Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (19) Kaca 138 – 147

 

( Pamit badhe andon lêlana sarta badhe ngupadosi adhi-adhinipun ingkang pisah )

IV. Sèh Amongraga Lolos

1. Sampun 40 dintên pêngantèn sêkalihan sami sih-sinihan, wanci bakda Ngisa Sèh Amongraga lênggah kalihan garwa wontên ing paprêman, pamit badhe andon lêlana sarta badhe ngupadosi adhi-adhinipun ingkang pisah nalika pêrang ing Giri. Kathah-kathah pangrêpa pamalar lan piwêlingipun, sapêngkêripun, Nikèn Tambangraras kalilan krama malih, miliha priya ingkang asipat guru-laki.

Nikèn Tambangraras sakalangkung kagèt, tuwin sêdhih ngantos sêmaput kados dipun-lolosi otot bayunipun. Kathah-kathah pituturing laki, pinaringana iman, ngandêla dhatêng kawasaning Allah. Wêkasan sang Nikèn linipur saengga sare.

Sèh Amongraga mangkat lêlana kadhèrèkakên santrinipun Jamal Jamil, nilari sêrat tiga, dhatêng garwa, rama, lan dhatêng rayi ipe kalih-kalihipun.

Bangun enjing, sarêng Kèn Tambangraras ningali laki botên wontên, njêrit dhawah kantaka. Ni Cênthini gugup lumajêng dhatêng dalêm kilèn.

Ki Bayi sêkalihan garwa miwah para putra sami prapta ing wisma wetan, sêrat têtiga winaos, sawêg sami mangêrtos yèn Sèh Amongraga lolos andon lêlana. Sadaya sami sungkawa.


Kaca 138-147.
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 138

384 Mijil

74.
Dhuh masmirah kang asarwa rukmi |
kumala di kaot |
dèn-kêpara ing ngarsèngong kene |
baya tuhu sarining rêtna di |
ambêk ta ing laki |
mirah jawatèngsun ||

75.
Praptèng pitung wêktu de tan gingsir |
bukuh ing palunggoh |
sang lir puspita atur sêmbahe |
saha majêng mring ngarsaning laki |
pinapag ing liring |
pan sarwi anggayuh ||

76.
Jarijinya panuduh pinidih |
saha ngandika lon |
ajwa kaduk tampa nahing anggèr |
sarèhning sun mênêng masku ari |
mêngko sun tuturi |
mirah jiwaningrum ||

77.
Sayêktine sun arsa apamit |
mring sira masingong |
marang Naya-ganda ing banjure |
arsa wikan wêkas-wêkasaning |
kulon wetan yayi |
êlor lawan kidul ||

78.
Aywa dadi woding tyasirèki |
andasihkên ingong |
dipun tulus sihra nah-anggèr |
pan wus mêngkono karsèngsun yayi |
pan arsa nglanglangi |
ing wong ahli wuyung ||

79.
Poma yayi wêkas-sun sirèki |
ing sapungkuringong |
manawa na Hyang Suksma karsane |
pinundhut ingsun ajal dina kir |
sirèngsun-lilani |
krama-a sirèku ||

80.
Ngulatana kakung kang prayogi |
ingkang bagus anom |
kang utamèng ing sastra ta rêke |
nora kêna babo ginagampil |
iya wong akrami |
tuwin wong (ng)guguru ||

81.
Ya mulane angguguru yayi |
milih janma kaot |
datan kêna singa wonga anggèr |
kang kalêbu ing catur prakawis |
têmên gêmi muklis |
wêkêl ingkang wungkul ||

82.
Iya iku kang prayoga yayi |
kang wênang ginuron |
guru-laki tan ana bedane |
tiwasing guru badan tan kari |
sanggonne kang cangking |
dèn-dhadhunga katut ||

83.
sarêng myarsa dyah sabdaning laki |
sumaput kang panon |
lir katujwèng sela pranajane |
dadya bawur paningalirèki |
anglir dènlolosi |
sang dyah tulangipun ||

Jilid 7 - Kaca : 139

84.
Lir pinusus bayu mring wiyati |
sungsum balung otot |
sirna kabèh pêsat ing anggane |
mênggah-mênggah aturirèng laki |
dhuh panutan-mami |
sêksènana ulun ||

85.
Datan mantra-mantra yèn angimpi |
malih ing pandulon |
amba anut tuwan saparanne |
ajur kumur-kumura ing margi |
tan sumêdya gumingsir |
nadyan têkèng lampus ||

86.
Trênyuh myarsa Ki Sèh Amongragi |
myat kang garwa ngepon |
sang dyah luluh prasêtya atine |
Sèh Mongraga angandika aris |
astanira sarwi |
narik jangga pungkur ||

87.
Yayi dèn-kaparèng ngarsa mami |
myarsakna ling-ingong |
dèn-narima dèn-waspada Nikèn |
andhang pira tyasira kalêmpit |
lsira lawan mami |
mami lan Hyang Agung ||

88.
Sira datan andulu ing kami |
wus sinung pandulon |
mring Hyang Kang Maha Sukci Nikèn |
dadya sira tan pae lan mami |
mulyaning dat jati |
tar wang-wang sawegung ||

89.
Krana kabèh iku sajabaning |
êdating Hyang Manon |
yèku mahluk yayi sadayane |
tinggal nilib panggodhaning eblis |
amblês anèng kapti |
kapitèng tyas dudu ||

90.
Têguhêna yayi tyasirèki |
dating Hyang anèng jro |
jinêmira kasuciyanane |
upamane angganira yayi |
wastra lus seta di |
cinitrèng jalêngut ||

91.
Wit winasis rèngrèngan rêspati |
trusane tan dhompo |
rapêt datan nilib tembokane |
lilin putih wêdêlane langking |
mung kewala nganti |
ing babarannipun ||

92.
Pamberating citra ingkang rêmit |
liline linorod |
nètès kabèh adining panggawe |
pantês kagêm ing Sri Narapati |
liring Narapati |
Sang Hyang Kang Maha gung ||

93.
Yèku wangsuling awon mring bêcik |
bathikan linorod |
lêwih lara kinira majade |
rasaning wedang kang molak-malik |
babaranning wali |
linorod papa gung ||

Jilid 7 - Kaca : 140

94.
Panasing Hyang kang lêwih saking gêni |
yèn mungguha abot |
luwih saking watu wukir bote |
wong kang bisa tinggal kadonyèki |
sêbab iku sirik |
asih ing sisiku ||

95.
Kang kumandêl sira ing Hyang Widi |
sinung sih kinaot |
datan ana tinimbang padhane |
pasajèngsun pamit ing sirèki |
mung sira kang sun sih |
babare ing besuk ||

96.
Bok manawa na nugrahèng Widi |
mring sira masingong |
pupusên ing driyanira Nikèn |
kapindhone sun arêp ngulati |
ring arimu kalih |
jalwèstri kawlas-hyun ||

97.
Tan wruh lamun manggih pati urip |
anandhang rarêmpon |
rêbut urip saparan-paranne |
pisah lan manira kawlas-asih |
baya datan lami |
(ng)gèn-ingsun angluruh ||

98.
Nikèn Tambangraras tan bisa ngling |
mingsêg-mingsêg alon |
marawayan drawayèng pipine |
lumuntur lir turasan waspèki |
kang raka ngarihi |
sarwi ngusapi luh ||

99.
Surat ingkang nugraha marnani |
lir wulan angayom |
sasontên mila ngimur garwane |
Amongraga rumakêt ing rabi |
rinubanan ing sih |
kadya mas tumimbul ||

Jilid 7 - Kaca : 141

385 Maskumambang

1.
Gya sinambut binêkta mring tilamsari |
ginunturan sabda |
sang dyah tan sawalèng kapti |
makum pancadriyasmara ||

2.
Lungiding turidèng rêsmi kang ginati |
makaming Aminah |
Salamah Kotijah jati |
makam Patimah Ngasiyah ||

3.
Sarira nglês bêbalung lir dènlolosi |
syuh rêmpu kalihnya |
tan karkat angganirèki |
watgata jatining uswa ||

4.
Aluwaran sang ayu sinambut ririh |
binêktèng patirtan |
pan samya ashar kadasi |
Cênthini anampa wastra ||

5.
Pungun-pungun sang ro lir sawung kapilis |
pulasing sungkawa |
angawêngi ing ngawingit |
sawusira apasatan ||

6.
Tumama malih maring tilam-wangi |
sarwi sasareyan |
kalih kulinèng jinêmrik |
mawarga milutèng garwa ||

7.
Kinêrêkêt ing ngangga sinabda manis |
Nikèn Tambangraras |
kerup ing tyas èsmu arip |
alayap kaeca nendra ||

8.
Dyan sinarèkakên munggèng langênsari |
wanci wus anggagat |
dyah kêpati dènnya guling |
wus ingapit kajang sirah ||

9.
Sang mong-wuyung nimbali santrinya kalih |
bêktane waunya |
sing Karang Ki Jamal Jamil |
lah ki santri payo lunga ||

10.
Ki Sèh Amongraga karya surat aglis |
kang tika titiga |
tiningkêm wus dèn-cirèni |
satunggal mungêl mring sêrat ||

11.
Kang satunggil ciri mungêl mring kang rayi |
Jèngrèsmi Jèngraga |
srat kang satunggil malih |
ciri mungêl mring kang rama ||

12.
Sinèlèhkên wulu uloning aguling |
sang kakung angraras |
ngling ririh kariya yayi |
manirarsa anglêlana ||

13.
Ki Sèh luhung Mongraga tumurun aris |
parèstri kang nendra |
nèng jarambah myang Cênthini |
sidhêku nèng waton tilam ||

14.
Sèh Mongraga alon mêngakakên kori |
kang anèng paningrat |
Jamal Jamil gya umiring |
mêdal kori bubutulan ||

15.
Sakathahing manuk ingon ingkang muni |
kang putêr bênggala |
prêkutut dara Parêsi |
sêndhêt unine tan sora ||

16.
Cakikèring kate bêkisar nyaririt |
isthaning wangsitan |
ajwa na asru-sru muni |
lamun kagyat kang anendra ||

17.
Sèh Mongraga kang lagya nilap ing rabi |
kadhone tyas mêlang |
amuwuhi gênging kingkin |
kang arsa nis kapalangan ||

18.
Mila samya unining pêksi aririh |
wênèh èsthanira |
bêndara wurungêna nis |
garwanta Ni Tambangraras ||

19.
Pêsthi sangêt nandhang papa gung prihatin |
pisah lawan priya |
lagya nêdhênge among sih |
lamun ngucapa mangkana ||

Jilid 7 - Kaca : 142

20.
Yata wanci wêktu Subuh dènnya mijil |
praptèng jawi dhadhah |
kèndêl satêpining kali |
asalat Subuh nèng sela ||

21.
Wus paragat dènnira asalat sami |
anulya amangkat |
Jamal Jamil tansèng wuri |
minggah palêstrèn narmada ||

22.
Wus mêsat ing pêpèrèng napak têtêgil |
nurut pêgalêngan |
pagudhèn pagagan sabin |
lampahe awirandhungan ||

23.
Pan samarga Mongraga mandhêg anolih |
katingal kang garwa |
duk tinilar maksih guling |
katon trêsnane kalintang ||

24.
Yata wau kang mahawan Sèh Mongragi |
lawan santrinira |
tan ana baya kaèksi |
eca dènnira lumampah ||

25.
Mèh raina sêmu bang ing pajar sidik |
ima malang maya |
lir lungsiring tilamsari |
drawela langêning wiyat ||

26.
Ngalèr-ngetan sêdya nut pinggir pasisir |
Hyang Surya sumirat |
kawêngan pêdhut ngampaki |
adhêming bun kang kêsrampat ||

27.
Awurahan gumêdêr swaraning pêksi |
bubut lan kêpodhang |
cingcinggoling lan srigunting |
cuciyun manyar branjangan ||

28.
Jagigèring sata-wana lir malangi |
mring kang lagya linggar |
wangsula aywa ja anis |
garwanta kawêlas-arsa ||

29.
Miwah panggrahing sawung dhusun kapyarsi |
saking pêlinggaran |
tutuhu kolik mêlingi |
lir anguwuh kang wangsula ||

30.
Byar raina sirat soroting Hyang Rawi |
mrabani têkèng rat |
ngalèbi rêngganing salir |
Sèh Mongraga dènnya lampah ||

31.
Ngancik wana têrataban anut margi |
rêstari tumama |
mêmangun manguning wingit |
wus kapungkur padedesan ||

32.
Pan angambah sasêngkan ing wana wukir |
jurang jro mangunang |
nut têmbinging lêmah miring |
kapering parung ing ngarsa ||

33.
Gêgêr mênggêr agra gugur galêgêring |
lata anggrêgancang |
lumung lumut ambêlêti |
lulut lumêkêt ing sela ||

Jilid 7 - Kaca : 143

34.
Lyah iwah silak asiluk alêngki |
kèh pala kasimpar |
parèng ing mangsa maèsi |
kawarasan ing labuh pat ||

35.
Sri panjrahing sari marururum amrik |
abra patrah wijah |
(m)bêlasah wohing gênitri |
katragan gagar sumêbar ||

36.
Bogêm bana cêmpaka dulan sulastri |
myang kang kanigara |
wilasa lan gandasuli |
aglar ingkang anggrèk wulan ||

37.
Jangga mure argula kang wora-wari |
patra mênggala myang |
landêp lawan sanggalangit |
tanjung soka nagapuspa ||

38.
Kang sridênta kalak kênanga kêmuning |
lan prabu-setmata |
mêlathi pudhak sisili |
puspa capa lan kucila ||

39.
Sang Mong-brangta napak ing sela tumawing |
tumiling mèt awan |
lir nambrama kang lunga nis |
brêmara rèrèh manguswa ||

40.
Angrêrêngih rêngu mrih ruruning sari |
lir karunanira |
kênya pinarwasèng gati |
sang mong nêngkung alênglêngan ||

41.
Tan cinatur yata kang kantun aguling |
Nikèn Tambangraras |
kêbanjur dènnira guling |
kongsi byar dènnira nendra ||

42.
Pêksi jalak cocak gulathik lan nori |
gumêdêr cêrikan |
lir mamungu kang aguling |
dingarèn dènnira nendra ||

43.
Lah wunguwa aywa kêpati aguling |
tiwas rong prakara |
dhihin pot Subuhirèki |
pindho tinilar ing priya ||

44.
Nikèn Tambangraras wungu dènnya guling |
kagyat katêrangan |
Hyang Haruna wus umijil |
myat mring kang raka tan ana ||

45.
Lir sinêmpal angganira tyas monêng nis |
êpoting wêktunya |
nyana tinilar ing laki |
ngandika mring cèthinira ||

46.
Kabêsturon têmên sirèku aguling |
Ni Cênthini sigra |
gêragapan dènnya tangi |
kinèn ngucali kang raka ||

47.
Ingucalan ing tajug panêpèn wingking |
miwah ing patirtan |
wus gêmêt dènnya ngulati |
umatur mring Tambangraras ||

48.
Tan kapangguh rakanta kula-ulati |
Nikèn Tambangraras |
duk myarsa ture Cênthini |
mitênggêng tan kêna obah ||

Jilid 7 - Kaca : 144

49.
Tyas bèriwut supêg tan ana sêtugi |
sumumpêl anênggak |
napas kabêbêg ing kapti |
cumêkik niba bantala ||

50.
Anggadêdêr ngacêcêng lir kayu aking |
Cênthini (n)jrit sigra |
ngrungkêbi padanirèki |
anangis kalara-lara ||

51.
Umyang kabèh tuwa nom parèstri nangis |
Ki Bayi Panurta |
kagyat sru swaraning tangis |
lan garwa lumajêng ngetan ||

52.
Tinigalan kang putra sangêt tan eling |
Malarsih karuna |
kêna ngapa sira nini |
têmahan sira kantaka ||

53.
Kyai Bayi bêkuh-bêkuh dènnya nangis |
gumrah jroning wisma |
kapirêng saking ing jawi |
Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

54.
Jalu èstri lumayu marang jro prapti |
samyambung karuna |
miwah ingkang para ari |
sêntana pra santri prapta ||

55.
Pêpêk jibêg jalu èstri samya nangis |
tan wruh purwanira |
gumêdêr arung anangis |
Tambangraras tinangisan ||

56.
Para tuwa Pangulu lawan Sêmbagi |
Jumêna Jêmpina |
gênti nêmbur anjampèni |
ting salêmprot agêbrèsan ||

57.
Jro pasuwuk sêsawanan angêcuwik |
sêmbur dringo bawang |
myang toya tuli ing canthing |
miwah pra tuwèstri samya ||

58.
Anêlusur sêsalang nyènèng thi-athi |
sarya akaruna |
kang mêtik pating jarêlih |
tanpa rungwan kang karuna ||

59.
Datan kêna sinapih pating jarêlih |
Kiyai Panurta |
lngling wis wis aja anangis |
mundhak amuwuhi susah ||

60.
Nikèn Tambangraras kang dangu tan eling |
sinundhang pra tuwa |
nulya kêkêtêg katawis |
tungtum napase kêsotan ||

61.
Tambangraras nulyèngêt lara anangis |
ingkang rama sigra |
ngisêp êmbunne kang siwi |
sarwi alon angandika ||

62.
Pamulane sira kantaka kêpati |
dhenok paran sira |
binêndon lakinirèki |
utawa katiban sada ||

63.
Lawan lakinira Ki Sèh Amongragi |
dene tan katingal |
asênêtan anèng ngêndi |
paran darunaning duka ||

64.
Ni Malarsih angling lah matura nini |
dinangu ramanta |
aywa dera pijêr nangis |
sarèhêna tyasmu rara ||

Jilid 7 - Kaca : 145

65.
Tambangraras pêgat-pêgat matur aris |
manêmbah ing rama |
kawula tan sinung runtik |
myang sada tumamèng ngangga ||

66.
Datan wontên dêdukanipun sakêdhik |
(n)Jêng rama putranta |
tan antuk lamun ngulati |
de kang dadya wod tyas amba ||

67.
Putra tuwan lamun kawuwus sayêkti |
linggar ing sasana |
ngêlalu anglalana nis |
tan wrin paranning kanêngan ||

68.
Duknya ratri dènnya ngikis sabda wingit |
adrêng kawularsa |
tumutur tan dèn lilani |
sawusipun pranèng basa ||

69.
Samya layap sakarongron lawan mami |
manawi punika |
sèstu lir linge duk ratri |
de puwara datan ana ||

70.
Kyai Bayi anjêtung tan kêna angling |
miwah sadayanya |
samya gêgêtun tan sipi |
myarsa ture Tambangraras ||

71.
Yata wau kucumbu cèthi Cênthini |
duk wau kalanya |
atrap wiwal ing guguling |
myat thika nèng soring bantal ||

72.
Tigang thika Cênthini kagyat ningali |
anulya ingalap |
ingaturkên ing (n)Jêng Kyai |
Ki Bayi gupuh ngandika ||

73.
Iku apa kang sira turkên ing mami |
wus katur tinampan |
putra ri samya ngungsêgi |
yun myarsa bukaning sêrat ||

74.
Kyai Bayi ningali alamatnèki |
marang Tambangraras |
satunggil mring rayi kalih |
satunggil marang kang rama ||

75.
Dyan binuka sastrane pegon angrawit |
pan winaos sora |
ungêling srat angalap sih |
yayi Nikèn Tambangraras ||

76.
Manira mit kariya bêktiyèng Widi |
kang mutlak ing bengat |
kang mapu(?) ing Suksma jati |
sun lêlana andralaya ||

77.
Angulati marang kadangira yayi |
kang padha anglunga |
kaboyong kalane jurit |
duk bêdhahe Sukaraja ||

78.
Binoyongan marang Naya-ganda sami |
marmèngsun nrang papa |
anggawa arinta kalih |
wusana pisah lan ingong ||

79.
Yayi sira kang tawakup mring Hyang Widi |
dèn-narimèng titah |
ragèngsun srahêna Widi |
sêdyèngsun pan nora lawas ||

80.
Kyai Bayi Panurta (m)barêbês mili |
mamacane magag |
marêngkak sêrêt tan titis |
kadho kadhot tyas kandhêhan ||

Jilid 7 - Kaca : 146

81.
Jalu èstri sadaya samya anangis |
netra tan ana sad |
bêmbêng kumocor luh mijil |
myang Jèngrêsmi Jayèngraga ||

82.
Tingal abang lir Hyang Haruna umijil |
bungkak marawayan |
tyas koncatan lir piningit |
suka cipta kinanthinya ||

386 Kinanthi

1.
Kang sêrat satunggilipun |
pinaringkên putra kalih |
Jayèngrêsmi anupiksa |
Jèngraga tumut nungkuli |
winaos sinukmèng driya |
samun tan katarèng lathi ||

2.
Pangaksamanta kang maklum |
yayi kang langgêng pupuji |
pupusing angga toh jiwa |
tanpa dharat tanpa tasik |
tan kêlêm datan kumambang |
misesa anèng pribadi ||

3.
Kadya antiganting sawung |
ingêrêm titising wiji |
narna cumaning kasidan |
dadya wuk maring kêjatin |
nikmat rasaning galinggang |
kang muhung brangti Hyang Widi ||

4.
Têgêse kulinèng luhung |
tan milih ênggon sawiji |
nèng jamaning kasamunan |
pasêmoning kang ahli wis |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
lir pinancas tyasnya kalih ||

5.
Ungêling srat mring ramèbu |
pan anor ing atur bêkti |
nuwun sokuring pandonga |
kagalatan ing pangikis |
tan kobêr atur uninga |
kawula limput ing wingit ||

6.
Karsaning Sang Kang Maha Gung |
amba pinulah ing kêlir |
winayang ing kawuyungan |
marang Hyang Kang Maha Luwih |
mangênês ing kaênêsan |
narah kumambèng wanadri ||

7.
Inggih pintên bangginipun |
ramèbu myat anggamami |
mugi sokur ing Hyang Suksma |
tulusing amal kang salih |
sindhêkah jariyah pitrah |
kang mêlêng mumulang pakir ||

Jilid 7 - Kaca : 147

8.
Ki Bayi kalangkung ngunngun |
ngêlus-êlus jènggodnèki |
kang srat tiningkêm kewala |
anjêtung tan kêna angling |
sarwi nênggak-nênggak waspa |
angling angrês-rêssi kapti ||

9.
Iya ta lah kang linuhung |
astakpirulah halalim |
sun sidhêp nora mangkana |
dene tan pracayèng kami |
sadaya susah ing driya |
Nikèn Tambangraras nangis ||

10.
Wus tetela sang dyah ayu |
yèn ingkang raka lunga nis |
têbah jaja sambat pêjah |
kalara-lara anangis |
sadaya ambyung karuna |
jalwèstri langkung prihatin ||

11.
Ki Panurtèmêng ing kalbu |
lah uwis mênênga sami |
padha pupusên tyasira |
takdir karsaning Hyang Widi |
wedaning kawula êngam |
tanpa wêkas gung prihatin ||

12.
Wus mênênga sira gêndhuk |
ywa pijêr (ng)giyêng anangis |
arahêna maring Hyang Sukma |
kandêlna tekadirèki |
aywanggung siranggêng brangta |
ala kang tinêmu nini ||

13.
Wis wis kabèh ywa kapiluh |
kewala muliha sami |
aja na prihatin dahat |
maring kang alêlana nis |
kang padhenak nambutkarya |
lawas enggale pan mulih ||

14.
Malah kang jumurung sokur |
sapakolèh muji dhikir |
nyêlamêtna lan sidhêkah |
kang lunga lawan kang kari |
ya kang padha duwe trêsna |
kang lagya nis ing prihatin ||

15.
Ingkang liningan umatur |
sandika jalu lan èstri |
samya pamit wus linilan |
gya mundur bubaran mulih |
sadaya sowang-sowangan |
tan cinatur kang gung kingkin ||

16.
Yata wau kang anglangut |
ngalèr-ngetan wus pasisir |
sira Ki Sèh Amongraga |
lan santrinira kêkalih |
tan arsa mampir padesan |
umahas ing wana wukir ||

17.
Ngambah jurang pèrèng parung |
parang rong miring kapering |
pring ori anggrit garotan |
gumêrit katiyup angin |
mawor krisiking cêmara |
tampêking kalingan aking ||

18.
Ngrapak kapidak kumrusuk |
sêmpal gumropak pang garing |
gigal papal kapalêsat |
sumyur lir jamak binênthik |
kabênthak palêthoking pang |
ngrêbatang ngalangi margi ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (18) Kaca 131 - 137
  • (20) Kaca 148 - 166 >