibi priyangga prapti |
mangetan sung ajampya |
mring wayah kawlasayun |
Ni Daya aris ngandika |
lamun parêng prayogi kewala enjing |
wus adatipun enjang ||

247.
Inggih mangsa-boronga pun bibi |
lah wis Cênthini sira wangsula |
dèn-age sira kasuwèn |
ya wis bangêt sokurku |
nulya mundur mangetan malih |
praptèng têpi patirtan |
kabênêran uwus |
sang ro dènnira asiram |
Ni Cênthini saos pasatan wastra di |
tinumpa nèng panampan ||

248.
Sawusira mawastra aririh |
tumama malih nèng pasareyan |
kang raka ris ngandikane |
yayi sira ywa korup |
gêgêdhene godhaning eblis |
rong ênggon kang tinênggan |
setan akukuwu |
kang dhingin nèng jroning sahwat |
kaping kalih nèng jroning sakarat yayi |
pambegalaning setan ||

Jilid 7 - Kaca : 125

249.
Pamurunging prawiraning urip |
yèn kêjorong karêma mring sahwat |
sewotên setan godhane |
mrih laliyèng Hyang Agung |
pamurunging sampurnèng pati |
bariwuting sakarat |
karakêting dudu |
duka cipta salah tampa |
lura-luru mrih kaliru ing pangikis |
tanya a ing naraka ||

250.
Ulama kang wus man maring ngilmi |
panglilinge mring Hyang Maha Mulya |
ingugêr marang tokide |
siyang dalu kadulu |
daliling Hyang kang Maha Sukci |
karya titah manungsa |
lawan satrunipun |
setan satruning manungsa |
wakolihi man insi jèdis sabilis |
sayatin kasru janat ||

251.
Pangandikaning Hyang iku yayi |
sing sapa mênang prang lawan setan |
yêkti gêdhe ganjarane |
rahayu nèng swarga gung |
ing dunya-kir sinung mulya di |
iku yayi kang wus man |
sabab wus sumungku |
mring Allah Rasul Muhamad |
yèku mau sucine iman sêjati |
tokit makripat Islam ||

252.
Sampurnane yèku dadi daim |
namung daimira maring Suksma |
aywa sah sanalikane |
nadyan manawa turu |
salat sahwat sêkarat tuwin |
mung daim kang minulya |
ring Hyang kang Maha Gung |
sira Nikèn Tambangraras |
pan minulyakakên ing laki Mongragi |
wus mardikèng mukmin kas ||

253.
Wanci wus gagat bangune enjing |
putêr anggêntèr dara bêkuran |
sauran sulindhit bèthèt |
prêkutut duduk layu |
manggung kung nglangut amanis |
èsthinira rêrasan |
rarase sang ayu |
ingkang tinêmbayèng priya |
ing ratri ki jalak menco angêcuwis |
carita carêmêdan ||

254.
Iba-iba rêkasaning ati |
kaya wong ngaji jaya wus tapa |
têgun tinatah jumêbrèt |
uligan sajêgipun |
durung wêruh rasaning jurit |
dhasar kutha santosa |
rêmit tutup pintu |
prajurit prapta misesa |
karêkuhe kêpagol kebunton dening |
akunci tan wèh marga ||

Jilid 7 - Kaca : 126

255.
Sulindhit bèthèt lir (ng)gêguyoni |
putêr bênggala lir sukarêna |
sokur pacarême Nikèn |
pêksi dara ambêkur |
bungah lir pitutur kang èstri |
mara ta wruhanira |
bae bêndaramu |
kurên rarasing karsikan |
payo kurên karênaning pulang titih |
darèstri parepehan ||

256.
Tuhu wantu-wantu lir ngundhangi |
kolik klikikan mabur barbêran |
lir sung wawarta wadine |
Tambangraras katras rum |
gêmak mêlung lir mamaoni |
sikolik agêtênan |
manuk ora urus |
angèbrèg gawe wawarta |
nadyan bungah bok binatin malah criwis |
mring cabak saya cawak ||

257.
Kate bêkisar cakikèr muni |
cinggoling srigunting asusitan |
lir mumungu sang ro Nikèn |
ing wanci bangun Subuh |
aywa jênêk ngulinèng mamrik |
manawa kadrawasan |
ngakirakên wêktu |
owêlên wêktu ijabah |
mrak manguwuh lir bêbantu amangsiti |
nyangungong cohung ngakak ||

258.
Ajag-jagan nèng payon angalih |
wau Sèh Mongraga lan kang garwa |
angling payo yayi Nikèn |
mupung awal Asubuh |
kang rayi tan lênggana tuding |
sarêng mijil akadas |
Cênthini tan kantun |
marang masjid samya salat |
praptèng bakda Subuh ing wanci byar enjing |
sang ro tumamèng tilam ||

259.
Tan cinatur langêning pulang sih |
sabab puniku kandha uliya |
saru yèn kinarya wadhèh |
yata wau kang ibu |
ngrukti titigasanirèki |
sakèh kang ila-ila |
sadaya rinamut |
sarta lan kêndhurinira |
Nyai Daya sampun rêracik ajampi |
pêntil dêlima pêthak ||

260.
Ingurêgan ingisènan ganthi |
mêsoyi pucuk lawan majakan |
kapulaga lawan cêngkèh |
isine cubung wulung |
mrapat lawe wênang ginodhi |
sawuse ingubêdan |
pan pinipis lêmbut |
slasih irêng jinantonan |
myang pon-êmpon panginang kêtêmu giring |
ring bathok pauyupan ||

261.
Tuwin kang tapêl unthuking cacing |
lan awuning kraras pisang êmas |
wilungsungan ula cabe |
pala cêngkèh kumukus |
mrica sulah êndhoging êmprit |
cangkang (n)dhog yam têmbeyan |
gya pinipis lêmbut |
lêngkang sunthi pyun bênggala |
wus rinukti sadaya adatirèki |
wong mêntas katêtêsan ||

Jilid 7 - Kaca : 127

262.
Wus linakyan lampahing kang jampi |
siniraman ing sêkar sataman |
susunira êmbok Nikèn |
kang olah Ni Daya wus |
pagêbêsan ingkang duwèni |
miwah sajèn mawarna |
Ni Daya sêdarum |
nulya kêndhuri pinasang |
rolas ambêng lawan rolas ambêng malih |
pêpanganan mawarna ||

263.
Samya tinimbalan sadayèki |
putra kalih miwah para kadang |
pangulu miwah modinne |
lurah myang kamisêpuh |
bundhêl desa sadaya sami |
ambrubul sami prapta |
pra santri andulur |
gumridig lajêng kewala |
nèng pandhapa kilèn dènnya tata linggih |
du dhêngkul têpung kapang ||

264.
Santri Luci matur ing (n)Jêng Kyai |
punika sampun prapta sadaya |
Ki Bayi lon andikane |
Bismilaha Pangulu |
donganana Sêlamêt-nèki |
nakira pinangantyan |
wus atut aruntut |
wajibing wong palakrama |
tyas-sun uwus ilang sumêlanging ati |
tan ana kang dadya tyas ||

265.
Kang samya myarsa nglinge (n)Jêng Kyai |
samya bungah sokur sukarêna |
Pangulu sandika ture |
anulya donga Rajug |
Slawêt-pinatawil-ngumuri |
turun sih maskumambang |
Kunut lan Sri-lulut |
Kabula têmu Sêndhana |
ingaminan gumuruh swaraning santri |
rame ambata-rêbah ||

266.
Puput dènnya andonga Basuki |
Ki Baywa ngling mara kono padha |
amangana dhewe kabèh |
Luci kae santrimu |
santri cilik nèhana sami |
kêndhuri kang warata |
jaba masjid mangu |
aywa na kang kaliwatan |
matur sampun wawi binagèn pribadi |
tan wontên kaliwatan ||

267.
Lah wis padha lêkasana bukti |
nulya samya kumroyok anadhah |
pating kucapah wong akèh |
ing jawi pan gumuruh |
santri padha rêbut kêndhuri |
rame têndhang tinêndhang |
ajagur-jinagur |
dènnira arêbut brêkat |
surak gar-gêr lir ngabên dèn-tohi |
santri kang kêkêrêngan ||

Jilid 7 - Kaca : 128

268.
Tan wun ucapên ramening santri |
kêndhuri wus samya binarêkat |
bubaran ingkang kêndhurèn |
samana sang linuhung |
laminya nèng Wanamartèki |
pan sampun tigang wulan |
sang brangta nèng ngriku |
mindhak rahmate kang desa |
tulus kang sarwa tinanêm kang tinêmpil |
balêbah murah pangan ||

269.
Murah sandhang barang kang pinicis |
wohing kitri kèh bèsèr malangsa |
beda lawan duk maune |
janma saya kèh wuwuh |
bêbrayatan kang samya prapti |
malah angêlar dhadhah |
jêjêl wismanipun |
têpung angubêngi desa |
desarya gung lir wastra gadhung tinêpi |
kubênge kang wisma nyar ||

270.
Winatara limangatus luwih |
wuwuhe wong kang sami gigriya |
Sèh Mongraga mangunahe |
tyasing janma rahayu |
datan ana masiyat budi |
samya rahab agama |
wong kang wau-wau |
kang salat pêndhak Jumungah |
mangke dadya rahab samya anêtêpi |
ing limang wêktu salat ||

271.
Barang têtanduran tulus wilis |
pala gumantung pêndhêm kasimpar |
sawah pêgagan palêstrèn |
tan ana amanipun |
olèng-olèng lan walang sangit |
ilang ama mêmangsa |
nir singkêling tandur |
wong sadesa sukarêna |
datan ana kang cuwa kacuwèng galih |
lumrah samya rêrasan ||

272.
Mangkana pangucaping wong sami |
ya talah desa ing Wanamarta |
lan biyèn bangêt kacèke |
saha kêdudu-dudu |
saya rêja êloh jinawi |
amurah sandhang pangan |
tulus kang tinandur |
tan ana ama satuma |
lêmah lincat saiki kèh dadi gasik |
mabuk mawur binukak ||

273.
Saking sangêt sawabe (n)Jêng Kyai |
ana ingkang anauri êndhak |
lagi pandugaku dhewe |
iku mangunahipun |
iya Sèh Mongraga kang mawi |
mara ta titènana |
ya (n)Jêng Kyai Guru |
biyèn lan samêngko beda |
salawase duwe mantu Sèh Mongragi |
seje sajake desa ||

Jilid 7 - Kaca : 129

274.
Pêsthi ika kang mawa muwuhi |
wahananing desa sarwa owah |
wêwah byah kêmurahane |
sabarang kaliripun |
siti kitri sandhang lan bukti |
bêkti maring agama |
gumati ing wêktu |
padha trape wong sadesa |
isèn-isèning desa Wanamartèki |
kèh undhaking ngulama ||

275.
Pocapane wus ngumum sakèhing |
padha pupuji mring Sèh Mongraga |
luwih luhung mangunahe |
mulane kang ramèbu |
maring putra mantu langkung sih |
anon ing putra kara |
dènnya krama runtut |
miwah sagunging santana |
atanapi wau ingkang rayi kalih |
Jèngwèsthi Jayèngraga ||

276.
Langkung samya sukanirèng galih |
yata wau Ki Bayi Panurta |
duk lênggah lawan mantune |
garwanira tan kantun |
Tambangraras tansah nèng wuri |
yata nimbali sigra |
kalih putranipun |
Jayèngwèsthi Jayèngraga |
atanapi Pangulu lan para ari |
Suharja Wiradhustha ||

277.
Ki Panukma lan Panamar tuwin |
Kulawirya lawan pra santana |
Basarodin sa-modinne |
lurah santri sadarum |
bundhêl desa para pêtinggi |
magêrsari sudagar |
kamisêpuhipun |
kabèh sami tinimbalan |
datan ana kêliwatan santri siji |
aglar prapta ing ngarsa ||

278.
Tan kêliru lalinggihannèki |
santri Luci mêdalkên sugata |
gembol lawan tapsirihe |
miwah pateyanipun |
tèh manisan lan wedang kopi |
rampadan panganan |
wradin sadaya wus |
kêndhuri sêkul panjangan |
Kyai Bayi ngling payo padha awijik |
agêpah kang liningan ||

279.
Nulya dhahar eca nutug sami |
langkung dènnya darbe sanak kadang |
myang mring sakulawargane |
nadhah samya pikantuk |
langkung royom ramening bukti |
wus nutug dènnya nadhah |
ambêng nulya dinum |
kang sêkul miwah panganan |
samya binarêkat sadaya waradin |
warêg mangan ambrêkat ||

280.
Santri Luci ngatak kang ngladèni |
panjang piring ingundurkên samya |
myang kang kakêlut barêsèh |
wusnya nginang audud |
Amongraga umatur aris |
mring kang rama yèn arsa |
ngêlih namanipun |
Jayèngwèsthi winastanan |
nama-amba kawula sungkên pun yayi |
Jayèngrèsmi prayoga ||

Jilid 7 - Kaca : 130

281.
Kyai Bayi suka anjurungi |
miwah ingkang pra kadang sêntana |
jumurung amatutake |
kang sinung nama langkung |
sukanira jroning galih |
Ki Bayi lon ngandika |
marang ing sadarum |
kabèh padha ngèstrènana |
ing karsane anakmas Sèh Amongragi |
Jèngwèsthi ngalih aran ||

282.
Winastanan mangke Jayèngrêsmi |
padha ngumumêna wong sadesa |
Jèngwèsthi ran Jèngrêsmine |
sadaya saur manuk |
bêbarêngan gumuruh atri |
(n)Jêng Kyai malih nabda |
hèh Luci dèn-gupuh |
jênang jênêngan wêtokna |
santri Luci sigra ngatak kang ngladèni |
ambêng jênang pinasang ||

283.
Angling mring Pangulu Basarodin |
donganana Kabul Slamêt mulya |
Jayèngrêsmi sêlamête |
sandika Ki Pangulu |
andongani Kabula mugi |
ingaminan gumêrah |
pandonganira wus |
kang jênang nèng takir ponthang |
gya binage pinêthak sampun waradin |
suru janur tulisan ||

284.
Samya nyuru jênang caca manis |
santri cilik gumêdêr rêbutan |
samya gêlaprut raine |
sawusira anutug |
nulya pamit linilan sami |
yata samya bubaran |
sowang-sowang mantuk |
sira Ki Sèh Amongraga |
lawan ingkang garwa sakucumbunèki |
kundur mring dalêm wetan ||

285.
Kyai Bayi kundur sing pandhapi |
malêbèng wisma lan nyainira |
tan ucap wau siyange |
prapta ing wêktu surup |
Sèh Mongraga asalat Mahrib |
garwa lan kucumbinya |
ing bakda Ngisa wus |
laju tumamèng ing tilam |
Amongraga amijilkên sabda jati |
pitutur mring kang garwa ||

384 Mijil

1.
Apan sarya winêjang ing ngèlmi |
sadaya wus winot |
sapangawikanira kakunge |
winêjangkên marang ingkang rayi |
dhasar sang dyah lantip |
ing sasmita putus ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (16) Kaca 119 – 120
  • (18) Kaca 131 - 137 >