Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang

(05b) Kaca 136 - 151

 

( Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas )

12

5. Sadintên muput sami lumampah, namung kèndhêg salat Luhur tuwin Ngasar sarta dhahar. Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas ingkang kadi taman asri,

mila lajêng sami salat Mahrib sarta lêrêm ing ngriku. Dumadakan wontên tiyang kalihdasa sami dhatêng, nêmbung tumut sipêng ing ngriku, katulak mêksa botên purun, malah sami ngaturakên woh-wohan mawarni-warni. Dalunipun sami rêratiban, dhikir suhul ngantos sami dhawah kantaka botên kantênan alang ujuripun. Nalika Ki Monthèl nglilir, sumêrap ing kiwa-têngênipun sima tilêm sêsênggoran. Sima kagèt sami lumajar. Punika sima gadhungan kadadosanipun têtiyang ingkang sami nunut papan lan asung woh-wohan. Bakda Subuh rombongan mangkat malih, mêdal wana sacêlaking dhusun Kêplêng. Ing wanci lingsir surya ngancik têlênging Wanasaba, sami lèrèn salat Mahrib dumugi Ngisa. Gagat bangun mangkat malih ngancik laladan Wanamarta. Kapanggih Ki Nuripin ingkang panuju wontên ing têgalan. Ki Nuripin lumajar wêwartos dhatêng rabinipun, nanging bingung anggènipun badhe nyugata. Wêkasan kabiyantu dening tangga-têpalihipun. Sasampunipun salat lajêng kêmbul dhahar ing pandhapi. Bakda Subuh Ki Nuripin atur priksa dhatêng Wanamarta.

II. Ing krajan Wanamarta Ki Bayi Panurta gêrah dipun-tênggani Ni Malarsih, sampun katingal badhe waluya. Jayèngrêsmi, Jayèngraga dalah rombongan dhatêng adamêl rênaning panggalihipun Ki Bayi kakung putri dalah para kulawarga. Pasugatan andilir. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun para sadhèrèk, namung Sèh Mangunarsa kapapanakên ing tajug. Dalu kataman Kur'an. Enjing bibar sarapan sami bawa-raos ngèlmi. Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên murid Ki Ragasmara, paring piwulang bab purnaning panêmbah lan sanès-sanèsipun. Wêkasan para tamu sami mantuk kanthi babêktan kathah.

Ki Bayi gêrah katêngga garwa lan para kadang-warga. Sampun katingal sakeca sasampunipun dhahar rujak. Dumadakan Ki Nuripin sowan ngirid para putra lan tamu, andadosakên rênaning panggalihipun Ki Bayi sakalihan. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun kadang-warga, namung Sèh Mangunarsa ingkang kapapanakên ing tajug. Pasugatan ambanyumili, lajêng kêndhuri. Sontên kêmpal ing pandhapi sami ngaos kasambêt kataman Kur'an, kalajêngakên bawaraos ngèlmi. Ki Bayi kapengin kapanggih Sèh Amongraga, makatên ugi sadaya para tamunipun. Sagêd kalêksanan, Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên Ragasmara, paring piwulang bab jatining gêsang, ananing Pangeran, dununging kawula Gusti, jatining sêmbah lan Sukma ingkang kathah pralambinipun. Gagat enjing sami salat Subuh. Sèh Amongraga sapandhèrèk wangsul dhatêng kaênêngan. Sasampunipun sarapan, para tamu pamit wangsul, kaparingan sangu babêktan kathah.


Kaca 138 - 155

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 136

72.
Yèn kawanguran ing sêmu |
mring kang rayi Rarasati |
dadya piningit nayanya |
rèh ana karasèng galih |
duk sipêng ing Kêkêplêng desa |
angrunah parawan sunthi ||

73.
Watiyah karan (m)Bok Gêndhuk |
nging mangka sêmada lali |
barkat lami tan tumingal |
parawan kongsi sêsiwi |
kathah karaosing nala |
ketang galating ngaurip ||

74.
Ing mangkya wus sinung ayu |
ing agama tyas basuki |
tan pepeka ring maksiyat |
alulus kêmulèng budi |
sinamun sarwi amucang |
Ki Adimuncar ngling aris ||

75.
Yayi Kae Arsèngkalbu |
anyêngklèng lampah puniki |
sasar kapaung sadina |
lêrêse duk wau enjing |
ing wana Kracilwangkitnya |
wit blabaring wana Rimbi ||

76.
Animpang ngriki kang wau |
ngalèr kewala kang margi |
(n)jog ing wana Pataruman |
têtêlênge ardi Manik |
Ke Arsèngbudi turira |
kawula dèrèng udani ||

77.
Wasana kang paduka wuwus |
Ke Adimuncar nauri |
manira dèrèng tumindak |
ujare kang wus lumaris |
pan wana ing Pataruman |
alas sing Wirasabèki ||

78.
Ki santri Monthèl umatur |
kamipurun anêlani |
ing pangandika (n)Jêng Tuwan |
ing Taruman Ardimanik |
kalangkung angkêring wana |
lan margi rumpil asungil ||

79.
Lalampah awis rahayu |
padhêm kalap ing dhêdhêmit |
jalma musna tanpa paran |
yèn (n)dungkap ing Ardimanik |
pan sampun kuna-makuna |
wana ing Jênggalamanik ||

80.
Wontêna ing elokipun |
kaot margannya lêstari |
saèdhèngan manggih desa |
awis tambah wana rungsit |
Turida lan Rarasatya |
samya amicarèng ati ||

81.
Karasèng tyas duk lalaku |
angambah ing Ardimanik |
arga pan wus aniluman |
manira jawane nguni |
ngambah wana Pakarêman |
sasar pan jalma lumaris ||

Jilid 12 - Kaca : 137

82.
Wusira mangkana wau |
Ke Adimuncar ngling aris |
punapi ing riku samya |
sumêdyèng sipêng ing dèsi |
paran lajuwa kewala |
satibane anênêpi ||

83.
Kang sinung ling samya matur |
lêhêng lajuwa lumaris |
pan wus kasêdya tirakat |
sadhawahirèng wanadri |
sukuran amanggih papan |
tyas kumambang ing Hyang Widdhi ||

706 Maskumambang

1.
Pan mangkana aturira Arsèngbudi |
Kae Adimuncar |
angling lah ênggèh suwawi |
umangkat mahawèng marga ||

2.
Pra waela dandan pagendhonganèki |
wusira samakta |
nulya lumaksana sami |
saking parèrènannira ||

3.
Anut marga pagalênganirèng sabin |
têgal patalunan |
tulus kang sarwa wiwiji |
tan ana lêbaring mangsa ||

4.
Mangsanira badhe sabin amèmèki |
patanêmanira |
sêmangka kara kêrai |
jawawut jagung katela ||

5.
Lombok terong kaceme kacang kacipir |
talês kimpul kênthang |
jarak kapas miwah wijin |
kompulu lawan kasumba ||

6.
Samya kagyat wong sawah kang aningali |
marang kang lêlampah |
kèwuhan panêrkanèki |
andulur nèng pagalêngan ||

7.
Ana wong kang anêrka lamun priyayi |
ana kang anêrka |
guru santri kang mastani |
wong pinggir ètèr adagang ||

8.
Miwah wong kang (ng)gusah pêksi anèng sabin |
samya agêrtakan |
gogonjong tali sasawi |
sarwi nèng gubug kukuhan ||

9.
Wong kang samya anjojor pating saliri |
wong nèng pagubugan |
gambangan kêndhangan gêndhing |
Sêkar-gadhung sindhènannya ||

10.
Wus lumrahe wong desa kamuktènnèki |
yèn kawiyos sawah |
nèng pranggon suka anggêndhing |
sarwi gugusah prit nêba ||

 

Jilid 12 - Kaca : 138

706 Maskumambang

11.
Wus lumrahe kèh kabungahanirèki |
myang raryya-ngon ngundha |
-undha layangan sundari |
miwah kèh pasang ubêngan ||

12.
Yata ingkang lumampah (n)dulur nèng sabin |
têgal patalunan |
têgalan bêran palastrin |
pagagan wus kalintangan ||

13.
(n)Dungkap bulak wiyar ara-ara radin |
grumbul tarataban |
pakêtêbaning wanadri |
umanjing nêngah pagrêngan ||

14.
Anjoring lwah loh jurang cêrung cucuri |
manjat palunguran |
mahas wana wulusan writ |
andarung lêpas lampahnya ||

15.
Wanci surya nuntung tirah (ng)graning wukir |
ngulati we wana |
kalularat tan dèn-apti |
ing waktu mangsa sêmbahyang ||

16.
Rasèng driya kasusahan dening warih |
sangsaya manêngah |
(n)dungkap têlênging wanadri |
Wanasaba wastanira ||

17.
Non laleyan umili toyanya wêning |
saking pamênggêran |
kumucur kirihing warih |
kayoman ing parijatha ||

18.
Lan kucila kalauwika kêcapi |
rêjasa-gung gaga |
wontên pasimparan rêsik |
palatar sela lus rêta ||

19.
Sri kawuryan mararyan ingkang lumaris |
mahèrantuk kadas |
sawusnya samya susuci |
mring papan kang sumayana ||

20.
Pra waela trap makêna rukuhnèki |
ambabar musêla |
sibe adan waktu Mahrib |
wus sunat sadayanira ||

21.
Sira Ki Sèh Mangunarsa angimami |
andadèkkên niyat |
patitis tibaning takbir |
-rahtul ikram kang minulya ||

22.
Kadyangganing sungapan suping jaladri |
woring angin tawa |
tan ana antaranèki |
tunggal jatining panunggal ||

23.
Wus anjênêngakên sêmbahirèng Widdhi |
purnaning asalat |
antara bakdanirèki |
ing Mahrib tumêkèng Ngisa ||

24.
Wus paragat saliring sunatirèki |
tata palungguhan |
kang pra waela anunggil |
samèstri wurining priya ||

25.
Kae Adimuncar angandika aris |
yayi Arsèngdriya |
samya rarasan sakêdhik |
mungguh ing kita punika ||

Jilid 12 - Kaca : 139

26.
Sayêktine ayun wruh ing rasa-jati |
pundi kang winastan |
rasa-jati kang sayêkti |
ingkang tan lawan upama ||

27.
Arsèngbudi alon anauri aris |
sumangga ing karsa |
(ng)gyan samya amamastani |
mokal kalêmpita sabda ||

28.
Datan pae ing ngriku kalawan ngriki |
mung kaot pinangka |
sangkaning ganal lan rêmpit |
tunggil kadadeyanira ||

29.
Ing agêsang mung asal kawan prakawis |
gêni angin toya |
bumi jangkêp pat prakawis |
punika jatining rasa ||

30.
Sabab dening kathah kadadosannèki |
singa ngupamakna |
ing sahir kalawan kabir |
pagut roroning atunggal ||

31.
Wujud Asma ing sadat kalimah kalih |
woring kajumbuhan |
lorone kawula Gusti |
yèn seje tan siwah warnanya ||

32.
Lamun tunggil datan wontên èmpêrnèki |
pan sami tan kengang |
winastan salah sawiji |
miyate tèbènging rasa ||

33.
Wa-makatên ngriku Ki Cariksutrèki |
sakecaning sojar |
kang liningan anauri |
dhadhakanipun kewala ||

34.
Singgih rasa têmên rasaning abukti |
pêdhês asin miwah |
lêgi gurih adhêm pait |
kamulyanirèng agêsang ||

35.
Rasa mijil saking ing kalih prêkawis |
bantala akasa |
ngriku wijining kadadin |
tan ina antaranira ||

36.
Kang akasa anukma jroning pratiwi |
pratiwi anukma |
sajroning akasa yêkti |
pasthi sênêt-sinênêtan ||

37.
Nanging gaib rêmit tan kenging dinugi |
yèn dipun-nyatakna |
tan kawawa anadhahi |
têmahe tanpa gaweya ||

38.
Kadipundi anakmas Malangkarsèki |
parêbating rasa |
pamanggih mungguh ing ngèlmi |
Ke Malangkarsa ris nabda ||

39.
Singgih yèn ing pamanggih kula pribadi |
sajatining rasa |
rasaning jalu lan èstri |
campuh ing rasa lan karsa ||

Jilid 12 - Kaca : 140

40.
Kun imutlak latakyun ingkang ginaib |
tan mojud tan sirna |
pasthi ananing pribadi |
akarêm lan dhawakira ||

41.
Tan kinarya orane lan iyanèki |
tan ro tan satunggal |
akijab saliring ngèlmi |
akathah yèn ngupamakna ||

42.
Miwah kathah jujulukira kang jais |
tan na wangênnira |
wiwinih wijiling ngèlmi |
ngalabi kasa bantala ||

43.
Ananing ro tatêlu sakalir-kalir |
sangkaning satunggal |
satunggal ro jatinèki |
kang ro jatine satunggal ||

44.
Dadya inggih kakalih inggih satunggil |
ro jatining rasa |
tunggale rasa satunggil |
pan jumênêng rasa tunggal ||

45.
Datan kengang ginanal kalawan angling |
dadya rêrêbatan |
tuna-dungkaping pamanggih |
rèh rasa tan kawujudan ||

46.
Kadipundi yayi Sèh Mangunarsèki |
purnaning rarasan |
Kyadimuncar nambung angling |
singgih jêbèng Mangunarsa ||

47.
Tinêpangan ing ngriku ingkang utami |
Ki Sèh Mangunarsa |
norraga umatur aris |
sumanggèng karsa andriya ||

48.
Sami ugi kewala raosing ngèlmi |
wontên upamanya |
kang ngèlmi rasa sajati |
lir rêtna tibèng samodra ||

49.
Sakalangkung pakèwêd dènnya ngulati |
kathah ingkang tidha |
tan kadugi angulati |
mung dadya catur kewala ||

50.
Jatining rasa karêp pan ingkang suci |
laire nèng lesan |
amuni pan dadya ngèlmi |
ing ahli kita punika ||

51.
Angakêni ngèlmi wujuding Hyang Widdhi |
ingupamakêna |
sagara minangka mangsi |
godhong kang pinangka papan ||

52.
Kèhing kayu ginaweya kalamnèki |
yèn ta tinulisa |
luwih ngèlmune Hyang Widdhi |
minangka rêtna-di mulya ||

53.
Sirna tibèng samodra upamanèki |
tan wontên marganya |
angambil rêtna-di luwih |
tan wun inguja kewala ||

54.
Kêdah angupaya sarana kang dadi |
winikalpèng driya |
miminta amuntu budi |
mamrih rasa kang rêkasa ||

Jilid 12 - Kaca : 141

55.
Rasaning tyas angèl tan kêna panas prih |
murih suda papa |
byat sura lêgawèng pati |
subrangta amatiraga ||

56.
Lamun sampun dhauping rasa kakalih |
rasaning atapa |
kalawan rasaning ngèlmi |
ing ngriku panggihing rêtna ||

57.
Rêtna-mulya kasimpên jroning jaladri |
ngèlmi pami rêtna |
tapa kang pami jaladri |
rêtna nèng têlêng samodra ||

58.
Ingkang ngèlmi anèng jroning matiraga |
kang têlênging tapa |
campuhing tapa lan ngèlmi |
pan wus dadya rasa tunggal ||

59.
Nir kang tapa ngèlmu tan na karannèki |
tan rumangsa apa |
tan rumangsa ahli ngèlmi |
jumênêng kasidanira ||

60.
Yèn punika yakti babaring kadadin |
jalma tamèng titah |
kang wus man maring Hyang Widdhi |
widagda asung sinungan ||

61.
Sumangga ing ngriku yayi Jayèngrêsmi |
miwah Jayèngraga |
mênggah sakalihe yayi |
sami rinêbat kang rasa ||

62.
Jayèngrêsmi norraga umatur aris |
sumangga ing karsa |
kewala amba umiring |
ing sakarsa kang utama ||

63.
Wau ta kang sami ararasan ngèlmi |
pan wus kajomblahan |
ing tanggap pupuling ngèlmi |
narima sukuring nala ||

64.
Wanci madya ratri dènnya gunêm ngèlmi |
Kae Adimuncar |
pangandikanira aris |
suwawi suhuling Sukma ||

65.
Pra waela miwah pra ngawirya sami |
dhangan ingujaran |
samya raratiban dhikir |
anjujunun ing Hyang Sukma ||

66.
Kae Sèh Mangunarsa ingkang ngimami |
trap pangguyêrannya |
mumupit wiriting dikir |
myang santri sadayanira ||

67.
Gumêr swaranira rêmpêk tan sarênti |
dangu antaranya |
madya têkèng bangun enjing |
bakda dènnya wiwiritan ||

68.
Laju marang pahèran mèt toyastuti |
mrih waktu sêmbahyang |
Subuh wusira susuci |
adan sunat kinamatan ||

69.
Kae Adimuncar alon ngancarani |
Ki Sèh Mangunarsa |
kinèn majêng angimami |
wus andadèkakaên niyat ||

Jilid 12 - Kaca : 142

70.
Nampurnakkên salat tumaninah têrtib |
kang wajah ibtitah |
wawacan satusirèki |
Patekah Surat Jumungah ||

71.
Rêkangat kang akir wawacanirèki |
sawusing Patekah |
Surat Munapèk ingapti |
adêge wus Kinunutan ||

72.
Têkèng tahyat akir bakda salam nuli |
ngamal pupujiyan |
dikir donga limang bêkti |
salawat asasalaman ||

73.
Wus paragak saliring sêmbah lan puji |
Kae Adimuncar |
angling yayi Arsèngbudi |
sêdhênge sami umangkat ||

74.
Ing aenjang mupung wanci maksih ratri |
nambang ing aruna |
Ki Arsèngbudi turnya ris |
pan inggih sumanggèng karsa ||

75.
Pra waela tata panggendhongannèki |
nulya lumaksana |
saking palinggihan sami |
umahas wana wulusan ||

76.
Alon lampahira karêmêngan margi |
ramya swarèng sata |
-wana kang mraknya ngungongi |
jangkrik-bêring dhawang jongkang ||

77.
Cabak bubud brênggi gogik rangkok bintit |
dhècu cing-golingan |
garèndan darès srigunting |
palatuk tèngkèk kapodhang ||

78.
Asri umung swaraning pêksi lit-talit |
nacar karasula |
kabur mèt mangsa woh kitri |
wancènjang kambanging surya ||

79.
Angatirah marbangbang nèng (ng)graning wukir |
kadi netraning kang |
rapuh byating wungu guling |
tar bêntar trang apantara ||

80.
Kalamukan ing ima ngawêng malangjring |
sunaring karaba |
nipat rêgêding ima brit |
lir patra linut parada ||

81.
Kênyaring Hyang Aruna angujwalani |
sèsining kanangrat |
arêsmi kawuryan asri |
srang-srangan satyèng srèng-srèngan ||

82.
Yata wau kang tumama ing wanadri |
lêpas lampahira |
nusup angayam wanadri |
pagrênganing Wanasaba ||

Jilid 12 - Kaca : 143

83.
Pan sadina tan pati raryyan lumaris |
(ng)gyan waktu sêmbahyang |
lêhêr wus bakda lumaris |
tan karsa kampir padesan ||

84.
Wanci waktu Ngasar samya raryan bêkti |
bakda gya lumampah |
tatas mahasing wanadri |
taratabing pagrumbulan ||

85.
Marga amalapat desa kanan kering |
tanah Wanamarta |
dhukuhe Kiyai Bayi |
ing Têpus-cangkring Kalisat ||

86.
Ing Jaha ing Bulu Balimbing Pêkiring |
Wilis pakitrinya |
tulus kang samya winiji |
têgal pasabinanira ||

87.
Anut marga pagêr patalunanèki |
yata kang lumampah |
andulur jalu lan èstri |
nut tikunging pagalêngan ||

88.
Kathah jalma papagan samya nimpangi |
pan sami anduga |
wong gêdhe anamur dhiri |
amêndhêm kula tirakat ||

89.
Miwah jalma kang samya têgal sasabin |
mulat kang lumampah |
samya ngucap jroning ati |
baya wong ing ngêndi mana ||

90.
Dene êlur akèh têmên kang lumaris |
jalwèstri mangkana |
wanci katungganging ardi |
Kyai Muncar ris ngandika ||

91.
Marang Kae Jayangrêsmi Jayangragi |
pan sarwi lumampah |
anakmas kalihe sami |
kadipundi karsanira ||

92.
Rèhne ta tas kapungkur marga wanadri |
napak pangareyan |
mênggah pasipêngannèki |
punapi laju kewala ||

93.
Lamun raryan ing pundi ingkang pinurih |
dhukuh kang prayoga |
kang wontên masigidnèki |
paran anêgal animpar ||

94.
Jayèngrêsmi mèsêm anauri aris |
singgih lamun karsa |
rêrêm ing dhusun saratri |
sadaya dhukuh punika ||

95.
Ingkang darbe rakanta Kangjêng Kiyai |
kadi tan sumêlang |
pan sampun pawong pribadi |
wontên santri kulawangsa ||

96.
Ing Pagutan santrinya aran Nuripin |
angiras kinarya |
babêkêl dhukuh pawingking |
kukus gangsalwêlas samya ||

97.
Sinungakên rèhipun marang Nuripin |
lêbe ngiras lurah |
katima damêlirèki |
marang (n)Jêng Kyai rakanta ||

Jilid 12 - Kaca : 144

98.
Kalihdene wus katanggêlan ing wanci |
lamun linajêngna |
ragi kadalon sakêdhik |
prayogi rêrêm padesan ||

99.
Ing Pagutan pagriyanipun Nuripin |
paran kono sira |
yayi Kae Jayèngragi |
ingkang rayi aturira ||

100.
Inggih sakalangkung dening aprayogi |
pan enjang kewala |
tur uninga ing (n)Jêng Kyai |
mangkana ing lampahira ||

101.
Pan panuju Nuripin anèng ing sabin |
angadhuk tanduran |
talun ing pinggiring margi |
tan wruh kang lumakyèng ngarsa ||

102.
Kae Jayèngraga tumingal Nuripin |
mèsêm angandika |
lah sira iku Nuripin |
kablabak ngadhuk nèng têgal ||

707 Balabak

1.
Ki Nuripin liningan mring Jayèngraga |
kagète |
andangèngèk pacul lineyangan tangan |
doranne |
Ki Nuripin sêmune pangling Jèngraga |
dêlênge ||

2.
Bêrkat lawas tan panggih lan Jayèngraga |
laline |
Jayèngraga sarwi nudingi saksana |
wuwuse |
apa lali sira têmên marang ingwang |
lah pothèt ||

3.
Suwe-suwe Nuripin mari panglingnya |
elinge |
gupuh-gupuh Nuripin nulya ambuwang |
pacule |
sarwi nangis mèlat-mèlèt atur salam |
wuwuse ||

4.
Adhuh lae-lae bêndaraku têka |
karone |
panyanaku têrus tan karsa kondura |
marene |
mêngko padha ting bêdhêngul kèh tunggalnya |
kang (n)dhèrèk ||

5.
Jayèngraga angling ya wus sun-tarima |
sakèhe |
pambagyamu maring wang lah uwusira |
sun-kèngkèn |
lah muliya dhingin ngrêsikana langgar |
dèn-age ||

6.
Wruhanira ingsun kêdalon nèng marga |
mulane |
karsa mampir marang dhukuh wismanira |
arèrèh |
mung sadalu enjang atura uninga |
mêngkone ||

7.
Kang liningan Nuripin matur sêndika |
ge-age |
andhingini lakune agurawalan |
tindake |
têkèng wisma Nuripin anguwuh marang |
rabine ||

Jilid 12 - Kaca : 145

8.
Kutawèlan kamisosolên ujarnya |
kapriye |
iya ta lah iki paran polah-ingwang |
bakale |
iya ingkang ginawe suguh punapa |
mêngkone ||

9.
Wruhanira dhayoh ingkang arsa prapta |
têmêne |
Kae Jayèngrêsmi lawan Jayèngraga |
kalihe |
kang alunga ngulatan Bayi Panurta |
lamine ||

10.
Tan apangguh mêngko iki padha têka |
nèng kene |
akèh têmên jalu lan èstri rowangnya |
kang (n)dhèrèk |
kaya nora sêdhêng suguhe rong dangan |
sêgane ||

11.
Priye mono priye iki polahingwang |
lan kowe |
kang wadon ngling (m)bok ondhang para padesan |
bênêre |
wong abusuk thikluk kudu dadi lurah |
dhêglone ||

12.
Lah wus mara sira gagêndhong-gêndhonga |
lêsunge |
yèn wus têka jalukana suguh padha |
urunne |
Ki Nuripin nauri ya bênêr sira |
rêmbuge ||

13.
Ki Nuripin nulya marang palêsungan |
gêndhonga |
tan antara wau kang para ngawirya |
praptane |
dumarudug wau ingkang sêdya prapta |
wismane ||

14.
Samya tata alênggah anèng pandhapa |
kabèhe |
wus sinrantèn ing gagêlaran kalasa |
lampite |
Ki Nuripin (ng)gantêr anabuh lêsungnya |
gêndhonge ||

15.
Tan adangu tatangga parapat-desa |
têkane |
pinrentahan kinèn (ng)gawa suguhira |
kabèhe |
mêntah matêng miwah nyanyamikannira |
rumate ||

16.
Wus mangkana Nuripin marak ing ngarsa |
gupuhe |
laku-bokong angadhêpêk anèng ngarsa |
ajune |
atur salam ngabêkti miwah pambagya |
rawuhe ||

17.
Marang Kae Arsèngbudi Adimuncar |
lan manèh |
Cariksutra Malangkarsa Mangunarsa |
malihe |
Anggungrimang Jayèngrêsmi Jayèngraga |
gêntine ||

Jilid 12 - Kaca : 146

18.
Miwah sasalaman mring sadayanira |
sawuse |
samya ngujar kalangkung panrimaningwang |
saure |
wus mangkana ing wanci surya ngancala |
Mahribe ||

19.
Samya waktu ing Mahrib tumêkèng Ngisa |
bakdane |
Ki Nuripin samakta tata lungguhan |
gupuhe |
lanang wadon kaya têmpaling polahnya |
bingunge ||

20.
Paparentah tumandang langkung akopat |
kapite |
dènnya naosakên bubucu nèng arsa |
gugupe |
papanganan sinêngguh rampadan ulam |
klirune ||

21.
Ginaguyu marang kang para ngawirya |
srag-srêge |
Jayèngraga gumuyu sarwi ngandika |
wuwuse |
lah (m)bok aja Nuripin kasusu sira |
dèn-rèrèh ||

22.
Lah sirèki Monthèl lan Cênthini sira |
dèn-age |
rewangana tata saosan nèng ngarsa |
bêcike |
kang liningan Monthèl lan Cênthini enggal |
trampile ||

23.
Wus tinata prayoga rampatannira |
mungguhe |
wusing ngancarakkên pasunggatanira |
nulya ge |
samya wanting (n)dan lêkas sami adhahar |
kêmbule ||

24.
Pra ngawirya kalawan para waela |
nutuge |
luwaran ambêng rampadan cinarikan |
lorode |
sinungakên marang kalawangsanira |
ambênge ||

25.
Wus warata sadaya tan ana kurang |
warêge |
gantya nyanyamikan lumampah ing ngarsa |
suguhe |
lah-olahan juwadahan myang wowohan |
sangkêpe ||

26.
Ki Nuripin nyarakkên dhaharannira |
ature |
lah sumangga punika mangsêganira |
ginême |
dyan angalap sadaya sasênêngira |
sêptane ||

27.
Jayèngraga mèsêm aris angandika |
sasambèn |
dene kuwat Nuripin sira nyunggata |
wong akèh |
kang liningan umatur barkah sampeyan |
sagêde ||

Jilid 12 - Kaca : 147

28.
Sarta sawabipun (n)Jêng Kyai ramanta |
yêktine |
(ng)gih kawula darmi naoskên dhaharan |
kêdhike |
tan cinatur ing dalu kang samya lênggah |
solahe ||

29.
Yata enjing bakda Subuh tata lênggah |
andhère |
Jayèngrêsmi mèsêm aris angandika |
wuwuse |
hèh Nuripin sira sun-duta kalawan |
si Monthèl ||

30.
Lumakuwa mring karajan Wanamarta |
karone |
umatura marang (n)Jêng Kiyai Bapa |
yèn mangke |
pan manira lan si adhi Jayèngraga |
sartane ||

31.
Kae Adimuncar Kae Arsèngbudya |
lan manèh |
Kae Cariksutra Arundarsa miwah |
Kae Sèh |
Malangkarsa kalawan Sèh Mangunarsa |
Rimange ||

32.
Miwah ingkang samya nut para waela |
wurine |
sarta lawan mitranira kulawangsa |
santrine |
samya sêdya arsa papangguh sadaya |
parlune ||

33.
Pangabêktiningwang lan pra salamira |
sakèhe |
aturêna marang (n)Jêng Kyai Panurta |
sartane |
lawan ibu mring paman-paman sadaya |
tuwane ||

34.
Kang liningan santri Nuripin kalawan |
Ki Monthèl |
samya matur sandika nulya umangkat |
ge-age |
mring karajan Wanamarta tur uninga |
lakune ||

708 Dhandhanggula

1.
Tan cinatur kang dinutèng margi |
kang kocapa krajan Wanamarta |
Kae Bayi Panurtane |
pan maksih rumbu-rumbu |
lagya sênggang grahira kêdhik |
wus catur madya wulan |
dènnira angukut |
ingadhêp pra arinira |
Ki Suwarja Wiradhustha lan Panukmi |
Panamar Kulawirya ||

2.
Ki Jumêna Jêmpina Sêmbagi |
Ki Lawatan Malangbong Lipura |
Pangulu Basarodine |
sadaya anèng ngayun |
miwah garwa Nikèn Malarsih |
Sumbaling lan Ni Daya |
tansah anèng ngayun |
Ki Suwarja lon lingira |
kadipundi kakang-bok grahe (n)Jêng Kyai |
paran wontên sênggangnya ||

Jilid 12 - Kaca : 148

3.
Alon nauri Nikèn Malarsih |
iya ana sênggange sakira |
duk wingine wit sênggange |
saprene datan rukut |
mêndha dènnya apanas êtis |
kang dadya jalarannya |
iya mundhut rucuh |
pêpêdhêsan rujak lumpang |
kang kinarsan rucuh kluthuk babal cêngkir |
kaduk asêm pêdhêsnya ||

4.
Sun-palangi tan kêna pinênging |
maksa bae kudu nadhah rujak |
sapiring mêlêb (n)tèk dhewe |
tan ana sisanipun |
marmèng sun yèn muwuhi sakit |
dadya kadya tatamba |
rujak lir dhudhukun |
rong wêngi rong dina nora |
angop rumab pra nari umatur aris |
kadya lajêng mulyanya ||

5.
Ki Kulawirya angguguyoni |
kados lamun lajêng asakeca |
(n)Jêng Kiyai ing gêrahe |
sampun kang gêrah wau |
kula ingkang barêgas wiris |
myarsakkên rujak lumpang |
ngumêcêr ing idu |
mundhak kêpengin angrujak |
wong warasan wuwuh waras anyêgêri |
cês ngilêr idunira ||

6.
Ginaguyu pra kadangirèki |
Nikèn Malarsih gumuyu mojar |
lagi wong caturan bae |
sira iku angilu |
tarècèsan lir lare cilik |
ambakna wong penginan |
kêbangêtèn iku |
Ki Bayi mèsêm ngandika |
cilik mula yèn adhimu si Wuragil |
doyanane rujakan ||

7.
Nora etung wayah rina wêngi |
bêdhug têlu bakda Subuh ngrujak |
yèn awan lingsir srêngenge |
wong wus luput ing sêmbur |
nora lumrah angluluwihi |
sadhengah kang pinangan |
nganggo tawa amung |
sabên iku mangsa rujak |
nora nganggo tawa maring anak rabi |
êntèk tan nganggo sisa ||

8.
Samya gumuyu kang para ari |
langkung lêga tyasira anyana |
kang raka laju sênggange |
Ki Bayi ris amuwus |
wong wus tuwa mono yèn sakit |
tan liya kang karasa |
mung parêk ing kubur |
kewala anyipta ngajal |
arah kumambang ing pasthi karsaning Widdhi |
kagunganing Pangeran ||

9.
Anging yèn ta kêna-a pinuji |
nadyan kinarsaning ajalingwang |
muga pinarêngna rêke |
andulu marang sunu |
kang samya nis salah sawiji |
lamun tan mangkono-a |
tansah dadya kalbu |
prasasat tanpa tuduhan |
woding pati awit panggrantêsing kapti |
tan wun papa ngakerat ||

Jilid 12 - Kaca : 149

10.
Sadaya samya angrês ing galih |
myarsa linge Ki Bayi Panurta |
pra kadang kulawangsane |
kèndêl samya wêtu luh |
ketang dènnya awlas ningali |
Nikèn Malarsih saya |
marawayan kang luh |
kathah kagagas ing driya |
datan mulat ing suta jalu lan èstri |
salah sawijinira ||

11.
Tan antara kang lagya tyas kingkin |
pan kasaru santri Luci prapta |
umatur nèng paningrate |
amba ngaturi wêruh |
punika pun Nuripin prapti |
lan santri Monthèl kadya |
wontên kang ngautus |
Ke Bayi kagyat lingira |
timbalana dèn-age Monthèl Nuripin |
baya iya dinuta ||

12.
Samya enggar sadaya kang galih |
kang liningan Luci sigra mentar |
nimbali Nuripin Monthèl |
pangguh anèng ing pintu |
lah suwawi adhi Nuripin |
kalihe tinimbalan |
mring ngarsa dèn-gupuh |
Ki Luci arêrangkulan |
lan Ki Monthèl Luci ngling (n)dika lujêng dhi |
lujêng dhi lujêng (n)dika ||

13.
Monthèl angling kang inggih kang inggih |
Nuripin mojar ih nora jamak |
smakeyan kang duwe ipe |
(m)bagèkkên sungsun-sungsun |
padha dene kang anauri |
kaya wong nêmpur bêras |
dhocêng mèlu payu |
wawita êmpun dèn enggal |
(n)dadak rêrangkulan nora uwis-uwis |
kasuwèn yèn dinukan ||

14.
Nulya samya kerit maring ngarsi |
prapta samya nêmbah atur salam |
miwah maring sadayane |
binagyan kinèn lungguh |
wusnya tata wong ro alinggih |
Nuripin aturira |
kawula ingutus |
ing putranta Jayasmara |
Jayèngraga lan garwa samya sung bêkti |
katura ing paduka ||

15.
Yèn ing mangke putra-dalêm kalih |
lan kang garwa saking palêlanan |
wus samya prapta samangke |
akathah kang tut-pungkur |
pra pandhita jalu lan èstri |
myang santri kulawangsa |
tiyang gangsal-likur |
ing mangkya karsa araryyan |
anèng ing pawisman-kawula saratri |
dhukuh-dalêm Pagutan ||

Jilid 12 - Kaca : 150

16.
Kados mangke praptanya mariki |
sira wau Ke Bayi Panurta |
langkung cumêplong galihe |
lawan sadayanipun |
samya suka sukuring galih |
Ni Malarsih karuna |
myarsa aturipun |
ngandika sarwi udrasa |
dhuh sutèngsun êndi rupane kang prapta |
sêlak yun-yunên ingwang ||

17.
Kae Bayi Panurta lingnya ris |
(m)bok dèn sarèh kewala tyasira |
cinging têmên sira Nikèn |
mêngko rinêmbug patut |
sabab sutanira praptèki |
nora prapta priyangga |
akèh kang tut-pungkur |
jare padha pra pandhita |
wajib kurmat marang ingkang sêdya prapti |
malah mandar ngruktiya ||

18.
Pasugatèng tamu kang prayogi |
lêjar kang garwa sinabdèng raka |
Ke Bayi ngandika manèh |
ngrasa waras wakingsun |
wus tan ana kang ngrasa sakit |
pra ari aturira |
mugi kang saèstu |
putranta kalih kang prapta |
aprasasat punika dadya usadi |
anyarasakên lara ||

19.
Anauri kaya iya ugi |
pulunanira dadi tatamba |
sih pitulunging Hyang rêke |
alon malih amuwus |
sapa pandhitane kang prapti |
Nuripin aturira |
kasupèn tan emut |
ngriku dhi Monthèl matura |
ing (n)Jêng Kyai (n)dika kang radi pratitis |
wruh saking ngrika mula ||

20.
Kae Bayi Panurta nglingnya ris |
iya sira Monthèl umatura |
sapa kabèh pandhitane |
santri Monthèl umatur |
pra pandhita ingkang umiring |
ing lampahe putranta |
pan sadayanipun |
rinta Kae Adimuncar |
lawan rayi andika Ki Arsèngbudi |
lawan Ki Cariksutra ||

21.
Rinta Arundarsa lawan malih |
putra tuwan Ki Sèh Malangkarsa |
tuwin Sèh Mangunarsane |
kalawan malihipun |
Anggungrimang kapitunèki |
lan mitra kulawangsa |
kang sami tumutur |
Sèh Modang Sèh Pariminta |
Ki Piturun kalawan Ki Palakarti |
pitu pawong santrinya ||

22.
Pra waelanipun kawansiki |
rubiyahira Ki Cariksutra |
Nikèn Wilapa wastane |
kalawan garwanipun |
Anggungrimang Ni Rancangkapti |
lan rabinya Sèh Modang |
(m)bok Plangi rannipun |
Cênthini sakawannira |
kang punika marma arinta pra sami |
umarêk ing paduka ||

Jilid 12 - Kaca : 151

23.
Andhatêngkên sih wulangunnèki |
saking dahat rumêsêping driya |
sabipraya ing ngunine |
dadya mangke tumutur |
ing salampah putranta mulih |
angkating saking prênah |
Wanantaka dhukuh |
kang anguntap parah-paran |
mung kaè Sèh Mangunarsa lan kang rayi |
Rancangkapti Gungrimang ||

24.
Jasad-kawula lawan Cênthini |
Ki Piturun Palakarti ingkang |
anganutkên ing lampahe |
kang kinampiran laju |
sadaya punika sami |
prapta narèhkên lampah |
anèng wismanipun |
Ki Nuripin ing Pagutan |
enjingipun kawula kinèn tur uning |
dhumatêng ing paduka ||

25.
Kae Bayi angandika aris |
dene panuju pangampirannya |
tan kalintang sasikine |
Ki Kulawirya matur |
jamak mangkene wong tinuding |
dadi wong amicara |
lir Monthèl puniku |
ature cêtha arata |
aja kaya gêgabêre si Nuripin |
nora pakra dinuta ||

26.
Ting basèyol kaya ting barêndhil |
dhasar pancèn wong nora micara |
ature nganggo kasupèn |
ragi kasupèn gêpluk |
kayaimu ngapa si Ripin |
digawe palawija |
babo iku patut |
tan kalêbu ing pakeyan |
kajaba dikon angon bèbèk mring sabin |
kambi amandhi sulak ||

27.
Ki Nuripin tumungkuling ririh |
kêmba uwang yèn nora (ng)gêgarap |
maring wong moyoki bae |
Ki Bayi mèsêm muwus |
ya sabisa-bisanirèki |
sabobote maningan |
pilang-pilang tanduk |
gumrah araling kawula |
bênêr luput wah gingsir lali lan eling |
gadhuhaning kawula ||

28.
Ki Kulawirya anggrundêl ririh |
andêlna yèn ngiloni santrinya |
pan wus nora pilih wonge |
bênêr luput winêngku |
saking sihe maring ing santri |
kae Bayi Panurta |
alon dènnya muwus |
lah uwus Ripin matura |
marang para ngulama kang sêdya prapti |
aturana dèn-agya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (05a) Kaca 118 - 135
  • (05c) Kaca 152 - 167 >