Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 4

Kontak Admin.

email-kidemang

 (18) Kaca 252 - 257

 

( Ki Bayi ngajak Jayèngrêsmi mantuk dhatêng Wanamarta )

11

4. Ki Bayi ngajak Jayèngrêsmi mantuk dhatêng Wanamarta nanging kêkalihipun sêmados badhe nutugakên nyêpi rumiyin ing Wanataka. Ki Bayi sakalangkung ngungun. Sèh Amongraga lan Nikèn Tambangraras ngatingal lan ngabêkti rama ibu. Enjingipun Ki Bayi Panurta kundur dhatêng Wanamarta kadhèrèkakên Cênthini, Ki Monthèl, Salodha, Saloka, Prakosa lan Drêmaduta.


Kaca 252 – 257

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 252

676 Asmaradana

25.
Ni Malarsih Rancangkapti |
Turida lan Rarasatya |
Cênthini lan santri Monthèl |
miwah sakulawangsanya |
Saloka lan Salodha |
Prakosa lawan Piturun |
Martaduta Darmadana ||

26.
Kalawan Ki Palakêrti |
sira Ki Bayi Panurta |
ris ngandika mring putrane |
lah kulup Ki Jayasmara |
lawan Ki Jayèngraga |
yèn wus bombong tyasirèku |
payo pikir mumuliyan ||

27.
Maring ing Wanamartèki |
kapan kang panuju dina |
katêmu etung bêcike |
sira Kae Jayasmara |
nor-raga lon turira |
amba kadhawahan wuwus |
paduka karsa kundura ||

28.
Maring ing Wanamartèki |
lan ibu sumanggèng karsa |
anging ta kawula rêke |
kang manah dèrèng kabuka |
ing mangke umantuka |
maklum paduka kasuwun |
lagya dèrèng bombonging tyas ||

29.
Kajat-kawula amufit |
kewala nèng Wanantaka |
iktikat narèhkên rêke |
sêdhêng wontên rêrêming tyas |
rapuhing pacawuhan |
inggih saking kawan taun |
myang satuwahing tirisan ||

30.
Tan susah paduka tuding |
kawula kinèn mantuka |
yêkti mantuk ing priyangge |
mring karajan Manamarta |
pupul lan kulawarga |
anging mangkya dèrèng untung |
kalawan pitulunging Hyang ||

31.
Atur-kula (n)Jêng Kiyai |
mugi ywa dahat ing driya |
sung maklum pangapuntêne |
rèh amba nikêl ing karsa |
nuwun kang pangaksama |
tuwin ingkang karsa-ibu |
kang mugi asung sih marma ||

32.
Kae Bayi Panurtèki |
duk myarsa aturing putra |
langkung ngungun ing driyane |
alon dènnira ngandika |
mring Kae Jayèngraga |
lah sira kewala kulup |
amulih kalawan reyang ||

33.
Salah siji milyèng kami |
mulih marang Wanamarta |
kang kari kakanta dimèn |
anèng dhukuh Wanantaka |
kewala agêntèna |
nèng kene lan ingkang mantuk |
Jayèngraga nor turira ||

34.
Mring rama lan ibunèki |
tan pae atur kawula |
kadya kakangmas wiyose |
yêkti kawula lênggana |
yèn kinèn umantuka |
pintên banggi benjangipun |
yèn wontên bombonging driya ||

Jilid 11 - Kaca : 253

35.
Sayêkti tan sagêd têbih |
lawan kakang Jayasmara |
tumutur saliring kang rèh |
kawula sêdya pruwita |
anèng ing Wanantaka |
acukil têki ngarêmbyung |
ing bumi babangkak cêngkar ||

36.
Lêgêg tyasira Ki Bayi |
myang kang ibu sungkawèng tyas |
wangkote putrane karo |
wau Ki Sèh Mangunarsa |
ris dènnya nambung nabda |
mring Ki Bayi Panurtèku |
myang ing ibu angrarêpa ||

37.
Ingkang punika (n)Jêng Kyai |
mugi kang santosèng driya |
pinupus lan panrimane |
samantên sihing Hyang Suksma |
jalaring katarima |
(n)Jêng Kyai pandonganipun |
maring Hyang Kang Maha Mulya ||

38.
Kyai Bayi Panurtèki |
duk myarsa sasojarira |
Sèh Mangunarsa rinaos |
ningkês tyas anut ing karsa |
rèh kaluhuran sabda |
ngandika mring garwanipun |
wus ywa sumêlang ing driya ||

39.
Mangsa bodhowa ing takdir |
bagi-bagine atitah |
kang wênyah lan kang kinaot |
poma sira dèn-arila |
sukurira ring putra |
pisah ing santaranipun |
srahna mulyaning Hyang Suksma ||

40.
Duk myarsa Nikèn Malarsih |
nalanira binoleyan |
mring raka lan putra dene |
sumarah rèh tan lênggana |
wus narimèng Pangeran |
lêgawèng tyas suka sukur |
wus saèstu sasananya ||

41.
Dangu kang samya alinggih |
antaranira ring siyang |
ing wanci sawusing gawe |
sira Ki Bayi Panurta |
ngaturan mring kang putra |
kundur ing dhukuh brang kidul |
wismanira Anggungrimang ||

42.
Winastanan Wanasari |
sadaya samya ngaturan |
tan lênggana anut ing rèh |
anulya sami lumampah |
maring ing Wanasêkar |
kalangkung tinamu-tamu |
samua sugatanira ||

43.
Kae Bayi Panurtèku |
cinatur nèng Wanantaka |
kongsi sadasa arine |
kèh dadya rênaning driya |
myat putra kalihira |
katri kang asramèng samun |
samasa sring pinanggihan ||

44.
Tan bastu ing siyang ratri |
panggya lan Sèh Amongraga |
lan Nikên Tambangrarase |
lirnya rênanya mring putra |
anèng ing Wanantaka |
kasuba-suba kalangkung |
mring Mangunarsa Gungrimang ||

Jilid 11 - Kaca : 254

45.
Myang mulat srining desèki |
pasang pasitèning tanah |
akathah palanggatane |
lir rasa-rasa mantuka |
marang ing Wanamarta |
ginumatèn ing sakayun |
sinungga-sungga ing kathah ||

46.
Langkung dènnya ngaji-aji |
mintir punjunganing janma |
lyan saosane sabêne |
kang putra Sèh Anggungrimang |
kurmating Mangunarsa |
kalintang sinugun-sugun |
tan ana kang kakurangan ||

47.
Lan rarakêtaning asih |
Mangunarsa Anggungrimang |
maring arinira karo |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
tansah ing dalu siyang |
langkung sih sinihanipun |
lir pendah têmantèn anyar ||

48.
Angêlirkên marang rabi |
saking sih lêgawèng driya |
kang rayi kalih tan pae |
tan anggalih marang garwa |
rèhning tyas kacondhongan |
ing sasolah bawanipun |
tan na kuciwa kacuwan ||

49.
Tan prabeda garwanèki |
Rancangkapti mring Turida |
miwah mring Rarasatine |
tansah ing sanalikanya |
samya têlêng sihira |
lir lali-laliyèng kakung |
saking sih kasamyèng nala ||

50.
Nalikèng dina sawiji |
sira Ki Bayi Panurta |
ing wanci bakda Ngisa-ne |
angandika mring kang putra |
Kae Sèh Mangunarsa |
lamun kaparênging kalbu |
reyang riki papamitan ||

51.
Mangkin bakda Subuh mami |
mantuk maring Wanamarta |
pan wus lami anèng kene |
nutug nadhah sih-andika |
tan sagêd mangsulana |
pintên banggi ta ing besuk |
sagêd naur sih marmanta ||

52.
Sèh Mangunarsa turnya ris |
kang botên paduka sabda |
adarmi kewala rêke |
wajib paduka priyangga |
tan rumaos gagadhah |
saking sabda sartanipun |
barkah pandonga-paduka ||

53.
Ing mangke karsa angikis |
kundur saking Wanamarta |
yèn kenging mugi sumêne |
sarèh ing dalêm sacandra |
anèng ing Wanatanka |
tan cuwa raosing kalbu |
myat sudarma kalihira ||

54.
Kae Bayi Panurtèki |
arum wijiling wacana |
adhuh sutaningsun anggèr |
langkung panarimaningwang |
anak jêbèng sung marma |
lamun rahayu ing pungkur |
manawi sagêd wangsula ||

Jilid 11 - Kaca : 255

55.
Kang putra umatur inggih |
ngandika mring arinira |
hèh Gungrimang ing bêcike |
(n)Jêng Kyai dènnira arsa |
kundur mring Wanamarta |
lah anuduha sirèku |
ing pra kulawangsanira ||

56.
Andhèrèkakên (n)Jêng Kyai |
mring karajan Wanamarta |
layan wong têlu papate |
utama lamun luwiha |
Anggungrimang turira |
sumanggèng karsa anuduh |
sanadyan amba kinarsan ||

57.
Nguntap mring Wanamartèki |
Mangunarsa ris ngandika |
mitranta bae lan Monthèl |
Salodha lawan Saloka |
Prakosa Damardana |
kalima Monthèl bae wus |
sêdhêng ratabe nèng marga ||

58.
Gungrimang anyêndikani |
nulya Cênthini Darêman |
anyaoskên dhadharane |
wowohan kang lah-olahan |
sangkêp pala sawarna |
Kae Sèh Mangunarsèku |
ngancarakên nyanyamikan ||

59.
Angalap sasênêngki |
yata wau ingkang prapta |
Sèh Mongraga lan garwane |
gupuh kang samya tumingal |
ngingsêri palungguhan |
sung salam mring rama ibu |
myang mring pra ari sadaya ||

60.
Gupuh samya angabêkti |
marang ing Sèh Amongraga |
samya tumungkul mabukoh |
Kae Sèh Adi Mongraga |
turnya ris mring kang rama |
paran (n)Jêng Kyai saèstu |
kundur maring Wanamarta ||

61.
Kang rama aris nauri |
ênggèh saèstu kadyèka |
mangkyènjang ing bakda Suboh |
kula kalawan ibunta |
dene ari kalihnya |
tan ayun tumuntur mantuk |
mring karajan Wanamarta ||

62.
Pan maksih kayun amufid |
alanggat nèng Wanantaka |
rêke kumêdah sumêne |
rèrèh ing dalêm tri mangsa |
utawi langkungira |
saking sapêndhak warsèku |
tan bastu dhangan ing driya ||

63.
Sèh Mongraga turira ris |
kang mugi narimèng titah |
saking Hyang Kang Murbèng Ing Rèh |
mênggah kautamanira |
ngêningkên tyas kang brangta |
lyan saking brangti Hyang Agung |
manpangat ngênirkên brangta ||

Jilid 11 - Kaca : 256

64.
Karantênipun Kiyai |
wiwinih ugêring tekad |
sabar sukur lan rilane |
anarima ing satitah |
kang wus tinakdir ing Hyang |
tan kengang ingaku-aku |
wus palalipun priyangga ||

65.
Ingkang makatên Kiyai |
kang lambar catur prakara |
tan watir pangibadahe |
singa pingil ginaota |
asarèh paedahnya |
tan kasêrang kasaliru |
suci ing apêngalira ||

66.
Ingkang punika Kiyai |
mugi kang katuhwèng driya |
utami kawêkasane |
ngèlmi kang tumanêm tekad |
lir sotyantuk êmbanan |
santosa ahli linuhung |
mungguh anggyaning agêsang ||

67.
Marma tur-ulun Kiyai |
myang ibu lintang marmamba |
singsale sak-sêrik rêke |
mugi ta kalampahana |
Kae Bayi Panurta |
nir ta anggrantês ing kalbu |
Sèh Mongraga malih nabda ||

68.
Wusing tur-amba Kiyai |
kawula nutkê raharja |
paduka kundur ing mangke |
pasalam ulun kewala |
mring rinta kulawangsa |
sadaya tiyang sadhusun |
kang rama nor andikanya ||

69.
Ênggèh insya Allah ugi |
mêradinakên kang salam |
kulawangsa sadayane |
Sèh Mongraga ris turira |
yèn wus kawrat tur-amba |
ulun amadal palungguh |
marang kasamunan amba ||

70.
Angandika maring rabi |
yayi Nikèn Tambangraras |
sira ngabêktiya rêke |
marang rama ibunira |
agupuh kang liningan |
ngabêkti ing rama ibu |
pupuji sukuring Suksma ||

71.
Nulya Ki Sèh Amongragi |
tur salam mring ibu rama |
saha pupuji sukure |
gya sung salam sadayanya |
agêpah pra arinya |
samya tur bêkti gantya wus |
Mongraga nis sing sasana ||

72.
Sakêdhap tan na kaèksi |
kang kantun nèng palungguhan |
sasambèn nyanyamikane |
wau sira Jayasmara |
kalawan Jayèngraga |
umatur ring rama ibu |
sarwi nêmbah nguswa pada ||

73.
Atur kawula (n)Jêng Kyai |
bêkti-kawula kewala |
paringkên nèng sadayane |
salam mring pra kulawangsa |
maklumipun(n)jêng rama |
ambarsa mring Jurang Jangkung |
nêpèng pulo Palanggatan ||

Jilid 11 - Kaca : 257

74.
Kang ramèbu anglilani |
nulya tur salam mring raka |
Mangunarsa Gungrimange |
gya lèngsèr Ki Jayasmara |
myang garwa arinira |
mring panêpèn Jurang Jangkung |
pulo sela Palanggatan ||

75.
Datan winarna ing ratri |
yata kawuwusa enjang |
ing wanci bakda Subuh-e |
sira Ki Bayi Panurta |
aris dènnya ngandika |
nak jêbèng Mangunarsèku |
myang anak Sèh Anggungrimang ||

76.
Reyang amadal palinggih |
kewala samyandum harja |
donga-dinongakkên rêke |
Sèh Mangunarsa turira |
inggih dhatêng sumangga |
nulya ngling mring arinipun |
Rancangkapti lah dèn-agya ||

77.
Saosa pasèmèk bukti |
kang liningan sigra mentar |
anuduh pawong wadone |
Cênthini lawan Darêman |
kinin anyaosêna |
bucu lan rampadanipun |
sigra kerit maring karsa ||

78.
Sira Nikèn Rancangkapti |
anata piring rampadan |
mawêrna lalawuhane |
Sèh Mangunarsa nambrama |
ngaturi turuh asta |
Ki Bayi Panurta gupuh |
angatag kêmbul anadhah ||

79.
Nulya sadaya wawanting |
(n)dan lêkas bukti kêmbulan |
apikantuk panadhahe |
wus antara dangunira |
luwaran kang adhadhar |
ambêng cinarikan mundur |
gantya nyamikan mangarsa ||

80.
Cinarakakên anuli |
samya ngalap mamangsêgan |
wus anutug antarane |
sira Ki Bayi Panurta |
ngujarkên pamitira |
Sèh Mangunarsa jumurung |
gupuh samya sasalaman ||

81.
Gungrimang Ni Ranjangkapti |
ngabêkti mring ibu rama |
saha pupuji sukure |
Mangunarsa nuduh marang |
Monthèl lan kulawangsa |
asadhiya sadaya wus |
tan na girise parentah ||

677 Girisa

1.
Wau Ki Bayi Panurta |
ngandika mring rabinira |
lah nyai payo umangkat |
maruput mupung aenjing |
ruktinên gendhonganira |
ngling inggih sampun samêkta |
(n)dan samya sarêng umangkat |
samya amudhun sadaya ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (17) Kaca 247 - 251
  • (19) Kaca 258 - 260 >