Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

(26) Kaca 196 - 200

 

( Sèh Amongraga kêmput andhatêngi rêdi-rêdi, guwa lsp )

VIII. Sèh Amongraga kêmput andhatêngi rêdi-rêdi, guwa lsp.

1. Sèh Amongraga ingkang lagya sênêt nèng puncak wukir Kêlut, kidul-kilènipun ardi Mendhong, sêmèdi wontên ing guwa wau ngantos sèkêt dintên.

Nglajêngakên lampahipun engga dumugi Lodhaya, siang dalu kathah suwatêning sima, lampahipun kalajêngakên ngambah ardi Sakêthi. Wiwit saking tanah Lumajang ngantos dumugi ing tlatah Imagiri botên wontên tanah dhatar, kajawi pating pêcucu rêdi-rêdinipun. Kathah rêdi-rêdi lan guwa-guwa alit-alit urut pêsisir sagantên kidul ingkang dipun ampiri.

Lêpas lampahipun ngambah Wajak Watu-urip, ardi Gêthak, ardi Selandaka, gunung Wajak, sêndhang Wajak, guwa Menak, ardi Buthak, guwa Kumitir. Ing lêbêt wiyar wontên ingkang kadosdene margi.

Andarung lampahipun mangilèn dumugi rêdi Wilis tanah Panaraga. Jamal Jamil ngombe toya Watu-urip, têmahan sami buthak sirahipun lan tèngèng gulunipun. Punika pratandha gaib, sami têguh tanpa aji.


Kaca 196 - 200
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 196

393 Pangkur

6.
Praptèng pucaking prawata |
rata lêmpar lir pinapar rêspati |
wontên sanggarira patut |
kantun rêgang kewala |
rinambatan bilungan lawatan ngrêmbyung |
bolu têkik lan papasan |
êmêr saga sanggalangit ||

7.
Katêlêng lan katimunan |
sisindhêtan galing lawan wêdani |
kasimbukan kati-gubug |
dêdêl myang adal-adal |
buntêt slimpêt lung-wana gadhung kêmarung |
rawe cao ciuciyah |
sêkêthi galing pong-pongging ||

8.
Lir pinayu ing wilisan |
têpung pucuk lung kadya mêstakani |
lung gadhung ngayun kêtiyup |
lir ngawe ingkang prapta |
Sèh Mongraga karênan tyas anèng ngriku |
têlaga patukan toya |
nyarong kirihan umili ||

9.
Tan ana wowohan endah |
dhuwêt jambu kêluthuk lan kêcapi |
undhe-undhe lan kêlayu |
gowok kêmlaka kamal |
langkung ramhat binuka têranging kalbu |
kalaban labêting tapa |
nèng ngriki sadasa ari ||

10.
Nulya mangare Mongraga |
lan santrine Jamal Jamil tan kari |
laju lampahira ngidul |
mahas wana wulusan |
têlêngipun ing Lodhaya dènnya (n)darung |
sima lir kewan ingonan |
ngarsa wuri ting saliri ||

11.
Sima tan ana nukarta |
pan lêstari lampahirèng wanadri |
kêdalon tansèng wanagung |
mèt papan kang asimpar |
siyang dalu swaraning sima agêlur |
kadhang sring sima anendra |
Jamal Jamil kuwal-kuwil ||

12.
Lêpas lampahira mahas |
sêdyanira amantog ing pasisir |
linampahan tigang dalu |
lon-lonan lampahira |
tan rêkasa mung satitah ingkang laku |
wana writ grêng agêrotan |
liwat ing ardi Sakêthi ||

13.
Tan ana bêbanarira |
aluk-lukan kalêmpong wana wukir |
tan petungan ting pêcucu |
lit-alit pêpunthukan |
kawit saking tanah Lumajang kang punthuk |
sapangilèn pawukiran |
praptèng tanah ing Magiri ||

Jilid 7 - Kaca : 197

14.
Ajêjêl saingga griya |
alit-alit punthuk ardi Sakêthi |
kathah guwa ting cêlungup |
pan samya ingampiran |
kang sadalu kalih dalu |
kèh araning guwa-guwa |
guwa Rante guwa Wringin ||

15.
Guwa Sit guwa Larangan |
guwa Genggong guwa Prit guwa Têrik |
guwa Carat guwa Karug |
guwa Bang guwa Lawak |
guwa Lawèh guwa Sopal guwa Sruput |
guwa Munthêl guwa Samas |
guwa Warèng guwa Putri ||

16.
Guwa Rajam guwa Sakap |
guwa Dhepok guwa Kêrèk guwa Mis |
guwa Juwata puniku |
sakèh ingkang kamargan |
ingampiran kang sakêdhap ingkang dangu |
mêngkana Sèh Amongraga |
prapta pinggiring pasisir ||

17.
Ing Karang-burêng gêbyugan |
pan tri latri masiking galih katri |
tyas tan ana liyanipun |
namung sawiji nikmat |
ing coloking saking agal maring lêmbut |
kang uwus tan kawistara |
têrang têrateyan pati ||

18.
Patitising mring kasidan |
sadangunya umèksi ing jaladri |
datan aningali laut |
pan katingal dharatan |
pan mangkono paningal pasêmonipun |
mèh-mèh bisa amisesa |
ing agal dhatêng ing rêmit ||

19.
Myang rêmpit dhatêng ing ngagal |
agal rêmpit datan kalêmpit |
kalimputan ing Hyang Agung |
amuhung kasidikan |
Sèh Mongraga bakda kasud ing tri dalu |
linggar sing sasanèng parang |
laju wangsul ngalèr malih ||

20.
Sampun lêpas lampahira |
punthuk ardi Sakêthi wus kawingking |
tapis grênging wana sêpuh |
langkung wana trataban |
ara-ara bulak wiyar angêlangut |
sêlan wana têrataban |
tanah ing sêgara wêdhi ||

21.
Linampahan kalih dina |
ngêncêng ngalèr mring Wajak Watu-urip |
Bantal Padhomasan gunung |
praptèng sukuning ngarga |
apan lajêng kewala manjat mêndhuwur |
winastanan ardi Kêthak |
nèng pucak namung salatri ||

Jilid 7 - Kaca : 198

22.
Tumurun nurut ingiran |
jurang sêngkan timpahan suku ardi |
anjujur sukuning gunung |
anulya malih minggah |
wukir Selandaka tan nênggêl prapta wus |
nèng sapucaking aldaka |
ing Selandakan tri ratri ||

23.
Kathah macan kewan-kewan |
banthèng cèlèng mênjangan kêbo sapi |
rêco pêksi sawung puyuh |
rêco Bathara Naga |
candhi alit candhi Mêrak wastanipun |
arêngkêt wana bondhotan |
pêtung ganjur lan pring ori ||

24.
Gya tumurun saking arga |
nut aluran lêlêngkong lukak-lukik |
luk-lukan munggah tumurun |
têrkadhang kêpranggulan |
janma dhêdhampalan wêwanan (m)buburu |
samya kukuk akikikan |
sona jugug ambêdhagi ||

25.
Banène olèh bayangan |
suka surak-surak gumuruh atri |
sênjata munya lèr kidul |
miwah kang kitêr sima |
pan wus adat kang dadi kamuktènipun |
wong ing Bantal Padhomasan |
lan wong Wajak Watu-urip ||

26.
Sira Ki Sèh Amongraga |
ningêt lampah manawa na manguri |
murang ing marga anusup |
katon sakalebatan |
wus dinuga mring wong kathah yèn wong luhung |
tirakat nèng gunung Wajak |
mring cêmpurung pucak wukir ||

27.
Apan Diyèng Pakarêman |
kêbuyutan ing cêmpurung awingit |
mangkana panduginipun |
yata Sèh Amongraga |
pan sumêngka anênggêl manjat mandhuwur |
wana grêng bondhot gêrotan |
kayu taun sapanginggil ||

28.
Praptèng pucaking prabata |
amêlatar sela kumlasa arêsik |
kinubêng ing kayu taun |
santên baga jêmpina |
katimaha wanitan goraya garu |
jati jambon wungu laban |
kumuning lan randhu kuning ||

29.
Kilèn sela gêng amungal |
winastanan sela dalêm awingit |
pinggir kidul wetanipun |
sela itêm mathethah |
kadi wadhuk malêmbung kumucur ranu |
sumrèwèh mili mangandhap |
ingaranan Watu-urip ||

30.
Toya (n)jog ing sêndhang Wajak |
ranning dhusun ing Wajak Watu-urip |
toya wajak sawabipun |
pan dadya patimbulan |
lamun nuju Grakasih Jumungahipun |
muruh mili kadi lênga |
wong ngalap sami nginumi ||

Jilid 7 - Kaca : 199

31.
Wau Ki Sèh Amongraga |
anèng nginggil pan namung kalih ratri |
prabawa mawi têturuh |
udan angin tirêban |
datan bisa pênthèr Hyang Surya ngêndhanu |
timbang pêdhut ngampak-ampak |
pat ari angêmu riris ||

32.
Ngêndhuruk Ki Jamil Jamal |
tinêruhan timbrêng ing kawan ratri |
Sèh Mongraga gya tumurun |
saking ing Pakarêman |
lawan santrinira kalih tansèng pungkur |
nut lingir aluran jurang |
dènnya mirangrong adhamping ||

394 Wirangrong

1.
Yata Ki Sèh Amongragi |
nèng sêndhang Wajak ing kono |
dènnira atangat kalih dalu |
sawuse anuli |
minggah sakêdhap marang |
malêbèng ing guwa Menak ||

2.
Nèng guwa sadasa ari |
dènnira rêrêm mirantos |
maksudakên tangat mring Hyang Agung |
ingkang Maha Sukci |
sinêrang tranging sangat |
têlênging driya priyangga ||

3.
Guwa punika anunggil |
dadya kabuyutaning wong |
pedah kabudayan têguh timbul |
jalma kang lèh gaib |
Wajak Waturip guwa |
têlung (ng)gon puniku sami ||

4.
Ana panêngêrannèki |
wong olèh widayat kono |
yèn ing sêndhang Wajak ngombe ranu |
kang katrima pêsthi |
buthak bun-bunanira |
mêlinthas praptèng nguyêngan ||

5.
Yèku têguh tanpa aji |
pratandhane guwa rêko |
kang wus pinitayan cacadipun |
tèngèng gulunèki |
de kang olèh widayat |
saking Watu-urip arga ||

6.
Abucêg cacade malih |
wus ila-ilane kono |
lamun nora cacad têguhe mung |
sadina sawêngi |
bêgja yèn kongsi cacad |
tèngèng miwah budhêg buthak ||

Jilid 7 - Kaca : 200

7.
Têguh salamine urip |
tan ana braja tumemplok |
sira Sèh Mongraga santrinipun |
wong ro Jamal Jamil |
dumadakan idayat |
Ki Jamal tèngèng gulunya ||

8.
Jamil buthak (m)bunannèki |
watês kuncir mêlong-mêlong |
yata sawusira laminipun |
pan sadasa ari |
nulya mijil Mongraga |
tumurun angalèr-ngetan ||

9.
Nut lêkêring suku ardi |
nèng Gunung Buthak mêngalor |
anyêngka panjatan praptèng luhur |
mung sare saratri |
apan laju kewala |
nut gênêng sukuning ngarga ||

10.
Ayam-alas ing wana-dri |
anjulur jurang parang rong |
anatêr tataran wontên gumuk |
sasukuning ardi |
ran gênêng ing baratan |
anon guwa ingampiran ||

11.
Winastan guwa Kumitir |
tri ratri dènnya amanggon |
jro guwa awiyar alulurung |
pan apanti-panti |
wontên tirta karihan |
mili lir kali tikungan ||

12.
Wus antara nulya mijil |
Jamal Jamil tan kêna doh |
nusup wana-wasa lêbak undhung |
andarung lumaris |
araryan lamun salat |
wêktu tan jamak tan kala ||

13.
Lêpas lampahirèng margi |
dènnya mahawan mêngulon |
rarywan sor kêkaywan isis iyup |
uwiting kusambi |
nèng sela sumayana |
Sèh Mongraga ris sabdanya ||

14.
Paran purwane hèh Jamil |
êmbunmu buthak mêntholos |
Jamil aturira waunipun |
duk tuwan anêpi |
anèng ing sêndhang Wajak |
kawula nuju kasatan ||

15.
Kasêsa anginum warih |
tan kantên ngokop kemawon |
raose lir pendah lisah latung |
tuwak dalah mangkin |
duka dalêm punika |
buthake sirah kawula ||

16.
Ki Jamal liningan aris |
apa mulane sirèko |
tèngèng gulunira alon matur |
duka paduka wingi |
malbèng ing guwa Wajak |
dèrèng sadalu nèng guwa ||

17.
Apan kawula ningali |
satunggil wungkusan ampo |
lajêng kula têdha ngantos tuwuk |
nuntên dalunèki |
supêna binorèhan |
mring tiyang èstri wus tuwa ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (25) Kaca 193 - 195
  • (27) Kaca 201 - 202 >