Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434667
Hari ini     :Hari ini :67
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :133
Bulan ini   :Bulan ini :3296
s/d hari ini   :s/d hari ini :434667
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (20b) Kaca 276 - 288

 

( Ing Wanamarta, sadaya sami prihatos lan nyênyuwun )

11

2. Ing Wanamarta, sadaya sami prihatos lan nyênyuwun sagêda Ki Bayi sakalihan kapanggih para putra lan enggala kundur. Miturut Ki Sêmbagi ahli petang, kunduripun Ki Bayi taksih dangu, botên sagêd kaajêng-ajêng. Wontên pamanggih, punapa prayogi dipun-susul? Ki Luwaran, putranipun Ki Sêmbagi gadhah pamanggih bilih Ki Bayi sampun ndungkap rawuhipun. Pamanggih wau maibên petangipun Ki Sêmbagi, mila dados rame, nanging Ki Luwaran têtêp nêmtokakên sêdintên kalih dintên punika Ki Bayi mêsthi rawuh, jalaran saèstunipun Ki Luwaran sampun mirêng bilih Ki Bayi sampun wontên ing dhusun Saruni. Ki Bayi sapandhèrèkipun mila sampun nyêlaki Wanamarta, nanging lêrêm ing dhusun Pagutan, ing griyanipun Ki Nuripin. Badhe lumêbêt ing Wanamarta kanthi sêsidhêman. Wêkdal rêpêt-rêpêt Ki Bayi sakalihan kundur, kapêrgok Kulawirya ingkang badhe nyumêd damar ing mêsjid Mangu. Salajêngipun kulawarga jalêr èstri, tangga têpalih, sanak kadang dhusun-ngadhusun sami dhatêng gilir gumantos tuwi kasugênganipun Ki Bayi Panurta tuwin Ni Malarsih. Sasampunipun sawatawis dintên, Ni Cênthini lan Ki Monthèl pamit wangsul dhatêng Wanataka, kaêtêrakên Ki Nuripin lan Ki Jayuda. Bêktanipun kathah jalaran para sadhèrèk lan mitranipun sami nyumbang barang mawarni-warni.


Kaca 276 – 288

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 276

678 Dhandhanggula

99.
Samya ingiring dhulang tup saji |
Kae Bayi asru dènnya nabda |
Wirya lungguha ing kene |
dene esuk thuk-uthuk |
lan bojone ngirit tup saji |
gêlis temên ngrurumat |
apa nora turu |
banjur angukus kewala |
katon têmên kusung-kusunge si Ragil |
trêsnanipun maring wang ||

100.
Punjungan laju lumadyèng ngarsi |
nulya para ari ingkang prapta |
kalawan sarubiyahe |
sarta punjunganipun |
bubucu myang nyamikanèki |
tinata anèng ngarsa |
dhewe-dhewe têpung |
nulya Sêmbagi Jumêna |
lan Jêmpina Lawatan Malambong tuwin |
Luwaran Jagapatya ||

101.
Lan rabinya manggul dhulang sami |
laju tinata sadayanira |
ambanjêng nèng ngarsa andhèr |
anulya Ki Pangulu |
Basarodin sumusul prapti |
lan rabinira papat |
samya yun papangguh |
bêkti panjang siji sowang |
isi uwi lêgi sami tinup saji |
pinanggul rencangira ||

102.
Ki Basarodin nunggil alinggih |
Nyai Pangulu gantya tur sêmbah |
sarwi atur pambagyane |
mundur awor alungguh |
lan pra ipe sami (ng)ladèni |
uwènipun sapanjang |
edhang dinok ngayun |
binuka tup sajènira |
Ki Wuragil Kulawirya mèsêm angling |
niku napa kang Basar ||

103.
Anèng panjang tinupan tup saji |
Ki Basar nauri mèsêm nabda |
wikana niku akale |
wong wadon amumunjung |
pokalane ngaturi uwi |
nyanaku mau apa |
kang ginawa iku |
panganan adhêm-adhêman |
iku mau ngong aranni dudu uwi |
wong wadon nora layak ||

104.
Mèsêm gumuyu kang aningali |
Ki wuragil Kulawirya latah |
kang Basar ngêtokkên pamèr |
anutuh bojonipun |
sasab sabda prawiraning ngling |
niku punapa nyata |
pokale (m)bokayu |
bojonya ngling papat pisan |
lah botên dhik puniku santri duk wingi |
munjung uwi sakawan ||

105.
Gêr ginuyu sadaya kang myarsi |
Kulawirya nudingi sarya jar |
sarya angakak guyune |
goroh mono pêthèkku |
yèn kang Basar etunge ngênting |
yèn babagan rêkasa |
yêkti nora kudu |
kongsiya kalang-kalangan |
bab mring tuna kang tinohan nadyan uwi |
ya mangsa andhudhuka ||

Jilid 11 - Kaca : 277

106.
Kang gumuyu saya ambantoni |
Ki Pangulu Basar wuwusira |
dene puniku wus akèh |
nyamikan adi luhung |
niki dèrèng sampun kang prapti |
wowohan lah-olahan |
kathah warnanipun |
Kulawirya suka mojar |
lah apa ta ngetung liyan kang (n)darbèni |
suka bingah tumingal ||

107.
Ki Bayi Panurta gumuyuwa-ngling |
yèn aku dhewe sasêptaningwang |
wi lêgi tan na bosêne |
kabèh mèsêm tumungkul |
yata wong ing Wanamartèki |
pangrungunirèng warta |
Kyai dènnya rawuh |
kalawan pra putranira |
Jayèngrêsmi Jayèngraga lan garwèki |
prapta ing Wanamarta ||

108.
Tuwin Tambangraras Amongragi |
mangkana wartane wong sadesa |
marma yun arsa pêpanggèh |
sarta punjunganipun |
ing sakadarira pribadi |
sêkul ulam dhadharan |
jalu èstri munjung |
sami nêmbah tur pambagya |
kumarubut lunga têka kang tutuwi |
anging kang dadi wêrta ||

109.
Jayèngrêsmi miwah Jayèngragi |
Nikèn Tambangraras Amongraga |
tan nana mèlu praptane |
sakèh wong ciptèng kayun |
baya Kyai dènnya ngulati |
mring putra tan kapanggya |
andarung anglangut |
utawa lampus ing paran |
de tan ana kang prapta salah sawiji |
mung kang rama kewala ||

110.
Ni Malarsih lan wadon Cênthini |
kalawan santri anyar sajuga |
ya ta lah para putrane |
dene tan mèlu rawuh |
pan sadaya cuwa ing ati |
miwah rereyanira |
Ki Jayèngragèku |
Crêmasana Widiguna |
sabrayate para cêngkung samya prapti |
atur punjunganira ||

111.
Kae Bayi angandika aris |
lah wus payo padha wiwisuhan |
rijêki kamurahane |
rêke kêmbul bae wus |
kang liningan sami agipih |
(n)dan lêkas sami nadhah |
royom apikantuk |
Ki Bayi lir sabênira |
amratani punjungan saking sakêdhik |
abukti cacaruban ||

112.
Sami tiniru anyênyarubi |
Ki Pêngulu ibut dènnya mangan |
akêbat gêdhe puluke |
tan kongsi ngêpêl sêkul |
Kulawirya gumuyu angling |
dubilah dene bakah |
wakane Pêngulu |
tangane dene alanja |
mrana-mrana auwêd kaya têmpaling |
prigêl anugêl êmpal ||

Jilid 11 - Kaca : 278

113.
Ki Pêngulu anggrundêl nauri |
mupung wontên kang rijêki Allah |
ngarah apa wus wajibe |
suminggun têmah gêtun |
wong mono yèn apik ngalikik |
wong drêmba mundhak rosa |
luput ing alêsu |
Ki Bayi gumuyu mojar |
ngong yun mulat pamangane Basarodin |
ngapenginkên wong mangan ||

114.
Wus antara satêngahing bukti |
maksih ana prapta kang anampa |
rarampadan pamunjunge |
pasudagaranipun |
laju samya prapta alinggih |
Ki Bayi wuwusira |
wong sapuluh iku |
padha nusula amangan |
pamunjungmu iku ngong mundhut sakêdhik |
sun buktine sihira ||

115.
Gupuh santri Luci angladèni |
ngambil winratan sakêdhik sewang |
anulya ingaturake |
tinadhah supayèku |
lêga tyase kang samya tur sih |
mangkana dangunira |
kang samyandon puluk |
wus nutug akurah tangan |
aluwaran ambêng cinarikkên aglis |
kêndhuri binrêkatan ||

116.
Nyai (n)Daya Sumbaling Cênthini |
nyaosakên nyanyamikanira |
Kyai Bayi andikane |
lah kono ala nganggur |
nyamikane padha dinumik |
kang liningan angalap |
ing sasênêngipun |
anutug dènnya dhaharan |
Kae Bayi Panurta wacana aris |
mring para kadangira ||

117.
Sun tutugne pajar reyang wingi |
laku manira mungguh prakara |
pulunanira katrine |
reyang pan wus kapangguh |
saking parmanirèng Hyang Widdhi |
nèng dhukuh Wanantaka |
ing kono kukufu |
kadang myang ipe sadaya |
kang ingujarakên Mongraga ing nguni |
pangikise umendra ||

118.
Angulati ing kadangirèki |
jalu èstri kang pinarah ing tyas |
mangkya wus samya kapanggèh |
kang angyasani dhukuh |
Wanantaka lan Wanasari |
parêk sêndhang Klampeyan |
tanah Jurang Jangkung |
bawah Maospatya têgal |
rinya Amongraga ing wastanirèki |
Kae Sèh Mangunarsa ||

119.
De kadange kang kênya karabi |
marang Ki Sèh anom Anggungrimang |
ing Wanasari dhukuhe |
Sèh Mangunarsa iku |
ngulama gung anon rêspati |
ahlining ngèlmu wus man |
bangsa oliya gung |
mèh kêmbar suwarnanira |
lan Sèh Amongraga wus upama Panji |
Anom lan Panji Tuwa ||

Jilid 11 - Kaca : 279

120.
Amung kaot sênêning cahyèki |
pasang pamuluning wawangunan |
padha uga parèjènge |
de Anggungrimang iku |
ngulama wus wasis ing ngèlmi |
ambranyak sêmu ladak |
putus ing pamuwus |
sêmbada sasolahira |
pantês dadi ipene lir Gunungsari |
wadone lir Onêngan ||

121.
Nakmu Jayèngrêsmi Jayèngragi |
nora wingwang lir kadeyanira |
tan adoh sêlang sêbate |
tunggal pasikonipun |
malah kadya sayayah-bibi |
singa wong wruh sadhela |
sêngguh kadangipun |
duk reyang lagya kapanggya |
lan sutanta lan Sèh Adi Amongragi |
nèng pulo Palanggatan ||

122.
Madyèng Jurang Jangkung kang piningit |
jênêk anèng pangasramanira |
kang sasana ing pasêpèn |
reyang rikala pagut |
datan wiyah samèng pangèksi |
pandulon (n)jron ngalayap |
ing kanêngan kalbu |
munggèng ing kaendahan |
tanpa sesa wuryaning banjaransari |
sari (ng)gyannya anawang ||

123.
Lir dhadharing basanta ngawêngi |
panglaring karamat kaelokan |
myang kikmahing driya dene |
tan yun-yun tan pituhung |
nir tang walang atilar kingkin |
kusunging sih tan ana |
kewala mung sukur |
suka rêna tan pae lan |
duk misihe ing kene Wanamartèki |
kawitan nimpar papan ||

124.
Tambangraras tan têbih ing laki |
saha cahyanya kalintang-lintang |
awênês ijo tejane |
Ki Suwarja umatur |
paran inggih winangwèng ing ling |
Ki Bayi ris wuwusnya |
ya lagi ngong tutur |
sojare nèng (n)jro konêngan |
Amongraga mring reyang kinèn akunci |
paguting kanyênyêtan ||

125.
Purna saliring pasojarnèki |
nulya nis mulyèng kanênganira |
mulèh pandulon-ngong wèntèh |
Basarodin umatur |
pandhita kang paduka angling |
inggih ingkang awasta |
Kyai Jurang Jangkung |
punapa sampun sêpuha |
tuwin masih anèm kadi pun lêkêti |
putranta Sèh Mongraga ||

126.
Kae Bayi gumuyu nauri |
liwat wus tuwa dhèk jan-muni-jan |
jurang sapa wruh maune |
wruh-wruh wus jurang trêjung |
nora nana sing (m)bêbakali |
wus têmu anjêlgodhah |
sira sêlan-surup |
dudu aranning pandhita |
Jurang Jangkung pan iya jurang sayêkti |
Jurang Jangkung wastanya ||

Jilid 11 - Kaca : 280

127.
Pandhitanya ran Mangunarsèki |
Basarodin kalècêman mojar |
e la kalèru jawane |
gêr kang samya gumuyu |
myarsa turnya Ki Basarodin |
Ki Kulawirya latah |
pan sarwi amuwus |
iya ta lah wakne Basar |
lir wong nyilih tompo dèn-(ng)go nakêr êpring |
ambakna salah tampa ||

128.
Dhasar tukang blusak-blusuk angling |
kaya dhèk biyèn kae ngong nyêlang |
pacul dèn-ulungi upèh |
ya iku kang Pangulu |
gèsèh dudu sambunge angling |
sajêg-jêge wus adat |
bêtah salang-surup |
dhasar wong nora micara |
wus pancène tur lumuh calathu sisip |
tan pulung kabênêran ||

129.
Saya ginuyu mring sadayèki |
Ki Pangulu garundêlan mojar |
andèkna yèn nolèh tèlèng |
angguguyu wong luput |
adhasar dhêmên momoyoki |
luput amung samêndhang |
dèn ruggi sagunung |
gawokan Ki Kulawirya |
yèn (ng)gêgarap maring wong nora wis-uwis |
kongsi kaya wong dosa ||

130.
Samya suka sakèh kang ningali |
Ki Kulawirya malih wacana |
liya kang sun-raosake |
wa Sêmbagi puniku |
apan inggih anunukuli |
sutane kang Luwaran |
dadya anak anung |
papêthèkane amajas |
kaya upas tan ana ninang samênir |
pêthèke kang Luwaran ||

131.
Angungkuli mring uwa Sêmbagi |
durung surut uwa wus kantêpan |
marang ing suta belenye |
malah unggul kang sunu |
kang Luwaran pan lagi iki |
ngong wêruh tètèrira |
digdayaning wuwus |
Ki Bayi Mèsêm ngandika |
lah bab apa iku Wirya kang dera-ngling |
kang rayi aturira ||

132.
Duk wingi siyang uwa Sêmbagi |
apanca-bakah lan kang Luwaran |
udrêg kalangkung ramene |
diya-diniya wuwus |
mêthèk ring paduka (n)Jêng Kyai |
pun uwa pambatangnya |
mêksih lami rawuh |
tan amêthèk enggal prapta |
de pun kakang Luwaran mêthèk glis prapti |
tan kongsi kalih dina ||

133.
Sami etang paramalanèki |
bakênêngan uwa lan pun kakang |
mangka ing mangke kayêktèn |
cosplêng batanganipun |
kang Luwaran langkung patitis |
yêktinipun sontênnya |
(n)Jêng paduka rawuh |
Ki Bayi alon wuwusnya |
kang Luwaran punapa ngèlminirèki |
gêlis tiru si uwa ||

Jilid 11 - Kaca : 281

134.
Ki Sêmbagi sumambung ngling ririh |
lare kumaki calak cathèkan |
wurukan bocah aèthèng |
kang liningan tumungkul |
sarwi mèsêm aningit liring |
ginêtêr ing patanya |
Ki Luwaran matur |
sayêktosipun kewala |
(ng)gyan-kawula amêca paduka prapti |
wontên ingkang wawarta ||

135.
Duk paduka sipêng dhusun Cangkring |
wontên kang sarêng nèng pasipêngan |
kewala sanès wismane |
kawula yun amêthuk |
lamun dede karsa (n)Jêng Kyai |
lagya amêndhêm kula |
anênamun laku |
marma kawula amêca |
ing paduka glis rawuh ing sontên wingi |
sabab wus angsal warta ||

136.
Samya gumuyu kang amiyarsi |
Ki Kulawirya latah sarya jar |
kados cumêplos pêthèke |
nyanaku tan kadyèku |
Ki Sêmbagi gumuyu angling |
akale jawal nuwal |
bocah nora urus |
sinau candhula sabda |
mring wong tuwa wani guguyon mapali |
aja sira kadawa ||

137.
Ki Luwaran jrih dèn-sarêngêni |
tumungkul ginaguyu ing kathah |
yata wong Wanamartane |
kang samya amumunjung |
mring Ki Bayi Panurta sami |
prapta sami ambêkta |
rarampadanipun |
sêkul ulam pêpanganan |
datan anggop têka lunga kang tutuwi |
jalu èstri mangkana ||

138.
Wayah wisan gawe Kyai Bayi |
angling lah Luci Nuripin sira |
nak putu kang têka kuwe |
ingkang padha mumunjung |
lah tatanên kabèh nèng ngarsi |
sinlamêtkên wasisan |
ambênge sadarum |
binojakkên ing ngakathah |
nuli padha Jumungahan maring masjid |
agupuh kang liningan ||

139.
Santri Luci Monthèl lan Nuripin |
sami anata kêndhurinira |
wus pininta sa-ambênge |
Kae Bayi amuwus |
Basarodin donganana glis |
salamêting kamulyan |
kabèh wong sadhusun |
Ki Pêngulu sigra (n)donga |
ingaminan wus purna nulya wawanting |
ngancaran sami nadhah ||

140.
Jalu èstri sarêng samya bukti |
tan pati pikantuk dènnya mangan |
sih tuwuk wau enjinge |
antara dangunipun |
aluwaran sadayanèki |
ambêng dipun-barêkat |
warata sadarum |
jalu èstri tan prabeda |
Kae Bayi Panurta ngandika aris |
payo padha bubaran ||

Jilid 11 - Kaca : 282

141.
Sêdhêng padha dandan maring mêsjid |
bar-jumungah wus awan wayahnya |
kang liningan sadayane |
mundur bubaran mantuk |
sowang-sowang laju susuci |
kabèh wong Wanamarta |
jalu èstrinipun |
samya salat bar-jumungah |
sarta lawan kêndhuri punjunganèki |
ngiras binêkta samya ||

142.
Kang durung wruh têmu lan Kiyai |
maksih anganggêp wartaning kathah |
Kae Bayi sapraptane |
lawan pra putranipun |
Tambangraras Sèh Amongragi |
Jèngrêsmi Jayèngraga |
sakulawargèku |
Rarasati lan Turida |
miwah cèthi Cênthini tan kari prapti |
marma tiyang sadesa ||

143.
Kusung-kusung dènnya yun udani |
inggaring tyas lir kaul-kaula |
luwaring kasusahane |
yata datan cinatur |
dènnya samya wêktu ngabêkti |
bar-Jumungahanira |
gung riyayanipun |
pamunjunge wong sadesa |
datan kêndhat kongsi ing sapêndhak ari |
dènnya atur punjungan ||

144.
Santri Monthèl lan wadon Cênthini |
lamènira kongsi pêndhak dina |
ana ing Wanamartane |
tur pamit nuwun mantuk |
marang ing Wanantaka mangkin |
Ke Bayi nalikanya |
nèng pandhapanipun |
pinarak lan garwanira |
tuwin para kadang kulawangsa sami |
miwah Pangulu Basar ||

145.
Nyai (n)Daya lan wadon Sumbaling |
naosakên wedang papanganan |
kahuwa lan nang-bubuke |
bakaran pisang suluh |
gêmblong lèmpèng puthu sarabi |
ledre juwadah jênang |
sagu lan garêndul |
kolak kukus têtêl-pisang |
kêtan kolak lêmpêr bikang abang putih |
munjit kupat balendrang ||

146.
Kimpul katela uwi gêmbili |
pisang kuning gara rajaita |
jagung kêtela-gantunge |
kêtan kaluwa waluh |
sangkêp salir nyamikanèki |
woh-wohan lah-olahan |
sumaji ing ngayun |
cinarakkên samya ngalap |
kang liningan gupuh samya ngalap sami |
ngambil sasênêngira ||

147.
Asêsambèn sira Kae Bayi |
angandika mring pra kadang-warga |
iki Cênthini lan Monthèl |
samya pamit umantuk |
marang dhukuh Wanantakèki |
nèng kene laminira |
pan wus pitung dalu |
dènnya sarèhkên tyasira |
pêrlu ngambil saduwèk-duwèkirèki |
gawe sangu ngibadah ||

Jilid 11 - Kaca : 283

148.
Besuk-esuk dènnya mangkat mulih |
bakda Jumungah dènnya (m)bujung lampah |
murih ing sangat Amade |
tanggal ping wolulikur |
apa ya mêngkono Cênthini |
umatur kasinggihan |
saèstu kadyèku |
kalamun parêng kalilan |
pamit amba lan gêgêbal laki mami |
mantuk mring Wanantaka ||

149.
Kae Bayi angandika aris |
yèn mangkono padha sêdhêkaha |
sakadarmu dhewe-dhewe |
anumbang asung sangu |
mring Cênthini dènnya yun mulih |
pra kadang kulawangsa |
sandika turipun |
samya andadak kongkonan |
kinèn ngambil sinjang atanapi picis |
kang ngareyal rong reyal ||

150.
Ingkang sinjang tapih kêmbên tuwin |
sabuk kulambi kalawan dhêsthar |
rukuh lawan musêlane |
sinung tinampan sampun |
langkung nuwun Monthèl Cênthini |
Ki Bayi ris ngandika |
hèh Luci sirèku |
lan Nuripin lumakuwa |
nguntapkên lakune Monthèl Cênthini |
maring ing Wanantaka ||

151.
Anggawa-a rèrèyanirèki |
wong pamburi iya têka lima |
utawa pitu wolune |
anggawa darbèkipun |
kang Cênthini anèng ing margi |
kang samêkta gagaman |
watir ing dêlanggung |
dèn-tumêkèng Wanantaka |
amataha wong sapa kang sira tuding |
anggawa saduwèknya ||

152.
Sadhiya sadina ing saiki |
angkate sesuk bakda Jumungah |
Luci Nuripin ature |
sandika rèh pituduh |
angling malih Kiyai Bayi |
Sumbaling bibi (n)Daya |
paran wusing ngukus |
bêcik padha sêsèmèkan |
lan jajakna sêga tumpang punar ragi |
gupuh ingkang liningan ||

153.
Nyai-nDaya lan wadon Sumbaling |
naosakên sasèmèkan ènjang |
sarta lawan pajajane |
sumaji anèng ngayun |
bubucu lan rampadanèki |
sami angêt-angêtan |
Ki Bayi amuwus |
payo padha bêbancakan |
ngêt-angêtan mupung esuk sèmèk bukti |
kêmbulan lan wong kathah ||

154.
Kang cinaran samya awawanting |
nulya samya lêkas samya nadhah |
aroyom rêrukunane |
tan ana ingkang ngangsur |
Santri Luci Monthèl Nuripin |
Sumbaling lan Ni-nDaya |
myang Cênthini tumut |
anadhah sarêng ing kathah |
lawan santri magêrsari ingkang prapti |
laju milu amangan ||

Jilid 11 - Kaca : 284

155.
Wus antara nuntug kang abukti |
ambêng cinarik dipun-barêkat |
warata wus sadayane |
pa-ajang wus ingundur |
gya dhadharan lumadyèng ngarsi |
cinaran samya ngalap |
mamangsêganipun |
Ki Bayi aris ngandika |
lah Suwarja Wiradhustha lan Panukmi |
Panamar Kulawirya ||

156.
Yèn pinarèng lêga tyasirèki |
pupuluningong ingkang wanudya |
nakira siji sewange |
iku ngong pèk lumêbu |
sun dèkèkne wismanirèki |
sutanta Tambangraras |
owêl lawas suwung |
sutane yayi Suwarja |
si Jumilah Wiradhustha si Sargini |
Panukma si Murdiyah ||

157.
De Panamar iya si Watini |
Ki Kulawirya si Murtasinah |
cah wadon lilima kuwe |
kabèh manira pundhut |
aywa ana kang anduwèni |
ngong hak-ane priyangga |
têkèng ngakiripun |
manira kang mulasara |
paêntase yèn ana sudi (n)doyani |
ingong ingkang kawogan ||

158.
Karana nakira iku sami |
sun-karya ngarêm-arêm tyas rèyang |
nising Ni Tambangrarase |
para kadang tumungkul |
cipta datan sawalèng kapti |
samya matur sumangga |
tan ngrasa susunu |
Ki Bayi lêga tyasira |
Ki Wuragil Kulawirya matur aris |
mring Ke Bayi Panurta ||

159.
Tur-kawula paduka (n)Jêng Kyai |
mênggah pun Luci lamun èstuwa |
kinèn nguntapkên lampahe |
Cênthini dènnya mantuk |
marang Wanantaka ing mangkin |
Luci yèn tumutura |
kawula tan rêmbug |
contho saliring karsanta |
pun Nuripin kewala sampun nyêkapi |
kalih bêkêl ing Putat ||

160.
Pun Jayuda sami bêkêlnèki |
samya samêkta angêting marga |
Kae Bayi andikane |
iya bênêr sirèku |
yèn pèk mangkono wakmami |
si Luci yèn tan ana |
sayêkti ngong rikuh |
lah ya wus parentahana |
bêkêl Putat si Jayuda kon umiring |
marang ing Wanantaka ||

161.
Tur-andika Ki Kulawiryèki |
Ki Basarodin sumambung nabda |
lah adhi Ki Santri Monthèl |
yèn siyos (n)dika mantuk |
kula titip kewala adhi |
mung salam donga kula |
mring Jamal Jamilun |
sabate Sèh Mongraga |
pawong sanak kula bêdhêl anèng ngriki |
tan na rasa rumangsa ||

Jilid 11 - Kaca : 285

162.
Kalih punapi sami basuki |
Jamil Jamal anèng Wanantaka |
punapa pandamêlane |
santri Monthèl suamur |
kula tan sumêrêp Kiyai |
kang wasta Jamil Jamal |
tan wontên sadyèku |
sang Sèh Adi Amongraga |
praptanipun nèng Wanantaka pribadi |
mung lawan garwanira ||

163.
Tan gadhah sabat ran Jamal Jamil |
ngapuntên-(n)dika ngong tan uninga |
Ki Bayi mèsêm wuwuse |
lho Basar sira iku |
apa lali duk Jamal Jamil |
biyèn kae duk têka |
mrene awèh wêruh |
wawarta yèn Amongraga |
kinukum ing (n)Jêng Sultan Agung Mêntawis |
binuncang ing Tunjungbang ||

164.
Laju kewala pamit umulih |
maring Karang ngong-andhêg tan kêna |
kowe ya padha nèng kene |
pêpakan kabèh iku |
amathênthêng Ki Barasodin |
matur pangraos kula |
pun Jamal Jamilun |
lamine tan wontên prapta |
sakesahe sapriki pun Jamal Jamil |
kawula tan uninga ||

165.
Anauri Sadayanirèki |
inggih sami kawruhaning kathah |
(n)dika dhewe kang kêlalèn |
Ki Pangulu sumaur |
o ah botên wontên mariki |
wong banjur plêng kewala |
ing sakesahipun |
tan dhatêng salah sijiya |
yèn dhatênga amasthi kula kapanggih |
sipêng mring griya-kula ||

166.
Ki Wuragil mèsêm angling wêngis |
dhèk siyèn nika bakda Jumungah |
nèng srambi kèh kêndhurine |
kèh brêkate amunjung |
kacu-(n)dika suwèk nêm nyari |
(n)dika lok kêtiwasan |
e suwèk kacuku |
lah priye kiye mono-a |
ngong sumaur jêr gêbangêtên nalèni |
kacu aran si Klayab ||

167.
Ambane nêm kilan dèn-plipiti |
lonjong rong sap tangan panjangira |
mêksa cupêt kongsi suwèk |
kabèh padha gumuyu |
malah (n)dika takon dom maring |
Luci gawe anjrumat |
mèh bubaran mudhun |
nuli Jamal Jamil prapta |
wusing matur pamit dèn-andhêg tan kêni |
kinèn mangan tan arsa ||

168.
Salah (n)dika mèlu nènawani |
brêkat mring Jamal Jamil amêksa |
kewala laju mit mulèh |
lah botên ta puniku |
kathik lali kèh wong kang uning |
ambakna wong lalènan |
bangêtên Kang Ngulu |
Ki Pangulu tênggèng mojar |
êmpun bênêr kabèh-kabèh niku ênggih |
yèn têmu botên krasa ||

Jilid 11 - Kaca : 286

169.
Sakèhing wong samya angandhani |
mêksa warêngkêng Pangulu Basar |
sadaya kaku atine |
Kulawirya ambêkus |
Kang Pêngulu yèn wus anambi |
dèn but-a wong sadunya |
kabèh sibêngkilung |
wus medane kuna laya |
lamun mênêng tan sumurup barang angling |
yèn muwus salang sêbat ||

170.
Kaya ta ujar yèn wus katindhih |
ing wong akèh bênêre rumangsa |
kèlingan mring kalalène |
nadyan misiha bingung |
masthi nganggo sarat ngalahi |
nora dhangkal apugal |
lir wong nora ngèlmu |
dene-dene yèn aja-a |
ajêjênêng Ki Pêngulu Basarodin |
lir rêca tan micara ||

171.
Ki Pangulu angling angêcuti |
anauri puluh makatêna |
yêktine wong tan kêpanggèh |
Ki Wirya nyêntak asru |
hah-hèh bilah kang Basarodin |
ngewuhake graita |
wong mêngkono iku |
apa lagi têmênana |
apa dhasar wat-awat pi-api lali |
aku ora anduga ||

172.
Kae Bayi mèsêm ngandika ris |
nora kêna ko-borong mor sabda |
ya wong lali mono priye |
sarupa lan wong bingung |
nora kêna dèn-pituturi |
rèh apêsing kawula |
tan kêna binastu |
wus payo padha bubaran |
sarwi miyat tiyungan lantaran êcis |
kundur malêbèng wisma ||

173.
Kadang kulawangsa samya mulih |
tan cinatur siyang ratrinira |
yata wau ing siyange |
ing ari kalanipun |
bakda Jumungah Kiyai Bayi |
sakadang kulawangsa |
para santri agung |
angêpung kêndhuri kathah |
dinonganan Sêlamêt tulak bilai |
tinadhah pinêrutah ||

174.
Aluwaran sakathahing santri |
Kae Bayi kundur maring wisma |
ingiring kadang wargane |
lênggah pandhapinipun |
Ki Suwarja Wiradhusthèki |
Panukma lan Panamar |
Ki Kulawiryèku |
miwah Sêmbagi Jumêna |
lan Jêmpina Lawatan Lawanbong tuwin |
Luwaran Jagapatya ||

Jilid 11 - Kaca : 287

175.
Yata Santri Monthèl lan Cênthini |
marêk ngarsanira Ki Panurta |
umatur nuwun pamite |
tur sêmbah salamipun |
kalih nguswa pada aganti |
pinuji sukuring Hyang |
rahayuning laku |
miwah sêmbah salamira |
marang Nikèn Malarsih samya tur pamit |
pinujya waluyanta ||

176.
Kae Bayi angandika aris |
hèh ya Luci paran wus samêkta |
Cênthini pipikulane |
lan ingkang atut pungkur |
si Sayuda lawan Nuripin |
kang mikul kang rumêksa |
angêting dêlanggung |
umatur sampun sadaya |
datan wontên ingkang sumêlang myang kèri |
karuktèn sadayanya ||

177.
Kae Bayi angandika malih |
lah ya Monthèl sun-titip kewala |
salam taklim reyang rêke |
atur nèng bêndaramu |
Kae sang Sèh Amongragi |
myang mring Sèh Mangunarsa |
Anggungrimangipun |
miwah Nikèn Rancangkaptya |
lan pandonganingsun sukuring Hyang Widdhi |
mring Nikèn Tambangraras ||

178.
Myang mring Jayèngrêsmi Jayèngragi |
sarta ngumumêna salam reyang |
sadesa Wanantakane |
sinandikan lingipun |
tan prabeda Nikèn Malarsih |
pikantuk karaharjan |
ring sadayanipun |
Ki Bayi Panurta dènnya |
apaparing sangu mring Monthèl Cênthini |
lênga rum wastra arta ||

179.
Kang pinaring kalangkung nuwun sih |
wus linilan wau pamitira |
lan sarta malih pamite |
mring pra kadang sadarum |
angamini pamitirèki |
kang para kadang warga |
sarêng dènnya muwus |
samya nangsangakên sabda |
maring Monthèl salam taklim pandongèki |
marang Sèh Amongraga ||

180.
Sinandikan pakirimira ngling |
sarta ngumume tiyang sadesa |
Cênthini Monthèl nulya ge |
mundur nêmbah sing ngayun |
(n)dan umangkat laju lumaris |
Nuripin lan Jayuda |
sarèrèyanipun |
anyangkul gagawanira |
yata aluwaran kang samya alinggih |
mulih asowang-sowang ||

181.
Kang lumampah Monthèl lan Cênthini |
ingiringakên pikulanira |
wong ing Wanamarta kabèh |
amapagakên laku |
wèh sêlamêt anyênyangoni |
sakadar trêsnanira |
Cênthini angantu |
ngandhêgi kang yun kapanggya |
samya asung pasangon dènnira mulih |
wastrata paparêman ||

Jilid 11 - Kaca : 288

182.
Wus rinukti panggawanirèki |
kongsi wêktu Ngasar akirira |
wusnya pinamitan kabèh |
nulya mangkat lumaku |
kampir wismanira Nuripin |
ananggung panginêpan |
nèng Pagutan dhukuh |
sadalu enjang umangkat |
tan cinatur lalampahanirèng margi |
prapta ing Wanantaka ||

183.
Katur sadaya ingkang wêwêling |
pasalamnya mring bêndaranira |
Ki Monthèl wus nèng wismane |
Nuripin anèng ngriku |
sarencangnya pan ginumatin |
narèhakên sapasar |
nulya amit mantuk |
linilan gya sasalaman |
sigra mêsat lêpas tan cinatur margi |
kapungkur Wanantaka ||

679 Pangkur

1.
Yata Ki Sèh Mangunarsa |
nalikanya alênggah anèng masjid |
lan kang rayi katrinira |
Kae Sèh Anggungrimang |
Jayèngrêsmi Jayèngraga kapatipun |
Turida lan Rarasatya |
miwah Nikèn Rancangkapti ||

2.
Bakda Ngasar wayahira |
Ki Sèh Mangunarsa ngandika ris |
lah ta yayi kalihipun |
paran sèstu mamriya |
sasana kang asimpar ngasrama samun |
amamalad pangudiyan |
nêrêp driya ing kadadin ||

3.
Kang rayi kalih turira |
pan sumangga ing rèh paduka tuding |
sadrah tan lêngganèng kayun |
kumambang rèhing karsa |
kadi datan kalêmpit asung sih dunung |
sapidak ing pitêkuran |
kewala narimèng Widdhi ||

4.
Sèh Mangunarsa ris nabda |
singgih yayi lamun pamujyèng kapti |
sakidule Jurang Jangkung |
ra-ara Wanatawang |
kadi-kadi dadya palaling adunung |
nunungku mufid iptikap |
panjurunganing ngaurip ||

5.
Dènta yayi Jayèngraga |
lamun parêng ing karsa anujoni |
lor wetaning Jurang Jangkung |
babanar Wanasonya |
mungguh dadya pamaladaning awuyung |
rèh kawayanging Hyang Suksma |
tashuding jalma wirangi ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (20a) Kaca 261 - 275
  • (21a) Kaca 289 - 303 >