Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (24) Kaca 186 - 192

 

( Lajêng mandhap ngalèr-ngilèn dhatêng ardi Lawang )

3. Lajêng mandhap ngalèr-ngilèn dhatêng ardi Lawang, nêrusakên lampah dumugi Sela-kêping, sumêdya dhumatêng ardi Maya Darawati, tapêlwatês Lumajang kalihan Ngantang. Salajêngipun ngambah ardi Drêkila, tlaga Rêtna, ardi Sampora, wukir Andong, wukir Pêrunggu, wukir Pêgat, laju ngidul-ngilèn ngambah tanah rawa nusup wana bondhotan dhatêng ardi Kêlut tanah Kêdhiri ingkang sakêlangkung wingit. Botên antawis dangu wontên suwantên gumalêgêr, sanalika grêmis lêbu jawah awu. Sèh Amongraga ndêdonga; kasêmbadan, lajêng têrang jawabipun. Nglajêngakên lampah dumugi ing rêdi Mendhong.


Kaca 186 - 192.

 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 186

390 Pocung

41.
Ardi Tunjung Sumbita lan gunung Prunggu |
apan jajar lima |
mangalèr sami gêngnèki |
sining wana sangkêp sawarnine ana ||

42.
Anèng ngriku Sèh Mongraga laminipun |
kalih-têngah candra |
kèh langêning wana wukir |
mudhun laju ngalèr-ngilèn lampahira ||

43.
Kang ka-ayun ardi Drêkila kadulu |
dalan nut padarga |
sabên guwa dènampiri |
tuwin watu pêlatar ingkang asimpar ||

44.
Sipêng ngriku nênêpi sipêng kang patut |
apan sinipêngan |
sadalu kang kalih ratri |
nulya praptèng panjatan ardi Drêkila ||

45.
Kèndêlipun kadalon rêrêp sadalu |
nèng sela rorodan |
byar enjing manjat manginggil |
turut kucur grajagan tirtèng talaga ||

46.
Wastanipun talaga Rêtna puniku |
kalangkung kawuryan |
anyarong toyane wêning |
aparangan pêtung tumiyung ing toya ||

47.
Amalêngkung pucuke nêrampat ranu |
têpining têlaga |
winindu sela ingukir |
cêlangaping windu binintulu patra ||

48.
Têngah ranu sela langking gilang alus |
sira Sèh Mongraga |
kacaryan miyat têlagi |
kayu teja kang ngayomi ing têlaga ||

49.
Myang sêkar rum maruru swara ing ranu |
kadya imamawan |
sangkêp sakathahing sari |
Sèh Mongraga ngungun rakiting têlaga ||

50.
Tigang dalu dènnya nèng têpining ranu |
tansah kang katingal |
wanodya yu angayomi |
namung saklebatan tan awèt katingal ||

51.
Tan têrtamtu ing panggodha Sèh Mong luhung |
kaluhuran tama |
wus nir agama Budasri |
datan wimbuh anggambuh Sèh Amongraga ||

Jilid 7 - Kaca : 187

391 Gambuh

1.
Yata wau winuwus |
Sèh Mongraga laju lampahipun |
mring pucaking ardi Drêkila kang wingit |
mring guwa kamuksan samun |
dènyarsa manggon ing kono ||

2.
Prapta tumamèng pintu |
pacrabakan watu canthèng nêngguh |
sela itêm patêmbayaning aundhi |
wowolu sagênuk-gênuk |
kasêlangan dening oyod ||

3.
Saundhak malihipun |
pintu sela rèntèng bale-kêncur |
undhak ngayun ing bale-rante kang kori |
undhakan wêkasan pintu |
mangunêng rèrèn samya so ||

4.
Sèh Mongraga andulu |
pasang rakit kori tundha pintu |
kantun lawanging guwa ran Sangupati |
kanan keringe ing pintu |
kayu wali kadhêp ngayom ||

5.
Sèh Mongraga angungun |
ngunandika jro wêrdayanipun |
iki labêting janma mêksih Budasri |
sang Dananjaya linuhung |
mangun wibawa duk wirong ||

6.
Aminta raganipun |
sêmadine nèng Drêkila gunung |
jênêk sênêt-murwèng guwa Sangupati |
pangikising tyas têtês hyun |
madhêp antêpe andhepok ||

7.
Mangkono saking kalbu |
Sèh Mongraga nèng mangunêng pintu |
tan antara wontên pratandhaning wingit |
tanpa udan anginipun |
adhêm anjêjêd karaos ||

8.
Jamal Jamil angukud |
kêlangkung asrêp kongsi anjêkut |
raosipun madhani pitung bêdhidhing |
wong roro samya kêkêmul |
ngêkêp dhêngkul andhêrodhog ||

9.
Pating karêsês muwus |
bilah nora jamak adhêmipun |
dene nora ana udan lawan angin |
awakku kongsi (n)jangkêrung |
dudu sabaèning raos ||

10.
Sèh Mongraga andulu |
mring santrinira samya ngêruntuh |
atêpakur dodonga marang Hyang Widi |
luputing pancabayèku |
godha dhêm kang karya repot ||

Jilid 7 - Kaca : 188

11.
Mangkana dangu-dangu |
luwar prabawaning adhêm ngukut |
wong roro wus bisa ngêgarkên jariji |
cêtha dènnira cêlathu |
mari plok-plokan (n)dhêrodhog ||

12.
Sèh Mongraga amuwus |
lah payo Jamal Jamil umangsuk |
tur sandika santrine roro tutwuri |
malêbèng jro guwa sampun |
nèng Sangupati amanggon ||

13.
Madalêm wingitipun |
ing têngah sela gilang awulung |
sumayana alus patute pêsagi |
lêkok tilasing alungguh |
maksih tabêt pupon-pupon ||

14.
Mongraga ngling ing kalbu |
iya talah tapaking ngaluhung |
istijrate duk jaman kuna Budasri |
sang Parta Dananjaya nung |
awirong nèng guwa sigrong ||

15.
Ingkang amurwèng kayun |
kayuwanan maring dewanipun |
wus angèsthi ing pati pati patitis |
tusthaning kalbu kabubu |
bubuhane mangsah mungsoh ||

16.
Dinulur ing Hyang Agung |
saking antêping tapa papa gung |
pinitayan yuwananing jayèng jurit |
rêtnaning rananggana nung |
sih Hyang Agung wus wong-winong ||

17.
Mangkono ciptanipun |
Sèh Mongraga têpakur Hyang Agung |
dènnira sung kamurahan sarta asih |
ing dunya dêlahanipun |
tan pilih ing sawiji wong ||

18.
Wus têtela saèstu |
purbaning Hyang Gusti Kang Murbèng Gung |
anglimputi sêgala kang titah urip |
kang kinarsan kinarya nung |
tandha wau kongsi lêkok ||

19.
Sawusira kadyèku |
Sèh Mongraga ngubêngi andulu |
pasang rakiting guwa akêni-kêni |
ana rakit lir tilam-rum |
sadayane wau wutoh ||

20.
wontên watu bang gênuk |
pinggir padurêsa ingkang kidul |
amumundri mèpèt lir kumala langking |
kumucur angêtuk ranu |
kumroncong toyanya nyarong ||

21.
Mapan duk waunipun |
paèranya sang dwijarsa ranu |
anèng ngriku pêngambilan toyastuti |
Mongraga tyas sangêt sukur |
mring kang karya labêt elok ||

Jilid 7 - Kaca : 189

22.
Wau ta sang Mong luhung |
dènnya midêr-midêr andudulu |
têpung-gêlang jroning guwa Sangupati |
nulya myat gigilang alus |
mèpèt kapering amojok ||

23.
Lèr-kilèn prênahipun |
Sèh Mongraga alênggah nèng ngriku |
pan pikantuk asasanèng sela langking |
têntrêming tyasira mepu |
pasênêtanira manggon ||

24.
Iktikape tawakup |
sumungku ing kaênênganipun |
kajênêkan anèng guwa Sangupati |
nêlas suhul ing Hyang Agung |
nêgês karsaning Hyang Manon ||

25.
Laminira cinatur |
Sèh Mongraga dènnira amasud |
nèng Drêkila guwa sapucaking ardi |
satus dina dènnya suhul |
mring Hyang Agung kang waspaos ||

26.
Têlase karsanipun |
Sèh Mongraga angandika arum |
wus luwaran payo mijil Jamal Jamil |
santri sandika turipun |
nulya mêdal sang wiranom ||

27.
Praptèng mangunêng pintu |
Sèh Mongraga pan lajêng tumurun |
saking ardi Drêkila sampun kawingking |
yata laju lampahipun |
nut suku Kêndhêng lêlengkong ||

28.
Kang sinêdya ing kayun |
ardi Sêmpora ingkang jinujug |
inganjatan sumêngka pucaking wukir |
tan ana kaywan lyanipun |
mung palasa lan timaos ||

29.
Sèh Mongraga nèng ngriku |
tan pati rêna mung kalih dalu |
nulya mudhun lan santrine Jamal Jamil |
ngilèn maksih tunggil suku |
gunung Rajêgwêsi kulon ||

30.
Tan ana kayunipun |
watu kewala pating pêndhukul |
sela agêng munggul ing pucucak wukir |
alunyu labêt alumut |
katêpan lawan kêrokot ||

31.
Umês kewala ranu |
Sèh Mongraga namung kalih dalu |
dènnya nêpi anèng gunung Rajêgwêsi |
anulya samya tumurun |
praptèng suku nut lêlêmpong ||

32.
Alaju malih ngidul |
nulya manjat gunung Andong nêngguh |
pan sadalu anèng sapucaking wukir |
Sèh Mongraga gya tumurun |
pan laju andudukwuloh ||

Jilid 7 - Kaca : 190

392 Mêgatruh

1.
Pan anênggêl sumêngkèng ardi Pêrunggu |
kêkaywan ing wana wukir |
kumuning lawan trikancu |
sengon pilang lawan pêkik |
jambon telok lan timaos ||

2.
(ng)Grênging wana kathah warnaning kang kayu |
bondhot kêmarung pring ori |
rampal atanapi wuluh |
kumuning lan purwa kuning |
myang kaywa gêng ayom-ayom ||

3.
Praptèng pucak Sèh Mongraga lampahipun |
nênêpi amung saratri |
têlasan nulya tumurun |
tan kari Ki Jamal Jamil |
laju lampahira gupoh ||

4.
Manjat malih ardi Pêgat pucakipun |
nênêpi mung kalih ratri |
mudhun laju lampahipun |
ngidul-ngilèn tanah rawi |
nusup wana-wasa bondhot ||

5.
Sèh Mongraga yata lêpas lampahipun |
ingkang sinêdya ing galih |
ardi Kêlud kang kêdulu |
apan tanah ing Kêdhiri |
samarga lamun kêdalon ||

6.
Tansèng wana ngupaya kang simpar samun |
wus napak tanah Kadhiri |
napak suku ardi Kêlut |
kinubêng ardi lit-alit |
kathah namaning pupuncon ||

7.
Gunung Buthak gunung Gombak gunung Kuncung |
gunung Kutuk gunung Kêndhil |
gunung Bèsèr gunung Pêrung |
gunung Bêngkak gunung Kucir |
gunung Payung gunung Mendhong ||

8.
Praptèng Kêndhit ararywan ing sela pingul |
pêpangol mèh pucak wukir |
ing pênggike aran gunung |
Muncuk munggul sela putih |
minangka punika regol ||

9.
Datan pati agêng luhur ardi Kêlut |
nanging amêncil pribadi |
tan kêslamur kyèhning gunung |
dadya wêwêkaning gunung |
pawukiran ting pandhosok ||

10.
Ardi Kêlut dadya paènganing gunung |
liring aèng sangêt wingit |
angkêr pribadi ing Kêlut |
tan antara mratandhani |
mobah kang prabata gênjot ||

Jilid 7 - Kaca : 191

11.
Gumalêgêr gêtêr patêr gumaludhug |
lir gêlap ambubungkaki |
swara jumêgur gumuntur |
pêtêng dhêdhêt awiyati |
agiyungan lan swarangrok ||

12.
Sanalika riris lêbu udan awu |
dêrêsira sawatawis |
sêsangat dènnya mêlêtuk |
ngambak ngalilipi pêksi |
pêksi runtuh ting talêdhok ||

13.
Miwah buron wana kèh kêbrasat gunung |
bilulungan tan umèksi |
gobag-gabig numbuk-numbuk |
sira Ki Sèh Amongragi |
nèng sandhaping sela mongol ||

14.
Kidang kancil sangsam samya ngungsi purug |
lêlengkong dampèng pinurih |
ngambak marang sela pingul |
andhêsêg mring Amongragi |
Jamal Jamil mengkot-mengkot ||

15.
Kadhang krasa kidang kagêpok ing sikut |
anjumbul mèpèt ngêkêti |
tan ketung mung rêbut aub |
kang sato dènira ngungsi |
dadya dhêsêgan kemawon ||

16.
Sèh Mongraga myat buron wana kadyèku |
dhêsêkan lan Jamal Jamil |
mèsêm èsmu wlas andulu |
mring sato kewan wanadri |
andodonga mring Hyang Manon ||

17.
Muga ana-a pitulunging Hyang Agung |
luwar ing pancabaya gring |
pêksi kewan ing wana gung |
ingkang mawa mêlarati |
mring sakèhing kang tumuwoh ||

18.
Wus antara gya têrang kang udan awu |
gèmpang katiyup ing angin |
wus tan ana labêtipun |
buron kang samya angungsi |
lumayu pating parêkos ||

19.
Sèh Mongraga nèng sela pingul sadalu |
enjing gya manjat manginggil |
yun wikan sananing lêbu |
kang mawa jawah awu sring |
sabên sing gunung Klut kono ||

20.
Lamun datan janma kang sampun linuhung |
kèh pancabayanirèki |
kawangsul ing udan lesus |
têrkadhang kang banjur mati |
kêparag ing lêlês jorong ||

21.
Yata wau Sèh Mongraga duk andulu |
pasang rakite guwa writ |
lir amblong sapucak gunung |
sumêrot amawa angin |
sela gung tumpakan andha ||

Jilid 7 - Kaca : 192

22.
Kang sagajah saomah salumbung bandhung |
lêlêmpènging luwêng limit |
kêdamon ing angin lesus |
tan kenging ngancikan janmi |
êmbêl lêbu sapangisor ||

23.
Ingubêngan pipinggiring guwa lêbu |
wus tamat dènnya ningali |
luwêng pucak gunung Kêlut |
nèng ngriku pan tigang ratri |
mêlinthas panas tan kayon ||

24.
Lamun salat walurat ngambil toya mum |
tan ana warih saprintis |
awulu kewala lêbu |
wusnya tri ratri anuli |
sigra tumurun mangisor ||

25.
Angubêngi (n)jajah sawarnining gunung |
pêpêncu pating pandhilis |
wêradin sadayanipun |
ngupaya (ng)gon kang prayogi |
myat pêpêncu ardi Mendhong ||

26.
Mênggik kidul-kilèn Mendhong prênahipun |
sarwa sri patut pribadi |
pêpangol guwa asingub |
sela tiyungan amawing |
angêtuk ranu kumocor ||

27.
Wus amanggon Sèh Mongraga anèng ngriku |
rêrêp rêrêm dènnya nêpi |
anjungkung sêmadinipun |
bêktinira mring Hyang Widi |
jênêk nèng pupucuk Mendhong ||

28.
Santrinira samya suka rênèng kalbu |
kèh pala kêna binukti |
pêndhêm kasimpar gumantung |
nyamikan wana mênuhi |
tan kuwatir ing kalêson ||

29.
sêdya lami Sèh Amongraga anèng ngriku |
wau ta datan winarni |
yata malih kang winuwus |
dhusun ing Wanamartèki |
Ki Bayi kang winiraos ||

30.
Sabakdaning Jumungah tan ana mantuk |
lajêng akêpung kêndhuri |
sawusing luwar majêmuk |
putra kalih lan pra ari |
pangulu modin mêrêbot ||

31.
Miwah para kami sêpuh anèng ngayun |
angandika Kyai Bayi |
marang putra kalihipun |
myang mring rayi sadayèki |
paran lèh wartos kang yêktos ||

32.
Kang liniring sadaya sami umatur |
kathah ature tan sami |
wontên angsal warti ngidul |
amangetan wartinèki |
kabar ngalor wênèh ngulon ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (23) Kaca 183 - 185
  • (25) Kaca 193 - 195 >