Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (04) Kaca 18 - 24

 

( Wukir tuwin Laba, bêksa-èstri dados Panji Narawangsa )

4. Lare jalêr Wukir tuwin Laba, putu tuwin kapenakanipun Nayakênthi bêksa-èstri dados Panji Narawangsa (malihanipun Sêkartaji) tuwin dèwi Onêngan. Jayèngraga angêtog bêksanipun. Sapolah-tingkahipun sakalangkung ngrêsêpakên adamêl kedananipun para ningali jalêr tuwin èstri.


Kaca 18 – 24

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 18

603 Dhandhanggula

47.
Tan prabeda kalawan kang anis |
Sêkartaji Ni Candrakirana |
malah kaparèndah mangke |
yèn wus mong krama lulut |
sumiliha kaprabon-mami |
jemênênga narendra |
nèng Jênggala mêngku |
wadya kadang kadeyanta |
jênêngingsun magawan among sirèki |
anèng Cintakapura ||

48.
Aturira wau sang Apanji |
rêndhêt kalangkung dènnya lênggana |
tan kumambang ing karsane |
Dewaji Sang Pukulun |
pun Apanji tan miyat lyaning |
namung Candrakirana |
kang karya gêng wuyung |
suka tumêkèng pralaya |
yèn tan panggih lan putranta Sêkartaji |
kusuma ing Mamênang ||

49.
Angupaya sêdya setra-candhi |
Prabu Dewakusuma èmêng tyas |
myarsa ture putra mangke |
sang nata wus andulu |
dhuh atmajaningsun Apanji |
paran wasananira |
awèta gung wuyung |
kya patih Kudanawarsa |
angrarapu mring sang wira Adipanji |
anggarap ngêmu waspa ||

50.
Myang kang para Panji anangisi |
mring rajaputra kang pinangeran |
arubung kanan keringe |
umatur arawat luh |
dhuh turutên ramanta aji |
sirarya Brajanata |
tansah angrarangkul |
mring ki putra kasatriyan |
sarwi waspa dhuh yayi turutên mami |
tuduhe sudarmendra ||

51.
Kumaroyok èsthane nangisi |
sakèhing wong nonton samya wêlas |
mulat kang dadi Panjine |
karagan mèh satuhu |
malah akèh kang mèlu nangis |
dhasar wus kagrimisan |
mring Jèngraga dangu |
wong wadon tuwa myang bocah |
ting salênggruk wênèh nangis tanpa kawis |
ela-èlu kewala ||

52.
Wus mangkana bubaran kang nangkil |
kang jinêjêrakên angêdhatyan |
pra bagor samya anglènggèr |
pinangka samya mundur |
mulih sowang-sowanganèki |
tan wusning ucapêna |
patopènganipun |
saurut lalakonira |
Jayèngraga yèn nuju wawêton Panji |
tan liyan kang ing nglaras ||

53.
Samya karênan lêlakonnèki |
myat solahe Sarag praptanira |
katrima guna dhêsthine |
kèdhêp sawuwusipun |
sang Apanji wus kèngguh ing sih |
mila Prabu Jênggala |
mangke karsanipun |
ing karsa mangun wiwaha |
rajaputra lan putri binayangkari |
rinêngga pinangantyan ||

Jilid 10 - Kaca : 19

54.
Sabên wêton Panji Jayèngragi |
dene kang paman Ki Kulawirya |
kang dadi Gunungsarine |
abêsus olèh guyu |
ngakak rênyah gêtan nyêlori |
angècèr babantêran |
wong kèh kang kayungyun |
Nuripin Sadugawèlnya |
Ki Pangulu Asradênta Dhoyoknèki |
pantês wong ro sambada ||

55.
Sabobote pangulu lan santri |
karya banyol cucutira dahat |
Sadugawèle angomèl |
hèh Dhoyok kawruhanmu |
sun-tuturi duk nom sun nguni |
bot-bote wong kasrakat |
angingoni gulu |
nglêmbara (m)bêbarang maca |
layangku mung sakêbet ringkês ngong linting |
daya yèn tinulisa ||

56.
Tulisane mung satugêl larik |
bola-bali ing pamacaningwang |
ingong bacutake dhewe |
bêrkat bêcik swaraku |
mrana-mrana tinanggap mami |
kongsi cupêt sadina |
kalarisan payu |
Dhoyok angling layang apa |
Sadugawèl nauri layang pêrmati |
mêngkono uninira ||

57.
Sêmut irêng anak-anak sapi |
êng êng êng êng mung iku uninya |
nora nana manèh-manèh |
Ki Dhoyok ling hus buntung |
têka dene bisane laris |
nauri laris pisan |
kang nanggap kumrubut |
jêr wong ora nganggo opah |
ukur akon bae kosêngguh ngopahi |
tulus tan ana opah ||

58.
Sadina bênthang kalanlih ngêlih |
nuli olèh sêmbulih wakingwang |
mring padesan panujune |
Dhoyok ngong pinèt mantu |
kedanan mring swaraku apik |
rinewang bukak kawah |
nganggo nguyu-uyu |
nêmbêlèh kêbo sapasang |
wong sadesa kabèh padha kêmul jarik |
tan ana ngliga awak ||

59.
Basa têmu maratuwa mami |
akon amuni gamêlanira |
kumrawak kodhok-ngorèke |
nora na bedanipun |
calathune gamêlanèki |
padha nyêngkarak erak |
gêrok angêndhuruk |
basa têmu nèng pajangan |
padha mangan bojoku ingong-kêpêli |
kagêdhèn kêpêlingwang ||

60.
Pitung kêpêl êntèk dèn-puluki |
kari sakêpêl pangêlêdira |
kasêrêtên gèdhèg-gèdhèg |
nglumpuk kêpêlan pitu |
nora kolu mandhêg nèng mênjing |
aglis manira nyandhak |
gulune bojoku |
malêmbung sawaluh dandang |
panyanaku kêpêlan kang mandhêg iki |
tan wruh yèn gondhokira ||

Jilid 10 - Kaca : 20

61.
Nguli-uli bojoku anjêrit |
gupuh sanake padha bramantya |
barêng ngêbyuki ngong kabèh |
kang (n)jêjêg kang anjagur |
kang ngawêlas ana mênthungi |
dèn-aranni wong edan |
Dhoyok raganingsun |
srupaning kang mala mring wang |
kabèh padha gondhok-gondhok sun-tingali |
ngêtèmbol sagèmbolan ||

62.
Kadèkêna calathune sami |
nora beda padha bêbagoran |
glêrêg lir têkèk gowoke |
sabab gondhok sadarum |
gondhok dalah gamêlanèki |
kabèh sadesa pisan |
wong gondhok ngalumpuk |
ting garèndhol gondhokira |
kucing kirik gondhok miwah kêbo sapi |
gondhok-gondhok sadaya ||

63.
Lamun nora gondhok jare wêdi |
yèn kinêrah marang wong sadesa |
Ki Sandilumur anjêngèk |
mojar ngagagi jagur |
ngudubilah sètanirajim |
punapa bêbanyolan |
anyêmoni mring sun |
Nuripin gumuyu latah |
kang Sradênta ngong datan nyêman-nyêmoni |
sablakane kewala ||

64.
Gêr ginuyu wong ing kono sami |
Dêmang Wirancana Wiracapa |
lan pra kadang sadayane |
langkung suka andulu |
mring banyole santri Nuripin |
dudu wuwusing wayang |
wus calathu lugu |
Ki Pangulu Asradênta |
kang ginuyu nganggo nyêbut cara santri |
gèsèh ing patopèngan ||

65.
Langkung sukanira kang ningali |
bagor lalakone Narawangsa |
kèh kasmaran panontone |
wêruh ingkang anggambuh |
Jayèngraga Kulawiryèki |
tan kuciwa sabarang |
cèplêsira mungguh |
malah pra bagor manelad |
pamiwire tatikêlane ngarangin |
kang kadya Jayèngraga ||

66.
Ana putune Ki Nayakênthi |
lawan ponakane maksih bocah |
sêmamar mèlu anopèng |
rêsik rupane suluh |
rumucuhe pawakan èstri |
ran Wukir lan si Laba |
karone wus gambuh |
Wukir dadi Narawangsa |
pan si Laba putune Ki Nayakênthi |
si Wukir kaponakan ||

Jilid 10 - Kaca : 21

67.
Laba kang dadi Onênganèki |
Jayèngraga suka maring bocah |
ro Laba lawan Wukire |
wiyungyun jroning kalbu |
dhasar komuk wong sadesèki |
si Wukir lan si Laba |
di têmbunging kidung |
yèn anopèng Wukir Laba |
wong kang nonton akèh samya amèwèhi |
kêmbang kinang busana ||

68.
Miwah arta sinungkên mring Wukir |
myang si Laba ing sasênêngira |
yata kang samya anopèng |
urut salakonipun |
Sêkartaji putri Kêdhiri |
sinêndhalmayang Dewa |
pinulung dinunung |
nèng wana-gunge Sêmara |
-sèwu nêgês ing Bathara Odipati |
tinurunan Jawata ||

69.
Jinurungan sasêdyanirèki |
Sêkartaji pan wus dadi priya |
sinungan Narawangsane |
tinuduh mring praja gung |
ing Jênggala amangun-kardi |
lumampah kawlas-arsa |
wong nonton kayungyun |
mring kang dadi Narawangsa |
wus kapêthuk Sadugawèl gya ingirid |
ingambil karya patah ||

70.
Wus apanggih lawan sang Apanji |
langkung anyênyêt pamoyokira |
mring Sarag kasatriyane |
anggulêt ing kalulut |
Narawangsa lawan Apanji |
wong nonton ragan-ragan |
pinindha kadyèku |
anutug lalakonira |
nuju Panji akarya lalangên ringgit |
Narawangsa andhalang ||

71.
Pra ngigêl pangikêling cêmpurit |
(m)branyak sarwi aleyangan kothak |
dyan Panji tansèng wurine |
miluta sojaripun |
ngungkih Sêkartaji sajati |
wêdhare Kirananya |
kang pinurwa sêmu |
wasi Kuda-narawangsa |
kaduk wuwus pangokonira akikip |
aguyêg ing paguywan ||

72.
Yèn sun-cawuk lambemu angisis |
sun-colok ing ngêlêng-ngêlêngira |
macothot manikmu molèr |
têmah mêlêngmu bawur |
tan idhêp ring bojonirèki |
malolokakên mata |
si abuh malêmpuh |
têmbako pangusap waja |
susar-susur loke araning garingsing |
sira gung kacomplongan ||

73.
Ancur-banon pataranganing prit |
lêbur atimu uwus karuhan |
dèn-abyag ing bajul bèbèk |
katêluh ing kalinthuh |
myang babêthuh angungunthuhi |
rambutan isi pacar |
elinga wong bingung |
liwung ngiwung edan ngomyang |
angêlamuk kalinthunging linthung kênthing |
thèthèkan ngothak-othak ||

Jilid 10 - Kaca : 22

74.
Langkung suka kang sami ningali |
saking nyênyêde carêmêdira |
Jèngraga lan si Wukire |
atine wong awuyung |
brangti marang Jèngraga-Wukir |
katêlu mring si Laba |
kèh mring Jèngragèku |
mangkana sadangunira |
Narawangsa kinasiyan Jayèngrêsmi |
wus wêdhar ing kêkêran ||

75.
Sarag-ira wus kinèn nêlasi |
Wadal-wêrdi wus nèng pamagahan |
pinulung ing Batharane |
dadya sang Panji gandrung |
marang Kae pindha-wawasi |
sajatine Kirana |
mangkya karya gandrung |
angarah kang malih warna |
ri sang Adipanji Inokartapati |
gandrung samarga-marga ||

76.
Kadeyan pitu kawolu èstri |
sira rara Onêngan kasanga |
kang para wadon cacahe |
tutwuri ri sang gandrung |
datan kêna barang kaèksi |
kang myarsa têbah-jaja |
mara gandrung-gandrung |
parênjak nèng kayu teja |
rinarêpa rinungrum ingarih-arih |
cinipta putri Daha ||

77.
Ragil-kuning tansah anangisi |
kang raka cinènèng paningsêtnya |
kakang aja anêlame |
têka agandrung-gandrung |
kapirangu ing prênjak muni |
dudu Candrakirana |
pinarêpa gandrung |
gandrungmu asalah cipta |
iku manuk parênjak rong jodho muni |
(ng)gantêr nèng kayu teja ||

78.
Anauri iku dudu pêksi |
kakangira kusumèng Mamênang |
duduka marang sun mangke |
mêjên tyas anggung gandrung |
kapirangu rêngu ing mami |
mimikaning kusuma |
mawèh mepu gandrung |
gandrung manira tan nyana |
yayi Wasi putri adi ing Kadhiri |
ran Kuda-narawangsa ||

79.
Radèn Panji Ino Kartapati |
tansah kantaka samarga-marga |
rinubung pra kadang kabèh |
nangisi ri sang gandrung |
samya mêngkul suku anangis |
wong nonton sadayanya |
samya sênggruk-sênggruk |
tan raga-raga ringgitan |
kadya sawantahe rasane kang ati |
tapis rantas katrawas ||

Jilid 10 - Kaca : 23

80.
Jalu èstri netra datan arip |
saking dènnira suka tontonan |
kalulut lakoning topèng |
kèlu kawêlas-ayun |
sira nimas Rara Widuri |
kadurus rudatin tyas |
anglês lir winuluh |
myating bagus Jayèngraga |
Ni Widuri mèh-mèh bae kurang thithik |
ngrasuk têngah kalangan ||

81.
Tan wus ucapên solahing jalmi |
kang anonton kadi lênglêng brangta |
ya ta lah lakoning topèng |
ing wanci lingsir dalu |
sigêgên ing caritanèki |
Ki Nayakênthi kêprak |
pangucapira sru |
anênggih ingkang kocapa |
ingkang anèng Kalidhawung sanga Aji |
Kalana Sewandana ||

82.
Lir ginala-gothang kang anangkil |
sigra tanggap ki niyaga buka |
gumrêmbrêng sêsêg gêndhinge |
pra bagor ngrasuk tapuk |
ting jalikrah gidrah angibing |
warna bala-bacingah |
kawêng tali-wangsul |
Ki Wuragil Kulawirya |
pan dadya panyare Rangga Thana-thani |
sisih Ujung-sambata ||

83.
Bataura lan pra raja nangkil |
ing Madhêndha Manila Manggada |
kang kapara ngarêp dhewe |
jèjèrira alungguh |
Rangga Thona-thani lan malih |
Arya Ujung-sambata |
Bataura nêngguh |
nutug jajanturanira |
Gala-gothang nulya anibani gêndhing |
miyos Prabu Kalana ||

84.
Kêprak sarta kêplok angrangin |
Jayèngraga ngowahi busana |
sondhère pinorah-parèh |
ingulur kuncanipun |
kêpuh mulu-pêksi salisik |
mêdhok wiwironira |
sri angayu-apu |
pamêkak têrtib binabar |
alancingan panji-panji cindhe wilis |
corak kisut parada ||

85.
Jayèngraga ngrasuk tapuk-adi |
Klana kancanan binabar anyar |
sawuse anangkêp topèng |
nulya ukêl agambuh |
jêngkêr jêngkêng ingkang jariji |
jêjêre talak mata |
nging bêksa binêsus |
akênaptining pangraras |
nguras reka sandi lungiding pangibing |
sinuntak tumplak lawak ||

86.
Dhalang Nayakênthi angêthaki |
anjanturi Kalana kasmaran |
rêrêp ririh janturane |
nutug janturanipun |
Sri Kalana wuyung mangun-gring |
putri-adi Ngurawan |
paranning alinglung |
gêndhingira sinasmitan |
kêprak nêsêg ambyung sarancak arawit |
wiraga Jayèngraga ||

Jilid 10 - Kaca : 24

87.
Mêdêd mêngêd dènnira angibing |
nêlasakên rarasing kalangyan |
lir kajiman pangrangine |
jariji kêjêr ngrayung |
ngigêl ukêl parigêl ngrangin |
manggal Manggalagita |
tatapêngan nanduk |
kipat amidak irama |
dhêngkul angglong cingklok cêthik uklak aklik |
pacak-jangga èglègan ||

88.
Mênthang asta andhêngklang ngêtibing |
têtêbêngan usab kêlèmètan |
ilo-ilo alêlathèn |
maju bandhil anurung |
amêdidang |
alênggak langak-langak |
kiprah gêdrug-gêdrug |
angêsrug mêdhi-kèngsêran |
èpèk-èpèk ambuntut bèbèk kêkiris |
kèrogan salênthikan ||

89.
Ririgêgan laga tan karigit |
kipat-kipatan nonang-aningan |
lero kêncèt anêrècèt |
ridhong ayam nêladhung |
kasigêgan tanjak macaki |
akiprah runjah-runjah |
jarahan jujungut |
juwête lorèng sêngèran |
Jayèngraga wiraganira angênting |
berag anèng kalangan ||

90.
Sakathahe wong kang aningali |
jalu èstri acipta kedanan |
mring Jèngraga pangibinge |
mêjên binglêng anglinglung |
wlanjar randha somahan kêncing |
tan beda brantanira |
(n)dêlêng sang abagus |
Jayèngraga pinurwèndah |
sadayane pawèstri tan ana aking |
ngêmbêr nyunyungannira ||

91.
Yata wau Ni Rara Widuri |
kadya wong kêna guna-wisaya |
arongèh tambuh angêne |
batinira baliwur |
lir ginatêl karêpirèki |
tan kêna sumêneya |
wringut ing pandulu |
ni rara ing Galèk-wulan |
wulangune wus tan kêna dèn-sayuti |
onênging tekadira ||

92.
Ngènirakên sangkribirèng èstri |
wus mantêp karsa mikir priyangga |
katgada sanalikane |
nimas rara nyat gupuh |
lumayu tan wangwang ing jalmi |
mimiyak wong jagongan |
nulya ngrasuk purun |
mring anggane Jayèngraga |
rinukêtan tan bênggang lir pulut-kêlit |
krakêt sarwi karuna ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (03) Kaca 10 - 17
  • (05) Kaca 25 - 26 >