Bharatayuddha -  

1. Prabu Krêsnå Dhatêng Ngastinå, Ngrêmbag Alihan Nagari Boten Angsal Damêl.

Sang Prabu Jåbåyå ing Kadhiri misuwur kêkah adilipún. Prabawanipún upami kadós padangíng srêngéngé ing mangsa katigå. Panjênênganipún kinèringan ing sêsamining ratu, awít sakíng kaprawiranipún ing paprangan. Bótên wóntên nimbangi. Pårå ratu ingkang nunggil jaman akaliyan Prabu Jåyåbåyå kaupamèkakên rêmbulan, Prabu Jåyåbåyå ingkang minångkå srêngéngé, sorotipún angútjêmakên padhanging rêmbulan.
Prabu Jåyåbåyå wau kagungan abdi juru panganggit, anama Êmpu Sêdah, punikå kakarsakakên nganggít sêrat Bråtåyudå, panganggitipún kålå ing taún 1079. Wóndéné ingkang kacariyosakên rumiyin :
***
Sang Prabu Judistira sasêntananipún sami kalêmpakan wóntên ing nagari Wirata, sartå ambêktå prajurít sadêdamêlipún ing prang. Prabu Krêsna ing Dwåråwati sabalanipún inggíh wóntên ing ngriku, Karsanipún Prabu Judhistirå badé mangún pêrang mundút kagúnganipún nagari ing Ngastinå ingkang apalih. Wóndéning ingkang binóbót ing budi sartå linampahan sapitêdahipún ing prakawis agêng wau, inggíh namúng sang Prabu ing Dwåråwati, Akathah pårå ratu, pêpakan wóntên íng Wiråtå, ingkang sami rumójóng ing pêrang, amuríh kamulyaníng pêjah. Íng nagari Ngastinå inggíh kathah pårå ratu Jawi utawi saking tanah Sabrang, sami kalêmpakan sabålå såhå dêdamêlíng pêrang, inggíh sumêdyå ngupadós kamulyaníng pêjah.
Prabu Judhistirå angandikå dhumatêng Prabu Krêsna : Kang Prabu, ingkang minångkå panuntun kula, kula badé anêdha kagungan kula nagari íng Ngastinå ingkang sapalih; punikå kulå sumangga íngkang dadós panggalíh utawi pratikêl sampéyan, amurih prayoginipún ingkang badhé linampahan.”
Prabu Krêsnå amangsuli pangandikå: ,,Jèn makatên karsané yayi Prabu, inggíh bótên wóntên sayoginipún kêjawi kagalíh wilujêngipún, amuríh lulus saéníng akêkadang. Kula ingkang badhé lumampah, anêdhå sapalihipún nagari íng Ngastinå.”
***
Prabu Krêsnå lajêng andhawahakên paréntah, karså tindak dhumatêng nagari íng Ngastinå, badé amundhut sapalihing nagari. Anuntên bålå sami dipun undhangi, sang nåtå nitíh råtå, radên Sêtyaki andêrèk.
Sakíng rikating råtå, tindakipún Prabu Krêsnå sampun dumugi sajawiníng kithå. Bótên antawis dangu nagari íng Ngastinå sampún katingal. Sakathahíng kalangênan urut margi íngkang dipún ambah déníng Prabu Krêsnå, sêmunipún sami prihatos. Ébahipún gódhónging uwit wringín, sêmunipún kadós tiyang jalêr kasusahan, bótên dipún timbangi trêsnanipún dhatêng íngkang èstri. Pucakíng gapurå èmpèripún kadós angajêng ajêng énggalé rawuhipún Prabu Krêsnå. Baunipún íng gapurå kadós badhé nyêmbah dhumatêng íngkang rawuh. Êpangíng wít cêpaka sapinggiríng margi katêmpúh íng angín, sêmunipún kadós astanipún Dèwi Banowati, angawé awé badé pitakèn dhatêng Prabu Krêsnå, punåpå Radèn Janåkå andérék. Swaraning ratanipún sang nåtåa, sartå gêbyaring sêsotyå rêrêngganipún, kadós anyauri sartå angujiwati ingkang pitakèn; wóndéníng sauripún : Si Janåkå ora milu ngiríng, isíh kari ånå íng Wiråthå; kadang kadangé siji ora ånå kang milu.”
Êpang kanginan èmpêripún kadós tiyang méngo, bótên kadugi íng wangulan wau; awít Radén Janåkå bótên andèrèk dhatêng nagari ing Ngastinå, anjabêl nagarinipún.
Sêkar sêkar íng margi èmpèripún kadós badhé rêntah ing jurang. Wit witan íngkang wóntên pinggír margi katêmpuh íng angin, gódhóngipun abosah basih, sêmunipún kadós tiyang prihatós, déné Pandåwå bótên tumut, Cucur mungêl mênggah mênggah, sêmunipún kadós tiyang ajrih. Wóntên sêkar pudak rêntah íng sélå, sêmunipún prihatós, awít déníng Radén Janåkå bótên tumut andhèrèk.
Låwå gumandhul wóntên ing êpang, kêbêt kêbêt kadós tumut sêdhih, yèn sagêdå wicantên, wiraósipún makatên : Yågéné Panduputrå ora milu rawuh anjabêl nagarané dhéwé ?“
Sêkar tanjúng anggulasah wóntên ing margi, sêmunipún kadós tumut sêdhih, Brêngêngêngíng kómbang íngkang ngupadós sêkar, utawi íngkang anut unthuking toyå, kadós anangís tumut prihatós, déné sang Dananjåyå bótên andhérèkakên tindakipún Prabu Krêsnå.
***
Lúmút akíng tumèmplèk íng séla, sêmunipún kadós tiyang èstri kalêngêr, amargi kédanan sang Dananjåyå.
Akathah kalangênan íng pinggír margi, utawi pinggiríng rawi ingkang angémpêr èmpêri prihatós. Kapanjangên yèn kacariyosnå sadåyå.
Tindakipún Prabu Krêsnå sampún dumugi íng Têgal Kuru, anuntên wóntên jawåtå sakawan têdhak, anåmå : Janåkå, Råmå Parasu, Kanwå sartå Narådå, badhé ambiyantóni lampahipún sang nåtå. Prabu Krêsnå kagèt mirså wóntên déwå anêdhaki, lajêng mingsêr tumut lênggah kúsiripún. Déwa sakawan sami lênggah salêbêtíng råtå. Sarêng sang nåtå sampún nyêmbah, jawåtå sakawan angandikå: ”Sang nåtå, sampún kasêså ing lampah, kula badé tumút ing salampah andika.”
Anuntên råtå dipún rindhikakên, samargi margi sang Prabu aginêman kaliyan déwa sakawan. Wondéning ingkang dipún rêmbag, prayogining lampah, såhå saéning kadadósanipún ing prakawis.
***
Sang Prabu Suyudana ing Ngastina sampún midangêt, bilíh Prabu Krêsnå sampún dumugi ing Têgal Kuru. Lajêng andhawahakên paréntah, sakathahing lêlurúng andikakakên anggêlari sinjang, anjóg íng sitinggíl, dumugi kórining kadhatón ingkang jawi. Sartå pårå pinisêpúh kadhawúhan amêthúk. Wóndéning ingkang kapathah amêthúk wau: Bisma, Druna, Dêstarata punika sami suka íng batós, déné Prabu Krêsnå ingkang lumampah badhé anjabêl nagari ; anyipta yèn Prabu Suyudånå amêsthi badhé ngubungakên. Anangíng Prabu Suyudånå akaliyan patíh Sangkuni sami kèwêdan, awit Prabu Krêsnå sampún kalíh kalihíng ngatunggíl kaliyan Pandhåwå. Anuntên Koråwå sami ngalêmpak wóntên salêbêting kadhaton.
***

kresna_duta
Lampahipún Prabu Krêsnå angancik kikisíng nagari Ngastinå. Ratanipún karindhikakên. Aramé swaranipún têtiyang íngkang sami amêthúk, utawi ingkang sami anóntón. Tiyang sanagari Ngastinåa ébah sadåjå, sakíng kapénginipún badhé aningali Prabu Krêsnå. Agêng abít pating balêbêr; jêjêl titíp atimbún pinggiríng margi; ajríh manawi kasèp ing langkúngipún sang nåtå.
***
dewi-banowatiIngkang sami mêthúk wau sampún pêpanggihan kaliyan Prabu Krêsnå, sang nåtå lajêng dipún aturi lumêbêt dhumatêng kadatón. Wóondéné pårå ratu sampún tåtå pinarak wóntên salêbêtíng kadhatón. Prabu Salyå inggíh sampú rawúh, Arjå Widurå, Adipati Ngawånggå, Karpå, Arjå Sidurêjå, Juyutsuh, sami andêr wóntên ngarsanipún Prabu Suyudånå. Anuntên pårå pinisêpúh íngkang kautus mêthúk wau sami dhatêng ngrumiyini. Bótên antawís dangu Prabu Krêsnå rawúh, têdhak sakíng råtå kaliyan jawåtå sakawan. Pårå Koråwå sami ngadêg angurmati. Sang nåtå akaliyan jawåtå sakawan dipú atúri pinarak dhatêng Prabu Suyudånå. Pårå pinisêpúh kumrubut íngkang sami ambagèkakên. Anuntên pasêgah sumaós. Pangandikanipú Prabu Suyudånå : ”Kakang Prabu íng Dwåråwati, sumånggå kula aturi dhahar, minångkå jêjampiníng sayah.”
Prabu Krêsnå amangsuli : ”Yayi prabu, sakalangkúng langkúng pamundhi kulå. Pasêgah pinanggíh íng wingkíng, bilíh padamêlan sampú rampúng.”
Suyudånå ngandikå malíh : ”Déné mawi wigih wigih, kakang Prabu, anampik pasêgah kula.”
Krêsnå amangsuli : ”Gampíl, yayi Prabu, pinanggíh íng wingkíng kémawón.”
Prabu Krêsnå sukå íng galíh aningali pårå ratu íngkang sami pêpakan wóntên íng kadhatón, utawi pårå sêpúh íngkang sami sowan. Anuntên pamít íng Prabu Suyudånå badhé masanggrahan rumiyín. Prabu Suyudånå amanguli : ”Sumånggå íng karså, kakang Prabu, ratu bijaksånå íng sajagat.”
Prabu Krêsnå amangsuli : ”Mugi mugi yayi Prabu amanggihå sukå, siyoåa padamêlan íngkang kulåa lampahi, wilujêngå íng kadadósanipún.“
Prabu Krêsnå sarêng sampú dumugi íng jawi, matúr dhatêng jawata sakawan : ”Kulå badhé masanggrahan rumiyín.
Bénjíng énjíng kémawón kulå mratélakakên prêlunipún lampah kula mriki.”
***
Prabu Krêsnå anjujúg panggénanipú íngkang bibi Dèwi Kunthi, lajêng anyungkêmi sampéyanipún Déwi Kunthi muwún, ciptaníng galíh prasasat kapanggíh kaliyan Pandhåwå. Tumuntên amratélakakên sêkêlíng galíh bab prakawis ingkang badhé kalampahan. Akathah pituturipún, amuríh lêstantuning lampah. Saking agêngíng prihatós, pangandikanipún pêgat pêgat kamóran pamuwun. Sarêng sampún têlas pituturipún, Prabu Krêsnå pamit badhé dhatêng pasanggrahan, ing griyanipún arjå Widura. Sarawuhipú íng ngriku, anuntên sêsaósan pasêgah kathah dhatêng.
***
Saunduripún Prabu Krêsnå, Suyudånå apirêmbagan kaliyan íngkang rayi rayi, punåpå malíh kaliyan Adipati Ngawånggå, íngkang minångkå pangajêngíng damêl. Prabu Suyudånå sumêlang íng galíh, awít pasêgahanipú katampík dhumatêng Prabu Krêsnå; pangandikanipú : ”Sang Prabu íng Dwåråwati amêsti ngandhút wadi, déné ora karså dhahar pasugúhku. Hèh, Drusåsånå, åjå sirå kurang wêwékå marang ratu íng Dwåråwati, sirå diangati ati, kadang kadangmu kabèh tuturånå, sésúk pådhå amêndêmå barís. Åjå nganggo pinikír suwé suwé, wóng íng Dwåråwati banjúr ditumpêså baé, awít iku awakíng Pandhåwå, mêsthi angandút ålå, ora wurúng dadi mungsúh; samudånå angandút mêmanís!“
Sabibaríng pasamuan, sakatahíng Koråwå sami mantúk, pårå ratu tamu tuwín pinisêpúh sami kúndúr dhatêng pasanggrahanipún piyambak piyambak, Prabu Suyudånå kúndúr angadatón, têdhak datêng panggénanipún ingkang garwa Dèwi Banowati. Déwi Banowati amêthúk, lajêng dipú kanthi astanipú, malêbêt íng dalêm, tåtå sami pinarak. Pårå abdi èstri marak.
***
Rêtnå Banowati galak ulat, manis pamulu, dêdêg sêmbådå, gorèh nangíng dadós íng pantês sartå bótên wóntên sarunipú. Anyêlih anyulalatå mindhak pêrakati, bêngís marêngut malérokå wêwah manís. Sanajan bótên ngagêm agêmå, ambómbróng kalúng kasêmêkan kémawón, inggíh pantês. Sabarang lêléwanipú amantêsi, Tanpå gåndå tanpå sêkar, suprandósipún arumipún angêbêki kadhatón ing Ngastinå.
Kålå samantên srêngéngé angajêngakên sêrap, arindik lampahipún, kadós dèrèng tuwuk anggènipún anêningali rêrêngganipún kadhatón íng Ngastinå, émpèripún kadós anolih, kapéncút aningali rêtnå Banowati, tuwín pårå êstri ing kadatón.
***
sangkuniSarawuhipún ing kadatón, Prabu Krêsnå kaaturan pinarak.
Anuntên sakathahipún íngkang wóntên ing pasamuan sami lênggah atåtå.
Prabu Krêsnåa tumêngåa, anuntên jawata sakawan tumêdhak, anåmå : Kanékaputrå, Janåkå, Råmå Parasu, Kanwå. Bisma akaliyan Drunå munjúk dhatêng Prabu Suyudånå, bilíh wóntên jawåtå têdhak. Suyudånå lajêng nyêmbah, déwå sakawan dipú atúri pinarak. Anuntên sami tåtå pinarak nunggíl pårå pinisêpúh. Wóndéníng pårå ratu nunggíl kaliyan sêsaminíng ratu, pårå satriyå nunggíl sami satriyå. Adangu kéndêl ingkang sami pinarakan.
Anuntên Prabu Krêsna ngandikå : ”Paman Dêståråtå, laku kula mriki niki múng nêdya ngatutaké sanak, êmpún nganti ontên kang sulåyå, prajogå pådhå rukúna; yèn ngantiå pådhå kêkêrêngan, abungah síng bótên dhêmên. Sabarang rèh kulå, putrå andikå yayi Prabu íng Ngamartå sasêntanané anút mawón.
Munggúh pagawéan sing kula lakóni niki, wít sakíng karsané yayi Prabu ing Ngamartå, anêdhå saparoné nagari ing Ngastinå.”
Dêståråtå amangsuli : ”Sampún kasinggihan pangandikanipún anak Prabu, sakalangkúng prajoginipún.”
Déwå sakawan anyambungi : ”Luwíh déníng patút rèhé Prabu Krêsnå, sakêcap bótên óntên síng luput, oléhé murih bêcik lan rakêté asêsanak.”
Bisma, Drunå angguyubi pangandikanipú déwå sakawan.
Namúg Prabu Suyudånå anyêtúng, ambasêngut, tumungkúl. Bótên angandikå sakêcap. Yåmåwidurå kaliyan Yuyutsuh anyambungi, såhå mrayogèkakên panantunipún Prabu Krêsnå, amuríh wilujêngíng sadayanipún. Ibunipún Prabu Suyudånå anåmå Déwi Gêndari, angandikå dhumatêng ingkang putrå sarwi amuwún : ”Prajogå turutên réhé anak Prabu ing Dwåråwati, åpå kang kókarêpaké luwíh såkå ing atut asêsanak?“
Prabu Suyudånå nolih dhatêng Sangkuni såhå dhatêng Drusåsånå, ambêkúh bótên ngandikå sakêcap. Karnå angèjêpi dhatêng Prabu Suyudånå kapuríh tindakå.
Prabu Suyudånå mundúr sakíng pasamuan, Sangkuni kaliyan Drusåsånå íngkang andhèrèkakên.
***
kresna-tiwikramaLajêng andhawahakên amêpak dêdamêl. Koråwå satú saprajuritipún sampún mirantós, miwah kapal, råtå, gajah. sampú pêpak. Íngkang anyénåpaténi Arjå Sindurêjå, punikå

íngkang minångkå andhêl andhêlíng pakèwêd. Lèr kidul wétan kilèn sampú jêjêl déníng baris. Dèwi Gêndari angutus Dêståråtå matúr dhatêng Prabu Suyudånå, ampún ngantós kagungan ambêk rodåparipakså, angèngètakên saruníng pratingkah anggènipún anilar tamu, Bótên dangu Radèn Sêtyaki dhatêng sakíng jawi, nyêmbah matúr dhatêng Prabu Krêsnå : ”Gústi, íng jawi jêjêl dêdamêl, badhé numpês panjênêngan dalêm. Pún Suyudånå saèstu awón manahipú. Koråwå kiwå têngên sampún mirantós sadêdamêlipún, sampún tåtå panggénanipún piyambak piyambak.
Prajurít íngkang malêbêt íng kadhatón inggíh sampún kathah. Prabu Krêsnå sarêng miyarsakakên aturipún Sêtyaki, sakalangkúng dukanipún. Têdhak sakíng pinarakan, tindak dumatêng íng palataran, lajêng triwikråmå. Sariranipún sakêcap dadós agêng sarêdi, sampún kadós bêthårå Kålå kalanipún nêpsu, Sariranipún mêdal latu, karósan isèn isènipún tiyang sajagat tuwín íng Surålåyå, punåpå malíh panguwasanipún pårå déwå sadåyå, ngalêmpak wóntên sariranipún Prabu Krêsnå. Sampún ical warniníng manungså, asipat dênåwå, jumangkah anggêro sêsumbar. Sanalika bumi gónjing, toyaníng sagantên umób, isèn isènipún sami susah angambang. Prabu Krêsnåa saèstu yén titisipún Batårå Wisnu, kadugi anguntal bumi anggilút rêdi, Sêkatahíng dêdamêl íng ngalam donyå katêkêm wóntên íng astanipún.
Koråwå satús sami mirís aningali, prajurit kêthèn sami kêkês, bótên wóntên sagêd wicantên, anggènipú nyêpêng dêdamêl sami anggrègèli. Druyudånå kaliyan Karnå mirís, anyiptå pêjah. Bismå, Drunå sami nangís, mêndhak mêndhak murugi Prabu Krêsnå, lajêng sami nyêmbah. Punåpå malíh jawåtå sakawan, sami angrêrêpå ngasíh asíh. Batårå Súrya énggal têdhak, íng ngawang awang kathah déwå katingal, sami andjawahakên sêkar.
Batara Súrya angrêrêpå, pangandikanipú dhatêng Prabu Krêsnå : ”Hèh, Prabu Krêsnå, åjå kotutugaké nêpsumu, yèn kowé sumêdyå numpês Koråwå, sabålå nagarané amêsthi lêbúr kabèh ora ånå síng kari. Anangíng jagat tólihên sartå wêlasånå. Kapindhoné élingå punaginé Si Wrêkodårå lan Si Drupadi. Déné síng dadi punaginé Si Drupadi, salawasé urip ora gêlêm gêlúng gêlúng, yèn ora uwís kramas gêtihé Koråwå satús ånå íng paprangan. Yèn kóbanjúrnå nêpsumu, ora kalakón punaginé.”
Sakathahíng Déwå sami nyêmbah dhatêng Prabu Krêsnå. Sang nåtå lajêng lilíh galihipún, ical íngkang dukå, sampún warni manungså malíh, lajêng wangsúl dhatêng pinarakanipún. Bismå kaliyan Drunå punåpå déné Rêsi Narådå sami ngrêrêpa. Prabu Krêsnå têdhak sakíng kadhatón tanpå pamit. Jawåtå sakawan sami sukå, tumut íng satindakipún. Sarêng dumugi íng jawi, déwa sami mantúk dhatêng kayjanganipún; Prabu Krêsnåa têdhak dhatêng panggénanipún Déwi Kunthi.
***
Sarêng sampún kapanggíh kaliyan Déwi Kunthi, Prabu Krêsnå dipún dangu sarwi amuwún : ”Kaprijé, anak Prabu, munggúh íng lakumu, åpå tå olèh gawé, lan kapriyé íng kadadéané?”

Prabu Krêsnå amangsuli : ”Pún Suyudånå lumúh atut ssanak. Bótên lilå nagari íng Ngastinå dipún têdhå sapalíh; kêdah lumampah karêbat íng pêrang.”
Déwi Kunthi mangsuli; pangandikanipún pêgat pêgat : ”Yèn kåyå mêngkono karêpé Si Suyudånå, åpå manêh síng dipikír, múng adhimu Si Judhistirå baé warahånå, åjå aninggal kautaman, murungaké karêpé angrêbút nagara kang dadi wajibé. Wóng mati íng paprangan amargå nggoné angrêbút nagarané, amêsthi olèh swargå. Pomå wêkasku, anak Prabu, purihên sidané amangú pêrang.”
Prabu Krêsnå matúr sandikå, nyêmbah pamit lajêng nitíh råtå kaliyan adipati Ngawånggå. Widurå sartå Sanjåyå, punåpå déné Yuyutsuh, sami andhérékakên. Sadangunipún lumampah, Prabu Krêsnå angrêmbagi dhatêng adipati Ngawånggå, yèn saèstu dadós pêrang, kapurih angilonånå Pandhåwå. Nangiíg Adipati Ngawånggå bótên purún, kêdah angilóni Koråwå, awít kålå rumiyín sampún apunagi, badhé angabên kadigdayan kalijan Dananjåyå.
Sarêng lampahing råtå sampún dumugi sajawiníng kithå, Adipati Ngawånggå pamít, têdhak sakíng råtå. Lajêng amanggihi ingkang ibu, Déwi Kunthi. Íngkang ibu andangu sarwi ambrêbês mili : ”Sakonduré kakangamu, anak Prabu Krêsnå, amêkas apa mênyang kowé ?“
Adipati Ngawånggå matúr : ”Kulå dipún puríh késahå saking nagari ngriki. Manawi saèstu dadós pêrang, kula dipún rêmbagi angilonånå Pandhåwå.”
Déwi Kunthi amanguli : ”Rêmbúg mêngkono iku luwíh déníng bêcik, prajogå koturút, dadi kowé kumpúl karo sadulur sadulurmu. Awít panggonan utamaning pati iku íng pêrang Bråtåyudå. Mati uríp bêcik kowé nunggal sadulurmu dhéwé.”
Dèwi Kunthi anggênipún ngatag íngkang putrå sarwi muwún. Adipati Ngawånggå matúr : ”Ibu, yèn satriyå linuwíh amêsthi ngêkahi wicantênipún íngkang sampún kawêdal. Anêmahånå sakít utawi pêjah, amêsthi bótên purún ngingkêdi. Punagi kulå sampún kawêdal, badhé angabên kadigdayan kaliyan pún Janåkå. Aliyå sakíng punikå, kula sampún kalindihan sihipún Prabu Druyudånå. Yèn kulå kirangå panarimå, dadós cacad agêng, kalêbêt satriyå urakan, bótên kéngíng dadós paupinipún pårå satriyå utawi pårå adipati.”
Dèwi Kunthi sangêt anggènipú amuwún, awít íngkang putrå bótên nurút wulangipún, kêkah íng karså badhé angibóni Koråwå. Adipati Ngawånggå nyêmbah, pamít, lajêng kundúr.

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx brokerсковороды для стейковполигон ооо

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7713374
  Hari ini     :  Hari ini :414
  Kemarin     :  Kemarin :1203
  Minggu ini   :  Minggu ini :1617
  Bulan ini   :  Bulan ini :19741
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 14

Kontak Admin.

email-kidemang