Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434667
Hari ini     :Hari ini :67
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :133
Bulan ini   :Bulan ini :3296
s/d hari ini   :s/d hari ini :434667
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (03) Kaca 22 – 33

 

( Anakipun Ki pêngulu wasta Sangidah gandrung dhatêng Jayèngrêsmi )

09

3. Ing pêngulon, anakipun Ki pêngulu wasta Sangidah gandrung dhatêng Jayèngrêsmi, nekad nusul tilêm Jayèngrêsmi. Jayèngrêsmi kêkah botên anglanggati. Benjing kemawon badhe dipun ampiri sawangsulipun ngupadi sadhèrèkipun sêpuh. Sangidah botên mangsuli, lajêng kesah ngajak Ni Gritu ningali gambyong. Ing kalangan tayuban sangsaya rame. Para dêmang, pêtinggi, bundhêl sami jor-joran nginum, tombok lan ngibing. Ki pêngulu Jabalodin pinêksa-pêksa ngibing lan nginum, tombok ngantos têlas-têlasan, kantun sruwal koloran. Nyi randha akên tiyang ing njawi, supados mlêbêt tumut nayub, mila sangsaya rame.

Ing satêngahipun tiyang ningali wontên wulanjar nama Tarijah ingkang tansah pasang ulat dhatêng Jayèngraga. Nuripin kautus Jayèngraga ingkang ngêrsakakên ni wulanjar, katampi kanthi bingahing manah.

Kulawirya tuwin ronggèng kalih mangangge sarwi gumêbyar, Nyi randha Sêmbada mangangge jalêr sarwi mompyor, adamêl cingakipun para ningali.

Kêkalihipun sami ngibing, kinurmatan ungêling drèl. Ronggèng kalih ngibing ngebarakên kasagêdanipun, sadaya ngungun dene ronggèng wau kadosdene santun rupi ayu sangêt.


Kaca 22 - 33.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 22

515 Mêgatruh

12.
Nora kêna dèn-ampêt mêrkungkung mêtu |
ni randha amuring-muring |
o biyang wong apa iku |
wong lanange dèn-gablogi |
luwar dènnira pepeyor ||

13.
Samya kesah ni randha marang ing tarub |
luru wong lanang milihi |
tan etang gêng alitipun |
anggêr purun-angramuhi |
tan pilih saênggon-ênggon ||

14.
Angsal tiyang kalih tiga nulya wangsul |
linggih marang ing pêndhapi |
mêngkana sadangunipun |
sabên wong kang dèn-gagapi |
kèh mungkrêt ana mêtotong ||

15.
Cag-cêg mag-mêg ana suka ana jêpluk |
tan tau kang watak tani |
kang purun sami angrubut |
mring ni randha gênti-gênti |
kang ginarap ènca-ènco ||

16.
Yata wau anake kyai pêngulu |
si Sangidah ingkang kari |
nèng wisma sasontênipun |
mêsês dènnya arêrêsik |
tan milalu anênonton ||

17.
Tan ana kang ka-etang raosing kalbu |
mung sang bagus Jayèngrèsmi |
kang tansah anèng ing tajug |
kari dhewe gêlik-gêlik |
ni rara manahe nêmpoh ||

18.
Datan ana sangkribe saking gêng wuyung |
tyas mêmpêng tan widak-widik |
sênthot mêdal maring tajug |
anuju Ki Jayèngrêsmi |
nèng suro eca lêlêson ||

19.
Ni (m)bok rara ngêngakkên lawange tajug |
masuk kori dèn-kancingi |
mêndhak laku bokong maju |
lêgoso mèlu aguling |
sing pungkur angêkêp boyok ||

20.
Jayèngrêsmi kagyat myat ni rara ngrangkul |
winêngkang-wêngkang tan kêni |
sang abagus tyasnya rikuh |
samudana angling ririh |
sirèku anusul turon ||

21.
Matur inggih mangsa boronga sang bagus |
awak-kawula puniki |
tan kuwawa wiwal kayun |
mugi paringa jêjampi |
kuwur ing tyas dèrèng gamboh ||

Jilid 9 - Kaca : 23

516 Gambuh

1.
Jèngrêsmi ngandika rum |
lah (m)bok rara payo padha lungguh |
priye karêpira sun-arsa udani |
ni rara datan sumaur |
mung mênêng nyênêng kemawon ||

2.
Ing sêmu wus kadulu |
pan kumêdah kinarsan pulang hyun |
ngandika tyas Jèngrêsmi lah priye iki |
godhaning setan anêmpuh |
gawe pakewuh ing lakon ||

3.
Apa wus tanjêkipun |
desa ing Pulung ulah pulang hyun |
padha ruruh rucah tan ana kang tani |
cacak prawan anak kaum |
tan sangkrib kudu ambêrot ||

4.
Wusana ris amuwus |
bêcik padha alungguh karuhun |
nadyan darbe kayun kang rèrèh kariyin |
ni rara nulya anurut |
samya tangi tata lunggoh ||

5.
Lon pangandikanipun |
sun-tuturi kang bêcik sirèku |
iya nora beda sira lawan mami |
padha bae darbe kayun |
nanging mujadah dèn-alon ||

6.
Bêcik kêlawan rêmbug |
mring wong tuwa sarana tinêmbung |
aja tingkah jinah têmah nora bêcik |
duraka gêdhe ing ngèlmu |
nglakoni polah tan ilok ||

7.
Eman rupamu ayu |
durung mangsa kadhinginan tuwuh |
sumênèkna rara atinira dhingin |
kang jamak ngajiya ngèlmu |
sêmbahyang utamèng wadon ||

8.
Yèn kêparêng bêgjamu |
besuk yèn uwus têtug lakuku |
sun-ampiri yèn padha mêksih lêstari |
ngong-têmbunge wong tuwamu |
gampang ewuh datan awon ||

9.
Ni rara duk angrungu |
gêla manahe cuwa kêlangkung |
micarèng tyas ya talah tan nyana mami |
ngong sêngguh gêlêm maringsun |
tuwas nora nonton Gondrong ||

10.
Ni Sangidah tan wuwus |
rêngu mundur mijil saking tajug |
praptèng wisma angling mring rowangrirèki |
lah payo nini Gêritu |
mring kêrandhan nonton gambyong ||

Jilid 9 - Kaca : 24

11.
Nauri kang ling nguwuh |
nontona dhewe ingong tan mèlu |
biyang Kêdah gugahên jakên ningali |
gya ginugah tutur ngêlu |
yèn aja lara ya nonton ||

12.
Sangidah mangsra-mangsru |
myarsa jumêdhot swara gumuruh |
payo nini Gritu lah nonton dèn-aglis |
pinêksa ni Gritu tumut |
mêngetan anonton gambyong ||

13.
Wau ta kang anayub |
kang wiwit ngibing Ki Wiradikewuh |
gêndhing Onang-onang ronggèng ngalik-alik |
bature alok gumuruh |
ni randha nglarihi gupoh ||

14.
Galênggêng barêng nginum |
Ki Kulawirya gèdhèg andulu |
mring polahe ni randha nginum tan wigih |
salang gumun ana muwus |
hèh Kalang gêrang dudu wong ||

15.
Dènnya (m)bêksa anutug |
ngadêg tombok sinuwêlkên susu |
jênggung suwuk wus mundur tata alinggih |
nulya Surawijayèku |
ni randha marani lunggoh ||

16.
Ambêkta gêlas gêndul |
sêg nèng pangkon rêp-arêpan lungguh |
samya nginum sagêlas edhang randha ngling |
mara ngombeyan inginum |
kabèh sanak-sanakingong ||

17.
Paran gêndhinganipun |
Surawijaya angling Lung-gadhung |
lo lah mara muniya Lung-gadhung aglis |
sigra buka rêbabipun |
ngak ingik ngêng bêm nulya gong ||

18.
Ronggèng anggêndhèng ngungkung |
randha ngadêg ngajak nyènèng guthul |
nulya ngadêg Surajaya gumujwa ngling |
biyung êmpun sêru-sêru |
kêbanjur yèn sakit nguyoh ||

19.
Ucul panyènèngipun |
ronggèng ngêlik prêpêt maju mundur |
tombok sinuwêlkên kêmbên ngampir-ampir |
sarêng nuju ganganipun |
kluwêng pacak-gulu gelo ||

20.
Ni randha ngawe gupuh |
mring Duljaya kèn ngunèkkên drêbus |
kang tinuduh sigra angunèkkên bêdhil |
gêr gya surake gumuruh |
nutug mundur jênggung kang gong ||

21.
Nulya saurutipun |
ni randha lungguh anjaluk pangku |
tan prabeda lir wau dènnya alarih |
sagêlas edhang anginum |
(n)jaluk pangku nyènèng dhogol ||

Jilid 9 - Kaca : 25

22.
Wus wêrata sadarum |
samya sangêt mêndêm ting galuyur |
kari siji Ki pêngulu Jabalodin |
ni randha anjaluk pangku |
ki pêngulu rengkat-rengkot ||

23.
Payo pêngulu nginum |
sagêlas êdhang ya lawan aku |
ki pêngulu kipa-kipa dèn larihi |
pinêksa dèn-ajak nginum |
ki pêngulu bêkah-bêkoh ||

24.
Ngling payo padha nginum |
apa dudu tik-mêlik wong Pulung |
nora gêlêm ngombe arak ngong cêcênggring |
sagêlas thil bae nginum |
mêmucung kalawan ingong ||

517 Pocung

1.
Ki pêngulu pinêksa-pêksa anginum |
ginujêg rinasa |
yèn kêpatèn sumbêrnèki |
nulya nekat nuruti nginum sagêlas ||

2.
Sarwi muwus pisan niki mawon sampun |
biyang dene sêngak |
sumêgrok rasane pait |
botên ajêng malih-malih nginum arak ||

3.
Sru gumuyu ni randha mring ki pêngulu |
pan kari sêpisan |
nadar-kula nèh lakoni |
ngalêboni têlèdhèk (n)dika ambêkan ||

4.
Ngling puniku kula mopo rèh tan patut |
prèhpun pocapannya |
jênêng pêngulu anjongkit |
botên ilok nglampahi pratingkah karam ||

5.
Suka muwus botên lan (n)dika anggambyung |
Ki Duljaya mojar |
kathah-kathah kang dèn-pikir |
(m)bok linakon kewala anulya luwar ||

6.
Dandanan wus kapuwung pênêt anurut |
lir pêngulu kutha |
kathah prabote anyirik |
kaum desa dosane sêdasa siksa ||

7.
Wawi sampun punapa gêndhinganipun |
ngling mangsa boronga |
e lah pênêd Talabodin |
gya ingawe niyaga muni gêndhingan ||

8.
Sru gumuyu Jèngraga Kulawiryèku |
o lah katiwasan |
ki pêngulu Jabalodin |
sasat kadya omah kobong kêsaladan ||

9.
Wong sêdhusun wus (n)dilalah padha kuwur |
kapir nut ing randha |
maksiyat andurakani |
wus katara tan doyan mamah kalimah ||

10.
Dhêmên mêncul gêcul kumpul ngulig guthul |
Jèngraga ris nabda |
mring kang paman (ng)guguyoni |
mung kenginga dongane kewala kalal ||

Jilid 9 - Kaca : 26

11.
Adhuh sampun kathah mikir mindhak wurung |
turene mèt sarat |
ngakali darbèkirèki |
tinarima lothung tombok kêmlaratan ||

12.
Mèsêm muwus e la yan-yanane iku |
mulane anekat |
kucing-kucing ngong-raupi |
iya kuwe sun prih donyane kewala ||

13.
Yata wau kang pinêksa ngadêg gambyung |
ginèndèng dhogolnya |
ki pêngulu pringas-pringis |
ngorot-orot mring têngah ngadêg kalangan ||

14.
Gya sinindur angêlungkên tombokipun |
ginêgêm rong uwang |
tinampan sarwi ngèsêmi |
ki pêngulu mèlu mèsêm pêpandêngan ||

15.
Gêr ginuyu sakèhe kang samya (n)dulu |
ni randha alatah |
dene padha waninèki |
gya ni randha ngrangkul gulune kalihnya ||

16.
Wus ginêpyuk ki pêngulu lan Ni Madu |
adu bathuk mêndhak |
wong têlu randha bibisik |
yèn barêng gong Madu ngong rika ngambunga ||

17.
Gya gong jênggur ki pêngulu sengok ngambung |
sinurak ing kathah |
Duljaya ngunèkkên bêdhil |
Kulawirya Jèngraga gumuyu latah ||

18.
Ki pêngulu kaduwêlan mingkang-mingkung |
sajak emprak tanak |
rambah-rambah tomboknèki |
êntèk suku imbuh golok kulambinya ||

19.
Bêbêdipun dèn-dhèdhèl marang Ni Madu |
sabuk kari sruwal |
saya nêmên dènnya ngibing |
li-aline soca watu guwa kêna ||

20.
Usus-ususing sruwal bêbandhulipun |
rong wang picis kêndhang |
binêthot cathut wus kêni |
sinindhêtan sus-usus cupêt tan kêna ||

21.
Koloripun tinêkêm gya jênggung mundur |
ginuyu ing kathah |
ki pêngulu laju mulih |
ingkang jagong salong ming kalih ambêkan ||

22.
Pan rinangkul mring ni randha kalihipun |
kinèn angambunga |
yèn wus ngambung mundur gênti |
gênti maju lawan sruwalan kewala ||

23.
Kèh kang brundhul wus mêndêm tan etang-etung |
gya lungguh ni randha |
matur mring Kulawiryèki |
sumangga paduka anjurudêmunga ||

Jilid 9 - Kaca : 27

518 Jurudêmung

1.
Ki Kulawirya ngandika |
lah kula bibi (m)bok sampun |
ni randha angudi atur |
ngaturan malêbèng wisma |
jinawil mring putranipun |
umangsuk kering ni randha |
praptèng panti samya lungguh ||

2.
Ni randha suka tyasira |
sasaos sing prabot luhung |
anorog pêthi giwang wus |
ambil pêrabot kuna |
jamang sumping kêlat bau |
anting-anting gêlang kuna |
pamêkak mas akêkalung ||

3.
Lur-ulur naga karangsang |
Byang Kêcèr nampani gupuh |
anèng panampan pinanggul |
sinaosakên ing ngarsi |
ni randha aris umatur |
sumangga abusana-a |
cara kina kang abagus ||

4.
Ki Kulawirya duk mulat |
pêngangge rukmi linuhung |
pinuji ing hèr bang wungu |
micarèng tyas e ya nyata |
wong Kalang sugih kalangkung |
layak kaloka ing kathah |
bandhane wus ngumbruk-umbruk ||

5.
Yata kang anèng pandhapa |
kang samya (n)jogêd anayub |
ni randha mêdal anuduh |
wong (n)jaba anglêbonana |
gêndhing Sêkar-gadhung landhung |
iya banjuran kewala |
kang liningan suka gupuh ||

6.
Tan susah (n)jaluk gêndhingan |
badhude ngling mara sarsur |
ni randha wusnya gya masuk |
mulat marang kang adandan |
Kulawirya winalungsung |
Jèngraga anèng pandhapa |
suka tumingal wong gambyung ||

7.
Wontên wulanjar satunggal |
amèncès rupane ayu |
akuning bobonyo arum |
mêsês bêsuse ngayangan |
akèwês pantês dol ayu |
dhasar moncol warnanira |
(m)bok Tarijah namanipun ||

8.
Kêkêmbên jingga wêlaka |
sinjang bathik cêplok rimbung |
kalung kumbaya kusta lus |
gêlangan pare kêrantan |
ragi cêlak dènnya lungguh |
kêlawan Ki Jayèngraga |
salirikan ing pandulu ||

9.
(m)Bok Tarijah sontên mila |
kêpara ngarêp (ng)gonnipun |
nadhah liringe sang bagus |
lèjême asêsangkutan |
ting kêdhuwêt adu sêmu |
Jèngraga juwêt tumingal |
mring ni lanjar namur kêmu ||

10.
Pinêndir sadangunira |
sêmangsa lamun dinulu |
ni lanjar gorèh alungguh |
kinang têlung poros têlas |
mêksih ngèngèhakên suruh |
racikan sêmprit mèngkolan |
saosan yèn kêrsa mundhut ||

Jilid 9 - Kaca : 28

11.
Lininting anèng sap-tangan |
ingudhar uga ginulung |
jinarag amrih dinulu |
Jayèngraga kaguguran |
wulanjar kang jujur kayun |
mulat Jèngraga abagus |
sêmbadèng busana wangun ||

12.
Ni (m)bok wulanjar Tarijah |
krêp aliyan dènnya lungguh |
Ni Sangidah sandhingipun |
samya gêguyon samuran |
karone kèdanan (n)dulu |
mring kang ngrimong jingga mangsa |
Sangidah tutur wus wêruh ||

13.
Duking sêlagine prapta |
sakêdhap ing wanci surup |
kang sawiji mêksih kantun |
nèng tajugku tanpa rewang |
malah abagus kang kantun |
nging tan rêmên balèndèran |
mogêl kul antêng arêgu ||

14.
Ngrangkung kuwe rada ladak |
bêtah ningali wong lungguh |
samya jorogan gumuyu |
ni lanjar lan (m)bok pêrawan |
sami sasmitèng pandulu |
mara ta gêlungku wudhar |
bangêtên si lanjar iku ||

15.
Gêguyon nglêburkên kêmbang |
ni lanjar mojar gumuyu |
ngarah apa bibi iku |
wus ta kae lo wong bêksa |
man Jadrana nganggo ngambung |
ni lanjar ngling cik ora-a |
Jèngraga mèsêm andulu ||

16.
Wong ro sabên dinulu-a |
ting jakêthêt awakipun |
Jèngraga angling jro kalbu |
wong iku lêgêde pasang |
nora kêna wong dudulu |
karone adhêkêsan |
nanging kang dadya tyas-ingsun ||

17.
Mung mring ni lanjar Tarijah |
kang balerah netranipun |
alindri liringe mamprung |
Jèngraga tyas darbe karsa |
nulya animbali gupuh |
mring Nuripin praptèng ngarsa |
lah payo Nuripin mêtu ||

18.
Ngong arsa sêne sêdhela |
kang santri Nuripin gupuh |
umiring bêndaranipun |
Jèngraga (ng)gênnira mêdal |
parèstri anglud andulu |
kabèh lir mèlu-mèlu-a |
mring saparanne sang bagus ||

19.
Kang aturas tinuruhan |
Jèngraga ngandika arum |
sapa kae wong (n)dudulu |
lèjême padha mêmasang |
Nuripin alon umatur |
kang lir prawan pun Sangidah |
lanjar Tarijah kang kidul ||

Jilid 9 - Kaca : 29

20.
Ambibi mring pun Sangidah |
anakipun ki pêngulu |
Ki Jamalodin puniku |
ngling dene sumurup sira |
inggih sumêrêp duk wau |
(m)bok pêrawan wirangrongan |
mring rakanta kang nèng tajug ||

519 Wirangrong

1.
Jèngraga ngandika aris |
dhasar ngong tan pati anon |
mung kidule ika kang ko(k)-tutur |
(ng)grêgêdake ati |
sènggane ngong karêpna |
saiki ing ngêndi (ng)gyannya ||

2.
Matur gumuyu Nuripin |
inggih mangga dipun-angkah |
ing mangke kewala lingsir dalu |
nèng wismanirèki |
wulanjar ragi kuwat |
agêng wismane prayoga ||

3.
Jèngraga mèsêm mangsiti |
iya rah-arahên mêngko |
sandhinga ni lanjar lèhmu lungguh |
bisikana wadi |
yèn kêduga ngong sanja |
mring dhèwèke ngong wèh raras ||

4.
Matur sandika Nuripin |
Jèngraga wangsul ing ngênggon |
wong myat mire piyak (ng)guyu-(ng)guyu |
ngèsêmi kang sigid |
wus lênggah ing pêndhapa |
Ripin nèng wuri kilènnya ||

5.
Ni wulanjar ngowahi |
gêlung kêmbêne kang kêndho |
pan sandhanganira yèn dinulu |
amaguti liring |
Nuripin namur nabda |
anjaluk gambir bisikan ||

6.
Ni wulanjar dèn-jarwani |
bab rêpit guthit wêwados |
ni lanjar trataban ngêlêd idu |
gêgondhange salit |
ambêgane kumrangsang |
sêrêt mêrkutuk swaranya ||

7.
Ngalêsik nauri ririh |
inggih sumangga kemawon |
nulya ingulungan dènnya nêmbung |
anjêjaluk gambir |
sarwi lan kang racikan |
kinèn ngaturkên Jèngraga ||

8.
Wus tinampan mring Nuripin |
pan angon iriban kang wong |
ingaturkên marang sang abagus |
kang mèngkolan sêmprit |
Jèngraga kawigaran |
miyat adining racikan ||

9.
Tyas truh kasêmprot ing sêmprit |
Ki Jayèngraga katujon |
pan lajêng ginantyan asmu (ng)guyu |
tansah angliliring |
mring ni lanjar Tarijah |
ing sêmu samya karênan ||

Jilid 9 - Kaca : 30

10.
Kang samya banjuran ngibing |
bancar ro tan ana rusoh |
kathah warnanira tombokipun |
pêngangge myang picis |
kèh brundhul kari sruwal |
prandene bungah akiprah ||

11.
Ambêkta arak pribadi |
gêndul gopi guci lodhong |
linangga adêgan ting sêritu |
cêlonasan angling |
cêciyon cowa-cowa |
tingkah rucah dan-edanan ||

12.
Yata kang lagya ngrurukti |
ni randha kalawan kenthol |
karone busana sarwa luhung |
ajamang susumping |
kêkalung kêbo mênggah |
lur-ulur naga karangrang ||

13.
Gêlang kêlat-bau anting-anting |
pamêkak mas marong |
rapèk pêlung tumpal têlpoh wungu |
akokonca kalih |
amblarah lir manyura |
awida jênar gêbêgan ||

14.
Kris tinatah wrangka kêndhit |
pêndhok bunton ngunir bosok |
akace kumbaya kusta alus |
uncal rante rukmi |
alanggat tutup rasa |
tinarètès intên mirah ||

15.
Ni randha busana rukmi |
angrakit ingkang pênganggo |
jamang mas gugrudhan cara kakung |
gêlang anting-anting |
auncal tutup rasa |
arapèk kris rangka ladrang ||

16.
Kewala kaot kulambi |
kotang renda bêludrijo |
sasabing wanita namur kakung |
wus tan kêtarèstri |
sarigak kadya priya |
ni randha lan Kulawirya ||

17.
Ni Kacêr dèn-busanani |
kinêmbar kêlawan gambyong |
pinadha kewala lan Ni Madu |
kêpara ngungkuli |
wusnya sami busana |
gya mijil marang pandhapa ||

18.
Kagyat kang samya ningali |
mring sang ro katèlu wadon |
jalwèstri gumêrah ngaruh-aruhi |
we bilah si nyai |
dene akayang rambat |
amalih warna ni randha ||

19.
Lir dewa lan satriya di |
nganthi widadari kaot |
Biyang Kêcêr ika dhasar ayu |
binusanan ringgit |
manglingi si dipênthang |
yu pendah sêpirang-pirang ||

Jilid 9 - Kaca : 31

20.
Pating kêlacêr samya ngling |
kae pa mêngko anggambyong |
durung tumon bisa bêksa gambyong |
ana kang nauri |
(n)dahneya nora bisa |
mulane kinèn ya bisa ||

21.
Wus lungguh anèng pêndhapi |
mingsêr kabèh kang ajagong |
samya eram-eram dènnya (n)dulu |
mring rekane nyai |
randha acara lanang |
giris tamune rinêngga ||

520 Girisa

1.
Jayèngraga mèsêm mulat |
dènnya mêrabot kang paman |
lir kinarya pakaulan |
micarèng sajroning nala |
sarwi mêndha dènnya ewa |
mring randha gawok tumingal |
panggihe bandha drêbala |
pradhah bèr mutahkên dunya ||

2.
Tan ana kang mêngkono-a |
sajake wong sugih donya |
anêrka wus kalulutan |
ni randha dening donyanya |
wau ni randha Sêmbada |
matur marang Kulawirya |
sumangga sampun punika |
sakêrsa inggih punapa ||

3.
Gêndhingan ingkang kinêrsan |
Kulawirya mèsêm nabda |
mring kang putra Jayèngraga |
kêpriye kono anakmas |
mangsa bodho-a ngong drêma |
kang putra gumujêng suka |
(ng)gih kêjawi gêndhing adat |
Pêtung-wulung ladrangannya ||

4.
Nuntên Genjung-goling minggah |
Ginonjing wêton kêlana |
angglêgês berag kang paman |
ngling mring ni randha Sêmbada |
niku turene anakmas |
gêndhing Genjung-goling minggah |
Ginonjing pathêt manyura |
ni randha gumuyu mojar ||

5.
Mring pra jadhug kang jagongan |
kabèh sanak-sanakingwang |
mangke yèn manira (m)bêksa |
lawan kemas Kulawirya |
kang rame dèn-suka bungah |
sami ngadêga sadaya |
surak kêploke kang rampak |
kang sami (m)bêkta sanjata ||

6.
Drèl barêng cara wong kutha |
ngong (n)jaluk lêgane sanak |
kang padha samêkta suka |
kang sinung ujar gêmbira |
sadaya saur kukila |
punapa sakêrsa (n)dika |
kawula jumurung suka |
ni randha malih lingira ||

Jilid 9 - Kaca : 32

7.
Lah mara sanak niyaga |
sêndhone pathêt manyura |
yèn uwis nuli lêkasa |
Genjung-goling tibakêna |
Ginonjing kang sarwa berag |
nabuh kang apik atata |
kang liningan tur sandika |
nulya sêsêndhon araras ||

8.
Nutug lih-ulihanira |
laju rêbabe abuka |
Genjung-goling gya tinampan |
ing ricik ngrarangan rampak |
têlèdhèk lêkas atandhak |
Kacêr lan Ni Madu rimbag |
lir Ratih lan Drêsanala |
winahyèng kêlir kêwangwang ||

9.
Sarêng gêndhing ngêlik saplak |
anganyut mêthit wilêtan |
manis arum gêtas rênyah |
bêning gumrining ngêmandhang |
rêbut uluk panglikira |
barung swarèng suling rêbab |
lir sundari lan sawangan |
nèng tawang ngangkang kapwanan ||

10.
Tungtum ngês mêmanisira |
karya rujading pêngrasa |
jalwèstri kènyut kang nala |
nalika myarsa sindhènnya |
malah mêdal rahsanira |
ngêmu rêndhêng tan ana sat |
Yèn ta kabèh ginagapa |
kêlêpèh kêpoh anoya ||

11.
Ronggèng ro ukêl bêdhayan |
sêsirimpèn tan sulaya |
Ni Kêcêr wasis sêkala |
tan mantra-mantra dadakan |
kadya wus gambuh waunya |
sêdaya gawok tan nyana |
wong lanang marong brangtanya |
sawênèh ngucap mêngkana ||

12.
Biyang Kacêr yèn banjura |
dadi gambyong iba-iba |
larise akèh kang nanggap |
malah dadi pakaulan |
akèh kang nauri layak |
wong wis mêngkono entragnya |
kêmanon padha sadhela |
layak pancèn dadi tandhak ||

13.
Jèngraga suka tumingal |
myat kang gambyong kalihira |
Ni Madu Kacêr tan beda |
ngling ririh marang kang paman |
gêtun ngong punika paman |
Biyang Kacêr dènnya tandhak |
paprigêlane apacak |
sèdhêt kathêt tanjêgira ||

14.
Rêbat sênêng piniliha |
kaot wêwajaranira |
pênêd pun Madu warninya |
nanging jêg pêngambyongira |
pênêd pun Kacêr angkatnya |
prêpête pêksi madal pang |
mamprung lumarap arikat |
pun Madu kasoran pacak ||

Jilid 9 - Kaca : 33

15.
Kacêr kasor wajarannya |
kang paman nauri nabda |
ya bênêr lèhira sojar |
si Kacêr lir kêdhanyangan |
barêng gambyong salin rupa |
amêsthi luwês solahnya |
nadyan rupane prayoga |
mung irunge kang kuciwa ||

16.
Irung sunthi rada mungal |
nyuda ati wajarannya |
rupane kabèh prayoga |
yèn ta aja asunthi-a |
lan si Madu bag-ginêbag |
lan anglotèng anggonira |
bisa ngêndhih ing atingkah |
kang putra gumujêng suka ||

17.
Kang uwis ngrasakkên paman |
bubuk olèh lèng ngalêmnya |
Ki Kulawirya ris nabda |
wong satêmêne kewala |
nora ngompak dhasar nyata |
ni randha ngalêm cèthinya |
si Di-bênthèt nora jamak |
bisa gambyong baut pelag ||

18.
Iku apa kasurupan |
de dadakan bisa tandhak |
lan si Madu nora siwah |
lir dèn-gawèkkên kêmbaran |
Biyang Kacêr si Di-panthi |
anggambyong padha sadhela |
eman tan dadiya tandhak |
si Di-bênjèng salin rupa ||

19.
Bakale patut palilan |
bisa amênthung lanangan |
mandhah ting gêlêthêg mana |
jêjakan dhudhan somahan |
ni randha mèsêm turira |
mring awirya kalihira |
pun Biyang Kacêr punika |
kula dadosakên tandhak ||

20.
Kaidèna ing paduka |
sintên pantêse namanya |
paduka paringi nama |
gumuyu Ki Kulawirya |
ngandika mring Jayèngraga |
sapa aranne pantêsnya |
Kacêr dadi gambyong anyar |
kang putra mèsêm ngandika ||

21.
Yèn kula amêstanana |
pun Gêndam pêpantêsira |
kang paman gumujêng mojar |
mring randha puniku nakmas |
asung pêparap pun Gêndam |
ni randha suka tyasira |
nulya siniratkên kathah |
yèn Byang Kêcêr ran Ni Gêndam ||

22.
Nauri pra bundhêl desa |
sakèh ingkang nèng pêndhapa |
saur manuk suka bungah |
gêmbira asurak-surak |
sumyah bêngkrak ngumbe arak |
rame bungah latah-latah |
myang kang nonton sru gumêrah |
wong anom samya gêmbira ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (02) Kaca 07 – 21
  • (04) Kaca 34 – 45 >