Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (10b) Kaca 106 – 121

 

( Lumampah anyakêti Mataram, ginarubyug ingkang dados muridipun )

4. Sèh Amongraga kadhèrèkakên para santri lumampah anyakêti Mataram, ginarubyug têtiyang ingkang sami dados muridipun. Sabên kèndêl tansah sami ojrat ngèlmu karang. Dumugi ing rêdi Celor, lajêng ngalèr-ngetan nyabrang lèpèn Oya sisih kidul, têbing lambenipun ngungkuli toya, ing ngandhapipun guwa. Lumêbêt ing guwa wau, Sèh Amongraga sumêrêp gêdubang tuwin susur sata alus tilasipun tiyang nginang dèrèng dangu. Punika tilasipun Panêmbahan Senapati têtèki ing guwa Song-pati. Mêdal saking guwa nêrusakên lampah ngalèr-ngilèn dumugi Maladan, kapanggih tiyang nama Baulapa suka sumêrap wontênipun sela-undhi, sintên ingkang kiyat ngangkat lan manggul sela wau ngubêngi wit-witan agêng, yêkti kadumugèn panuwunipun. Maladan punika papanipun Panêmbahan Senapati matiraga. Lampah kalajêngakên dumugi pasisir, kèndêl ing rêdi Bungas cêlak lèpèn Kelor, wontên grojogan toya ing ngandhapipun guwa Song-pati. Punika papanipun Panêmbahan Senapati tapa asêsilih Sèh Bêngkung. Ing ngriku Sèh Amongraga tirakat tigang dintên, têrus lumêbêt mangandhap. Para pandhèrèkipun botên sagêd lumêbêt. Ing ngriku sêlawe dintên. Jamal Jamil têrus ojrat emprak, lajêng yasa mêsjid.


Kaca 108 – 125

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 106

57.
Suprandene eca dhikir |
tan etang lara sinêngka |
saking kadêrêng karêpe |
batine kaya-koyo-a |
wus luput ing duraka |
olèh gegeyongan guru |
bisa nuduhkên sawarga ||

58.
Mila sakathahing janmi |
sêdya andhêm karêm nyabat |
tan wruh sinulap kawruhe |
cinathok pangrasanira |
gunane Jamil Jamal |
ngêmpakakên ngèlmu Canthung |
wong desa asalang-tunjang ||

59.
Wus lêpas lampahirèki |
rêrêp kadalon sakêdhap |
anganti wulan (n)dadare |
anèng lêlêngkèh tunggangan |
ing ardi Jakatuwa |
santri sèwu-wolungatus |
anggêbèl ngêbêki paran ||

60.
Samya babêthak ngratêngi |
wus matêng samya mêmangan |
sapundhuhe dhompolane |
tan ana kang kaliwatan |
sawusira mangkana |
samya bubuka sadarum |
rahab anggayêr kêpala ||

61.
Sawusnya mangkana sami |
antara wijiling wulan |
sigra umangkat lampahe |
ngidul-ngilèn ngambah wana |
pêjatèn grêng rungkudan |
wana Giring sapêngidul |
sapêngalor pêngulonnya ||

62.
Tandhês wukir Imagiri |
parêng sukuning kang wetan |
ardi Sakêthi pungkase |
Imagiri wêkasannya |
yata ingkang lumampah |
santri kwèh gumêr-gumuruh |
wor gora alun samodra ||

63.
Wus mêdal saking wana writ |
ngambah alas tarataban |
bêbangkan gumuk parêdèn |
alas grengseng garêmbêlan |
liwat desa ing Mula |
myang desa ing Gunung-puyuh |
ing Panitèn Jati-wêkas ||

64.
Ing Sêmamar Wanasari |
ing Taruka Kêlampeyan |
rêrêp anèng ardi Cêlor |
ing wanci pajar sidik byar |
santrinira malatar |
lajêng abubuka junun |
war-wêr angguyêr kêpala |
angèl margine mring guwa ||

65.
Samya kalêngêr (ng)gulinting |
gêlasran lir binabadan |
blag-blêg saujur-ujure |
wus dangu antaranira |
kang samya nênggak napas |
nulya tangi ting badhêngul |
laju samya abêbêthak ||

Jilid 8 - Kaca : 107

66.
Yata Ki Sèh Amongragi |
alon dènnira ngandika |
Gorajati sun-têtakon |
iki ing ngêndi arannya |
umatur kang liningan |
ardi Cêlor namanipun |
guwane kang kidul-wetan ||

67.
yèn mangkono Gorajati |
aywa mulih myang Magora |
sarèhna dhingin nèng kene |
manira ayun anjajah |
patilasing pratapan |
Wrêgajati lan sirèku |
si Jamal Jamil kariya ||

68.
Momong sabat santri-santri |
manira ayun tirakat |
samya sandika ature |
dyan umangkat piyambakan |
anjajah patilasan |
santrinira kang tut-pungkur |
kêkalih tan kêna pisah ||

69.
Wrêgajati Gorajati |
karsanira Sèh Mongraga |
lumêbêt ing guwa Cêlor |
sadintên-sadalu dènnya |
anèng sajroning guwa |
langkung rêpit silukipun |
nulya mêdal saking guwa ||

70.
Laju ngalor mring wanadri |
guwa Manganti pinaran |
ardi alit pinggir lèpèn |
èpèn Oya ingongkangan |
lêlawanganing guwa |
majêng ngalèr-ngilèn sintru |
kêtalib pangoling sela ||

71.
Lêgok longkanganing kali |
kali Oya cêlangapnya |
kang kidul têmbing bambinge |
tumawing ngungkuli toya |
ngisoring lawang guwa |
ulêkan toya anêkung |
angèl margine mring guwa ||

72.
Maripit anurut bambing |
kang pinanjat ginujêngan |
wau ingkang mongol-mongol |
yata Ki Sèh Amongraga |
tan wang-wang sungiling lwah |
anjurang trêjungnya kêdhung |
lon-lonan dènnya tumama ||

73.
Angayut oyod inapti |
wus prapta lawanging guwa |
ningali pasang rakite |
pantês dadya pasênêtan |
dinulu alimutan |
Sèh Mongraga sigra laju |
santri loro ruruncungan ||

439 Pocung

1.
Yata wau Sèh Mongraga dènnya masuk |
lawan santrinira |
anèng ing guwa Manganti |
jroning guwa mulêg ganda rum angambar ||

2.
Sèh Mongluhung sasmita mring santrinira |
samya anoraga |
ing sêmu sampun andugi |
limutira ing guwa sêmada padhang ||

 

Jilid 8 - Kaca : 108

439 Pocung

3.
Rakitipun sajroning guwa apatut |
sela blêg kewala |
gogodhagane pêsagi |
pan sisinggêt ing têngah kori sajuga ||

4.
Wiyaripun mung sasêta sapandhuwur |
nulya linêbonan |
langkung pêtêng anglimputi |
pan sêsangat wus antara saya padhang ||

5.
Pan kadulu jroning guwa wênganipun |
ingkang kidul-wetan |
wontên toya anaritis |
sanginggiling kumênclèng tibèng bêlikan ||

6.
Kilènipun wontên sela-gilang alus |
kandêle sa-asta |
rong dhepu panjangirèki |
wiyaripun sabêlah kang sela-gilang ||

7.
Yata wau Sèh Mongraga duk andulu |
tilasing gêdubang |
maksih têlês durung aking |
nèng jêrambah larasan sêmprit rong lêmbar ||

8.
Lawan susur sajêbug têmbako alus |
myang têgêsan sadak |
anjrah pugutan lir sari |
kadya dèrèng kang mucang nis ing sasana ||

9.
Gandanipun saya mulêg marbuk arum |
anduk jêjêbadan |
sumrêbêt ratus kasturi |
Sèh Mongraga ririh dènnira ngandika ||

10.
Lah ya iku ana tilasing ngaluhung |
sirating pamucang |
mêksih mukêt sun-tingali |
santrinira mêlongok matur norraga ||

11.
Alon matur bisik-bisik wartinipun |
ing guwa punika |
sring-asring dipun-têdhaki |
inggih marang ing kangjêng sinuhun sultan ||

12.
Milanipun ing guwa Manganti nêngguh |
tan kambah ing janma |
kang dhingin dhasare wingit |
kaping kalih linarangan mring kang ngrêksa ||

13.
Sababipun pan inggih mênika wau |
asring tinêdhakan |
marang kang darbe nêgari |
lamun botên punika marêngi têdhak ||

14.
Tandhanipun kêtawis ganda marbuk rum |
apa mangkonoa |
kawula dugi mênawi |
nadhan ya-a manira angalap bêrkah ||

15.
Pan rong dalu Sèh Mongraga anèng ngriku |
tan susah we kadas |
nèng sela-gilang amupit |
pamaguting rasa têlênging kamulyan ||

16.
Tyas pinutu ing tanajul-tarki-nipun |
marang kajumbuhan |
dhauping kêdhap pinusthi |
ing pangaksi sisikuning Ngèksiganda ||

17.
Supaya sung wêwaton jalaring rampung |
pungkasing kasidan |
mêngkana abuntu budi |
budi tungtum nyamplêng tan karasa-rasa ||

18.
Angganipun mitênggèng antêng lir watu |
pan antaranira |
rong dina tan obah osik |
Wrêgajati Gorajati nora têbah ||

Jilid 8 - Kaca : 109

19.
Anèng pungkur ngadhêp kang lagya manêkung |
sawusnya mangkana |
wanci bakda Subuh enjing |
Sèh Mongraga ririh maca salam bakda ||

20.
Lingira rum Mongraga mring santrinipun |
lah payo umêdal |
saking ing guwa Manganti |
santrinira karo amatur sandika ||

21.
Nulya mêtu saking kori têngah wau |
santri nolèh wuntat |
pêtêng malih anglimputi |
namung kori jawi katon mêlong padhang ||

22.
Yata wau Sèh Mongraga praptèng pintu |
wus mijil sing guwa |
malipir pipining bambing |
lampahnya lon (n)dulur anjurudêmungan ||

440 Jurudêmung

1.
Yata wau Sèh Mongraga |
laju ngalèr lampahipun |
nabrang Oya karsanipun |
ngalèr-ngilèn mring Maladan |
wisan-gawe praptanipun |
wontên watu itêm gêngnya |
kêkalih bundêr sagênuk ||

2.
Nangsang kadya sinalangan |
ing oyot mandira agung |
sela-lus kadya parunggu |
ngandhap sitinya mêlatar |
sumilak rêsik kêlangkung |
lir kambah janma andina |
kayoman ing wrêksa agung ||

3.
Tan ana kaleyangira |
winêtara agêngipun |
witing wrêksa rolas prangkul |
rakit tambining mandira |
lir kêkobong tilam-arum |
têngah sela sumayana |
alus kadya akik wulung ||

4.
Kanan kiri anjêrambah |
pêtêng kinubêng ing sulur |
tataning tambing barukut |
awiwara kadya guwa |
tambining oyot nyakêdhung |
ngêthuwêng têpung nyêlangap |
sitinya angêtuk ranu ||

5.
Tambi lir windoning sêndhang |
awêning toyanya agung |
kalangkung asri asingup |
Sèh Mongraga myat karênan |
ing Maladan rakitipun |
nulya tumamèng (ng)gigilang |
sênêt sadintên sadalu ||

6.
Enjing mijil sing (ng)gigilang |
nèng oyod tumpang alungguh |
ana wong sawiji rawuh |
ngêthuyuk kêpara tuwa |
saking dhusun ing Parumpung |
Baulapa namanira |
mrêpêki amundhuk-mundhuk ||

Jilid 8 - Kaca : 110

7.
Prapta trapsila mangarsa |
Mongraga ngandika arum |
paman ing ngêndi sirèku |
lawan sapa arannira |
ingkang liningan umatur |
kawula pun Baulapa |
dhusun kawula ing Ngrumpung ||

8.
Kang têtangga ing Maladan |
won-awon jru-kuncinipun |
pundhèn Maladan puniku |
Sèh Mongraga angandika |
manira tanya yun wêruh |
critanira ing kuna |
ing Maladan adatipun ||

9.
Umatur Ki Baulapa |
lamun paduka andangu |
ing Maladan adatipun |
sela undhi sayêmbara |
sintên kang kuwat anjunjung |
kang sela nèng pasalangan |
manggul ngubêngi wrêksa gung ||

10.
Dèn-kongsiya têpung-gêlang |
utawi mubêng ping têlu |
winangsulakên ing (ng)gwannipun |
tinêkan barang sinêdya |
lamun tan kuwat anjunjung |
pan lêpat ingkang sinêdya |
yèn kuwat tuhu anggambuh ||

441 Gambuh

1.
Mangkana adatipun |
tiyang tirakat ngriki puniku |
kêdah sayêmbara pratiknya (n)janjèni |
punapa sadyanipun |
tatanèn dagang buburoh ||

2.
Kang sêdya sugih ngèlmu |
sugih donya miwah waris wayuh |
sugih sunu kang sêdya dadi priyayi |
kang amrih mênang prang pupuh |
kang sêdya durjana kang wong ||

3.
Sanadyan ambuburu |
sato pêksi barang kang kinayun |
anggêr kuwat anjunjung kang watu undhi |
sampun makatên puniku |
wus luluri praptèng mêngko ||

4.
Dene kang watu wau |
duka dalêm pan sampun kadyèku |
dadya sayêmbara ingkang watu undhi |
katrima sasêdyanipun |
tan ana ingkang malendo ||

5.
Kawula kang têtunggu |
anaidi wong kang darbe kayun |
lamun wontên inggih kêdhik kalih kêdhik |
sêkadar wêjananipun |
panêbase jambe suroh ||

Jilid 8 - Kaca : 111

6.
Pun bapa criyosipun |
duk jênate pun kaki rumuhun |
angladosi Jêng Panêmbahan Mêtawis |
Senapati dènnya nêkung |
nèng ngriki Maladan manggon ||

7.
Anèng gigilang ngriku |
dènnya sumungku pan tigang dalu |
pun kaki ingkang ngladosi dupa-mrik |
tanpa kanthi sang aulun |
kèh tan nyana lamun katong ||

8.
Mongraga ngandika rum |
yèn mangkono Maladan puniku |
tilasnya Jêng Panêmbahan Senapati |
aran kang sinuhun-suhun |
wong ngalap bêrkah kemawon ||

9.
Sawabe kang linuhung |
lah paman Baulapa sirèku |
wus kariya sun laju anutkên kapti |
Ki Baulapa umatur |
punapa sampun ambopong ||

10.
Sela undhi puniku |
Ki Sèh Amongraga mèsêm muwus |
nora susah anjunjung kang watu undhi |
ngalap bae bêrkahipun |
kang karya tilas kinaot ||

11.
Panrimèngsun wus cukup |
Baulapa sumangga turipun |
sawusira kariya andum basuki |
sun arsa nutukkên laku |
amêgat sih Sèh Mongkaot ||

442 Mêgatruh

1.
Kang liningan tumungkul alon umatur |
lamun parêng sang apêkik |
kawula sumêdya tumut |
Sèh Mongraga ngandika ris |
ya paman sokur kemawon ||

2.
Nulya mangkat Sèh Mongraga laju ngidul |
dadya têtêlu kang ngiring |
Baulapa anèng ngayun |
sêdya kampir ing Drêkaki |
kêdhunging Oya anyarong ||

3.
Ingudhunan pinggiring kali tumurun |
kathah ulame kaèksi |
tan liyan tambra lit agung |
liwêran kèh tanpa wilis |
ambubul mêdal saking rong ||

4.
Sèh Mongraga ngandika mring santrinipun |
anèh têmên kêdhung iki |
banyune ngisor lan dhuwur |
padha buthak banyu putih |
mung sakêdhung bae nyarong ||

Jilid 8 - Kaca : 112

5.
Baulapa iki paran marmanipun |
kali Oya ing Drêkaki |
dene tan buthak kang ranu |
beda kang ngisor myang nginggil |
Baulapa matur alon ||

6.
Duka dalêm mapan wus kang wau-wau |
kêdhung Drêkaki awingit |
tan ana kang purun-purun |
tan ketang wadêr sanyari |
sintên kang mêndhêt wurung wong ||

7.
Lajêng edan têrkadhang kang apês lampus |
mila tan wontên kang wani |
anjawi kangjêng sang ulun |
inggih kang darbe nêgari |
yèn karsa mundhut ulam-loh ||

8.
Gih puniku ing Drêkaki ulamipun |
mundhut kalih wontên kalih |
mundhut pitu wontên pitu |
mundhut kathah wontên inggih |
kathah ulame kang katon ||

9.
Liya saking pundhutan dalêm puniku |
tan kenging tiyang ngêpik-pik |
apan angkêre kêlangkung |
inggih pun kêdhung Drêkaki |
langêning ratu kinaot ||

10.
Pan puniku prênah pinarakanipun |
nanging tan wontên udani |
tinarka wong awon nganggur |
sêring klampeyan sauwit |
Sèh Mongraga ngandika lon ||

11.
Manira yun payo marono alungguh |
ngalap bêrkah sang winingit |
gya minggah ing bambing wangsul |
santri titiga tan kari |
anèng sandhaping kakayon ||

12.
Pan sadintên-sadalu dènnya nèng ngriku |
byar enjing umangkat aglis |
nabrang Oya lajêng ngidul |
ngambah wana jurang ardi |
nut agiraning lêlêmpong ||

13.
Pawukiran alit-alit ting pacucu |
lêstari lampahira ris |
laju mring pasisir kidul |
santrinira tansèng wuri |
kang kinanthi lêlana ndon ||

443 Kinanthi

1.
Yata wau lampahipun |
Mongraga praptèng pasisir |
ardi Bungas pagêbyugan |
pawukiran alit-alit |
raryan anèng ardi Bungas |
pagêbyuganing jêladri ||

Jilid 8 - Kaca : 113

2.
Ardi Putri wastanipun |
watu-karang parang-curi |
bintara lawan kucila |
tan ana liyane kang wit |
lambunging ardi gumrajag |
umili nêmpur mring kali ||

3.
Kali Kolor tan patya gung |
alit anjog ing jêladri |
sami grajagan sing arga |
nut lêmpitan suku ardi |
kêpagol pongoling sela |
gumarujug (n)jog jêladri ||

4.
Sandhaping grojogan ranu |
wiwara guwa awingit |
kagêbyug alun sêgara |
dadya guwa tan kaèksi |
lamun yèn alun nuju rat |
katon guwane sing nginggil ||

5.
Ki Baulapa umatur |
punika wontên guwa writ |
tan kenging kambahing janma |
winastan guwa Songpati |
saking èwêding kang marga |
kapêpêtan ngandhap nginggil ||

6.
Ngandhap alun samodra gung |
ing nginggil grojogan kali |
punika ingkang sênêtan |
Ki Agêng ing Bêngkung nênggih |
tan wontên tiyang kang bisa |
mariki marang Songpati ||

7.
Pan amung Ki Agêng Bêngkung |
Sèh Mongraga ngandika ris |
Ki Agêng kang sira pajar |
ing ngêndi sasananèki |
ana wong amara-tapa |
pira wayahe kang janmi ||

8.
Kang liningan lon umatur |
Ki Agêng Bêngkung puniki |
inggih sujanma martapa |
anèng ardi Imagiri |
sêjatinipun punika |
Kangjêng Sultan ing Matawis ||

9.
Jêng Sinuhun Sultan Agung |
puruitèng Imagiri |
yèn wus dènnya siniwaka |
kukuwu nèng Imagiri |
asênêt nèng kasamunan |
wana ing Bêngkung Magiri ||

10.
Anama Ki Agêng Bêngkung |
tanpa kanthi dènnya nêpi |
anungge nêkung priyangga |
tan ana ingkang udani |
kadhang tiyang padhusununan |
kang uning satunggil kalih ||

11.
Tan wruh yèn puniku ratu |
Sultan Agung ing Mêntawis |
tan mantra-mantra narendra |
pêngagêm tuwin kang warni |
lir saluguning pandhita |
kêpara sêpuh akaki ||

12.
Sanès dede kaotipun |
lawan yèn miyos tinangkil |
bagus tan kêna ing tuwa |
taruna cahya nêlahi |
(n)Jêng Sultan ing Ngèksiganda |
kalangkung sakti awingit ||

Jilid 8 - Kaca : 114

13.
Sèh Mongraga ris amuwus |
abdine kangjêng sang aji |
paran tan ana uninga |
mring ahline sri bupati |
Baulapa aturira |
inggih tan wontên udani ||

14.
Wontên satunggal rannipun |
Tumênggung Wiragunèki |
kang asring-asring umarak |
mring Kyagêng Bêngkung Magiri |
yèn dhangan karyaning nata |
lajêng mring Bêngkung pribadi ||

15.
Tanpa rewang praptanipun |
marêk marang sang palinggih |
pan winulang rèhing praja |
patrap ngawulèng narpati |
Ki Ageng Bêngkung sihira |
sring binêkta mring Songpati ||

16.
Tuwin maring liyanipun |
pêtilasan sadayèki |
pasisir wukir wanarga |
sakèh kang wêrit awingit |
Ki Tumênggung Wiraguna |
kikinthil datan mangêrti ||

17.
Marang Ki Agêng ing Bêngkung |
puniku yèn narapati |
Sèh Mongraga lon ngandika |
saking wingitirèng aji |
ratu agung Waliyullah |
anggêlar kêramat aib ||

18.
Pan iku ana satuhu |
paribasaning pralambi |
sêrati tan wruh dipangga |
kêmasan tan wruhing rukmi |
kang dadya Ki Wiraguna |
tan wêruh ratu kininthil ||

19.
Mangkana malih amuwus |
payo masuk ing Songpati |
ing di margane mring guwa |
guwa kasaban ing warih |
mangke kalamun alun rat |
kêdah rikat lampahnèki ||

20.
Nanging ta manawi dipun |
guwa punika abisi |
angling nadyan mangkonoa |
narah marang sang linuwih |
manira angalap bêrkah |
witne sukur wah utami ||

21.
Sigra masuk Sèh Mongluhung |
lan santrnira tan kari |
wus prapta sajroning guwa |
sumringèh ketampêg warih |
alun ngêsuk ing jro guwa |
rakiting guwa writ wingit ||

22.
Pan sela itêm sauyun |
apêtêng dalêm nglimputi |
tan pati wiyar godhagnya |
antara dangu sakêdhik |
ngrêrêmêng sêmada padhang |
wontên kori kang kaèksi ||

23.
Ting palongo samya pintu |
kanan kiri miwah nginggil |
patuting kori akathah |
kang benjo bundêr pêsagi |
têludhag undhak-undhakan |
sakilan wiyaring kori ||

Jilid 8 - Kaca : 115

24.
Lus-lusan apatut-patut |
dinuga tan sêdhêng janmi |
lan wontên satunggal lawang |
anèng sor marêp manginggil |
patute kadya kaluwat |
ngêluwêng angraras-ati ||

Jilid 8 - Kaca : 116

444 Mijil

1.
Sèh Mongraga nèng guwa Songpati |
jênêk tyasira non |
lir tan nyipta umijil sing (ng)gonne |
linging driya layak (n)jêng sang aji |
jênêk nèng Songpati |
patilasanipun ||

2.
Angandika mring santrinirèki |
lah cobanên kono |
lêbonana lawang guwa kabèh |
paran cêthèk lawan jêronèki |
Wrêgajati aglis |
Gorajati masuk ||

3.
Nora sêdhêng awak dèn-ring-ngiring |
ganti-ganti wong ro |
pinêksa-pêksa tan sêdhêng kabèh |
winaratan kori kanan-kering |
myang kang ngisor dening |
sangêt sêsakipun ||

4.
Sèh Mongraga sigra anglêboni |
kori kang mangisor |
apan sêdhêng kewala anggane |
pan kêpara logro wus lêstari |
glis wus tan kaèksi |
amblês ing asamun ||

5.
Santrinira katri anututi |
tan ana sêdhêng wong |
saya mingkup lawang pangrasane |
Baulapa lawan Wrêgajati |
miwah Gorajati |
dadya samya tunggu ||

6.
Sèh Mongraga dènnira umanjing |
jro guwa mangisor |
tri ari tan ana wêkasane |
ngampat nètèr nunjêm marang bumi |
nut pangol sela-lit |
kang samya mandhukul ||

7.
Wusnya tigang dalu tigang ratri |
Mongraga anèng jro |
wontên pangol sela lus agêdhe |
kandhêg rarywan nèng riku alinggih |
angaringkên kapti |
tapakur pitêkur ||

8.
Asru pêtêngira anglimputi |
angganya tan katon |
pampêt ilang sirna waranane |
datan ana lilabing pangèksi |
sira Sèh Mongragi |
ngikis raosing hyun ||

9.
Mathêt kaênêngannya tan mosik |
swuh tyasira mansoh |
nir tan ana labêt saciptane |
camplêng komplang angganya ngalithik |
wus datanpa kardi |
kantun ing alimut ||

10.
Tigang Subuh layaping awingit |
ngêningkên pandulon |
ing antara sajroning panane |
ana sabda tanpa swara (n)dêling |
waliya ywa lari |
dudu jalaripun ||

11.
Narendra gung Ngèksiganda pasthi |
karya jalaraning (n)don |
nir tang ing rèhira wus barêsêh |
pan sêsangat sangêting mèmèti |
ngangrêm ing Songpati |
mèh panêtêsipun ||

12.
Sèh Mongraga dènnira tarêki |
tanajulira lon |
wus mangkana nisirèng amêne |
angalêsêd dènnira alinggih |
micorèng jro galih |
ki apa tan uwus ||

13.
Mèksi amblêng kang luwêng Songpati |
anunjêm maring sor |
sapa ingkang bisa ngandhasake |
baya namung (n)Jêng Sultan Matawis |
ingkang wus linêwih |
wasis ing rèh samun ||

14.
Pan mêngkana Ki Sèh Amongragi |
dènnira nèng kono |
dadya nêm ari rêke lawase |
tyasira wus tuntas ing pangaksi |
gya wangsul manginggil |
nut watu mandhukul ||

15.
Pamanjatira dadya tri ratri |
mijile saking jro |
prapta panggya kalawan santrine |
Baulapa lawan Wrêgajati |
Gorajati sami |
sukanirèng kalbu ||

16.
Baulapa aturira aris |
amba gung kuwatos |
kantos sangang dintên ing lamine |
(ng)gèn-paduka sênêt nèng jro bumi |
mangke sampun mijil |
langkung sukur-sukur ||

17.
Ambakipun amba tiyang ngriki |
yêktinipun tan wroh |
ing Songpati pan dèrèng marang ke |
suwêg lawan paduka puniki |
lamun nguni-uni |
ing pawartosipun ||

18.
Sèh Mongraga angandika aris |
pan iku luwih jro |
lakon têlung dina mudhun bae |
durung kandhas maksih anglèng bumi |
sun rêsêp tri ratri |
gya manira wangsul ||

19.
Manjat têlung dina prapta iki |
wong têlu anjomblong |
myarsa Sèh Mongraga andikane |
angling malih lah wus payo mijil |
sing guwa Songpati |
kang liningan gupuh ||

20.
Pan umiring ing Sèh Amongragi |
wus mêdal saking jro |
ngantya rading alun samodrane |
glis lumaris napak parang curi |
nèng parung pasisir |
sang anom nèng ngayun ||

Jilid 8 - Kaca : 117

445 Sinom

1.
Yata Ki Sèh Amongraga |
ingadhêp santrinya katri |
nèng sandhaping wit kucila |
mêmêntèr sumuking rawi |
andhikanira aris |
ing êndi malih kang samun |
guwardi pêtilasan |
kang liningan matur aris |
inggih kathah kewala kang tilas-tilas ||

2.
Lajêngipun sapangetan |
kang samya wêrit awingit |
mapan akathah punika |
guwardi ing wana Giring |
datan wontên kang nglangkungi |
kadi kang paduka jujug |
Manganti ing Maladan |
pun Cêlor lawan Songpati |
mung punika guwa kang gawat kaliwat ||

3.
Yata malih angandika |
hèh Baulapa sirèki |
wus sun-trima lakunira |
tuduh tumutur ing kami |
nuli andum basuki |
sun-arsa laju lumaku |
marang ing Kanigara |
Baulapa matur aris |
pan kawula kêdah andhêdhèrèk lampah ||

4.
Tan nêdya mantuk mring wisma |
kawula adrêng tut-wuri |
Sèh Mongraga lon ngandika |
lah ya wus sokur sirèki |
anut wong kawlas-asih |
lan sira sun-lih aranmu |
Darmajati prayoga |
matur nuwun kang sinung sih |
dan umangkat mring Cêlor pondhokanira ||

5.
Kyai Guru Jamil Jamal |
nèng Cêlor ingkang winarni |
sêlawe dina dènnira |
tinilar ing Sèh Mongragi |
saya wêwah kang santri |
akarya têtarub agung |
ambanjêng langkung wiyar |
kang ara-ara aradin |
ing lalêngkèh ardi Cêlor kaèbêkan ||

6.
Têratag tarub bêlarak |
angêndhêng sing grêng toya sri |
wiyarira winatara |
têlung pambêdhil pêsagi |
santrinya jalu èstri |
apan wolulikur-atus |
têngah wisma gonjongan |
pan joglo agêng winêlit |
kang minangka masjid lamun Jumungahan ||

7.
Kalangkung mukti wibawa |
Kyai Guru Jamal Jamil |
sinêmbah ing santri kathah |
kêndhurinya sabên ari |
ratri ojrat kêndhuri |
alêlagon sru gumuruh |
emprak agêgabusan |
pangeram-eram angênting |
sadaya wong desa-desa kagawokan ||

8.
Byar enjing sami bubuka |
ramya dènnya mênggak dhikir |
kalêngêr pating sulayah |
saujure tumpang tindhih |
jalu kalawan èstri |
wor-winor carub matimbun |
kang katon jroning pana |
tan ana wênèh kaèksi |
mung Sèh Amongraga nèng dhampar ingayap ||

Jilid 8 - Kaca : 118

9.
Kinêbutan kering kanan |
andum nuduhkên swargadi |
ngapura donya akerat |
mring kang samya buka dhikir |
satangine anangis |
kêpengin kalangkung ngungun |
nuli munggah ing swarga |
swarga gadhanganirèki |
amêsthèkkên uripe luput duraka ||

10.
yèn sore samya jaranan |
wêlulang myang tampah tampir |
kayu miwah wilah panah |
solèt irus enthong ilir |
kang samya dèntunggangi |
bêng-ubêngan jroning tarub |
sirigan congklangan |
obah dhadha malang-kêrik |
lênggut-lênggut angalênggak langak-langak ||

11.
liyêr-liyêr netranira |
ambêcu tan ana angling |
tingale salin pangrasa |
lir wong anglilir angimpi |
pangrasane nunggangi |
jaran sêmbrani umabur |
ngayêngi awang-awang |
andulu sawarga adi |
patamanan samya ngunguwung sarwendah ||

12.
Kitri-kitri amangkawa |
prêdapa ambalêrêngi |
samya rinamês ing jaran |
sêmbrani kang mêmangani |
santri bungah kêpati |
pangrasane lir satuhu |
yèn wus tutug mangawang |
samya niyup mudhun sami |
dheyang-dheyang mudhune anglêr kapenak ||

13.
Lamun jog praptèng bantala |
byar pandêlêngannya salin |
mulih pandêlêngan saban |
turangga mulih lir nguni |
samya lungguh mangarsi |
asila kapang atêpung |
nèng ngarsane gurunya |
Jamal Jamil kang siniwi |
tan winuwus yata wau ingkang prapta ||

14.
Ki Ageng Sèh Amongraga |
lawan santrinira katri |
Ki Wrêgajati kalawan |
Gorajati Damarjati |
Wrêgajati wèh uning |
lamun Sèh Mongraga rawuh |
gupuh kang dhinawuhan |
amêthuk kang lagya prapti |
para lurah santri samya tumut mapag ||

15.
Wus tundhuk andhodhok nyêmbah |
uluk salam Sèh Mongragi |
sinauran santri kathah |
gumuruh samya nauri |
Darmajati duk mèksi |
mring santri kathah angungun |
wêwah jrih sungkêmira |
sêdyandhêm kèrêm ing gusti |
santri kabèh (n)dhodhok mire ngering-nganan ||

Jilid 8 - Kaca : 119

16.
Sèh Mongraga gya tumama |
nèng tarub agung miranti |
nèng wisma joglo gonjongan |
linangse ing sinjang putih |
sadaya apupuji |
wulangun myat gustinipun |
cahyane kilah-kilah |
sumilak wênês awingit |
ingkang sabên katon anèng pasuhulan ||

17.
Mangkana Sèh Amongraga |
ngandika mring Jamal Jamil |
saiki apa wus dhangan |
santrimu kang (n)don birai |
wuwuh pira kang prapti |
wong padesan urut gunung |
kang liningan turira |
inggih pangèstu sang yogi |
kalihèwu wolung atus kathahira ||

18.
Akarya tarub punika |
ngling malih mring Jamal Jamil |
lan desa ing Kanigara |
paran kêna dèn-ênggoni |
lêgane kang (n)duwèni |
bêbêkêl Kanigarèku |
desane saupama |
dadiya ênggonne santri |
Jamil Jamal umatur samya anêmbah ||

19.
(n)Jêng tuwan adhawuh sabda |
asung panggenaning santri |
ing Kanigara kinarsan |
kawula sampun anitik |
inggih langkung prayogi |
pan punika bêkêlipun |
wasta Wanamênggala |
akathah krandhahirèki |
ragi kapuwara urut pawukiran ||

20.
Kang (n)dombani paparentah |
karya tatarub puniki |
Sèh Mongraga angandika |
kon maju kêparèng ngarsi |
Ki Jamal sigra nuding |
mara majua umatur |
sigra ingkang liningan |
majêng tumungkul ngabêkti |
Sèh Mongraga ngandika lir guladrawa ||

446 Dhandhanggula

1.
Ingong tanya marang ing sirèki |
Wanamênggala pomahanira |
ing Kanigara bêcike |
para santri sêdarum |
dimèn kumpul asalu pranti |
nèng desa Kanigara |
supaya mundhak gung |
arjaning karajan desa |
nêmbah Wanamênggala umatur sari |
inggih dhatêng sumangga ||

2.
Tan sumêlang ing karsa sang yogi |
lamun taksih pun Wanamênggala |
kados tan cuwa karsangrèh |
Sèh Mongraga amuwus |
iya bangêt tarima-mami |
utama sêtyanira |
sumarah karsèng-sun |
lan sira sun wèhi aran |
ajênênga ya sira Atuhujati |
kang sinungsih anêmbah ||

Jilid 8 - Kaca : 120

3.
Angandika malih mring Ki Jamil |
lurah santri kabèh dhawuhana |
kon nêgor kayu kang gêdhe |
sun-karya masjid agung |
dadya pêndhak ing dina iki |
dêgna ing Kanigara |
lah wis ta dèn-guruh |
Jamil Jamal gya parentah |
marang para lurah-lurah sadayèki |
samya matur sandika ||

4.
Sigra lèngsèr sakathahing santri |
maring wana anêgori wrêksa |
samêkta sagêgamane |
rit-bapang pêthèl wadung |
pasah tatah samya miranti |
santri lanang sadaya |
anêgori kayu |
agêng-agêng rinêbahan |
kumêbras lir gudêbog kewala sami |
êmpuk datan rêkasa ||

5.
Miwah panggawene tan ngawrati |
ampang lir nyangking kapuk sakranjang |
samya gumun sadayane |
adat lan majadipun |
adat atos awrat ingambil |
mangka mangke mêngkana |
tan rêkasèng bau |
wêwatêsing ingukuran |
tinêtêsan lêlanjon cathokan dhamis |
rapêt tan ana rênggang ||

6.
Sirah gada kêbênthung kinancing |
dudur pangêncêng usuk pêngarak |
dêlurung adoh takire |
blandar pangiwanipun |
pamidhangan kang sunduk-kili |
danyang lambang pênanggap |
goco saka-guru |
myang rawa cèlèng talundhak |
jênêng pangimaman mimbarnya pinipil |
inêb gêbyog ngêplukan ||

7.
Kalowongan bêdhug gya winingkis |
sêrambi myang gandhokira kanan |
miwah pasrambèn parèstrèn |
ramut sadayanipun |
wus rinagang tan ana kèri |
rinayap santri kathah |
têlung dina rampung |
laju kinèn ngadêgêna |
anèng dhusun Kanigara wus rinakit |
ancêre inganjêran ||

8.
Nulya binodhol rancangan masjid |
andalidir sêlur sêsêmutan |
kewala laju adêge |
sami sadintên rampung |
srambi ngayun lan kanan kering |
pagêr gêbyog korinya |
kampung sadaya wus |
pinayu sadintên dadya |
balumbangnya ingilènan toya kali |
langkung asri dêgira ||

9.
Pêlataran ngarsaning surambi |
rêng-rêng tinaruban ing bêlarak |
sapêlambang panglajure |
para santri andulu |
langkung eram sakèhing jalmi |
tan mantra mêntas dadya |
tèn na labêtipun |
kadya wus lami taunan |
kyai guru nulya mring Cêlor tur-uning |
ingiring santri kathah ||

Jilid 8 - Kaca : 121

10.
Prapta ngarsanira Sèh Mongragi |
nêmbah umatur sampun kawula |
paduka duta wiyose |
akarya masjid agung |
dadosipun ing pêndhak ratri |
punika sampun dadya |
pitung dintên rampung |
tan wontên ingkang kuciwa |
saking sabda tuwan kêlangkung rêspati |
Sèh Mongraga ngandika ||

11.
Ya wus sokur Alkamdulilahi |
panggrayape santrimu sadaya |
wus sun-tarima sakèhe |
sesuk Jumungahipun |
anganyari masjid kang dadi |
dene panggonaningwang |
lir sabên katèngsun |
iya anèng pangimaman |
lêlangsenên kadya mimbar ywa kaèksi |
Jamil Jamal tur sêmbah ||

12.
Inggih sampun prayogi miranti |
yata ing wanci akiring Asar |
Sèh Amongraga karsane |
pindhah mring masjid gung |
(n)dan umangkat Sèh Amongragi |
ingiring santri kathah |
sêlawatan umyung |
lêlagon landhung lon-lonan |
ngayat-ayut rampak tan ana sarênti |
gumêr arum swaranya ||

13.
Singirira pan kalimah kalih |
ingurung-urung ing kering-kanan |
santri pangarsa lampahe |
wus prapta masjid agung |
Sèh Mongraga lagya lumaris |
ingiring para lurah |
kering-kanan pungkur |
kadya pêngantyan ingarak |
Sèh Mongraga ing mêrga pan sampun prapti |
masjid gung Kanigara ||

14.
Tumamèng pangimaman Mongragi |
tinangkêban langse tundha tiga |
rinangkêp gubah langsene |
santri samya umangsuk |
maksih samya lêlagon singir |
lungguh têpung akapang |
myang surambi pênuh |
dilah ing tarub malatar |
nulya suwuk kang samya sêlawat singir |
gya kinèn jêjaranan ||

15.
Ting caremplo anyengklak turanggi |
jaran walulang myang ilir tampah |
wilah papan irus solèt |
bugêl kayu lan munthu |
pan sadhengah dipun tunggangi |
jalu èstri lan bocah |
nunggang kêlut sapu |
pra samya jaran-jaranan |
tan karuwan lurah santri jalu èstri |
kadya êmprit anêba ||

16.
Bêng-ubêngan gumrêdêg swara tri |
nulya mêdal kambu abubulan |
ngetan mring Cêlor paranne |
[---] |
kèh èmbane nongklang anirig |
mêndhapan ajojogan |
adheyan kang mamprung |
angêterang nongklang mêdhar |
kèh solahe santri berag ambêsusi |
solah murwèng turangga ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (10a) Kaca 91 – 105
  • (10c) Kaca 122 – 137 >