Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434667
Hari ini     :Hari ini :67
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :133
Bulan ini   :Bulan ini :3296
s/d hari ini   :s/d hari ini :434667
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

  (28) Kaca 203 - 213

 

( Wontên tiyang tapa tinakenan, ngakên tiyang dhusun Saba )

2. Tumurun ngalèr-ngilèn dhatêng tlaga Ngêbêl, kèndêl sakêdhap wontên ing Ngêbêl, Balebatur, lajêng sumêngka dhatêng ing ardi Gêbyok Balebatu, manjat malih dumugi wukir Calam. Punika minangka korining wukir Tlaga Ngêbêl, dumugi ing pucak katingal kados samodra wêning tanpa sarah. Midêr-midêr ing pinggir tlaga kacaryan mulat. Ing sisih kidul katingal mili dhatêng padhusunan, kinarya gadhu sawah.


Kaca 201 - 202.
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 203

395 Girisa

4.
Milane kawula nekad |
tirakat anèng têlaga |
yèn angsala ngalap bêrkah |
kang mara-bumi têlaga |
yèn kawula asêsawah |
mung sagêda kawêlandha |
sampun kongsi kenging ama |
punika susah-kawula ||

5.
Sèh Mongraga wlas tumingal |
angandika mring Jamil Jamal |
tulungên ing kawruhira |
sarat salamêting sawah |
manawa lamun katrima |
Ki Jamil matur sandika |
majêng sarya ris anabda |
inggih wakne Angganala ||

6.
Agampil yèn mêkatêna |
mangke kula amitêdah |
sarat sêlamêting sawah |
pan buntuting walang kapa |
apan linandheyan carang |
inggih caranging pring krêsna |
sabên suruping Hyang Surya |
pinandhi anèng sêsawah ||

7.
Ingidêri nèng galêngan |
watêse sawah andika |
dèn-kongsi atêpung-gêlang |
sabên pojoking galêngan |
landheyan tumbal lan kapa |
pinanthêng keblat sakawan |
niki japane apalna |
ama sulak balak-balak ||

8.
Yèn si ama nora balak |
tan balak mati sun-tumbak |
ilang nora na pa-apa |
kêtulak tumbak lan kapa |
marêp ngidul matêk japa |
marêp ngulon matêk japa |
marêp ngetan matêk japa |
marêp ngalor matêk japa ||

9.
Insa Allah kawêdalan |
kiwa têngên kênèng ama |
(n)dika sêlamêt priyangga |
lah yêktènana ing benjing |
panêdha-kula mring (n)dika |
amung awèha pidêdah |
sacacah lêkêring arga |
prayogi matur kang gênah ||

10.
Namane satunggal-tunggal |
ing ngarga Êbel punika |
kang liningan langkung suka |
myarsa tuture Ki Jamal |
Sèh Mongraga ris ngandika |
ya sira Ki Angganala |
lah payo mara tuduhna |
kang sinung ngling tur sandika ||

11.
Gya lumampah anèng ngarsa |
umatur inggih sandika |
ardi ngubêngi têlaga |
kawit ingkang kidul pisan |
namanipun ardi Karang |
nuntên lèripun punika |
nama ardi Sela-awak |
nuntên ardi Sela-panggêl ||

Jilid 7 - Kaca : 204

12.
Nuntên ardi Sela-tambak |
anulya ardi Tunggangan |
nulya ardi Watukowok |
nuntên ardi Manoara |
nulya ardi Balêlatu |
nulya ardi Calam-agung |
nulya ardi Sampèlwatan |
anuntên ardi Patukan ||

13.
Anuntên ardi Pathokan |
anuntên ardi Kêkêndhêng |
anuntên ardi Pêragak |
anuntên ardi Kumambang |
anuntên ardi Sêdhacin |
anuntên ardi Bunglêgi |
punthuk kang mubêng têlaga |
anênggih atur kawula ||

14.
Kathahipun sadayanya |
punika apan pitulas |
dening mêrgi mring têlaga |
pan inggih namung sakawan |
kilèn cêlangap sêtunggal |
ing Calam-agung satunggal |
ing Êbunglegi satunggal |
satunggalipun ing Tambak ||

15.
Lêrês wetan ing cêlangap |
mêrgi marang Kabuyutan |
tumurun kêdhik mangandhap |
dhatêng sumbêr Selapati |
nênêm kathahe kang sêndhang |
anuntên malih mangandhap |
dhatêng ing sumbêr Padusan |
tumurun malih mangandhap ||

16.
dhatêng ing sumbêr pun Upas |
(ng)gih nênêm kathahing sêndhang |
sakêlangkung angkêrira |
wus datan kêna sinaba |
pun tlaga Ngêmbêl punika |
manut sumbêr Selapati |
lamun kocak tumut kocak |
tuwin warnane ing toya ||

17.
Buthêk wêning pita rêta |
tlaga Bêl purut kewala |
sumbêr Selapati we-nya |
Sèh Mongraga ris ngandika |
payo padha pinaranan |
manira ayun amirsa |
sira lumakuwèng ngarsa |
prênahe sumbêr tuduhna ||

18.
Kabèhe kang sira pajar |
umatur Ki Angganala |
inggih sandika sumangga |
nulya lumampah mangandhap |
lingir anggênting kang marga |
jurang jro ing kanan keri |
Jamal Jamil kadumêlan |
ambakna marga tan kaprah ||

19.
(m)Bok amba thithik geneya |
nyata lah nyana manira |
mung kae bae kewala |
alon mawon kang Ganala |
ati-kula tan pitaya |
êmbènne manira ngambah |
marga sailating kadhal |
kang ingujar cêlumikan ||

Jilid 7 - Kaca : 205

20.
Hèh ampun kèh dèn-wicara |
ing ngriki pan botên kêna |
ngaruh-aruhi sabarang |
Jamal Jamil saurira |
botên angangkah punapa |
sêdya salamêt kewala |
mangkana dènnya lêlampah |
sampun prapta prênahira ||

21.
Ing sumbêr Selapati ka |
Sèh Amongraga kacaryan |
mulat trêping pasumbêran |
ngunandika jroning nala |
iki jawane kang aran |
sumbêr Selapati endah |
pantês dadya kabuyutan |
watu blêg angêtuk toya ||

22.
Majade datan kadyèku |
dêstun bêbêlik salumpang |
iki ana sabêlumbang |
kuwasane Hyang Wisesa |
karya eloking tumitah |
iba-iba ing akerat |
baya pirang kaelokan |
pandalih kang endah-endah ||

23.
Ya wus karsaning Pangeran |
Mongraga têwakup ing tyas |
kêlangkung sukur ing Sukma |
mangkana Sèh Amongraga |
tri ratri nèng Selapati |
maksudkên wêktu myang tangat |
sawusnya nulya akarsa |
marang sumbêr Pasiraman ||

24.
Wangsul mubêng marginira |
ingkang lèr-kilèn prênahnya |
pojoking mêrgi tikungan |
nèng karang gêng sela pêthak |
tuking toya ambêlumbang |
tan bundêr datan pêsagi |
pan lonjong enggok-enggokan |
miring pasanging bêlumbang ||

25.
Toya nut miring tan wutah |
wêning nyarong kilah-kilah |
Sèh Mongraga praptèng sêndhang |
mèsêm kacaryan mulat we |
elok saking majadira |
Jamil Jamal arêrasan |
niki prèhpun kang Ganalah |
bêlumbang miring tan wutah ||

26.
Toyanya turut kikisnya |
bêlumbang saba gumiwang |
inggih lêrês sawatara |
botên amajade datan |
tumut iringing bêlumbang |
kang limrah ngêncêng piyambak |
lir toya kang kathah-kathah |
kang liningan saurira ||

27.
Wikana niku kang mawa |
wong pun salami-laminya |
critane kang tuwa-tuwa |
punika padusanira |
widadari Suralaya |
mila ragi miring ngetan |
kèh siram nèng pinggir wetan |
mila toya nut bêlumbang ||

Jilid 7 - Kaca : 206

28.
Karsanya kang sami siram |
ngiras angilo ing toya |
katêlah dêlasan mangkya |
kalih yèn anuju jawah |
tan amor toyaning sêndhang |
jawah mêlèsèt kewala |
kêtawis larining jawah |
lir dhawah ing lumbu patra ||

29.
Wikana mangke yèn cawar |
jênate kakang gyamêja |
mêksih mêningi uninga |
sumbêr padusan punika |
tan wontên purun cêlaka |
botên kawawa ing godha |
sring nuntên kêpaung sirna |
saras-sarase angomyang ||

30.
Dalah mangke datan ana |
sêdya mring sumbêr Padusan |
samya jrih lamun kêsarat |
kawula puniki yèn ta |
sampuna kapêksèng lampah |
asangêt ajrih kawula |
sabab tigang (ng)gèn puniki |
dhihin sumbêr Selapati ||

31.
Ping kalih sumbêr Padusan |
ping tiga ing sumbêr Upas |
sami wasta pakarêman |
mila yèn parêng ing karsa |
ywa jênêk nèng pakarêman |
gêng kuwatos tyas-kawula |
manawi apês ing lampah |
têmah susah tanpa pedah ||

32.
Nêlalah nèng tanah tulah |
tan kambah ing janma kathah |
Jamal Jamil latah-latah |
lah botêna kang Ganala |
lèh (n)dika sorah wêwarah |
dêlênge kongsi anggrêsah |
kula ngriki botên susah |
mila kesah inggih ngangkah ||

33.
Anjajah margining pêjah |
(n)dika kojah kathah-kathah |
nadyan pêjah tan suminggah |
manut ing manah kêconggah |
mangsa kenginga dèn-ampah |
pasrah mring kang karya titah |
angandêl lawan ngibadah |
gêmah rusak Insa Allah ||

34.
Ginênah lawan mujajah |
dêrah dalil ing ngakirah |
sadêrah tan kêna owah |
Mongraga mèsêm ngandika |
aywa na dadya tyasira |
padha bênêre kewala |
sakèhe wus sun-tarima |
Ki Angganala sung marma ||

35.
Ki Jamal angandêl ing Hyang |
tyasira aywa sumêlang |
sêdya ya iya yuwana |
wus samya matur nambrama |
ngrêrêpa sumanggèng karsa |
yata Ki Sèh Amongraga |
anèng ing sumbêr Padusan |
tri ratri nêlaskên sangat ||

Jilid 7 - Kaca : 207

36.
Asru suhulirèng Suksma |
wus prapta ing tigang dina |
Sèh Mongraga lon ngandika |
lah payo Ki Angganala |
tumurun mring sumbêr Upas |
sira lumakuwèng ngarsa |
kang sinung ling tur sandika |
gya lumaku ngiri mlampah ||

37.
Nut gêgêntinganing jurang |
wus prapta ing prênahira |
ing sumbêr Upas mirantya |
kathahipun nêm sumbêran |
kang jajar kidul titiga |
kang anèng lèr jajar tiga |
toyanya abeda-beda |
ana seta pita rêta ||

38.
Ijo biru lawan wêning |
panggènanning sumbêr Upas |
winastan ing siti abrit |
toya ngêtuk ing lêmpung bang |
sira Ki Sèh Amongraga |
sêdalu nèng sumbêr Upas |
ing papan tan pati simpar |
kathah dhukute rokoban ||

39.
Mêmêrakan kalamênta |
têmbagan sulur oyodan |
bondhot gêlagah lang-alang |
wus têlas pamriksanira |
ngandika lah payo munggah |
kang liningan tur sandika |
sira Ki Sèh Amongraga |
umanjat angraras driya ||

396 Mijil

1.
Sang Mong-wingit lampahira ririh |
anon ing jurang jro |
anrês jrênihira kataman rèh |
anèng tirahing gênting tumawing |
saking Selapati |
nuntung sapêndhuwur ||

2.
Dangu dènnira manjat manginggil |
sadêdêlan aso |
Jamal Jamil rêkasa unggahe |
kawa dak nêm tindak ngandhêgi |
mawan ngirih-irih |
wang-awangên (n)dulu ||

3.
Nulya prapta ing têlaga Wukir |
ing Bunglêgi manggon |
ngalèr-ngilèn lukikan mêrgine |
praptèng wetan ing cêlangap warih |
raryan ngaring-aring |
nèng têpining ranu ||

4.
Tan antara prabawaning ardi |
têlaga Bêl umob |
sru kumucak sumirat toyane |
pêdhut ngampak-ampak anasêki |
wukir mogak-magik |
ranu lir kinêbur ||

Jilid 7 - Kaca : 208

5.
Pancawara mêsês awor riris |
wawar gora bajro |
kayu gêtêr maputêran trage |
bumi gênjot gulêt oncat-ancit |
jat jit sru swaranjrit |
lir pangriking diyu ||

6.
Mawrês umrês têtêruh swuh tarik |
katrak ing rat angrok |
pêtêng dhêdhêt erawati dhèdhèt |
kêlap aliwêran kilat thathit |
kathah lir kapêthit |
that thêt thèt jumêthut ||

7.
Tanpa rungwan saking swuh tan sisih |
gora godha gêdhor |
dhêg dhèr gumaludhug ambalêdhig |
hoyag ngagrêg kadya rug kang wukir |
manggring onggrag-anggrig |
gumruh gêntur kêtuk ||

8.
Kontrag runtag mumak plêg nampêki |
koplak glap kumêprok |
pok pang sêmpal kêpapral siwal rèh |
ron-ron ruru manjrah tibèng siti |
cawêt carawating |
pracalita lacut ||

9.
Gara-gara gora rèh kagiri |
wukir kados cêpot |
kasrêg ing pracandha gung tan mêndhe |
Jamal Jamil muji andrêmimil |
Ki Angganala (n)jrit |
pukulun-pukulun ||

10.
Nuwun luwar (ng)gih pun kirik gudhig |
sangêt susah repot |
amba janma pada hong ilahèng |
hong hong jati wênang Hyang Astuti |
thiri-thiri guthi |
hong ilahèng luhung ||

11.
Jamil mèsêm sarwi muji myat mring |
kang Angga anggêmbor |
dene cula culu cêlathune |
Sèh Mongraga minggu datan osik |
wus datan sak sêrik |
têguh ing godha gung ||

12.
Wingkis driya amusthi pangèsthi |
sênêt ing pandulon |
nitih jaman akênêngan mung ge |
nênggêl pratisthaning tyas matitis |
watês tan watawis |
tawajuh anjêngglu ||

13.
Wus atimpah timpuhing godhardi |
hardaning pakewoh |
datan ana sawiji-wijine |
swara kayu watu bumi langit |
wus tan angregoni |
(ng)gyannira aminggu ||

14.
Gora godha riris sampun aris |
sirna kang gora grong |
mak blas kabèh tan ana labête |
pawukiran tan owah lir nguni |
kang sol gêmpal gêmpil |
myang kang bajra jawuh ||

15.
Nir sadaya sabawaning wukir |
wus nora na katon |
Hyang Dipèngrat umijil wus pênthèr |
yata wau Ki Sèh Amongragi |
luwar tyasnya lêngit |
tidhêm ing pandulu ||

Jilid 7 - Kaca : 209

16.
Samya lêga manahira katri |
myat maring sang wirong |
Angganala kêthuwêlan ngomèl |
brèh tujune botên anèng gênting |
yèn wontên ing gênting |
mati kagêlundhung ||

17.
Waune mila kula tuturi |
ande sok maido |
(n)dawêg prèhipun wau rasane |
yèn ta kula sampuna (n)dhêridhit |
dalah mangke tan wis |
pêsthi kang saya sru ||

18.
Suprandene dèn-guguyu mami |
kongsi kêkêl wong ro |
Jamal nauri sarta guyune |
lah (ng)gih ta lah (ng)gèn-(n)dika anjêlih |
mawi kirik gudhig |
sarana paniku ||

19.
Mawi thathi mawi hong dos pundi |
suwene ting kêr hong |
anauri pan wus pirantine |
tiyang kenging bêncana ing ardi |
kêdah angênjali |
sumuruding pahum ||

20.
Pahum niku lah kadi punêndi |
saurira alon |
pahum montên minta sih artine |
kêdah mêkatên caraning ardi |
tan kenging liyaning |
bangsa kang kadyèku ||

21.
Sèh Mongraga mèsêm ngandika ris |
ya wus adat mono |
nora kêna manèhi carane |
kêjabane wong kang wus amiji |
maring Hyang pribadi |
kang wus man linuhung ||

22.
Samya andhêku tumungkul ajrih |
Mongraga nabda lon |
saenggane agaweya gèthèk |
manira yun uning têngahnèki |
toyaning têlagi |
jêro cèthèkipun ||

23.
Agaweya kewala gèthèk pring |
kang liningan gupoh |
Jamal Jamil sigra karya gèthèk |
mêcok bambu pring ori kinardi |
ginambang ginapit |
rinukti têtangsul ||

24.
Angganala bikut analèni |
dinuga wus kukoh |
alang ujur tumpange ginêndèr |
nulya sinorogên ing têlagi |
samya matur aris |
sumangga ing kayun ||

25.
Suka tyasira Ki Sèh Mongragi |
kang gèthèk mirantos |
nèng têpining têlaga nulya ge |
Sèh Mongraga alon anitihi |
wong têlu tan kari |
linampahkên gupuh ||

26.
Satang carang wêlah sigaran pring |
kayuhan wong roro |
gèthèk nêngah tan ngokop banyune |
angayêngi wiyaring têlagi |
langkung sukèng galih |
dènnya lumban ranu ||

Jilid 7 - Kaca : 210

27.
Têpung-gêlang dènnira ngubêngi |
dangu dènnya langon |
Sèh Mongraga alon andikane |
pira jêrone têlênging warih |
Ki Angga turnya ris |
punika sang bagus ||

28.
Têlêngipun têlaga Bêl nênggih |
kang sapalih kulon |
wontên patukanipun toyane |
pan titiga ran Sumbêr Ngamuning |
ngumum kang wawarti |
tiyang sêpuh-sêpuh ||

29.
Sisih wetan sêkawan kang bêlik |
êtuk toyanya rong |
apan sumbêr Bêthara namane |
gunggung pitu kathahing kang bêlik |
salêbêting warih |
kandhasan ing ranu ||

30.
Lêbêtipun wikana puniki |
tan wontên kang wêroh |
naming criyos kewala kabare |
kala alam jênate pun kaki |
wontên kang nyilêmi |
kalih padang dangu ||

31.
Kang sêlulup wasta Ki Jakêrti |
ingkang sampun kang wong |
liya Ki Jakêrti tan purun rèh |
sabab ingkang dadya juru kunci |
nami Ki Jakêrti |
priksa lêbêtipun ||

32.
Sèh Mongraga angandika aris |
iya yèn mêngkono |
mara cobanên ngambila age |
oyod-oyod lan pênjalin cacing |
sambungên dèn-bêcik |
kang dawa luripun ||

33.
Jamal Jamil matur sandika glis |
mêntas ngambil oyod |
lan pênjalin kathah pamundhute |
samya sinambung saingga tali |
sigra dèn-kayuti |
katur anèng ngayun ||

34.
Winotakên ing gèthèk miranti |
angumbuk wus kawot |
winêlahan manêngah nulya ge |
praptèng têngah lêrêsing têlagi |
kang tali pênjalin |
binandhulan watu ||

35.
Cinêmplungkên têngahing têlagi |
tali anêlotok |
inguluran adangu kandhase |
têlas têtali dènnya nguluri |
nulya minggir malih |
mêcok ngirat bambu ||

36.
Jamal Jamil wus dènnya ngayuti |
têlas têlung lonjor |
nulya katur winot ing gêgèthèk |
wus sinambung inguluran aglis |
prandene mèh abis |
kèndêl uluripun ||

37.
Sigra tinarik dipun-dhêpani |
kèndêl gèthèk manggon |
Sèh Mongraga salat nèng gèthèke |
wêktu Luhur pan salat pribadi |
nutug dènnya mupit |
bakda salatipun ||

Jilid 7 - Kaca : 211

38.
Mapan têksih tali dèn-dhêpani |
rêkasa wong roro |
kinèn lèrèn salat agêgêntèn |
Angganala ingkang anikêli |
dangu dènnya narik |
bandhul tan tumimbul ||

397 Maskumambang

1.
Kawit wisan-gawe dènnya anjajagi |
lêbêting têlaga |
kongsi lingsir Luhur akir |
malah manjing wêktu Ngasar ||

2.
Wus antara bandhul tumimbul tinarik |
Sèh Mongraga nabda |
jroning pirang dhêpa iki |
samya matur kang liningan ||

3.
Kalih atus dhêpa langkung sèkêt kalih |
dhêpa lan sabêlah |
lêbêting têlêng têlagi |
babagan sumbêr Bêthara ||

4.
Dene ingkang babagan sumbêr Ngarnini |
pan sami kewala |
kaot tiga-bêlah thil |
pan lêbêt sumbêr Bêthara ||

5.
Kalihatus sèkêt kang sumbêr Ngarnini |
kang ragi myang wetan |
pan akathah kaotnèki |
satus kawandasa dhêpa ||

6.
Langkung pitung dhêpa sa-asta puniki |
kang kidul lêbêtnya |
satus tigangdasa katri |
de kang kilèn lêbêtira ||

7.
Satus dhêpa langkung sèkêt lêbêtnèki |
Sèh Mongraga nabda |
yèn mêngkono wukir iki |
dhuwuring kadêling toya ||

8.
Umpamane lir dangdang binêkan warih |
jêroning têlaga |
ing Ngêbêl luwih pribadi |
tan ana kang mêngkonoa ||

9.
Ya wus êntasêna sêkathahing tali |
sigra Jamil Jamal |
lan Angganala tan kari |
samya ngêntasakên tambang ||

10.
Mèyèk-mèyèk wong têtêlu ngêntas tali |
binuwang ing jurang |
gya wangsul anggèthèk malih |
anutug dènnya lulumban ||

11.
Cinarita Sèh Mongraga nèng têlagi |
kalih-têngah wulan |
nèng gèthèk têngah têlagi |
minggu datan angandika ||

12.
Jamal Jamil asring mêntas dhatêng wukir |
ngupaya nyamikan |
Angganala kang nudingi |
prênah panggonan wowohan ||

13.
Palakirna gumantung samya ngêmohi |
kapêndhêm kasimpar |
gadhung suwêg wi gêmbili |
kimpul jugul kara yana ||

Jilid 7 - Kaca : 212

14.
Kêpêl pêlêm kêmlaka pakèl kuwèni |
myang sawo sarangan |
kokosan duryan lan manggis |
gowok kêtos bêntis nanas ||

15.
Mundhu andhi-andhi kêleca kêcapi |
pucung pace pucang |
kucacil dhuku myang wuni |
wênèh bêndha dhuwêt nangka ||

16.
Kang jambu wèr kêlampok kluthuk ngêmohi |
maja jêram gayam |
sêmpu sêntul puki-anjing |
widara wrêsah rambutan ||

17.
Pête jengkol kumlandhingan ale usit |
suka Jamil Jamal |
tan sagêd mangke sisirih |
sarwa na ingkang pinangan ||

18.
Samya bêkta wowohan saangsalnèki |
ginembol ing sinjang |
wangsul ing gêgèthèk malih |
tinatèng ron rundhamala ||

19.
Sinaoskên nèng wurine Sèh Mongragi |
wowohan mawarna |
sêgêran kang manis-manis |
nanging Ki Sèh Amongraga ||

20.
Siyang dalu tan arsa wuwus kawijil |
wiwal ing kaanan |
dènnya salat miwah dhikir |
datan kawêdhar ing lesan ||

21.
Namung isi mulah angluhurkên daim |
kusta ismu ngalam |
ngalamat mardika jisim |
tan mangèn ra pinangeran ||

22.
Angganira anggêlethak nèng gèthèk pring |
sira Sèh Mongraga |
raganira lir kaywaking |
dadya wêktu jamak kasran ||

23.
Pêndhak Subuh panahul suhul ing Widi |
bangatirèng Suksma |
layap liyêping pangèksi |
bakda saking kaluyutan ||

24.
Nanging mêksih minggu kewala tan angling |
nalika trêkadhang |
dhahar wowohan sakêdhik |
tan langkung tigang kêlêdan ||

25.
Sawusira sinungkên Ki Jamal Jamil |
pan samya tinadhah |
wong têtêlu tuwuk bukti |
anggambuh Sèh Amongraga ||

398 Gambuh

1.
Mêngkana dènnya minggu |
Sèh Mongraga anèng têlaga gung |
kêjênêkan kakênthang anèng gèthèk pring |
yèn siyang tan manggih seyup |
dalu tan kauban wangon ||

Jilid 7 - Kaca : 213

2.
Jamal Jamil yèn dalu |
kathah warnane ingkang kadulu |
sru swaraning têlaga myang wana wukir |
kang kumrusuk kang jumêgur |
ulam gêng-agêng akoyok ||

3.
Kang alit ting kêcubuk |
samya molah amilar nyaliwur |
tibèng gèthèk gumalebag lir dèn-sunggi |
marang ingkang mara ranu |
kang miyat pating dêngongok ||

4.
Sabên kalane surup |
têksaka gêng alit samya mêtu |
saking ronge anglangi samya kaèksi |
ingkang ngalèr ngilèn ngidul |
ngetan gêng alite katon ||

5.
Wong têlu sukèng kalbu |
sring ambakar ulam lêt sadalu |
ulam palung kêpaung pamilarnèki |
tibèng gèthèk pring tinubruk |
rêbutan ulam mêncolot ||

6.
Mêngkana èsthinipun |
ulam kang nasar pamilaripun |
yèn janma-a nyaoskên angganirèki |
kadhahara Sèh Mong Luhung |
kula punika ing raos ||

7.
Agurih tanpa bumbu |
anyir tan minasak daging ulun |
dhuh suwawi inggal daharên wak-mami |
mina mêngkana liripun |
lumaku dhinahar mêngko ||

8.
Jamal Jamil gêgêtun |
palung kang pinangan raosipun |
samya muwus ya talah wak palung iki |
rasane asor binumbu |
agurih anyir acumlong ||

9.
Angganala sumaur |
dhasar wus adate raosipun |
ulam ngriki sanès ulam kali rawi |
tur puniku tan binumbu |
matênge mung kinaropok ||

10.
Jamal Jamil sumaur |
inggih lêrês (ng)gèn-dika atutur |
dhasar enak iwake ing Ngêbêl niki |
Jamal Jamil tuwuk-tuwuk |
mangan iwak themal-themol ||

11.
Sabên dina nora wus |
ulam kang milar mring gèthèkipun |
pan wus dadya rijêkine Jamal Jamil |
yata Sèh Mongraga wau |
sêdya wus luwaran ing don ||

12.
Wusana ngandika rum |
mring Ganala dèn kaparèng ngayun |
lah wis payo mêntas saking ing têlagi |
sira mulih nèng wismamu |
manirarsa lunga andon ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (27) Kaca 201 - 202
  • (29) Kaca 214 - 218 >