Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (19) Kaca 285 – 286

 

(Nyi randha Sêmbada parentah dhatêng Duljaya badhe ngawontênakên tayuban)

5. Nyi randha Sêmbada ing siyangipun sampun parentah dhatêng Duljaya supados siyaga badhe ngawontênakên tayuban ing dalunipun. Kadhawuhan ambladhah pandhapi, ngundang ronggèng sarta ngaturi para lurah pêtinggi dêmang sakiwa-têngên ing Pulung. Sadaya sampun kalêksanan amargi katindakakên dening tiyang kathah.

Ing dalunipun Nyi Randha Sêmbada ngadi busana enggal, sinjang kêling golang-galing, kêmbên solok madukara tigas, sêngkang nata-brangta panunggul intên satunggal, gêlung munthil rinêngga sêkar rêroncèn, cundhuk cêpaka sakronipun, driji sadasa mawi sêsupe sadaya mripat intên mirah musthika sêtya ludira, kalung kacu kumbaya kusta, linggih ing gêlaran alus ngadhêp gêmbol mas, ngêntosi rawuhipun kenthol Jayèngraga tuwin Kulawirya sarta tamu ingkang dipun aturi.


Kaca 285 - 286

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 285

505 Wirangrong

17.
Ing wanci Ngasar wus akir |
èngêt waktu tangi gupoh |
ni randha abungah-bungah muwus |
wawi kenthol malih |
Ki Kulawirya (ng)grêsah |
niki sampun ngaya-aya ||

18.
Lah wus namungna puniki |
kula wis êmbèk amopo |
ngling mèsêm ni randha o lah nuwun |
amêsthi yèn malih |
malah mangke gêjigan |
wêkas-wêkasan tinilar ||

19.
Mangke kawula aturi |
sakêrsanta ing pêsangon |
Ki Wirya kewuhan wus pinupus |
sakarêp nuruti |
alon ing wuwusira |
(ng)gih mangke kantênanira ||

20.
Saniki kularsa mijil |
wus akir kuwatir yèn pot |
sigra mring balumbang dènnya adus |
wus nulya mring masjid |
Jayèngraga wus bakda |
dènnya mocung wêktu Ngasar ||

506 Pocung

1.
Nulya wêktu Ki Kulawirya kang kantun |
salat wêktu Ngasar |
rema kêbês dèn-udhêngi |
Jayèngraga gumuyu myat mring kang paman ||

2.
Mêntas adus kêsusu dènnira wêktu |
toya sih dêrawas |
dèrèng atus angêbêsi |
wus antara pêragat dènnira salat ||

3.
Tata lungguh Ki Wirya alon amuwus |
winor guyunira |
rada karirên sun iki |
Ki Nuripin mèsêm-mèsêm aturira ||

4.
Kula wau makmum salat sarêng rukuk |
gigir kêtrocohan |
botên jawah anêlêsi |
Ki Wirya ngling ah Cêmpud (n)dadak anggarap ||

5.
Sru gumuyu Jèngraga sarwi amuwus |
laha dene paman |
bok dèn-pasati rumiyin |
dados botên kathah ingkang katêlêsan ||

6.
Naur wuwus ya bênêr nanging kêsusu |
nulya cucul dhêsthar |
pinêrês kinirap aglis |
jinungkatan ingêpuh malêm remanya ||

7.
Mèsêm (ng)guyu Jèngraga angling gumuyu |
èh Ripin si paman |
mundhak nom sawanganèki |
patut lamun dèn-kedani ing warandha ||

8.
Alon matur inggih saèstu binagus |
Jèngandika paman |
kaot lawan wingi-wingi |
ngore rema kadya Bambang Aswatama ||

9.
Kang ginunggung anjumbul gumuyu sêndhu |
(n)dadak ngompak-ompak |
milu anggêdhêg si Baring |
yun sinabêt ing galar Nuripin mingkar ||

Jilid 8 - Kaca : 286

10.
Sarwi muwus ah aku bae dèn-bubuh |
mandah pinoyoka |
maring wong kêpati-pati |
wong ginunggung prandene amara-tangan ||

11.
Yata wau ing wanci wus surya surup |
wawi sêdhêng paman |
wus manjing wêktu Mahêrib |
samya wulu wuse gya Nuripin adan ||

12.
Sawusipun sunat nulya ngangkat parlu |
ingkang dadya imam |
putranira Jayèngragi |
tan cinatur ing wêktu kang sami salat ||

13.
Yata wau ni randha kang anèng tarub |
busana sarwa nyar |
sinjang kêling golang-galing |
akêkêmbên solok madukara tigas ||

14.
Awida rum jênar gêbêgan amubru |
sêngkan nata-brangta |
apanunggul intên siji |
gêlung munthil rinèmbyong sêkar roncenan ||

15.
Acucundhuk cêmpaka lawan ronnipun |
jariji sadasa |
kêbak dening ali-ali |
intên mirah musthika sêtya-ludira ||

16.
Tikêl balung sêsêr lang-alang sêkarung |
amyang tanganira |
ni randha dènnya alinggih |
nèng klasa lus ngadhêp gembol lêr cêpuk mas ||

17.
Kalung kacu kumbaya kusta lus wungu |
tinon sasrapatan |
ni randha mêndèr andungik |
ngling gumêndhèng gumêmbrang agandhang-gandhang ||

18.
Èh sira Duljaya lèhira anuduh |
marang ing Bakungan |
ngundang si Madu apa wis |
matur inggih sampun wau sinusulan ||

19.
Rare pitu nundha-nundha kang lumaku |
kang ngulêm-ngulêman |
samya saguh sadayèki |
lêrêsipun pun Madu wanci wus têka ||

20.
Tan adangu ronggèng lan sapanjakipun |
krompyang-krompyang prapta |
Dul angling lah dene prapti |
ngriki-ngriki bokayu Madu cêlakan ||

21.
Alon muwus ni randha iya dèn-maju |
gupuh kang liningan |
lungguh nèng ngarsane nyai |
angling (n)dadak susah anggawa gamêlan ||

22.
Mung sirèku bae lawan niyagamu |
kene wong wus ana |
gamêlan gêdhe abêcik |
sakarêpmu tutug anjurudêmunga ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (18) Kaca 278 – 284