Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (08) Kaca 69 - 70

 

( Ngèlmu karang kanthi malik paningalipun tiyang (sulap) )

2. Jamal Jamil ngebarakên ngèlmu ojrat i.p. ngèlmu karang kanthi malik paningalipun tiyang (sulap). Têtiyang dhusun ngungun sarta kayungyun dhatêng ngèlmu tuwin mangunahipun Jamal Jamil. Pramila dipun-akêni dados kyai guru, sinugun-sugun dipun-mêmule.

Sèh Amongraga kapanggih lurah dhusun Lêmahbang, wasta Sutagati, punika rèh-rèhanipun Pangeran Jayaraga. Jamal Jamil mapag Sèh Amongraga, kairing santri kathah sangêt. Kadhawuhan yasa masjid, sagêd enggal dados lan dipun-anyari. Jamal Jamil sabên dalu damêl pangeram-eram. Têtingalan emprak kanthi pêpujian slawatan damêl têtiyang pênthung-pênthungan, malah pêjah-pinêjahan, nanging wasana sagêd waluya, pulih kados wingi uni. Tiyang jêjêl uyêl-uyêlan ningali kaelokan damêlan. Sèh Amongraga anggung jênêk ing pangimaman ing mêsjid, tansah wontên ing salêbêting krobongan. Jamal Jamil nata santri-santrinipun kapantha-pantha dados sangang pantha, sabên pantha katêtêpakên lurahipun piyambak-piyambak.


Kaca 69 – 70

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 69

430 Pocung

8.
Wali kutup kang katiban wahyu luhung |
linuriyèng driya |
mêngkana Sèh Amongragi |
sanalika wontên sasmitaning Suksma ||

9.
Pan andulu tunjung pêsat saking ranu |
tumuwuh ing tawang |
têrate sinurêng-pati |
uripira kang tunjung tanpa têlaga ||

10.
Bakda Subuh sajroning bengat tapakur |
poting kaênêngan |
mêdhar panguswaning galih |
nora gêlah-gêlah sêmoning sasmita ||

11.
Kêrsanipun tumurun saking ing gunung |
lon-lonan dènnira |
tikungan lampahira ris |
pan amiyak gêlagah ruyung kewala ||

12.
Ardi Bangun alit numpêng patutipun |
andêdêr dêgira |
tinênggêl lampah kang kenging |
munggah mudhun ing lampah kêdah luk-lukan ||

13.
dènnya mudhun praptèng ngandhap ardi Bangun |
Ki Sèh Amongraga |
raryan soring kayu wungli |
wrêksa gêng kang wetan wrêksa kalampeyan ||

14.
Tan adangu wontên wong sawiji mriku |
ningali sujanma |
nèng sak-(n)dhaping kayu wungli |
wus dinuga ing tyas yèn Sèh Amongraga ||

15.
Sêmunipun kêmayon sarira lêsu |
gya wangsul cêngkelak |
gupuh prentah rabinèki |
kinèn angêliwêt sakêdhik rikatan ||

16.
Karo rabuk uyah gorèng bae uwus |
lan dhèndhèng bakaran |
loro gêpukan kang garing |
nulya nuding ing bocah mènèk dawêgan ||

17.
Tan adangu dènnira angrukti sampun |
binakta priyangga |
nèng panjang-ilang tup saji |
sêkul anèng piring alit sinucènan ||

18.
Mundhuk-mundhuk prapta sila anèng ngayun |
umatur punika |
kawula nyaosi kêdhik |
dhahar sêkul tanpa ulam sumapala ||

19.
Nulya gupuh binuka tup sajinipun |
kang lagya kalêswan |
dènnira ngandika aris |
iya bangêt tarimèng-ngong marang sira ||

20.
Dene parlu sih rika akusung-kusung |
suguh ring manira |
ing êndi wismanirèki |
lan maninge iya sapa arannira ||

21.
Alon matur kawula inggih ing riku |
dhusun ing Lêmahbang |
santri kasêntanan nagri |
milêt marang ing Pangeran Jayaraga ||

Jilid 8 - Kaca : 70

22.
Apan macung piyambak kagunganipun |
dèntèn ran kawula |
winastan pun Sutagati |
awon-awon pêtinggi dhusun Lêmahbang ||

23.
Lingira rum iya paman bage sukur |
sih-rika maring wang |
muga winalêsing wingking |
tiningalan cangkingan sugatanira ||

24.
Kêndhi sêkul ulam dawêgan nèng ngriku |
lan pisang salirang |
suluh têlung ulêr kuning |
Sèh Mongraga ragi dhangan karsanira ||

25.
Sêkulipun angêt lawan dhèndhèng gêpuk |
rabuk yah gorèngan |
pikantuk dènnira bukti |
namung rabuk sarêm gorèng kang dhinahar ||

26.
Tan adangu bukti sangang puluk tuwuk |
aturuh lantingan |
nginum toyanya sakêdhik |
pisang raja satugêl ulêr tan têlas ||

27.
Kaduk tuwuk atobe kaping sapuluh |
alon angandika |
paman pa wruh santri mami |
wong têtêlu Wrêgajati Jamil Jamal ||

28.
Alon matur inggih uninga nèng dhusun |
-kula ing Lêmahbang |
sawêg amumulang ngèlmi |
amba nyabat ing ki guru Jamil Jamal ||

29.
Anak putu akathah ingkang (ng)guguru |
ojrat sala-silah |
inggih sampurnaning pati |
jalu èstri sêpuh anom sami nyabat ||

30.
Mring ki guru Jamal Jamil pan sumuyut |
wus dêling pawarta |
paduka nèng pucak wukir |
samya sangêt ngarsa-arsa jêng paduka ||

31.
Yèn panuju ing karsa paduka nênggih |
katuran mring wisma |
Sèh Mongraga ngandika ris |
manira tan arsa nèng kene kewula ||

32.
Mung sirèku muliha bae mring dhusun |
Sutagati sigra |
anyarik dhadharan aglis |
lèngsèr saking ngarsanira Amongraga ||

33.
Praptanipun ing wisma nulya umatur |
mring guru Ki Jamal |
wus katur sadayanèki |
Jamil Jamal agambuh lêga tyasira ||

431 Gambuh

1.
Alon dènnira muwus |
yèn mangkono iku sang linuhung |
wus luwaran dènnya sênêt anrang kapti |
nèng pucaking ardi Bangun |
wus pitung dina samengko ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (07) Kaca 66 – 68
  • (09a) Kaca 71 - 80 >