Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (10a) Kaca 125 - 134

 

( Nglajêngakên lampahipun dumugi ing rêdi Bajangkaki )

09

IV. Para andon lampah nglajêngakên lampahipun dumugi ing rêdi Bajangkaki, kapanggih Ki Dhatuk, kawêjang bab liring kadonyan lan akerat.

1. Bakda Subuh para andon lampah nglajêngakên lampah kadhèrèkakên Ki Pakuwaja. Miturut Ki Pakuwaja rêdi Bajangkaki punika wingit, ndadak Nuripin nyênyamah wujudipun rêdi wau kados kaki-kaki wungkuk watuk-watuk.

Sanalika sami kataman pancabaya, pêtêng ndhêdhêt kasusul jawah dêrês campur prahara, blêdhèg sêsambêran. Sadaya botên sagêd minggah ing rêdi, sami kaplorot ngantos dhawah kuwalik-walik. Nuripin kacêpit ing kayu-urip. Jayèngrêsmi lan Jayèngraga sami mêsu-budi nyuwun pitulunging Pangeran, wasana pancabaya sirêp saking sakêdhik; sadaya lajêng kèndêl sangandhaping wit, katungka dhatêngipun tiyang sêpuh ingkang mangangge sarwi lungsêt, punika Ki Dhatuk, ngampirakên dhatêng griyanipun ing dhusun Prantèn, sami kasêgah nêdha. Lajêng mangkat ngêtutakên Ki Dhatuk, kèndêl ing guwa Sangsangan, kalajêngakên andêdêr dumugi papaning andha dêling kangge minggah rêdi. Dumugi ing nginggil lêrêm sawatawis, katungka dhatêngipun sabatipun Ki Dhatuk sami ambêkta clupak tuwin sêgahan. Sasampunipun sami nêdha, Ki Dhatuk sawêg andangu para andon lampah wau, nama, pinangka lan sêdyanipun. Sadaya matur barès saengga Ki Dhatuk (Danumaya) sakalangkung kapranan kapanggih putra lan adhining mitranipun duk nèm-nèmanipun. Mas Arundaya, inggih Ki Bayi Panurta.

Ki Dhatuk paring wêjangan bab sampurnaning iman ing kasidan. Dhawuhipun, Sèh Amongraga botên sagêd ginêlak sagêdipun kêpanggih kêjawi ngêntosi saatipun. Lajêng mêjang bab kêkêraning dunya lan akerat, sarta bab tokit sampun ngantos salah wèwèng. Sinambêt wawan rêmbag bab ngèlmi, muyêg, gayêng lan nêngsêmakên.


Kaca 125 - 134.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 125

548 Pangkur

31.
Wukir iku kang katingal |
gunung apa aranne dene bêcik |
pucake mêngkêluk manglung |
matur Ki Pakuwirya |
inggih ardi Banyankaki wastanipun |
sanadyan alit botêna |
pan ragi wingit pribadi ||

32.
Tanah ing Sawo punika |
Ki Nuripin ngling gumuyu nudingi |
inggih mathêngkuk lir puthut |
ngangge kêthu patutnya |
Banyakkaki kaya kaki wungkuk |
Ki Pakuwirya tan rêna |
èh sampun sêmbrana adhi ||

33.
Ki Wirya gumuyu suka |
ngling ya bênêr lir ujarmu Nuripin |
wis plêg kaki-kaki watuk |
mathêngkuk kêmul sinjang |
Ki Nuripin kêpingkêl-pingkêl gumuyu |
tumingal mring ardi Bayang |
wus rêrêm dènnya so sami ||

34.
Nulya samyarsa umangkat |
Ripin matur mring Ki Kulawiryèki |
puniki datan pinundhut |
uncit lawan nyamikan |
punapa tan kinêrsan kantênanipun |
Ki Wirya ngling kêtanggungan |
mêngkowasisan yèn prapti ||

35.
Anulya mangkat saksana |
kang sinêdya mring ardi Banyakkaki |
tan karsa kampir ing dhusun |
apan laju kewala |
sing lèr-kilèn ing Mêlaran inggil inggahipun |
praptèng kêndhiting Marantyan |
laju umanjat mênginggil ||

36.
Sêdya mring pucaking arga |
tan antara panca-baya (n)dhatêngi |
marêpêt sakala mêndhung |
ngêrak mangsa kêtiga |
ambathêthêt tirêp tidhêm angêndhanu |
kang carat-taun giyungan |
tan kondur ingkang nganjati ||

549 Durma

1.
Pêtêng dhêdhêt limutan kang gara-gara |
ing giri Banyakkaki |
tan kêna cinamah |
-camah cinampah-campah |
bêdhat pêrbawaning ardi |
mêngkana sigra |
udan drês tanpa grimis ||

2.
Sru têlthoke tumulup gêng saklêmaka |
kumêplok amêdhêsi |
barat maputêran |
sumiyut asêt-sêtan |
ngasut lir mêsat kang laris |
kêras manuras |
saking puncaking ardi ||

Jilid 9 - Kaca : 126

3.
Syuh manampêg prahara mring kang mahanjat |
tan bisa angajoni |
maju mundur ngundhar |
-undhar tar bisa mawan |
saya drês jawah wor angin |
giri gag-gêgan |
dhêg dhèr gêdhor mawêrdi ||

4.
Balêdhagan balêdhèg bungkah kumupak |
lir cêpol poking wukir |
sru angkrak-angkrikan |
lêbak kêbêk lêlaban |
kumêlap angilat thathit |
gumlêdhêg gora |
godha kadya ing wukir ||

5.
Tan kêwawa ingkang mahanjat ing ngarga |
Jèngrêsmi Jayèngragi |
tri Ki Kulawirya |
Nuripin Pakujiwa |
samya andhoko ing siti |
kêkah gèndholan |
rumput mrakan pinidih ||

6.
bayu braja lesus mêsês asêsêran |
anêntor ngungkih-ungkih |
ngungkil kol ngrêrantan |
kongkal kawiwal kuntal |
jêbol sukêt dèn-gondhèli |
samya lorodan |
Jèngrêsmi Jayèngragi ||

7.
Kêtampêk ing prahara tru aru-ara |
kêwangsul mring sor malih |
pinarag ampuhan |
sira Ki Kulawirya |
pan tansah dhawuh ing siti |
myang santrinira |
Nuripin kajumpalik ||

8.
Bag-bêg tiba rumangkang ngagir lumumah |
kaglundhung niba tangi |
nangis bêraokan |
sambate Allah Allah |
ya Allah dhuh-biyung Gusti |
nêdha apura |
nêdha luwar ing sarik ||

9.
Praptèng dhusun ing Prantèn dènnya kêlaran |
Jèngrêsmi Jayèngragi |
tri Ki Kulawirya |
kêpagolan ing wrêksa |
samya nèng tambining bilis |
Ki Pakuwirya |
amping-ampingan tambi ||

10.
Ki Nuripin sumêlap nèng ing pêdhadhah |
kêjêpit ing kayu-rip |
rumbuting papringan |
langkung dènnya sangsaya |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
sumpêg ing driya |
têwakub ing Hyang Widi ||

11.
Sanalika kêkalihnya panaul pana |
ngikis jaman pribadi |
beda lawan saban |
liyêping pêlayapan |
kadya panunggaking pati |
Ki Kulawirya |
pucat tan duwe kapti ||

12.
Wus mêngkana kang gra-godha pancabaya |
prêbawèng Banyakkaki |
antara ruhara |
pracandha bayu-bajra |
rèrèh riris sampun aris |
têrang sruh sirna |
tan ana ingkang kari ||

Jilid 9 - Kaca : 127

13.
Sira Jayèngrêsmi lawan Jayèngraga |
luwar dènnira mupid |
angungun tumingal |
asruning gora-godha |
surya pênthêr Ngasar akir |
samya sungkawa |
busana tan ana king ||

14.
Apan susah musakat dènnira salat |
Jèngrêsmi ngandika ris |
mring Ki Pakujiwa |
lah priye mêngkeneya |
mêlarat kêpati-pati |
nandhang bêbaya |
Nuripin anèng ngêndi ||

15.
Mêsakake payo padha ginolèkan |
anulya tan Asari |
samya kêwatir tyas |
lamun kêbanjur sirna |
Pakujiwa ngling ririntih |
pan wau mila |
kula sru anggêrêngi ||

16.
Dènnya angguguyu marang wukir Bayang |
-kaki têmah kadyèki |
kenging panca-baya |
wau ta pra ngawirya |
sangsaya wêwah akingkin |
kêgagas wêlas |
marang santri Nuripin ||

17.
Kêrsa wangsul manawa kantun nèng arga |
Nuripin gya kaèksi |
muntêl anèng dhadhah |
ngaringkêl tan bisa bah |
sêdaya samya sru angling |
dene kêpanggya |
Ki Wirya gumunywa-ngling ||

18.
Si Di-cêprot nèng kono lir wêrangutan |
Nuripin matur nangis |
dospundi bêndara |
kawula tan bisa bah |
kêjêpit dhadhah puniki |
gya tinulungan |
samya ngambil Nuripin ||

19.
Nèng kayu-rip pagêr suruh ing papringan |
Ki Paku ambabadi |
kang mipit pinokah |
wit suru pinêcokan |
tangane Ripin tinarik |
wus bisa mêntas |
mêksih prêmbèh anangis ||

20.
Kulawirya ngling ih si Di-pothol edan |
dadi gawene si Baring |
ngangèlkên wong kathah |
(n)dadak nganggo didhudhah |
kang pilênggah ing kayu-rip |
lir wêrgul modar |
prandene si Kêpadhil ||

21.
Adol bagus enak-enak nèng papringan |
lumaku dèn-paranni |
hèh agawe susah |
nora nguwisi dhawak |
Ripin (ng)guyu-(ng)guyu nangis |
agêrundêlan |
kobêr têmên (n)dukani ||

Jilid 9 - Kaca : 128

22.
Sampeyan kang botên nglampahi kadye ka |
kawula kang bilai |
kang dados wêwadal |
tujune tan bêndara |
ngêmungkên kula pribadi |
ingkang kêblabak |
nèng ardi Banyakkaki ||

550 Balabak

1.
Pra ngawirya samya (ng)guguyu Nuripin |
tingkahe |
Jayèngraga ngling sun tan nyana sirèku |
yèn ijèh ||

2.
Ngong aranni sira mati tan karuwan |
bangkene |
kuwatir yèn sira kajablog ing lesus |
sirnane ||

3.
Jayèngrêsmi alon dènnira ngandika |
wuwuse |
sokur-sokur sirèku bisa katêmu |
nèng kene ||

4.
Lah payo mring soring bibis kang rêsik |
papanne |
nulya samya umiring sami wiwisuh |
mring kalèn ||

5.
Wus barêsih wangsul mring sandhaping wrêksa |
arèrèh |
dènnya lênggah nèng tambi oyoding bibis |
kabèhe ||

6.
Sungkawèng tyas rikuh dènnya saha salat |
Ngasare |
sarwa têlês panggenan tan ana dhahas |
papanne ||

7.
Jayèngrêsmi arum wijiling wêcana |
ngungune |
amênuhi pancabaya udan angin |
dangune ||

8.
Sadurunge wêktu Ngasar kongsi akir |
wayahe |
ingkang rayi umatur inggih kêlangkung |
sangête ||

9.
Ki Kulawirya muwus marang Nuripin |
sojare |
e ya ta lah manira wêlas andulu |
mring kowe ||

10.
Gendhonganmu mêksih ora ucul-ucul |
suwene |
pilang-pilang têgêl (ng)gêgawa sirèku |
têmêne ||

11.
Ki Nuripin umatur dene prêtohin |
dingarèn |
angandika wêlas marang kawulane |
kenthole ||

12.
(ng)Gih saking jrih mring kagungane bêndara |
yêktose |
Kulawirya nauri aris ih iyan |
yanane ||

Jilid 9 - Kaca : 129

13.
Paran mêksih sangumu lah ungkabana |
yèn ijèh |
Ki Nuripin sigra nguculi gendhongan |
ge-age ||

14.
Wus binuka kang sêkul ulam tan ana |
kabèhe |
namung gêdhang kang maksih sami pêrèthèl |
malèthèt ||

15.
Matur o lah tiwas wus têlas sêdaya |
sêkule |
dalah ulam nyamikan juwadah jênang |
tunggile ||

16.
Jinèrèngan jarite gubras gêluprat |
turuhe |
wor balêthok lir binèlèt kèh kang bêdhah |
jarite ||

17.
Kang kinarya anggendhong pating saluwir |
suwèke |
ngling o o lah baya ta iki kang mawa |
mrojole ||

18.
Kadospundi punika thol warninipun |
sinjange |
Ki Wirya ngling lho êmbuh aku tan wêruh |
surupe ||

19.
Kêjaba-a duwèkmu dhewe kang bêdhah |
kêprèknèn |
yèn duwèkku kang rusak ya têmpuhana |
kabèhe ||

20.
Sarèhne nèng kene ya ngong-maklumi |
sakiye |
besuk yèn wus tutug ing wisma kewala |
têmpuhe ||

21.
Dadya kêbo sapimu ya manira-rêp |
lirune |
aran sira dhewe kang agawe pokal |
rusake ||

22.
Jarit kêling bêsêm tan kêna inganggo |
lungsête |
sunat (n)jaluk liru kêbo sapi bae |
bêcike ||

23.
Ki Nuripin ngêcêmut apêlongokan |
ature |
andang pira ngalêm wong thithik nulyarsa |
mèt gudèl ||

24.
Lah (m)bok mundhut têmpuh ardi Banyakkaki |
lêrêse |
saking ngriku kang gadhah pokal punika |
jalare ||

25.
Mapan sami tiwasipun kadipundi |
marmane |
pra ngawirya kadya mas timbul ing warih |
kingkine ||

551 Maskumambang

1.
Yata wontên janma sawiji kang prapti |
pan kapara tuwa |
kêmul bêbêd lungsêd putih |
udhêng kulu-kulu sogan ||

Jilid 9 - Kaca : 130

2.
Têkên kayu wani tan sêmbur lus apti |
sinopal sêlaka |
tinunjung wêlingèn wêsi |
mêthukan sinrasah giwang ||

3.
Angêthuyuk gumapula jènggodnèki |
sêmune amarma |
alon dènnira mor linggih |
aris dènnya uluk-salam ||

4.
Jayèngrêsmi agupuh dènnya nauri |
ngalèkummusalam |
samya têkêman astèki |
gya Jèngraga Kulawirya ||

5.
Wusnya salam kang mara prapti tanya ris |
anak bagus ingkang |
sami musakat nèng ngriki |
punapi darunanira ||

6.
Jayèngrêsmi sêndhêt dènnira nauri |
kawula punika |
kêparag ing udan angin |
kabrêkan ing panca-baya ||

7.
Rumahing tyas ing wêktu Ngasar wus akir |
mêlarat ing papan |
tanpantuk bêktiyèng Widi |
kang mara prapta lingira ||

8.
Yèn kadyèka sumangga nak bagus sami |
mring pawisman-kula |
panggenan-panggenan rêsik |
tan watir lalurat papan ||

9.
Dhêkah ing Prantèn gumuk alit puniku |
ingkang ingancaran |
tut-pungkur mring kang sêdyapti |
tan antara dangu prapta ||

10.
Ing wismanya gupuh mêrnahkên (ng)gènnèki |
lênggah nèng paningrat |
samya sinungan pisalin |
bathik myang lurik prayoga ||

11.
Wus warata dalah santrinira sami |
sinjang ginirahan |
mring sabat samya ingisis |
langkung pênarimanira ||

12.
Suka sukur gya samya mring masjid alit |
ngambil toya kadas |
nulya laju salat Ngasri |
sak bakdanira asalat ||

13.
Wangsul mring paningrat tata dènnya linggih |
gantya sasalaman |
sigra pasugata mijil |
ulam rampadan mawarna ||

14.
Ingancaran sêdaya samya wêwanting |
Ki Dhatuk tan arsa |
mung nginum wedang sêruni |
pra ngawirya samya nadhah ||

15.
Kadho-kadho kang bukti tan dèn-kêmbuli |
tur ta kasêrakat |
prandene tanpantuk bukti |
antara samya luwaran ||

16.
Ambêngira laju sinungkên Nuripin |
tan ana linongan |
anêmên pamangannèki |
wong ro lan Ki Pakujiwa ||

17.
Samya tuwuk tan têlas dènnira bukti |
wusira luwaran |
nyamikan lumadyèng ngarsi |
cinaran nadhah dhêdharan ||

Jilid 9 - Kaca : 131

18.
Anak bagus puniku mangsêganèki |
sêmbèn sawontênnya |
kang liningan anor-ragi |
sarwi angalap nyamikan ||

19.
Alon nabda Ki Dhatuk marang ing tami |
nak bagus sun tanya |
ing kêrsa kadi punêndi |
punapi minggah ing arga ||

20.
Punapinggih kewala têntrêm nèng ngriki |
ngong nyarah kewala |
pundi kang dipun kêrsani |
sumangga prayogèng kêrsa ||

21.
Jayèngrêsmi aris dènnira nauri |
pan inggih punika |
yèn parêng kawula apti |
minggah pucak ardi Bayang ||

22.
Kang kawula sampun kasêdya ing kapti |
pucaking ancala |
puniku ing Banyakkaki |
Kae Dhatuk lon ngandika ||

23.
Inggih sukur ing kêrsa langkung prayogi |
reyang nguntap lampah |
reyang riki tan ngêboti |
marang anak bagus samya ||

24.
Jèngrêsmyangling sukur pitulung kiyai |
ing kawêlasarsa |
sung paedah ing ngalangip |
kawula kumambèng kêrsa ||

25.
Kae Dhatuk aris dènnira ngaturi |
sumangga anyêngka |
mumpung kang surya umêsih |
yèn sompok wêktuning salat ||

26.
(n)Dan umangkat kang samya sêdya mawukir |
nut ing padhadhahan |
laju umanjat mênginggil |
saking Pêrantèn anjatnya ||

27.
Dan andêdêr praptèng Sela-dhêku nginggil |
Nuripin ris mojar |
mring Pakujiwa aririh |
lah niki nggènning kang baya ||

28.
Èh andika niku tan marèn-marèni |
wong wontên sing jrihan |
êmpun sok mawa bilai |
Ki Ragil sêndhu liringnya ||

29.
Wus ngliwati ing Sela-dhêku mênginggil |
apan kang minangka |
paragoling Banyakkaki |
mendra mêngetan luk-lukan ||

30.
Kawit Sela-dhêku malinthas tan kitri |
sela blêg sadaya |
sukêt lang-alang tan mawi |
namung lumut lan katèpan ||

31.
Kang lumampah kèndêl trêmbukuning wukir |
nèng guwa Sangsangan |
guwa lit (ng)gyan tiyang nêpi |
anèng ngriku ing Sangsangan ||

Jilid 9 - Kaca : 132

32.
Wontên trêbangira gumandhul sasiki |
lambunging paguwan |
patukan toya ngrêmbêsi |
tandho nèng clowok bêlikan ||

33.
Kae Dhatuk ngling samya mèt toyastuti |
wusnya samya kadas |
mênginggil mêrginya rumpil |
ngêrakal cucuri rangah ||

34.
Praptèng ing panglungan mêlatar arêsik |
kadya sinaponan |
godhaging platar arêsik |
kadya na pêcak rong-dasa ||

35.
Pêpangolan tumiyung pupucak wukir |
antara inggilnya |
saking pêlatar arêsik |
ingandhanan sangang dhêpa ||

36.
Andha bambu ori muput sapênginggil |
marang guwa-guwa |
wus prantine dèn-andhani |
guwa tuwa pucak arga ||

37.
Nulya samya mahawèng andha mênginggil |
Ki Dhatuk nèng ngarsa |
sêdaya minggah tut-wuri |
wus prapta ing guwa-guwa ||

38.
Samya masuk amapan dènnira linggih |
Ki Dhatuk lingira |
sumangga wêktu Mahribi |
kang liningan langkung dhangan ||

39.
Sigra mapan ing sela wungkal lus putih |
Ki Nuripin adan |
sunat sêdaya pupuji |
laju kinèn kamat sigra ||

40.
Jayèngrêsmi cinaran majêng ngimami |
agupuh mangarsa |
usali praptaning takbir |
pasekat Patekahira ||

41.
Surat Kulya-yu wusing Patekahnèki |
surat Idaja-a |
wêwacan rêkangat akir |
patitis mikrat (n)jing sastra ||

42.
Kae Dhatuk anggunggung sajroning ngati |
tan ana kuciwa |
antara wus ayat akir |
bakda Mahrib laju Ngisa ||

43.
Sangsaya pik wêwacan surat patitis |
pan Surat Jumungah |
Surat Munapèk kang akir |
bakda pragad wêktu Ngisa ||

44.
Wusnya sêsalaman tata dènnya linggih |
Ki Dhatuk lingira |
bagus (m)bok angagar gêni |
Kulawirya nambung mojar ||

45.
Lah ya mara Nuripin gaweya gêni |
kang liningan turnya |
anithik mêkotên gampil |
tan mêndhêt kajêng uruban ||

46.
Ya mudhuna sadhela ngambil kaywa king |
Nuripin turira |
kawula botên kadugi |
yèn kêprucut wontên ngandha ||

47.
(ng)Gèn kawula minggah wau tan ningali |
amêrêm kewala |
yèn mêlèk têntu bilai |
jorongên sêmaput gigal ||

Jilid 9 - Kaca : 133

48.
Kulawirya gumuyu sarwi nauri |
ya manèh mêrêma |
umatur o nuwun ajrih |
mudhun dalu-dalu samar ||

49.
Tan antara wontên sabatira prapti |
wong tiga ambêkta |
obor dhulang tinup saji |
aisi wedang dhêdharan ||

50.
Samya mènèk ing andha prapta ing nginggil |
tinata ing ngarsa |
pandam calupak miranti |
kêlangkung tustha ning guwa ||

51.
Pra ngawirya katri suka rênèng galih |
myat ing guwa-guwa |
ki tuwa ngandika aris |
sumangga sambèn dhaharan ||

52.
Samya matur inggih kêlangkung nuwun sih |
bêrkah kang mapangat |
Ki Dhatuk malih glis aris |
anak bagus sayêktinya ||

53.
Pan ing pundi sêsananipun ing wingking |
kang kasêdyèng ngarsa |
kang walèh pêsajanèki |
aywa ningit samudana ||

54.
Sapa sintên ingkang punuja ing krami |
bagus sêdayanya |
alon nambung wijiling ngling |
kae tanya sêsanamba ||

55.
Inggih saking kêrajan Wanamartèki |
ing lampah kawula |
pinutus marang sudarmi |
angupaya kadang tuwa ||

56.
Ki Sèh Amongraga kang (n)don lêlana nis |
tar pantuk tuduhan |
tan pêcak wêcana mêksih |
dene pêparab inaran ||

57.
Ingkang sudi mastani pun Jayèngrêsmi |
punika riningwang |
winastan pun Jayèngragi |
lawan paman Kulawirya ||

58.
Sudarmamba (n)jêng Kiyai Panurtèki |
wangsul palakrama |
maklum sinambat ing wangi |
saking kêtambêtan amba ||

59.
Sru gumuyu ingkang winangsulan angling |
e kalinganeya |
anak putranirèki |
ki guru ing Wanamarta ||

60.
Kang kuncara tanah jaman ing pasisir |
manca ing ngadesa |
anêbut Ki guru Bayi |
Panurta ing Wanamarta ||

61.
Pangungsène para ngulama ing ngèlmi |
Jèngrêsmi nor-raga |
pan inggih saèstu ugi |
ngling aris Alkamdulilah ||

62.
Lah suwawi dhêdharan dipun-sêsambi |
kang lining nor-raga |
ki tuwa ngandika malih |
lah mangke reyang pepajar ||

63.
Ngong puniki mitrane ramanirèki |
duk mêksih jêjaka |
seka kapti samya ngaji |
tirakat guwa wanarga ||

Jilid 9 - Kaca : 134

64.
Ing sapurug wong sêsanga satu budi |
rewang baya-pêjah |
ramanira duk ing nguni |
wastane Mas Arundaya ||

65.
Sêdayanya Carik-sutra Arsèng-budi |
lawan Malarsipta |
Carik-mudha Eka-wardi |
sapta Kidang Wiracapa ||

66.
Wargasastra kasanganipun wak-mami |
mangran Danumaya |
tan pati wontên ngaranni |
karan Ki Dhatuk kewala ||

67.
Palaling Hyang tan jêjêg nèng dhukuh lami |
lamun wus amangsa |
kêmudhèh tilar (ng)gyan malih |
ngong nèng ngriki mèh samangsa ||

68.
Manawi wus lêbar wah ngupaya malih |
dene asli reyang |
saking panêgari Bangil |
tinilar ing yayah-rena ||

69.
Dadya ngulandara nut têkdining Widi |
rêna kêkayalan |
mêlancong dêlasan mangkin |
lir pêksi pêksa ngêlawat ||

552 Dhandhanggula

1.
Jayèngrêsmi miwah ingkang rayi |
Jayèngraga lan Ki Kulawirya |
samya kumênyut driyane |
myarsa pamuwusipun |
Kae Dhatuk Danumayèki |
pra ngawirya tyasira |
tan anyana pangguh |
lan kêkaruhe kang rama |
(n)Jêng Kiyai Bayi pangidinirèki |
raharjaning alampah ||

2.
Sadèrènge mêdhar saliring ngling |
wus kacêsan sêraosing driya |
samya kêlangkung sukure |
Jèngrêsmi lon umatur |
kadi mina amanggih warih |
srêping manah tumingal |
mring paduka nêngguh |
Ki Dhatuk gumuyu nabda |
ênggèh anak bagus tan wontên bedaning |
ramanta lawan reyang ||

3.
Reyang iki tinuwa pribadi |
samya ngakang kramane maring wang |
wong sêmanga kalulute |
mring ramanta sumuyut |
ngêtub sarèrèhanirèki |
sêdaya winêtara |
santri kawan-atus |
apan wus rumiyin mila |
ramandika kinalulutan ing santri |
antèr bisa mong janma ||

4.
Wawi ngriku dhêdharanirèki |
awon kèndêl sami nyênyamikan |
mêksih apanjang dalune |
ingkang liningan gupuh |
asêsambèn sasênêngnèki |
tyas samyènggar tan wangwang |
marang Kae Dhatuk |
Jèngrêsmi anor turira |
inggih uwa Dhatuk sampun tanggêl ugi |
mumulang ing kawula ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (09b) Kaca 109 - 124
  • (10b) Kaca 135 - 143 >