Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (01) Kaca 01 – 04

 

( Nikèn Tambangraras kathah ingkang nglamar, nanging sadaya katampik )

11

I. Sasampunipun katilar garwa, Nikèn Tambangraras kathah ingkang nglamar, nanging sadaya katampik. Kudasrênggara ing Panataran nglamarakên adhinipun, Sawojajar, ugi katampik, lajêng badhe mêjahi Ki Bayi Panurta. Kaprayogèkakên damêl gambaripun Sawojajar kalêbêtna ing griyanipun Tambangraras supados sumêrap rupinipun sang panglamar. Gambar kalêbêtakên dening durjana, dumadakan sang durjana gandrung dhatêng Tambangraras. Nalika nyêlaki, sanalika kantaka. Durjana tobat, malah kaganjar. Nikèn Tambangraras lajêng lolos kadhèrèkakên Ni Cênthini.

1. Plajêngipun Jamal Jamil sasampunipun sumêrap Sèh Amongraga kalarung ing sagantên kidul, dumugi ing Wanamarta. Sadaya lêlampahan katur Ki Bayi Panurta sakulawarga saengga ndadosakên sungkawa. Nikèn Tambangraras dhawah kantu, karapu dening rama ibunipun.


 

Kaca 01 - 04

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 1

SÊRAT CÊNTHINI XI

638 Kinanthi

1.
Warnanên kang andon nglangut |
ing siyang dalu lumaris |
anêrajang jurang-jurang |
sêngkan pèrèng rumpil-rumpil |
datan kawarna laminya |
andungkap sampun sawarsi ||

2.
Salir solah-bawanipun |
apan ta datan winarni |
kacatur nèng Sotyaganda |
mangkana lagyane prapti |
kathah kang wong puruita |
siyang dalu samya prapti ||

3.
Panjang-panjanging acatur |
saya akathah wong prapti |
sangsaya katular-tular |
dadya katur ing narpati |
Sultan Ing Ngalaga myarsa |
saking aturing pra kêtib ||

4.
Gusti wontên kaum rawuh |
wastanipun Amongragi |
tuhune sampun utama |
rencange amung kakalih |
ngèlmune purun amiyak |
wawadinipun (n)Jêng Gusti ||

5.
Sang nata kagèt kalangkung |
miyarsa aturing kêtib |
dadya sang nata sru duka |
kinèn ngukum mring pra mukmin |
pangulu pra nayaka |
samya kinèn angukumi ||

6.
Tumênggung Wiragunèku |
kang tinuduh de sang aji |
lan pangulu natagama |
keringan kang para mukmin |
mantrine Ki Wirajamba |
ambuwang Sèh Amongragi ||

7.
Binuwang pasisir kidul |
amblês tan ana kaèksi |
pangrasane kang tumingal |
kang binuwang mring pasisir |
pangulu lan Wirajamba |
amung Ki Amongragèki ||

8.
Amongraga tan cinatur |
sadaya wus bubar mulih |
wadya ing Nayanaganda |
warnanên santrine kalih |
pangiringe Amongraga |
kang wasta Ki Jamal Jamil ||

9.
Mirsa gustine linabuh |
dharakalan sami mulih |
marang wisma Wanamarta |
sigra dènnira lumaris |
tan wikan ing marganira |
duk (n)dhèrèk gustinirèki ||

Jilid 11 - Kaca : 2

10.
Dadya santrine kalaut |
tan wikan margane nguni |
Ki Jamal Jamil kasasar |
praptèng dhukuh ing paminggir |
majêmuking Wanamarta |
sira santri Jamal Jamil ||

639 Sinom

1.
Warnanên Ni Tambangraras |
ingkang tinilar ing laki |
datan pêgat apuwasa |
tanpa dhahar tanpa guling |
siyang kalawan ratri |
ananêdha ing Hyang Agung |
miwah Kyai Panurta |
ananêdha ing Hyang Widhi |
putraningsun dinulurana sakarsa ||

2.
Mangkana Ni Tambangraras |
lan ibu Nyai Malarsih |
umarêk mring Ki Panurta |
ngaturkên supênanèki |
nanging dèrèng kawarti |
kalawan Ni Malarsih ku |
kasaru dhatêngira |
kang wasta Ki Jamal Jamil |
ingkang mulat kagyat sami asung salam ||

3.
Marêk ing Bayi Panurta |
santri kakalih tur bêkti |
nangis anungkêmi pada |
wus katur sasolahnèki |
kala Amongragèki |
(ng)gêbyur nèng sagara Kidul |
(n)jêngêr Bayi Panurta |
tinutur solahing nguni |
Tambangraras kumêpyur tyase garowah ||

4.
Kadya matiya alênggah |
Tambangraras (n)jrit anangis |
sarya têbah-têbah jaja |
nora kaya awak-mami |
Ki Bayi Panurta ngling |
Panukma Kulawiryèku |
sambutên anakira |
Ni Tambangraras kang nangis |
kabèh padha ulihna wismane kana ||

5.
Tambangraras gya binêkta |
mring wismanira ing nguni |
sampunira praptèng wisma |
Tambangraras (n)jrit anangis |
niba ing kasur sari |
nungkêmi gugulingipun |
yata Bayi Panurta |
nusul mring wismane siwi |
ingkang paman miwah kang bibi tut-wuntat ||

6.
Wus prapta tilaming putra |
atata sami alinggih |
angadhêp sang lir kusuma |
para bibi munggèng kèring |
ing kanan pamanèki |
Ki Panurta ngulonipun |
rayi kalih ing dagan |
Jayèngraga Jayèngrêsmi |
Panurta ris ngandika lipurên padha ||

7.
Ngadhêpi apa gaweya |
têka pijêr padha nangis |
kang jamak padha nglipura |
mring nakingsun kang prihatin |
ngandika mring Malarsih |
lah gugahên putraningsun |
sigra dènnira(ng)gugah |
ing putra kang anggung kingkin |
lah mênênga wong ayu wus bêgjanira ||

Jilid 11 - Kaca : 3

8.
Ramanira iku prapta |
miwah kadangira nini |
ingkang ngadhêp marang sira |
wiwit enjing kongsi lingsir |
nora sira panggihi |
iku durakèng Hyang Agung |
Tambangraras wungua |
sakêdhap anuli nglilir |
sarêng mulat yèn ramanira kang prapta ||

9.
Kêbat dènnira alênggah |
nèng ngarsane sudarmèki |
ingarih-arih kang rama |
para paman para bibi |
utawa ingkang rayi |
kabèh padha anglilipur |
maring sang lir kusuma |
kang para kadang (n)jagani |
Ni Malarsih nyêpêngi astane kiwa ||

10.
Kang ibu tansah karuna |
tan kandhêg amituturi |
tilas kagarwa ngulama |
apan sira wong abêcik |
iya putrane èstri |
mung sira dhasar pambayun |
ngandika Ki Panurta |
lah uwis elinga nini |
wus pasthine dadiya randha nonoman ||

11.
Utamane wong ngagêsang |
yèn tinilar marang laki |
mumuleya kang wus lena |
aja sira gung prihatin |
Tambangraras turnya ris |
inggih ta lêrês puniku |
sawarnine kang brana |
kang tinilarkên mring mami |
kula damêl mumule lawan tilawat ||

12.
Warnanên sampun alama |
dènnira tinilar laki |
sira Nikèn Tambangraras |
tan owah maksih rêspati |
cacade mung sawiji |
têka maksih gandrung-gandrung |
dadya wulanjar sêkar |
ayune tanna tumandhing |
amung sira sang dyah ayu Tambangraras ||

13.
Akathah tamu kang prapta |
kang samya anênontoni |
marang Nikèn Tambangraras |
akathah lamaran bali |
êjor-êjoran sami |
kang samya bandha barèwu |
tani miwah sudagar |
priyayi manca nagari |
wangsul-wangsul samya dhatêng Wanamarta ||

14.
Sadaya pan tinampikan |
ingkang sami nênontoni |
maring Ki Bayi Panurta |
marmane samya tinampik |
dene tan apti krami |
Ni Tambangraras puniku |
langkung akipa-kipa |
tinantun krami tan apti |
wus pasthine wak-ingsun dadi wulanjar ||

15.
Mangkana Bayi Panurta |
garwanira Ni Malarsih |
kinèn maripih ing putra |
siyang dalu mituturi |
nanging mêksa tan apti |
Kèn Tambangraras tyasipun |
datan kêna mêmbata |
Malarsih lingira aris |
dhuh nakingsun babo sira akrama-a ||

Jilid 11 - Kaca : 4

16.
Ni Tambangraras aturnya |
botên kudu kula krami |
maksih katon Amongraga |
trisnane marang ing mami |
guru angiras krami |
kang madhangkên tingalipun |
pintên banggi ing benjang |
yèn wontên ingkang ngudi |
yèn ing mangke tyasipun tan apti krama ||

17.
Milane tan purun krama |
kawula miyarsa warti |
misuwur sampun pralaya |
nanging tyas-ulun pribadi |
taksih dèrèng ngêmasi |
putra-ndika kang anglangut |
wus bêgjane wakingwang |
yèn wus karsaning Hyang Widdhi |
pintên banggi ing benjang sintên wikanna ||

18.
Nahên ta gênti winarna |
kang anèng Wanamartèki |
kocap praja Panataran |
putrane Menak Pasagi |
bagus diwasa nênggih |
wastane ingkang asêpuh |
Menak Kudasrênggara |
wontên dene ingkang rayi |
kang awasta Ki Sawojajar punika ||

19.
Kang rama sampun aseda |
pêjah kalane ajurit |
duk ambêdhah Sokaraja |
dadya cucuking ngajurit |
ing mangke putranèki |
anggêntosi lungguhipun |
wasta Kudasrênggara |
kang (ng)gêntosi ramanèki |
asih suyut têtiyang ing Panataran ||

20.
Maring Ki Kudasrênggara |
kadang pawong sanaknèki |
asuyut asih sadaya |
marang Kudasrênggarèki |
anglampahi agami |
datan tilar waktunipun |
kulawangsane samya |
tinêtêpkên gamanèki |
yèn Jumuwah rame samya raratiban ||

21.
Garwane Kudasrênggara |
ayu-ayu mung kakalih |
wastane ingkang atuwa |
wadon Wilasa kakasih |
Puspita kang taruni |
samya tut dènnya mamaru |
lir tunggal ibu rama |
tan ana kang walangati |
samya yune kalih bêkti kakungira ||

22.
Nanging Ki Kudasrênggara |
mangkya lagya sêdhih kingkin |
de rayi Ki Sawojajar |
punika dèrèng akrami |
tansah tinari krami |
nanging kang rayi tan ayun |
sangêt dènnya lênggana |
Kudasrênggara lingnya aris |
nganti apa lah sira nuli krama-a ||

23.
Suka wadènên pun kakang |
apa karsanira yayi |
payo sira nontonana |
sapa kang sira karsani |
ingsun turut sirèki |
yèn krama sasamènipun |
matur Ki Sawojajar |
kawula tan arsa krami |
benjang-benjang kawula yèn arsa krama ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (00) Isi Jilid 11
  • (02a) Kaca 05 – 13 >