Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang

 (13) Kaca 158 - 174

 

( Sèh Malangkarsa katamuwan Cariksutra lan Carikmudha )

11

V. Ing Ngardipala Sèh Malangkarsa katamuwan Cariksutra lan Carikmudha ndhèrèkakên Ki Bayi sakalihan. Ni Malarêsmi têrus anggubêl supados sagêd enggal kapanggih para putranipun. Sèh Malangkarsa utusan Ki Modang lan Ki Trêsnaraga nimbali Jayèngrêsmi lan Jayèngsari ing Ngardisalah. Ing wana kapapag danawa dados

pancakara, danawa badhar dados Ajar Sangularas, sagah ngirid dhatêng Ngardisalah, nanging ical saking pandulu, dumadakan sami santun paningal ngadhêp Sèh Raras (Jayèngrêsmi), Ajar Sangularas lan Sèh Rêsmi (Jayèngraga) dalah para semahipun. Jayèngrêsmi lan Jayèngraga botên purun sowan rama-ibu, nanging ing têmbe sadaya badhe kapanggih ing Jurang Jangkung. Ni Malarêsmi nyuwun supados enggal dhatêng Jurang Jangkung (Wanataka), lajêng sami mangkat.

1. Sèh Malangkarsa ing dhusun Ngardipala katamuwan Ki Cariksutra lan Carikmudha ndhèrèkakên Ki Arundaya sakalihan. Tamu kapanggihan Sèh Malangkarsa dalah sakabatipun. Ki Arundaya ngandikakakên wigatosing lampah ngupadosi putranipun, Jayèngrêsmi lan Jayèngraga. Sèh Malangkarsa ambêbolèhi kanthi nylamur rêmbag, nanging Ni Malarêsmi tansah nyuwun supados enggal sagêd kapanggih para putranipun. Rèhning lampahipun dhatêng partapanipun putra ing Ngardisalah rumpil sangêt, mila Sèh Malangkarsa utusan Ki Modang lan Ki Trêsnaraga nimbali para putra wau.


 

Kaca 158 – 174

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 158

666 Mêgatruh

65.
Kae Bayi Panurta anrah ing kayun |
(n)dan samya minggah ing wukir |
wukir kinubêng ing dhukuh |
satundha atêpung parik |
pan undhakan sapêngisor ||

66.
Beda-beda pakitrèn sabanjêngipun |
rakiting wisma pinarik |
Rundaya satundha mangu |
mulat asrine desèki |
tyasira lir pêksi kuwong ||

667 Dhandhanggula

1.
Yata wau kang anèng wismèki |
nênggih sira Kae Malangkarsa |
lênggah anèng paningrate |
lawan rubiyahipun |
Malangrêsmi sarya sasaji |
wedang lalabanira |
mamanisanipun |
myang manisan juwadahan |
lan wowohan simpar gumantung kang manis |
asri munggèng lancaran ||

2.
Kae Malangkarsa ngandika ris |
mring kang garwa paran wahananya |
wong mulat kukupu cindhe |
sajodho tinut-pungkur |
kupu lêmah papat tut-wuri |
sakesuk anèng latar |
(ng)ko iki lumêbu |
anèng sajroning paningrat |
apa ana kirane dhayoh kang prapti |
paran adoh parêka ||

3.
Ni Malangrêsmi matur ring laki |
lah punapa inggih sayêktinya |
kukupu pan wus sabêne |
sasaba anèng ngriku |
bolah kados parênjak muni |
wangsite ginraita |
kadhatêngan tamu |
Ki Malangkarsa ris nabda |
iya sabab dingarèn kukupu iki |
kaya asung sasmita ||

4.
Iya mêngko karuhane dhingin |
titane yèn wus suruping Arka |
ana kalawan orane |
antara dangunipun |
Basariman prapta ing ngarsi |
matur wontên dhatêngan |
ing (n)jawining pintu |
ramanta Ki Cariksutra |
Carikmudha lan rencang sakawan èstri |
pan arsa papanggiya ||

Jilid 11 - Kaca : 159

5.
Mèsêm angling Ki Malangkarsèki |
lah ta goroh mono ujaringwang |
yèn ana dhayoh marang-ke |
gêlarana dèn-gupuh |
klasa alus lawan tap sirih |
lan rakita sunggata |
sathithik kang mungguh |
kang garwa liningan mentar |
angling marang Basariman lah dèn-aglis |
turana kang dhatêngan ||

6.
Ki Pangulu Basariman gipih |
angaturi mring kang sêdya prapta |
Ki Cariksutra wuwuse |
kakang Arundayèku |
lah kantuna ngriki rumiyin |
kawula yun panggiya |
rumuhun lumêbu |
Ki Arundaya lingira |
ênggèh yayi para lumêbuwa dhingin |
rèyang kantun nèng lawang ||

7.
Cariksutra kèrit lampahnèki |
praptèng natar anguluki salam |
gupuh nauri salame |
sarwi ngudhuni lungguh |
rahab sasalaman aganti |
gya ingancaran lênggah |
sinambramèng wuwus |
winangsulan karaharjan |
lah ta anak Malangkarsa rèyang ngriki |
praptèng ngong Ngardipala ||

8.
Reyang katamuwan duk ing wingi |
mitra reyang duk misih jajakan |
Bagus Rundaya wastane |
lami datan kapangguh |
mangka mangke prapta ring kami |
angruruh sutanira |
jalwèstri anglangut |
samya nis tanpa tuduhan |
kapiyandêl kongsi praptèng Gunungsari |
lawan rubiyahira ||

9.
Saking Wanamarta langkung têbih |
sasaring lampah mring wisma rèyang |
tutur yèn ilang sutane |
katri lan mantunipun |
warti anèng Ngardipalèki |
kakalih wastanira |
Jayèngrêsmi nêngguh |
kang nèm wasta Jayèngraga |
ing samangke bapakne prapta ngulati |
reyang anguntap lampah ||

10.
Punika maksih wontên ing kori |
kêdah yun apanggih lan andika |
Sèk Malangkarsa wuwuse |
inggih kalangkung sukur |
wit kawula dèrèng udani |
lan kang paduka pajar |
angupaya sunu |
anêrka nèng Ngardipala |
lamun sagêd amba ingkang amangsuli |
atur marang kang tanya ||

Jilid 11 - Kaca : 160

11.
Cariksutra angandika maring |
Carikmudha lah sira turana |
kakang Arundaya age |
ingkang liningan gupuh |
Carikmudha pangguh ngling aris |
wawi kakang katuran |
mring kang darbe dhukuh |
Ki Arundaya agêpah |
sarwi angling lah ênggèh rika rumiyin |
reyang nèng wurinira ||

12.
Nulya kèrit Ki Rundaya iki |
lan kang garwa Malarêsmi sigra |
praptèng madyaning natare |
auluk salamipun |
kang alungguh gupuh ngudhuni |
rahab asasalaman |
ingancaran lungguh |
nambrama atur waluya |
winangsulan karaharjaning papanggih |
myang nambramèng rubiyah ||

13.
Angling maring ing pawongirèstri |
age timbalana nyainira |
kang kinèn sigra abure |
tan dangu praptèng ngayun |
Malangrêsmi anjatmikani |
Malangkarsa ngandika |
nêmbaha sirèku |
mring paman wong tuwanira |
katri pisan miwah mring ibunta yayi |
gupuh ingkang liningan ||

14.
Lagya manêmbah katrinirèki |
atur salam pangabêktinira |
miwah lan ibu tan pae |
atur pambagyanipun |
winangsulan sabda basuki |
Sèk Malang malih nabda |
marang santrinipun |
lah sira Ki Basariman |
timbalana Pariminta Amongsari |
Sèk Modang Trêsnaraga ||

15.
Kang liningan sigra animbali |
marang pawongmitranya sakawan |
samya prapta tan asuwe |
têpung lungguh ing ngayun |
wus winartan sulanging tami |
sigra samya sung salam |
lan pambagyanipun |
wusira atata lênggah |
Malangkarsa aris dènnya ngancarani |
adhahar nyanyamikan ||

16.
Sami anggape sasênêngnèki |
kur kewala angenaki sarak |
tan aprêlu pangalape |
wusnya nginang audud |
Malangkarsa turira aris |
marang Bayi Panurta |
kawula umatur |
punapa inggih paduka |
Kae Arundaya Bayi Panurtèki |
ing dhukuh Wanamarta ||

17.
Anauri aris Kyai Bayi |
inggih rèyang jêbèng kang dikojar |
sujanma sudra kulane |
nglampahi kawlasayun |
saking dene kalungsèn budi |
bunar parah ing paran |
anandhang dosa gung |
Malangkarsa ngungsêt tanya |
inggih jêbèng sokur Alkamdulillahi |
wala-wala kuwata ||

Jilid 11 - Kaca : 161

18.
Wau sira Nikèn Malarêsmi |
nangis sênggrak-sênggruk nèng wurinya |
tan sagêd nambak trêsnane |
ririh sambat mlasayun |
katuwone karo sirèki |
sun ruruh kadhungsangan |
sru brangta anglangut |
anusup angayam-alas |
sun nut-wuri kalawan ramanirèki |
sun sidhêp katêmuwa ||

19.
Tan awêlas marang ingsun kaki |
kadhêmpalan pan karaya-raya |
ngong ruruh ing saparanne |
wasana tan kapangguh |
bisa gawe rasaning ngati |
kulup sun milwèng sira |
nora bisa kantun |
maring ing lak-lakan naga |
ngêndi (ng)gènnya Jayèngraga Jayèngrêsmi |
myang Nikèn Tambangraras ||

20.
Malangkarsa angrês tyasirèki |
myarsa kang ibu maca udrasa |
tansah asabil nalane |
sakèhe kang andulu |
Pariminta lan Amongsari |
Sèk Modang Trêsnaraga |
samya wlas angungun |
atêpa-têpa sarira |
pan rumangsa tan pae umapanèki |
asih marang ing suta ||

21.
Sadayanira milya akingkin |
samya ngungun tan nana wacana |
angêmu luh locanane |
tan tara dangunipun |
Cariksutra lingira aris |
ênggèh ta lah ing titah |
ngaurip puniku |
mungguh kawulaning Allah |
pan wus lumrah ing kathah asih ing siwi |
sinawitan wong tuwa ||

22.
Malangkarsa anauri aris |
inggih alêrês sabda paduka |
mênggah ing ngèlmi Kadise |
untunging sihing kalbu |
pan punika tigang prakawis |
gêng-agênging sihing tyas |
kang rumiyin sunu |
ping kalih dunya barana |
kaping tiga bojo kang puniku sami |
sami gantilan manah ||

23.
Jalma tidha-tidha kirang budi |
kang kecalan tigang prakaranya |
inggih salah sawijine |
ingkang kelangan sunu |
lawan ingkang kelangan rabi |
miwah kelangan dunya |
sami awratipun |
angalindhihakên manah |
kathah ingkang linglung sasat tanpa budi |
angewahakên adat ||

24.
Pan kasêbut janma edan brangti |
brangti maring dunya garwa putra |
tri kanthilaning atine |
winulangun ing kalbu |
tan lyan saking punika katri |
marma para ngulama |
kang wus man ing ngèlmu |
anrapkên têguhing driya |
tinawêkalakên panrimanèki |
lamun cobaning Suksma ||

Jilid 11 - Kaca : 162

25.
Cariksutra mèsêm anauri |
inggih rêke sayêkti kadyè ka |
tan inangsa lir yêktine |
Rundaya tyasira wus |
lêjar myarsa sojarirèki |
ing nala ngalêmbana |
mring Malangkarsèku |
yata wanci suryancala |
Malangkarsa ngancarani maring masjid |
samya awêktu salat ||

26.
Miwah para santri jalu èstri |
samya salat Mahrib sadayanya |
Rundaya dadya imame |
ilhar wawacanipun |
mukaranahira atrêtip |
antara tahyat salam |
bakda Mahribipun |
arahab puji-pujiyan |
lagon dhikir andonga sukur ing Widdhi |
myang sunat Wabin purna ||

27.
Manjing waktu salat Ngisanèki |
wusnya adan nulya kinamadan |
Kae Arundaya maksèh |
ngimami anèng ngayun |
cukup tumaninahe têrtip |
(n)dungkap catur rêkangat |
tahyat akiripun |
nulya salat bakda Ngisa |
wus paragat saliring kang puji dhikir |
salawat sêsalaman ||

28.
Wusnya purna sunatira Witir |
mansèhakên tapakuring Suksma |
suhul jununira tanjèh |
samya asujud takrub |
minta pangapuraning Widdhi |
tangi ing pasujudan |
paragat purna wus |
mudhun pra santri kang salat |
Kae Malangkarsa nulya ngancarani |
ing tamu maring wisma ||

29.
Nulya samya kundur ngancarani |
wus rinukti gêgêlaranira |
prapta tata palungguhe |
sasaji wus nèng ngayun |
pra rubiyah ambambantoni |
nyamikan lah-olahan |
myang woh-wohanipun |
Malangkarsa anêmbrama |
marang tamu kang punika (m)bok suwawi |
andhahar nyanyamikan ||

30.
Sawontênipun wontên ing wukir |
samya nauri mangsa wigiha |
ngalap sih pasugatane |
nulya samya tinanduk |
nyamikane sasênêngnèki |
Malangkarsa ris nabda |
mring rubiyahipun |
paran wus gantya lah-olah |
garwa matur inggih sampun kula rukti |
pintên banggi prayoga ||

Jilid 11 - Kaca : 163

31.
Lah wus payo saosên nèng ngarsi |
nulya pra rubiyah sadayanya |
nampa dhulang rampadane |
myang pakobokanipun |
kêndhi cêcêp pratola langking |
ambêng panjang-giri bang |
bubucu gêng munggul |
lalawuhan warna-warna |
sabab pra rubiyahing Sèk ambantoni |
sêkul ulam dhaharan ||

32.
Wusnya tinata rampadanèki |
Malangkarsa ngancarani nadhah |
sumangga turuh wantinge |
Ki Bayya ngling Alkamdu |
mantu reyang sadaya sami |
pênêt akêkêmbulan |
wasisaning ngriku |
sami krana Lah sadaya |
Malangkarsa angandika mring parèstri |
kinèn sami anadhah ||

33.
Kang liningan tan lêngganèng kapti |
samya kêmbul anadhah lan priya |
pikantuk rèhning katêmbèn |
datan salamipun |
nacah kêmbul lan priya sami |
Malarsih dènnya nadhah |
tan pati pikantuk |
anggung kèngêtan ing putra |
lamun nadhah royom lan kulawangsèki |
anèng ing Wanamarta ||

34.
Dadya ngonjot-onjot dènnya bukti |
malah ngêmu waspa locananya |
Kae Rundaya tan pae |
katarèng ngêmu wuyung |
kêpêl ngantu-antu binukti |
miwah sadayanira |
nadhah ukur-ukur |
Carikmudha Cariksutra |
Pariminta Sèk Modang Sèk Amongsari |
Kae Sèk Trêsnaraga ||

35.
Wus watake tan pati mangani |
lantih puwasa sadina-dina |
Malangkarsa panadhahe |
angecani ing tamu |
ngaya-aya dènnira bukti |
tur alit kêpêlira |
sêmada mring muluk |
tan kaya para wadonan |
dhokoh-dhokoh nutugi dènnira bukti |
mratani lalawuhan ||

36.
Malangkarsa pêksane ngenaki |
maring kathah among ing tamunya |
rèhning rumangsa nom dhewe |
pra mitra ngling ing kalbu |
dingarène Malangkarsèki |
rosa têmên anadhah |
krowake kang sêkul |
kalong satigan kambangan |
salawase durung sêmono kèh bukti |
rèh among tamunira ||

Jilid 11 - Kaca : 164

37.
Wus antara nutug dènnya bukti |
ambêng rampadan gya cinarikan |
mring ngulangan pawongane |
myang Basariman kaum |
bikut dènnya ngundurkên piring |
wus linorod sadaya |
ingundurkên pungkur |
sinungkên pamburinira |
ingingonan sakèhing santrinirèki |
tan nana kaliwatan ||

38.
Nyanyamikan kang pinire sami |
para rubiyah sadayanira |
ngajokkên dhaharan malèh |
Malangkarsa tan muwus |
kakadukên dènnira bukti |
tigipar jroning nala |
minta apura gung |
amicara jroning nala |
nutuh jiwa ya pagene sira ati |
angumbar hawa murka ||

39.
Têmah agawe lara wak-mami |
bukti kalal têmah dadi karam |
dening datan tuminahe |
ngangsa-angsa amumuh |
anggêrangsang murka ing bukti |
ya iki rasakêna |
lara kênèng bêndu |
Malangrêsmi wruhing priya |
lamun kaduk kêmlakarên dènnya bukti |
alon lèngsèr sing ngarsa ||

40.
Praptèng wisma nuduh pawongnèki |
dhangkèl pohung kinèn ambênêm-a |
lan tempe mêntah dèn-age |
ingkang liningan gupuh |
naoskên tempe ing piring |
matur wus anèng ngarsa |
gêmblong tela pohung |
myang pohung kadi pun-uran |
Malangrêsmi gya wangsul marang ing ngarsi |
naoskên tempe mêntah ||

41.
Lawan mundhu gêmblong pohung piring |
ingaturkên maring lakinira |
nulya dhinahar tempene |
miwah gêmblonge pohung |
sarwa pohung sami nyakêdhik |
lêjar tan kumalakar |
sêdhêng dènnya tuwuk |
matur nyarakkên nyamikan |
Cariksutra mèsêm alon dènnira ngling |
Ki Jêbèng Malangkarsa ||

42.
Sêmune mèh dèn-irus-irusi |
kaya katêmbèn lèh nadhah kathah |
de ukur kalong sapungge |
krowake sêkulipun |
kongsi bêngkêng tan bisa osik |
jawane wong mono ta |
salêgutanipun |
yèn wus lêguta alapa |
nora kêna kaluwiyan bukti thithik |
amêlarati badan ||

Jilid 11 - Kaca : 165

43.
Yèn wus lêguta andrêmba bukti |
nora kêna kurang dènnya mangan |
tan kuwat sabarang gawe |
wus palaling Hyang Agung |
bêtah luwe lan bêtah bukti |
wus bagine priyangga |
Malangkarsa matur |
kados yèn kadya punika |
nging kawula sawêg kaecanan bukti |
kakêmbulan akathah ||

44.
Sabênipun tan eca abukti |
Ki Cariksutra saya gumuywa |
ya ta-lah suta-ngong jêbèng |
lêrês ujar-puniku |
botên eca pisan duk wingi |
wingi tan nadhah kathah |
wus salaminipun |
dhasar tan watak anadhah |
Malangkarsa tumungkul tan rênèng kapti |
ginunggung padha ana ||

45.
Sinamur-samur dènnira angling |
matur marang Kae Arundaya |
paman kula yun atakèn |
Wanamarta puniku |
inggih pintên cacah kang sabin |
wartine langkung gêmah |
gêng garumbulipun |
Jumngahe nora muadah |
lalampahan pintên dintên saking ngriki |
pundi tanah ing kitha ||

46.
Arundaya anauri aris |
jêbèng tatanya mara ring rèyang |
ênggèh amung karang-kopèk |
tan wontên cacahipun |
mung sakukus grumbul ing nguni |
pradikan Wirasaba |
duking êmbah buyut |
tumêrah tumêka ring wang |
kinèn têngga apan tilasan ing nguni |
pan ing Têgal-pucangan ||

47.
Gotèkipun tilas kang (n)darbèni |
pandhita rara kala Narendra |
Prabu Cintakapurane |
pan pangasramanipun |
anèng Têgal-pucangan nênggih |
eyang ryang dhêdhêkah |
nèng Wanamartèku |
pan kinarya pamutiyan |
marang ing Sang Dipati Wirasabèki |
lêstari dêlah mangkya ||

48.
Yèn kaetang lir cacah nagari |
inggih kathah lamun winatara |
kawandasa kukus kèhe |
kajawi krajanipun |
Wanamarta kang rèyang (ng)gènni |
kados wontên sadaya |
gawene wong satus |
rêbat langkung kathahira |
têbihipun saking ngriki gangsal ari |
lumampah ecan-ecan ||

49.
Samya ngungun ngalêmbanèng kapti |
myarsa gêmah harjaning adesa |
desa Ngluwihi gêmahe |
Ke Malangkarsa matur |
ngancarakên nyamikannèki |
nulya samya angalap |
ing sasênêngipun |
Ki Bayi alon wacana |
jêbèng rèyang riki lah kadipunêndi |
(ng)gyan rèyang sun panggiya ||

Jilid 11 - Kaca : 166

50.
Lan arinta kalih ingkang ningit |
rèyang rêke ayun sumusula |
lawan ibunta tan pae |
tumuntur maring gunung |
pan sadaya-daya apanggih |
mring rinta Jayasmara |
myang Jayèngragèki |
pinajar nèng Ngargasalah |
Kae Malangkarsa aturira aris |
lamun parêng paduka ||

51.
Mugi paman kèndêla nèng ngriki |
aywa kongsi minggah maring Arga |
-salah pakèwêt margine |
lan nuju mangsa jawuh |
datan kengang sinabèng janmi |
akathah pangkalannya |
kalangkung pakewuh |
paman wus sêpuh mring ngarga |
langkung sangêt ing lampah amutawatir |
kewala benjang-enjang ||

52.
Kawula nuduh mitra kakalih |
kakang Trêsnaraga lan Sèk Modang |
ngaturi sutanta mangke |
lamun paduka rawuh |
lawan ibu langkung mlasasih |
wikan karsa botêna |
ing kantênanipun |
lamun tan arsa panggiya |
kang punika sumangga karsanta mangkin |
laju lawan mantuka ||

53.
Sadayanya sami dènnira ngling |
marma maring Ki Bayi Panurta |
dènnyarsa sumusul rêke |
marang ing sutanipun |
Arundaya rêrêm tyasnèki |
angarah ing ngakathah |
ngantya kang tinuduh |
Cariksutra lon lingira |
jêbèng Malangkarsa ngong tatanya yêkti |
masalahing ngagêsang ||

54.
Ugêring ngèlmi kawan prakawis |
pundi ugêring ngèlmi Sarengat |
lawan Tarekat ugêre |
Kakekat ugêripun |
lan Makripat ugêrirèki |
Malangkarsa ris nabda |
basa kang puniku |
ugêre ngèlmi Sarengat |
apan tri prakawis puniku Kiyai |
kandu-takrul takyinnya ||

55.
Kasdu niyat takrul angyêktèni |
takyin anêkani ing ngibadah |
kang kalawan sah Dalile |
ugêre Trèkatipun |
apan inggih tigang prakawis |
kang dhihin suci badan |
kaping kalihipun |
asuci kalawan lesan |
kaping tiga asuci kalawan ati |
liripun suci badan ||

Jilid 11 - Kaca : 167

56.
Angibadah sujud rukuk nênggih |
nganggo tan tiru panganggo kopar |
punapa Islam manggonne |
suci lesan puniku |
ngapilakên ing Dalil Kadis |
titising kir'atira |
têkèng maknanipun |
cêgah micara lalahan |
yèn tan lawan tanasubi Dalil Kadis |
de kang sucining manah ||

57.
Lawan mukaranantu anênggih |
ngudanèni sakêdaling lesan |
tumanêm anèng kalbune |
dalil Kur'an kang agung |
datan ninang tanggaping ati |
de ugêring Kakekat |
tri prakawisipun |
Iman Tokit Mangaripat |
liring Iman pangèstu êkasing budi |
linuhung tan nêdya wah ||

58.
Lirnya Tokit tawajuh ing kalbi |
lawan tawakal ing makalira |
ingabeda kasidane |
Mangaripat liripun |
wus tan nana liyan kaèksi |
maujud maring Suksma |
kak kanyatanipun |
tak kêsêlan ing pipindhan |
tuhu-tuhu wus datan ngalap upami |
myang srama ing sasama ||

59.
Ugêripun Makripat puniki |
inggih tigang prakawis lirira |
sokur suka rila rêke |
sokur maring ing ngèlmi |
tan asêdya maoni uni |
papêsthèning atitah |
lan pribadinipun |
pakarya pan wus kinarya |
ing dhèwèke sarupa lawan pribadi |
rupa-rupaning ana ||

60.
Lwirnya suka wasana nur-kadim |
wênang sipat wujuding Pangeran |
kodrat lawan kadirane |
anging datan sakuthu |
anyakuthu lawan pribadi |
tan kêna kinaya-pa |
ing nalikanipun |
lwiripun rila punika |
datan singgan-singgun sakèhing dumadi |
muhung suhuding Suksma ||

61.
Kasuciyan ganal maring latip |
awit saking ora maring ana |
saking ana mring orane |
anane tan kadulu |
oranira anggung kaèksi |
tan jamak lan kasamak |
pamardikanipun |
priyangga rêke kewala |
bangsa mukit mutakit ghosul ngalami |
wus saotat nujêmba ||

62.
Kang samantên punika Kiyai |
ararasan ingkang ngèlmu rasa |
anglir pendah upamine |
kèn andhèndhèng ulam luh |
tuwas amis datan (n)darbèni |
beda lan kang ginadhang |
darbe ulamipun |
angolah tuwuk tinêdha |
Cariksutra gumuyu miyarsa angling |
ngira Sèk Malangkarsa ||

Jilid 11 - Kaca : 168

63.
Anak jêbèng yèn amumuradi |
lir uyah tiba ing toya jangan |
warata padha asine |
anggathok raosipun |
pamitranya padha ngèsêmi |
Sèk Modang nambung sabda |
inggih bêjanipun |
kang tanggap raosing nala |
sayêktinya idayat kang andhatêngi |
mring badhe kang nugraha ||

64.
Arundaya lintang sokurnèki |
myarsa lingira Sèk Malangkarsa |
èsmu kanoran driyane |
rumangsa datan cukup |
tatanggape murading ngèlmi |
ciptaning tyas tan beda |
lan kang putra mantu |
Kae Sèh Adi Mongraga |
dadya kumat nor marang Malangkarsèki |
sujanma paripurna ||

65.
Kae Rundaya alon dènnya ngling |
Kae Jêbèng benjang yèn anduta |
anak-kula pamitrane |
lamun datan kapangguh |
lan arinta Ki Jayèngrêsmi |
kalawan Jayèngraga |
rèyang karsa laju |
marang dhukuh Wanantaka |
mugi jêbèng andongakna apapanggih |
rèyang lan Amongraga ||

66.
Panggiya saking salah satunggil |
wontên kang rèyang karya lar-ular |
yèn sagêd sadaya panggèh |
saking pandonganipun |
Kae jêbèng Malangkarsèki |
lamun ta kalajênga |
tan sagêd kapangguh |
lan rinta salah satunggal |
baya wuwuh jêbèng raosing kang ati |
kapanjang nandhang branta ||

67.
Kadi-punêndi rèyang puniki |
winantu-wantuwa ing sangsara |
lan bibinta gung wirange |
tuwa-tuwa bot wuyung |
tan kawawa rèyang nadhahi |
rumangsa apês ngaral |
amanggih papa gung |
bênduning sira Pangeran |
pinisahkên lan suta rèyang jalwèstri |
suka matiyèng paran ||

68.
Cipta reyang wus tan ayun mulih |
marang Wanamarta tanpa karya |
tambuh (ng)gyanning ajal rêke |
saya kumocor kang luh |
Malarêsmi waspa drês mijil |
umatur pêgat-pêgat |
marang kakungipun |
Kiyai pundi parannya |
lara pati kawula tan nêdya kari |
lan tuwan ywa salaya ||

69.
Urip tan kawasa myating siwi |
baya wus padha padhêm nèng paran |
dhuh sutaningsun sira-(ng)gèr |
bibinta nora wêruh |
marang alang-ujurirèki |
bibimu murang paran |
nêdya mèlu lampus |
manawa jroning akerat |
sira têmu amapag nuntun ring mami |
kalawan bapakira ||

Jilid 11 - Kaca : 169

70.
Rundaya sêbute andharindhil |
Cariksutra lawan Carikmudha |
miwah pra mitra sakèhe |
èstri jalu milu luh |
awlas mulat marang kang nangis |
rumangsa têpa-têpa |
kapêdhotan sih hyun |
sira Ki Sèh Malangkarsa |
mulat marang kang paman miwah kang bibi |
asru dènnya duhkita ||

71.
Têka tumungkul putêking ati |
nênggak tingal junun palinggihan |
ngêningkên pancadriyane |
suhulira tanajul |
wangsul Tarekat maring tarêki |
tuhu turunne beda |
hawa angungubung |
ing nêpsu kang munasika |
ingkang kadi Arundaya Malarêsmi |
kalindhih dening hawa ||

72.
Sêtun lanang bisa mujadahi |
ing sikara panggodhaning setan |
tan kadyèstri kalindhihe |
karana èstri iku |
wus kacêtha ing Dalil Kadis |
tipise ingkang iman |
marang marga ayu |
mung parêk ring kaluputan |
tan tawêkal marang panggawene eblis |
gampang pinrih animpang ||

73.
Pan mangkana Ki Malangkarsèki |
dènnya anjrênih ing driyanira |
datan kawruhan ing ngakèh |
antara tan adangu |
tangi patungkulanèki |
asêgu ris ngandika |
paman aywa wuyung |
miwah bibi ywa runtik tyas |
ambubunar ing kalbu êninging ngèlmi |
punika sihing Suksma ||

74.
Wus jamakipun makluking Widdhi |
kawula ngaral kang bangsa riyah |
tan kèngang langgêng kadare |
anging kang wuswong sinung |
ngilmining mukmin jalwèstri |
makam parêk Hyang Suksma |
kinaot samèku |
tinimbang kang tan sinungan |
lak-maksiyat yêkti kaot-kaot yêkti |
maksih luhung mukminnya ||

75.
Sampun kirang panarikanèki |
marang Hyang Sukma kang karya titah |
yèn kiranga panrimane |
awêwah halatipun |
amarêki panggawe eblis |
de wulangun paduka |
myang bibi mring sunu |
pandugi kula kewala |
tan pinanggih lan putranta nging kapanggih |
saking pitulunging Hyang ||

Jilid 11 - Kaca : 170

76.
Marmanipun paman ingkang mugi |
sokur rila ing panrimanira |
kang eklas tawêkal jajèh |
lamun botên pitulung |
-nging Hyang Suksma kang ngudanèni |
paman rudahing driya |
paman têka (n)darus |
anggêgêring pangibadah |
tur kawula mugi tinuhu ing kapti |
lêjarên sarèhing tyas ||

77.
Cariksutra nambung wacana ris |
singgih rêke kakang Arundaya |
kawula ngrêmbugi rêke |
kang dadya wuwusipun |
Kae jêbèng Malangkarsèki |
bobolèh mring utama |
kewala tinurut |
miwah sadaya nambrama |
angrarapu mring Rundaya Malarêsmi |
supaya waluyèng tyas ||

78.
Kae Rundaya lan Malarêsmi |
luntur tyasira pinituturan |
sakala tyasira sumèh |
amituhu ing wuwus |
sira Kae Malangkarsèki |
yata ing wancinira |
pan wus gagat bangun |
Malangkarsa ngling ing garwa |
kinèn saos pasareyan singêp lêmpir |
samya ngaturan nendra ||

79.
Kae Bayi alon dènnira ngling |
puniki jêbèng wus katanggungan |
angsal sapintên asare |
rêke kewala ngriku |
lamun wontên kang karsa guling |
myang kang badhe lumampah |
pênêt sarap turu |
ingkang liningan lênggana |
samya suka sokur anatas ing ratri |
agunêm ngèlmu rasa ||

80.
Cariksutra angandika aris |
singgih Kae jêbèng Malangkarsa |
reyang atatanya rêke |
mungguh ujaring têmbung |
bab nagri jaman Ngawanti |
duk lampahe Suhunan |
Kudus dipun utus |
ing Kangjêng Sultan Bintara |
Sunan Kudus mring tanah Pajang ing Pêngging |
praptèng dhukuh Pacoran ||

81.
Panggya lawan Kiyagêng ing Pêngging |
wusnya sasalaman ahli sabda |
Sunan Kudus patanyane |
jêbèng paran kinayun |
ngudi tuwuh dènnira dhangir |
ngosèr gabah mênthikan |
sokanandi tuwuh |
lamun nora mangkonoa |
aplal pupul akupumulki Ngawanti |
dhasare tinimbalan ||

82.
Yèn tan dêling paran sira pilih |
apan kalimah sapadhaneka |
ing dalêm kang sawijine |
punnêndi kang dumunung |
mara riki tan mutawatir |
Kiyagêng lon anabda |
jêbèng kang puniku |
tan pae ing panarima |
sami sipat kakulah titahing Widdhi |
kalawan pribadinya ||

Jilid 11 - Kaca : 171

83.
Yèn miliya ing (n)jêro pan jindik |
yèn miliha (n)jaba luwih sasar |
sêmang-sêmang panganggêpe |
yèn miliha ing luhur |
pan kumandhang dèn-aku yêkti |
yèn miliya ing ngandhap |
yèku pasthi bingung |
sasare pitung madahab |
(n)jaba (n)jêro ngandhap nginggil darbèk-mami |
kabèhe darbèkingwang ||

84.
Pangran Kudus angandika wêngis |
rika iki iya kakandhangan |
apa mantêp panggilute |
Kiyagêng lon sumaur |
pindho gawe sira Ki Bayi |
yèn wus kinocapêna |
pasthi yèn dèn-ulu |
dèn-lêpèh asiya-siya |
pan wus uwas iku panggawene eblis |
angampang idêpira ||

85.
Ki Cariksutra angudi-udi |
kadipandi jêbèng Malangkarsa |
basa punika raose |
rèyang kirangan surup |
mugi jêbèng asunga dêling |
Kae Sèh Malangkarsa |
lon wijiling wuwus |
punika basa gêdhongan |
datan kengang komuming ngling anggêgampil |
ujar kang linarangan ||

86.
Liya kang wus kinarsaning Widdhi |
ingkang kalawan wahyu nugraha |
sanggêm kang têkèng tokite |
sih tan kenging jinaluk |
datan kêna dèn-sêselaki |
tiniruwa tur mangsa |
biasa-a kadyèku |
wontên undhagi oliya |
bagi-bagi lawan pribadinirèki |
sihing sira Pangeran ||

87.
Yèn ta lamun binabar nèng angling |
upamiya lir rasaning pangan |
sing pêdhês lêgi gurihe |
apait lawan kêcut |
mapan sampun ngraoskên sami |
yèn ta utawa ingkang |
dede sêptanipun |
puniku tan pati rêna |
pae ingkang wus dadya sasêptanèki |
mirasa suka rêna ||

88.
Marma ngilmi kinêkêr piningit |
marang para musanip kang wus man |
kathah tèdhèng ling-alinge |
sinasmita ing sêmu |
pinaliring dening upami |
winor lawan wangsalan |
kèh sanepanipun |
kang wus dadya palalira |
graitannya tanggaping tyas andungkapi |
lawan lèjêm kewala ||

Jilid 11 - Kaca : 172

89.
Ingkang kenging kinusus ing angling |
musawarat pan kalih prakara |
Sarengat lan Tarekate |
winulangakên ngumum |
têkèng ngusuk kalawan ngasik |
Khakekat lan Makripat |
wus tan anèng wuwus |
mukin têkèng sipat makhal |
lawan kalèk tan nêdya ngumayan dhiri |
suhul maring Hyang Suksma ||

90.
Manawi ta kang paduka angling |
sampun sanggêm sipat wujud mokal |
wus kalèk ing pribadine |
wus kadhaupan wahyu |
datan kenging pinindho kardi |
amung sira Pangeran |
kang akarya uwus |
Ki Cariksutra nor jiwa |
kaluhuran sabda ring Malangkarsèki |
miwah sadayanipun ||

91.
Samyambukuh acathêt ing ati |
Ki Cariksutra mèsêm lon nabda |
ngrasa padhang rèyang rêke |
Rundaya nambung wuwus |
manira tan pae adêling |
cumêplong raosing tyas |
myarsa wuwus dunung |
ambolongkên sumpêking tyas |
jêbèng Malangkarsa baya wus anunggil |
ahline Amongraga ||

92.
Kênyaming sabda swara anunggil |
kadya marêm rèyang apapanggya |
de jêbèng akèh èmpêre |
yèn ta tan wruh ing wujud |
kasaliru lan Amongragi |
Malangrêsmi myarsojar |
lêjar driyanipun |
ing wanci wus bangun enjang |
Malangkarsa aris dènnya ngancarani |
samya wêktu sêmbahyang ||

93.
Gupuh sadayanira pra sami |
maring masjid ngambil toya kadas |
myang santri lanang wadone |
wusnya mèt toya wulu |
santri adan angalik-alik |
sunat apupujiyan |
ngantya imamipun |
wus mangkana kinèn kamad |
Ki Rundaya kinèn ngimami tan apti |
miwah Ki Cariksutra ||

94.
Datan arsa kinèn angimami |
nulya Ki Malangkarsa mangarsa |
apasêkat usaline |
(n)dadèkkên niyatipun |
lapal Allah tibaning takbir |
kadi toya têmpuran |
nir warnaning banyu |
rèhning wong wus kajumbuhan |
kadya satu lan rimbagan datan nyilip |
takbire wong kang wus man ||

Jilid 11 - Kaca : 173

95.
Kir'ating Patekah apatitis |
surat Inna anjalna apalaya |
surat Watini akire |
rakangat têging Kunut |
tayat akir tuminah tartib |
anulya salam bakda |
dènnya wêktu Subuh |
arahab puji-pujiyan |
dikir alêlagon nulya donga Sukril |
Rajukna lan Ngamimah ||

96.
Wusnya anumpa donganirèki |
nulya salawat asasalaman |
midrê warata santri kyèh |
laju samya amudhun |
bubar saking masjid jalwèstri |
kantun para pasèkan |
kang maksih anjunun |
-nira Ki Sèk Malangkarsa |
amapan trap sala-silahing adhikir |
amirit Satariyah ||

97.
Samya angguyêr ahlinya wirit |
Kae Malangkarsa dènnya pana |
lêsning tan nana wawanèh |
mulane cipta suwung |
ikramira marang Hyang Widdhi |
tan jambor ring sapênyah |
surasaning kalbu |
wus antara jununnira |
angluwarkên sambunging napas pan aris |
antèr tan kêkêsodan ||

98.
Nulya sujud takrub maring Widdhi |
anêlangsa galating ngatitah |
nrahkên tobat nasokane |
cukup ikral ing kalbu |
tangi saking panjununèki |
anunumpa tigapar |
luwar sadaya wus |
ing nalika Hyang Aruna |
dhadhar rina sumorot anênrawungi |
asrarsa isining rat ||

99.
Malangrêsmi wus uningèng wangsit |
nuduh mring pra rubiyahing mitra |
kinèn saos sugatane |
pasèmèkaning esuk |
nulya para rubiyah aglis |
mring wisma mamariksa |
pasaosanipun |
sêkul angêt lan nyamikan |
wus samêkta miranti wus tinup saji |
nulya samya tinampa ||

100.
Sinaoskên kewala mring masjid |
prapta tinata anèng ing ngarsa |
sêkul liwêt angêtane |
myang lalawuhanipun |
sarwa angêt sadayanèki |
jangan pindhang kêmbulan |
glar rampadanipun |
wusnya sumaos sadaya |
Malangkarsa angancarani wawanting |
sarta para wadonan ||

Jilid 11 - Kaca : 174

101.
Roroyoman kadya sabênèki |
wus ngancaran (n)dan samya anadhah |
kêmbul lan jalu èstrine |
kang kalih datan tumut |
Ki Sèh Modang lan Trêsnaragi |
Cariksutra saryojar |
paran marmanipun |
nak Modang lan Trêsnaraga |
datan tumut sami akêmbulan bukti |
kang liningan turira ||

102.
Inggih sarat tapa sawatawis |
tiyang badhe dinuta mring Arga |
-salah kalangkung angkêre |
lamun manawinipun |
wontên bêncananya ing wukir |
supaya manggih mayar |
sawataranipun |
kêdhik-kêdhik nênêrang tyas |
(m)bokmanawi katrimah lampahe mangkin |
wontên tingkasing marga ||

103.
Malangkarsa mèsêm anambung ngling |
dimènipun lah mangsa botêna |
dènangkah-angkaha dhewe |
pan sagêduginipun |
Ki Rundaya nganthuki angling |
sokur Alkamdulillah |
kajate nak bagus |
kang sinabda anor jiwa |
wus antara nutug kang samya abukti |
luwaran ing panadhah ||

104.
Ambêng cinarikan ing panyantri |
Ni Ulangan lan Ni Basariman |
nyamikan ingajokake |
sêkul lorodanipun |
sinungakên para pamburi |
warata tan na kurang |
yata kang alungguh |
sira Ki Sèk Malangkarsa |
angandika marang pamitranirèki |
lah kakang Trêsnaraga ||

105.
Lan Sèk Modang karo rèyang tuding |
marang Ngargasalah kapangguha |
lan yayi Jayasmarane |
matura yèn ingutus |
salam rèyang ring yayi kalih |
kêcapna kang krana Lah |
ramèbu ngayun-hyun |
praptane rayi kalihaya |
anèng Ngardipala tundhuk lan sudarmi |
kang nandhang kawlasarsa ||

106.
Lah wus poma wêkas rèyang aglis |
(n)dika lumakuwa mupung enjang |
ingkang liningan ature |
ênggèh ywa walangkalbu |
nulya amit salaman sami |
sadaya gantya-gantya |
Ki Bayi amuwus |
anak salam donga rèyang |
ring arinta matur inggih duta kalih |
lèngsèr mundur sing ngarsa ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (12b) Kaca 142 - 157
  • (14) Kaca 175 - 188 >