Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 4

Kontak Admin.

email-kidemang

 (24) Kaca 226 - 228

 

( Jamal Jamil nyumêrêpi sadaya lêlampahan )

2. Jamal Jamil nyumêrêpi sadaya lêlampahan wau jalaran sami ngumpêt pêrlu badhe nyumêrêpi babaring lêlampahan. Sasampunipun cêtha kadi kasbut ing nginggil, lajêng sami lumajar tumuju Wanamarta. Sadhatêngipun Jamal Jamil Kyai Bayi Panurta lajêng nimbali para putra putrinipun. Sadaya sami mirêngakên cariyosipun Jamal Jamil wiwitan dumugi wêkasan. Sanalika Nikèn Tambangraras kantu dados bayangan. Jamal Jamil botên purun kacandhêt, wangsul dhatêng tanah asalipun ing Karang tanah Bantên.


Kaca 226 – 228


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 226

636 Gambuh

6.
Mangetan lampahipun |
anaratas Kidang-layang gunung |
tanpa lèrèh ing siyang ratri lumaris |
datan kawarna ing ngênu |
Wanamarta krajan anjog ||

7.
Sapasar lampahipun |
dupi panggih (n)Jêng Kiyainipun |
Kyai Bayi Panurta anuju linggih |
kalawan rubiyahipun |
anèng paningrat amanggon ||

8.
Ing wanci bakda Luhur |
praptanira Jamal Jamil gupuh |
santri Luci ingkang angirit mring wuri |
kagyat (n)Jêng Kiyai (n)dangu |
sumêdhot raosing batos ||

9.
Jamal Jamil agupuh |
asadhêpêg lênggahirèng ngayun |
parêmbèyan umatur pan sarwi tangis |
magêp-magêp wuwusipun |
tan cêtha tansah (ng)galolo ||

10.
Ki Bayi aris muwus |
lah sarèhna kariyin ywa tutur |
tan tetela mundhak angrêrantan ati |
nangisa dèn-kongsi tutug |
tutura dipun-cumêplong ||

11.
Ki Bayi sigra nuduh |
animbali para kadangipun |
putra jalu kalawan ingkang pawèstri |
sadaya wus prapta gupuh |
nèng ngarsa sarwi cumadhong ||

12.
(n)Jêng Kyai ngandika rum |
lah ta kabèh rêngênta ing tutur |
lamun iki Jamal Jamil lagya prapti |
dènnira nis atut pungkur |
marang Ki Sèh angaloyong ||

13.
Durung kongsi atutur |
ing pawarta sadaya maring-sun |
de-kasaru tangisira andarwili |
tan cêtha ing wuwusipun |
sun-atag dimèn akatog ||

14.
Ing mêngko baya uwus |
tangisira tutura sirèku |
Jamal Jamil anêmbah anuli angling |
dhuh Ki Bayi amba matur |
kawula umiring manggon ||

15.
Nèng Mataram jinujug |
Ardi-kidul ing Sêmanu dhusun |
putrandika dadya panguyuning janmi |
angadêgên masjid agung |
gangsal plênèng dènnya mandhok ||

16.
Anulya tampi bêndu |
ing (n)Jêng Gusti anduta tinuduh |
anyêpênga putrandika wus lumirig |
winot baronjong linarung |
nèng Tunjungbang samudra rob ||

Jilid 10 - Kaca : 227

17.
Wus sirna anèng ranu |
putrandika tan wangsul kadulu |
wangsulira kang duta maring nagari |
kawula kalih alaju |
mariki arsa tur wartos ||

18.
Samana kang rumungu |
ing pawartos wau sirnanipun |
Seh Mongraga linarung têlênging tasik |
sadaya mawêtu êluh |
Tambangraras andarodos ||

19.
Sadaya tanpa muwus |
lêg ing driya rinasa kadaut |
sru sungkawa ing nala anggung matistis |
lir sinambêr gêlap luput |
tinêbak tuna dening mong ||

20.
Antara dangunipun |
Kyai Bayi nulya ngandika rum |
lah ta uwis datan kadawa pinikir |
ing wuri bae rinêmbug |
sumarah karsaning Manon ||

21.
Mungguh ing titah tuhu |
datan bisa suminggah ing tamtu |
papasthèning Hyang ingkang kinanthèkna nguni |
tinulis ing Lohkil-makpul |
mung sadarma solahing wong ||

22.
Pra kadang miwah sunu |
tan ana ngling sadaya tumungkul |
datan bisa ing wuwus yèn angluwihi |
nanging sru wêlasing kalbu |
maring putra kadang wadon ||

23.
Kadaut rasanipun |
têpa-têpa rasanirèng kalbu |
mungguh èstri ingkang nêdhênge papasih |
lan lakine dadya guru |
kang wus sinêtyaning batos ||

24.
Ing mêngko dadak pugud |
kang sinêtyan tan ana kadulu |
dadya wau sagung ingkang amiyarsi |
mung Nikèn paraning kalbu |
sru wêlas rasaning batos ||

25.
Lir murcatma satuhu |
Tambangraras tan kêna amuwus |
pêt kasaput kapêtêking nala atis |
anggêblag dènnira lungguh |
tan èngêt maring kang katon ||

26.
Sakala dadya kantu |
Ni Malarsih ingkang cakêt lungguh |
langkung gugup sadaya gita nyakêti |
sinotyan wadananipun |
dangu datan bisa anon ||

Jilid 10 - Kaca : 228

27.
Pinêtik karnanipun |
ingkang kering dening ingkang ibu |
dangu-dangu èngêt nulya angalilir |
aririh ngucap tangawut |
angudubilah saeton ||

28.
Wus kinèn ngunjuk ranu |
radi lêrêm ing panggalihipun |
gya ingatêr kondur ring rama ring panti |
mangetan ing wismanipun |
para tuwa gung ngaroyom ||

29.
Ni Daya Sumbaling ku |
kang wawarah sakèhing pangrapu |
winursita Kae Bayi lan pra ari |
miwah kalih ingkang sunu |
kang anggung mangun wiraos ||

30.
Mring putranira wadu |
dènnya mamrih utamaning laku |
para ari tansah anglipur panggalih |
dhuh Kiyai kang saèstu |
mênggah ingkang putra wadon ||

31.
Tan ceda warnanipun |
lan utama ngalim maring ngèlmu |
datan kurang ing wuri kang angajêngi |
anganti lêrêming kalbu |
putrandika kang sayêktos ||

32.
Jamal Jamil sumambung |
dhuh Kiyai kalilana ulun |
arsa pamit wangsul maring Karang nagri |
ing ngriki datan sakantuk |
sanès asal-amba yêktos ||

33.
Kiyai ngandika rum |
lamun kêna rika ywa kasusu |
mentar saking Wanamarta dipun aring |
nging Jamal Jamil andarung |
kumêdah anuli bodhol ||

34.
Ki Bayi dadya asung |
sarananing lampah mangka sangu |
kalihdasa sêmat kang salaka putih |
wus tinampan kalihipun |
gya pamit anuli bodhol ||

35.
Datan kawarnèng ngênu |
Jamal Jamil mangkya lampahipun |
Wanamarta ingkang gung nahên rudatin |
nahên ta ingkang winuwus |
ingkang amucung lalakon ||

637 Pocung

1.
Kang cinatur carakanira sang Prabu |
ing nagri Mataram |
pinrih mariksa ngukumi |
solahira kang aran Sèh Amongraga ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (23) Kaca 219 - 225
  • (25) Kaca 229 - 230 >