Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (21) Kaca 167 - 176

 

( Kulawarga Ki Bayi Panurta tansah kontrang-kantringan )

V. Kulawarga Ki Bayi Panurta tansah kontrang-kantringan.

Kacariyos, ingkang wontên Wanamarta sadaya sami nandhang sungkawa. Sarana mawarni-warni katindakakên Ki Bayi Panurta, damêl kêndhuri kinêpung tiyang sadhusun, pangaosan pintên-pintên dalu. Sèh Amongraga sampun kesah gangsal wulan, nanging dèrèng wontên pawartos purugipun lan dunungipun. Sawênèhing santri ingkang ngaos ing Wanamarta nate kêpapag Sèh Amongraga mlampah mangetan wontên ing Panarukan, nanging nyimpang botên purun pêthukan tiyang. Ki Bayi sakalangkung eraming manah.

Kèn Tambangraras botên purun santun busana; gantung-kêpuh kemawon ngantos kulu-kulu, botên pisah rukuhipun. Sabên Jumuwah lan

Anggarakasih botên kêndhat sidhêkah, mêmule ingkang mara bumi tanah Jawi.


Kaca 167 - 176.
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 167

388 Sinom

8.
Pêpakan putra pra kadang |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
Suharja lan Wiradhustha |
Panukma Panamar tuwin |
Kulawirya wuragil |
myang pra tuwa Ki Pangulu |
Sêmbagi lan Jumêna |
Jampêna Lawatan tuwin |
pra bundhêl santri magêrsari sudagar ||

9.
Ki Bayi lon angandika |
marang ingkang putra kalih |
sirèku paran miyarsa |
wartane paranirèki |
Ki Sèh ngalim Mongragi |
dènnira anis anglangut |
baya wus karsa Allah |
dene tan ana tinolih |
hèh ya talah kakangira Sèh Mongraga ||

10.
Bisa têmên mêdhot trêsna |
lan sakèhe kang samya sih |
sumawana mring rabinya |
myang ibumu lawan mami |
kabèh samya nêdhêng sih |
puwara tinilar nglangut |
kadya sêsapu wudhar |
lir mina kasatan warih |
aprêsasat juragan kêpatèn bandha ||

11.
Sadaya ngungun miyarsa |
pangandikane Ki Bayi |
samya kumêmbêng kang waspa |
karaos katrêsnan sami |
tan ana bisa angling |
kang nginang mingkêm tan idu |
kang udud tan ngakêpan |
dènnya sangêt samya kingkin |
Kyai Bayi Panurta malih ngandika ||

12.
Apa bayèku sida-a |
lungane Sèh Amongragi |
iya marang Nayaganda |
ngulati kadange kalih |
parang ngulon mring Kawis |
apa marang Gunungkidul |
lawan wus pirang candra |
saprene duk lunga anis |
Jayèngrêsmi sumêrêp matur ing rama ||

13.
Paduka andangu dènnya |
kesahipun Amongragi |
tatkala ing wulan Rajab |
sampun gangsal wulan mangkin |
Dulkangidah puniki |
nênggih gangsal wulanipun |
mênggah kabar tan angsal |
sèstune kang dèn-purugi |
kaping kalih tan kaur pitakèn warta ||

14.
Kawula lamun kêngêtan |
mring putranta Sèh Mongragi |
akathah ingkang karantan |
kawula lawan pun adhi |
asangêt nahên brangti |
mèh-mèh sring kapotan wêktu |
kang rama ngling tigapar |
astagpirolah hal ngalim |
iya nora maido sun marang sira ||

Jilid 7 - Kaca : 168

15.
Yènta mungguha wowohan |
kakangira Amongragi |
wêruh rasane lir kilang |
amangan lagi sairis |
gugal ing jurang trêbis |
cuwa dèrèng kongsi tuwuk |
andhingkluk sadayanya |
rumaos kados (n)Jêng Kyai |
alon muwus malih marang para kadang ||

16.
Mara ta padha usula |
manawa antuk pawarti |
tela lambung kering mitra |
sanak pêsanakan têbih |
yèn olèh kabar yakin |
manawa kêna sinusul |
manira nora bêtah |
mulat rabine kang kèri |
iya Nikèn Tambangraras kawlas-arsa ||

17.
Umatur kang para kadang |
tan wontên angsal pawarti |
nging wontên ingkang carita |
sumêrêp tiyang lumaris |
nèng wana tuwin ardi |
tiyang titiga kang tutur |
kabar piyambak-piyambak |
putranta Sèh Amongragi |
inggih nunggil yèn kabaripun mangetan ||

18.
Kanca santri padhêkahan |
wus ngaos kula ing ngriki |
punika juga tumingal |
mring putranta Amongragi |
wana ing ardi Kawi |
nênggêl Leyama kang gunung |
lan malih kang pawarta |
sadhèrèk ètèr gêgrami |
pan kapêthuk wontên tanah Panarukan ||

19.
Nimpang tan arsa papagan |
kang satunggilipun warti |
dinugi lajêng kewala |
mring Bêlambangan pasisir |
sawêg pandugi mami |
mantuk wontên laminipun |
manawi karaharjan |
ing lampah dènnya nênêpi |
Kyai Bayi anjomblong miyarsa warta ||

20.
Wusana aris ngandika |
sirèku glis olèh warti |
budimu lêga anjangkah |
wruh lide wong wus lunga nis |
matur tan lêpas budi |
sawêg parêng wontên tutur |
sira Bayi Panurta |
pangandikanira aris |
payo padha bubaran sayah wus awan ||

21.
Sadaya matur sandika |
nulya mundur saking ngarsi |
putra kalih lan pra kadang |
sudagar lan magêrsari |
miwah pra lurah santri |
sadaya wus samya mêtu |
mantuk asowang-sowang |
Ki Bayi malbèng wismèki |
têkên êcis sarwi anyangking selepa ||

22.
Yata Nikèn Tambangraras |
kang lagya anggung prihatin |
sakesahe Amongraga |
anajin nadhah myang guling |
sarira kuru aking |
tulanging salang saluku |
lêkane angga latha |
tan luntur labêting warih |
lir sudama karêmêngan ing jaladha ||

Jilid 7 - Kaca : 169

23.
Asinjang seta lungsêtan |
sarwa putih tan ginanti |
gantung kêpuh nèng sarira |
rurukuhan siyang ratri |
miwah cèthi Cênthini |
sarwi pêthak kulu-kulu |
tan pêcat rukuhira |
tan kêdoana nèng ngarsi |
Tambangraras tansah andêdarus Kur'an ||

24.
Tan darbe têkiyar liyan |
mung salat kêlawan ngaji |
yèn wus ngaji nulya salat |
sukuran kewala bukti |
tan pati angarêpi |
tadhah gulinge sinêrtu |
panêdhanirèng Suksma |
ing siyang kêlawan ratri |
rahayune lakinira Sèh Mongraga ||

25.
Tinêkanna kang sinêdya |
sarta apuraning Widi |
dinohna rêncana donya |
godha panggawening eblis |
pitêdah ing sasami |
liya ganjaran Hyang Agung |
mungguh takdir panduman |
manawa manggih yomani |
ing akerat suka nênggalang ing priya ||

26.
Sabên ing dina Jumungah |
Sênèn Kêmis (ng)Garakasih |
tan êpot dènnya sidhêkah |
mêmule pra nabi wali |
pra ratu kang wis swargi |
mêmule myang pra luluhur |
sêlamête agêsang |
sapêpadhaning ngaurip |
mumule kang para bumi tanah Jawa ||

27.
Yèn mumule pra ambiya |
sinuci pangolahnèki |
kang olah mèt toya kadas |
tan kêna sukêr jalwèstri |
junub anggarap sari |
èstri kang wus luwas marus |
kang sarta lawan kadas |
lawan tan kêna ngicipi |
sêkul anggi binumbon kèju mêrtega ||

28.
Ulame ayam kang menyak |
lalab cabe uyah pasir |
kêndhi wêwadhah sarwa nyar |
sêkar konyoh lisah wangi |
slawat patpuluh picis |
kutug tumpêr kayu garu |
sadaya kang kondangan |
amaca sêlawat sami |
kang saèstu ingatase kulawarga ||

29.
Yèn mumule waliolah |
tan pae pangolahnèki |
wuduk ulame lêmbaran |
ayam mulus ingkang putih |
lombok uyah kang rêsik |
widasari lawan kutug |
sêlawat patang yatra |
kêndhi kang anyar dènbêggi |
yèn mumule para ratu kang wus swarga ||

30.
Bras putih ingkang las-lasan |
wosing pari sokanandi |
pan sêkul golong antêban |
pêcêl pitik jangan-mênir |
lam-ulaman mêpêki |
asarwa lalabanipun |
konnyoh sêkar roncènan |
kutug gantal sadak rawis |
kêndhi anyar lambaran slawat pat uwang ||

31.
Lan malih yèn kirim donga |
mumule luhur jalwèstri |
sêkul angi ing ambêngan |
jangan pindhang abang putih |
ulam sarwa mêpêki |
sêkar konyoh lawan kutug |
sêlawate rong yatra |
yèn mule ing bumi-langit |
sêkul tumpêng golong liwêt lan mêgana ||

Jilid 7 - Kaca : 170

32.
Ulam pêksi lawan kewan |
ulam loh kali jaladri |
jangan lawan jêjanganan |
sakèh mawarna mêpêki |
salawuhing abukti |
sarwa na sadayanipun |
myang warnane woh-wohan |
juwadahan datan kari |
lah-olahan di-adining warnan pasar ||

33.
Ki Pangulu sabên dina |
Basarodin mituturi |
marang Nikèn Tambangraras |
kinèn sidhêkah kang asri |
milane kèn kêndhuri |
Ki Pangulu pakènipun |
pan inguja kewala |
sakêcape dènturuti |
Ki Pangulu kêsêl wira-wiri prapta ||

34.
Saking krêp pindho sadina |
kadhang ping tiga saari |
nyêlamêtakên sadina |
gêng-agêng ambênganèki |
dhasar wus dènkajati |
tan ngeman bandha sang ayu |
mung mupangat kang ketang |
Ki Pangulu Basarodin |
dadya datan mantuk-mantuk maring wisma ||

35.
Nèng wismane Tambangraras |
tugur anèng masjid alit |
miranti kalasa bantal |
Ki Pangulu Basarodin |
mulih-mulih yèn dhong-dhing |
sakêdhap wangsul kukuwu |
nênggih Ni Tambangraras |
kang lagya mangsud angaji |
yata wau ingkang rama ibu prapta ||

36.
Ingiring pawonganira |
Sumbaling lan santri Luci |
sira Nikèn Tambangraras |
nangkêpkên Kur'anirèki |
mingsêr dènnya alinggih |
wus pinarak kalihipun |
Kyai Bayi Panurta |
myat putra langkung prihatin |
kadho-kadho alon dènnira ngandika ||

37.
Mring kang putra Tambangraras |
wus luwara sira nini |
(ng)gènnira (m)banting sarira |
angarang marang ing laki |
sêdhêng boboting èstri |
subrangta satêngah têkun |
(n)dodonga mring Hyang Suksma |
mamrih rahayuning laki |
lakonana nini nuli tuturingwang ||

38.
Tan mêmalangi dènnira |
bêkti ing Hyang lan mring laki |
sumungkunira ngibadah |
sun sukur datan maoni |
namung (ng)gyannira kingkin |
awakmu kongsi alumut |
abêcik rêrêsika |
nganggea wastra kang suci |
wirongira nini datan kawistara ||

39.
Tambangraras ris aturnya |
mring rama saha tur bêkti |
inggih langkung kasinggihan |
wulang paduka (n)Jêng Kyai |
sih marma wlas ningali |
mring jasat-kawula anggung |
papa durakèng priya |
ganjaran Hyang Kang Ma Sukci |
inggih nuwun kapundhi wulangpaduka ||

Jilid 7 - Kaca : 171

40.
Nanging ing mangke kawula |
dèrèng sagêd amangsuli |
pan dèrèng bombong tyasamba |
ambengkas raosing galih |
sapunika kang mugi |
maklum tuwan kang kasuhun |
kewala nuwun gungan |
sakadar darmi nglampahi |
kapurbèng Hyang lagya kinarya lampahan ||

41.
Sira Ki Bayi Panurta |
myarsa ature kang siwi |
sidhakêp ngungun sasmita |
mring garwa Nikèn Malarsih |
kang ragi (m)brêbês-mili |
sarya ngling mring putranipun |
dhuh Nikèn Tambangraras |
ywa sira manggung prihatin |
pituhunên pituture ramanira ||

42.
Anganggea sawatara |
raganira ko(k)pêpati |
tan pêcat rukuh mêkêna |
musêla ing siyang ratri |
bangêt angêtarani |
ing rina wêngi rurukuh |
iya bênêr ngibadah |
panggawe luwih utami |
nanging kudu nganggo bêcik kira-kira ||

43.
Karana sira supaya |
aywa kêdarus ing kingkin |
wêlasa sariranira |
kari bêbalung lan kulit |
wau Nikèn Malarsih |
pitutur sarwi rawat luh |
tyasira Tambangraras |
kadya kumala kinikir |
datan rêmpit malah sangsaya santosa ||

44.
Wusana alon turira |
ibu paduka mênawi |
wêlas myat marang kawula |
kewala ugungan ugi |
pintên banggi ing mangkin |
sagêd luwar ing papa gung |
kang rama ris ngandika |
wis aja sira waoni |
dongakêna sakajate sutanira ||

45.
Sapuluh wus karsaning Hyang |
adil ganjaran wus takdir |
pêk mêngkono pira-pira |
winahyu bisa nglakloni |
ywa ambodhokkên kapti |
kêncênging niyat aplalu |
lan manira lèh warta |
paranne Sèh Amongragi |
kang lèh kabar adhimu si Kulawirya ||

46.
Kang tutur marang si Wirya |
santri lan sajuga grami |
kapapag nèng Panarukan |
sawetaning gunung Gêndhing |
dinuga laju maring |
Bêlambangan kang jinujug |
tan gèsèh kang wêwarta |
wong têlu tuture sami |
dene biyèn tuture mring Nayaganda ||

47.
Malarsih myarsa dènnira |
pawartane (n)Jêng Kiyai |
umatur marang kang raka |
kang punika kadipundi |
karsa paduka mangkin |
punapa pênêd sinusul |
punapa ta (m)botênna |
Ki Bayi ngandika aris |
iya mêngko rinêmbugna putu kathah ||

Jilid 7 - Kaca : 172

48.
Ngling malih marang kang putra |
sirèku olèh punapi |
apa arêp sidhêkahan |
kang putra umatur aris |
inggih makatên ugi |
kajat mêmule pra ratu |
mangke malêm Jumungah |
Ki Bayi nauri aris |
iya sukur Alkamdulilah utama ||

49.
Tutugna (ng)gyanmu lah-olah |
sun mulih karia nini |
Sumbaling bae mèlua |
ngrewangi karya kêndhuri |
gupuh kang sinungan ling |
gya mantuk lan nyainipun |
kang olah sidhêkahan |
ngratêngi sarwi sêsuci |
anèng panjang giri gêng rolas ambêngan ||

50.
Sinamir sarwa prayoga |
wus rumat tanggungan Mahrib |
ingangkah bakdaning Ngisa |
wêdale ingkang kêndhuri |
wus tinata miranti |
kang lampit kêlasa alus |
agêlar nèng jêrambah |
dhasar sinêrbètan putih |
sinêbaran sêkar campur bawur ngambar ||

51.
Ing wanci wus bakda ngisa |
ki Luci kinèn ngaturi |
mring kang raka myang pra paman |
para tuwa kèn ngaturi |
miwah kang rayi kalih |
lurah-lurah ingkang mungguh |
santri Luci gya mentar |
angaturi sadayèki |
tan adangu ingaturan sami prapta ||

52.
Wus tata têpung sakapang |
kang samya ngêpung kêndhuri |
Ki Bayi alon ngandika |
bêcik kataman utami |
Bismilah Basarodin |
tabakal lalahu minkêm |
sinauran sadaya |
minna wa minkum ya karim |
Kyai kang miwiti amaca Manga ||

53.
Satamate surat Ngama |
wusnya têkabul anuli |
nulya Jayèngrêsmi sigra |
amaca surat Wanaja |
tamat gya Jayèngragi |
surat Ngabasa puniku |
tamat nulya takabal |
gya Pêngulu Basarodin |
kang maca surat Hada samsu kurat ||

Jilid 7 - Kaca : 173

54.
Wus tamat nulya têkabal |
gantya Suharja sratnèki |
Ida samaun pararat |
tamat gya Wiradhusthèki |
Waelul munta pipin |
tamat nulya Panukma wus |
Ida samaun sakat |
tamat gya Panamar aglis |
Surat Wa samai datil burut nulya ||

55.
Tamat gya Ki Kulawirya |
Wasamai watthariki |
tamat lajêng turutira |
Sêmbagi surat Sabikis |
tamat Jumêna nuli |
Halataka suratipun |
tamat gupuh Jêmpina |
amaca surat Walpajri |
tamat atakabal nulya Ki Lawatan ||

56.
Surat La uksimu tamat |
gya modin Ki Tabalodin |
srat Wa samsi wa lukaha |
tamat nulya Nursukidin |
kang srat Waluka gumanti |
[...] |
[...] |
[...] |
Bagus Kanjir maca surat Alamnasrah ||

57.
Sadaya maca têkbiran |
gumuruh arahab sami |
pan la ilaha ilalah |
hu Allahu akbar walil |
laikamdu anuli |
Bagus Ngajujir sumambung |
surat Watini nulya |
surat Iksak mustabyanni |
sabên surat tinakbiran ing ngakathah ||

58.
Gus Menot Ina anjalu |
Gus Suleman Lamyakunil |
gus Dawut Idajul sigra |
Gus Liyas Wal-ngadiati |
anulya Gus Jamjani |
kang surat Alkaringatu |
Alhakumut Gus Nurya |
Amat Dasra Walngasêri |
Amat Dullah surat Wailul winaca ||

Jilid 7 - Kaca : 174

59.
Amad insal Alam-tara |
liila Amat Jahnawi |
Amat Diman Ara aetal |
inna aktaena Mad Ngali |
Kulya ayu Mad Supi |
Idaja-a Amad Yunus |
Mas Tahir Surat Tabad |
katam mukadam anuli |
surat Kulhu winaca ping tri wong kathah ||

60.
Nulya surat Palak-Binas |
surat Patekah mungkasi |
nulya Ki Pangulu Basar |
ingkang dadya bawa ratib |
langkung rahabirèki |
santri kèh barung gumuruh |
nutug satamatira |
sawuse ramya adhikir |
nulya (n)donga santri nasib gantya-gantya ||

61.
Pêragat dènnya ratiban |
slawatan salaman sami |
Ki Bayi alon ngandika |
Luci pandumên dèn-aglis |
sigra Ki Santri Luci |
amêthak ambênganipun |
pra santri sigra kapang |
mapatan nêmi moloni |
adan lêkas pikantuk dènnira nadhah ||

62.
Wus antara dangunira |
dinum barêkat waradin |
santri pamburi bubaran |
kang kantun pra kyai-kyai |
brêkat maksih sinandhing |
kang nginang nocoh audud |
Ki Bayi lon ngandika |
payo rêrêmbugan sami |
bab kabare dhèk wingi si Kulawirya ||

63.
Iya Ki Sèh Amongraga |
dènnira nglêlana anis |
priye padha rêmbugira |
mungguh bêcike pinikir |
[...] |
apa ta bêcik sinusul |
kang putra aturira |
miwah ingkang para ari |
pan sumangga punapa karsa-paduka ||

64.
Umatur Ki Kulawirya |
punika lamun suwawi |
prayogi dipun susula |
manawi sagêd pinanggih |
yèn parêng (n)Jêng Kiyai |
kula prayogi kang nusul |
Jèngraga nambung sabda |
paman lan kula pribadi |
angluluruh ingkang mêksih among raga ||

Jilid 7 - Kaca : 175

65.
Pra ari samya wacana |
tan pae lan sira sami |
nanging ta manawi ana |
ing karsane (n)Jêng Kiyai |
kinèn nusul ngulari |
mangsa abota ing kalbu |
Jayèngrêsmi amojar |
puniku kula anêmpil |
ing rêmbuge paman Swarja Wiradhustha ||

66.
Ki Bayi alon ngandika |
sakarêpira amikir |
dospundi mênggah pun uwa |
Sêmbagi nauri aris |
kang sami rêbat pikir |
inggih sami lêrêsipun |
kang kapanggih ing kula |
prayogi datan linari |
sanès lawan kipayah lampah kal dunya ||

67.
Tiyang ujlat ing Pangeran |
tan kenging dipun-iloni |
manawi wontên wadinya |
mêmanguri ing pangèksi |
kêdhik pikantuknèki |
luhung kinèndêlkên sampun |
enggal lamining prapta |
dumugi ingkang kinapti |
wa makatên mangsa-borong ing ngakathah ||

68.
Pundi rêmbag kang kinarsan |
sumangga karsa (Jêng) Kyai |
pan inggih pundi kang eca |
micara Ki Basarodin |
(ng)gih lêrês Ki Sêmbagi |
jèh wong montên nika wau |
wontên kula piyambak |
wah têpa sami nglampahi |
yèn ta dawêg lagi punapa-punapa ||

69.
Anolih Ki Kulawirya |
mring Pangulu Basarodin |
gumuyu sarwi angucap |
yèn muwus Ki Basarodin |
tangèh sun tan angêrti |
sapa sintên kang sumurup |
wiwitan lan wêkasan |
ngalênthar nora pakolih |
anglêmpara ilang talêring wicara ||

70.
Yèn kang Pangulu kajaba |
amikir babing kêndhuri |
iku pikire kang gênah |
tan nganggo bliwur samênir |
gumuyu sadayèki |
Ki Pangulu mèsêm muwus |
run wudhu yèn klêrêsan |
rèhning (ng)gih sami mêningi |
yèn tan wudhu dènranni sêtunggil nika ||

71.
Gêr ginuyu ing ngakathah |
Ki Kulawirya nudingi |
mawi ngriki sintên ingkang |
sêrêp basane Ki Rodin |
kèh wêwangsalanèki |
sêtunggil nika prèhipun |
têgêse lir punapa |
ngling mangsa borong mastani |
yèn kawula winastan bugêl kewala ||

72.
Sangsaya dadi paguywan |
Ki Bayi ngandika aris |
bênêr Ki Rodin mêningan |
sabisane urun angling |
pira-pira ngudhoni |
amêtu samono iku |
aranne wong rêmbugan |
sadhengahne ya kang dadi |
ana bênêr luput brêkate wong kathah ||

Jilid 7 - Kaca : 176

73.
Kulawirya garênêngan |
andêlna yèn ngingiloni |
durung sapisan kewala |
manira yèn dèniloni |
ngling malih (n)Jêng Kiyai |
sun rasa-rasa kang rêmbug |
kang katêmu tyasingwang |
mèlu kaya Sêmbagi |
iya padha kewala andodonga ||

74.
Salamête kang alunga |
tumuli bisoa bali |
sami ambungkuk sadaya |
tan ana kang amaoni |
mêngkana dènnya pikir |
putra ri lan para sêpuh |
kèh kang rêmbug nusula |
ana ingkang angrêmbugi |
ing wêkasan wus samya kinèn dêlelah ||

75.
Nganti praptane priyangga |
lawas enggale pinuji |
santana lan kulawarga |
tansah sidhêkah (m)bên ari |
sadesa gênti-gênti |
nglulujêngkên kang anglangut |
yata samya bubaran |
saking ngarsane Ki Bayi |
tan cinatur kingkine ing Wanamarta ||

76.
Warnanên ingkang lêlana |
sira Ki Sèh Amongragi |
nèng pulo Nusa Barong |
sampun kawandasa ari |
dènnira tèki-tèki |
nèng Nusa Barong amojud |
sumungku ing pahoman |
tan katimpah ing panilib |
lêbêt tan kalaban loba labêtira ||

77.
Suprandene raganira |
tan rêkasa dènnya najin |
mukaram kaping sadasa |
jangkêpe patpuluh ari |
nèng pahoman budarsi |
malêm Jumungah ing dalu |
amangsudakên tangat |
palilah ing pila eling |
linglung luyut angêningakên kaênêngan ||

78.
Tahajud rolas rêkangat |
lan rolas rêkangat tasbih |
wuse pêragat tangatnya |
amupit dènnira wirid |
sêla silaning dhikir |
nganasir sira Hyang Agung |
tariyah rêskandhiyah |
barjah jalalah wus ramping |
ripangiyah panguyahing pancadriya ||

79.
Alus panglêpasing napas |
anpas tanapas nupusi |
pêmapaning pamupusan |
pamungkasing kas kaswasih |
sadêrah ing ngin-angin |
pangoning angên-angênku |
buntu tanpa karana |
mancat layaping pangèksi |
ngèksi ganda cipta pininta wêkasan ||

80.
Wus amurba purbaning Hyang |
tan purba pinurba asih |
sah jaman wus tan kayapa |
tan sipi datan kawiji |
miwah datan kêkalih |
kaluluhanira jumbuh |
jiwa tanpa jamuga |
galethak kadya kaywa-king |
kang kawêngkua wêngkoning kawalèyan ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (20) Kaca 148 - 166
  • (22) Kaca 177 -182 >