8. KARNÅ PÊRANG KALIYAN ARJUNÅ, TIWAS SALYÅ NGULUNGAKÊN PÊJAHIPÚN DATÊNG PANDHÅWÅ.
|
Sarêng wanci lingsir kilèn Pandhåwå sami gègèr aningali mêngsah dhatêng, ratanipún Karnå sampún dumugi satêngahing paprangan, anglancangi balanipún. Bålå Koråwå sami anututi manêngah. Prabu Krêsnå énggal angatag Arjunå, dipún kèn nitih råtå. amêthúkakên pêrangipún Karnå. Radén Janåkå énggal nitih råtå, ingkang ngusiri Prabu Krêsnå. Bålå Pandhåwå sartå Koråwå sami anyuraki saking katêbihan kémawón. Wóndéning ingkang pêrang amúng sénapatinipún kémawón, sami satunggil, inggih punikå ingkang dipun wastani : Pêrang Karnå tinandhing. Milå dipún wastani makatên, déné warnanipún kêmbar akaliyan Radèn Janåkå. Sami bagusipún, kèndhêl sartå kasêkténipún inggih sami, tuwin kasagêdanipún. Dhasar sadhèrèkipún piyambak, tunggil ibu sanés båpå. Amúng pasêmónipún ingkang sanès, Prabu Karnå sêmu ladak, Radén Janåkå sêmu lurúh. Sartå sami gadhah jêmparing pêparinging déwå. Prabu Karnå jêmparingipún anåmå Wijåyådanu, punåpå saciptanipún ingkang gadhah, Wijåyådanu inggih dadós. Radén Dananjåyå jêmparingipún kêkalih , satunggil anåmå Sarutåmå, satunggil anåmå Pasopati, punåpå saciptanipún Radén Dananjåyå, jêmparing kêkalih wau inggih dadós. Wóndéning ingkang dadós kusiripún inggih sami ratu agêng : Prabu Salyå akaliyan Prabu Krêsnå, Milå pårå déwå, pårå widadari tuwin Pandhåwå såhå Koråwå, ingkang aningali pêrangipún satriyå kêkalih wau sami anggadhahi pangéman, yèn pêjahå ing salah satunggil, badhé bótên wóntên ingkang dipún tingali. Karnå kaliyan Arjunå lajêng sami angabên kasêktên. Ratanipún sami ubêng ubêngan, sami lêpas linêpasan jêmparing. Prabu Karnå amênthang gandhéwå sartå angincêng jêmparingipún. Nuntên kasaru wóntên sawêr dhatêng ing ngarsanipún, cumalórót saking ngawang awang, agêngipún anglangkungi, sagêd wicantên kadós tiyang, anåmå Ardåwalikå. Matúr dathêng Prabu Karnå: yén badhé amalês ukúm dhatêng Arjunå. Karnå amangsuli : ”Sakarêpmu ing kånå, ênggónmu arêp maténi si Janåkå, aku ora anyênyambat marang kowé!“ Radén Janåkå énggal anyandhak jêmparing, lajêng kalêpasakên. Sawêr pún Ardåwalikå kénging lajêng pêjah, gumêbrúg dhawah ing siti. Prabu Karnå anggénipún ngincêng jêmparing wau angangkah jangganipún Radén Janåkå. Prabu Salyå sumêrêp, yèn pangincêngipún Prabu Karnå wau badhé ambilaèni dhatêng Radén Dananjåyå. Nuntên têtalining kapal dipún tarik, ratanipún lajêng gonjing anyarêngi uculing jêmparing, dadós éwah ing pangincêngipún, kapårå manginggil. Radén Janåkå makutanipún timpal kénging jêmparing. Prabu Krêsnå énggal anulungi, angêlus rémå sartå anglêrêsakên makutanipún. Karnå sangêt ing gêtunipún, déné Radén Janåkå botên kénging jangganipún, nanging botên sumêrêp yén dipun pandamêl dhatêng kusiripún. Prabu Karnå nuntên nyandhak jêmparingipún Wijåyådanu, sartå kawawas, Ingkang dipún angkah jangganipún Arjunå. Prabu Salyå lajêng anggênjót ratanipún, anyarêngi uculing jêmparing. Radén Dananjåyå kénging gêlunganipún tatas. Janåkå sangêt nêpsunipún sartå lingsêm, énggal malês anjêmparing. Kapal pangiriding ratanipún Karnå tatas sukunipún sadåyå. Radèn Janåkå amawas malih jêmparing pún Pasopati. Prabu Karnå inggih amawas pún Wijåyådanu, sartå dipún mantrani. Nanging karumiyinan dhatêng radén Janåkå. Prabu Karnå tugêl jangganipún, kénging ing jêmparing Pasopati. gumêbrúg dhawah salêbêting råtå. Bålå Pandåwå surak gumêrah. Koråwå sami lumajêng. Nuntên sami amargi kasapút ing dalu. *** Prabu Suyudånå apirêmbagan kaliyan patih Sangkuni, sartå prabu Salyå, tuwin ingkang rayi rayi ingkang namúng kantúnkalihdåså, sadåyå sampún sami pêjah. Prabu Suyudånå matúr sarwi anangis dhatêng Prabu Salyå, dipún aturi dadós sénåpati, angrêbatå nagari ing Ngastinå. Wangsulanipún Salyå bótên purún, sartå angrêmbagi amasrahnå nagari Ngastinå ingkang sapalih dhatêng Pandåwå. Yèn Pandåwå bótên narimah, Salyå sagah anumpês . Aturipún Prabu Suyudånå bótên parêng, awit sampún kasèp. sartå putrå tuwín sadhèrèkipún kathah íngkang sampun sami pêjah. Adangu sami diyå diniyå Anuntên Radén Aswåtåmå dhatêng, lajêng wicantên saru, sartå amêlèhakên pratingkahipún Prabu Salyå, kalanipún angusiri pêrangipún Karnå. Prabu Salyå sangêt dukanipún, lajêng badhé kêrêngan kaliyan Aswåtåmå, nuntên kapisah dhatêng Suyudånå. Radèn Aswåtåmå katundúng, lajêng késah atåpå dhatêng íng wånå. Prabu Salyå sarèh íng dukanipún, wusånå anyagahi dadós sénåpati. Prabu Suyudånå sukå íng galíhipún, lajêng angganjar busånå kang saé saé dhatêng bålå íng Mandaråkå, sadåyå waradín. Sampun misuwúr yèn Prabu Salyå dadós sénåpati. Antawís kalíh dintên kèndêlipún íng pêrang. Pandhåwå sampún sami mirêng, yèn Prabu Salyå dadós sénåpatiníng Koråwå, lajêng sami bingúng. Prabu Yudhístirå sasêdhèrèkipún sami nêdyå pasrah pêjah kémawón dhatêng Prabu Salyå, awít sakíng ajríhipún. Dasar ratu sêpuh såhå kapêrnah sêpuh, sartå sakalangkúng sêkti, bótên wóntên purún anadhahånå pêrangipún. *** Prabu Krêsnå lajêng dawah dhatêng Radén Nakulå, sartå Sadéwå, kapuríh sowan dhatêng íngkang uwå Prabu Salyå, sartå kawulang pratingkahipún yén sampún dumugi íng ngarsanipún Prabu Salyå. Radén Nakulå sartå Sadéwå lajêng mangkat dhatêng íng pasanggrahan Mandaråkå, tanpå bålå. Sarêng dumugi íng ngriku, Prabu Salyå kapanggíh wóntên íng sanggar pamujan. Radén Nakulå lan Sadéwå lajêng angrungkêbi sukunipún íngkang uwå, sartå anangís. Aturipún : „Bilíh uwå prabu saèstu dadós sénapati, bótên sandé badan kulå, såhå sadèrèk kulå sadåyå, badhé tumpês déníng sampéyan, tuwín pårå Ratu Pandhåwå sadåyå inggíh sami ajríh dhatêng kasêktèn sampéyan. Aluwúng kulå pêjahå íng sapunikå kémawón.” Radèn Nakulå såhå Sadéwa lajêng sami narik dhuwung, ajêng sudúk sarirå. Prabu Salyå énggal anyandhak duwungipún íngkang putrå kalíh pisan. Angrangkul sartå amuwún. Pangandikanipun : “Wís åjå nangís, sanadyan aku wís katrucút sagah dadi sénåpåti, íng batín bangêt trêsnaku marang kowé, karånå aku wís ora duwé anak lanang. Anakku Si Burísråwå lan Si Rukmåråtå wís pådhå mati íng pêrang Bråtåyudå, dadi íng mêngko múng kowé kang wajíb duwé nêgaraku íng Mandaråkå. Déné wêkasku, sésúk yèn aku maju íng pêrang, kakangmu Si Yudístirå baé kónên mapagaké pêrangku, sartå jimaté kang aran Kalimausådå, iku kónên manahaké marang aku, amêsthi íng kono patiku. Yèn liyå såkå íng iku, gêgaman liyané dakkirå ora nånå kang tumåmå íng awakku, lan nora nånå kang biså angalahaké ajiku Cåndhåbiråwå; karånå kalané íng biyén aku matêni måråtuwaku aran Bagawan Bagaspati, iku nuli ånå swårå, ujaríng swårå : ”Héh, Salyå bésúk íng pêrang Bratåyudå, yên ånå ratu ambêk pandhitå, sartå duwé jimat Kalimåusådå, íng kono aku malês marang kowé.” Sartå aku ditinggali aji Cåndhåbiwårå. Amúng wêkasku marang kowé, yén aku mati, nagara íng Mandaråkå baé mångså bodhoå kowé. Wís kowé nuli mulihå!” Radên Nakula såhå Sadéwa sangsåyå sangêt anggênipún muwún, lajêng pamít mantúk. Samargi margi bótên kéndêl angusapi êlúh. Sadhatêngipún íng pasanggrahan, lajêng sowan íngkang råkå Prabu Yudhístirå, tuwín Prabu Krêsnå, Wrêkodårå, Janåkå. Radèn Nakulå saha Sadéwå lajêng matúr íng sawêwêlingipún Prabu Salyå. Prabu Yudístirå sakaliyan Arjunå sarêng midhangêt lajêng sami muwún, wêlas datêng Prabu Salyå. Prabu Krêsnå akaliyan Wrêkodårå sami gumujêng, sartå anglirík dhatêng Prabu Yudístirå, sabab salaminipún gêsang, Prabu Yudhístirå punikå dèrèng naté dukå, såhå dèrèng nåté anyakítakên manahíng tiyang, mångkå íng mangké badhé anglampahi mêjahi Prabu Salyå. *** Kacariyós malíh pasanggrahan íng Mandaråkå, garwanipún Prabu Salyå, anåmå Dèwi Sêtyawati, anglangkungi ayunipún. sartå pakarti, sagêd angladósi kakúng, sartå pantês íng salêléwanipún. Sampún patutan gangsal, íngkang jalêr kêkalíh, anåmå Radèn Burísråwå akaliyan Rukmåråtå, nangíng sampún sami pêjah íng pêrang Bråtåyudå. Putranipún èstri tigå, satunggil kagarwå dhatêng Prabu Suyudånå, satunggíl kagarwå íng Prabu Karnå, satunggílipún kagarwå íng Prabu Bålådéwå íng Mandurå. Íng sapêngkêripún Radèn Nakulå sartå Sadéwå, Dèwi Sêtyawati sangêt anggénipún muwún, anêthah dhatêng íngkang råkå, déné ambélakakên isarat íngkang badhé adamêl íng sédanipún, bótên angówèl sariranipún, sartå putrå putranipún èstri, amilalah kapénakanipún. Déwi Sêtyawati badhé sudúk sasirå, Prabu Salyå énggal anyandhak patrêmipún íngkang rayi, sartå anyêrêpakên íngkang dadós karsanipún. Lajêng dipún ngungrúm, kabêktå dhatêng íng pasaréan. Sarêng íng bangún énjíng íngkang garwå kapatós nggènipún saré, abantal astanipún íngkang råkå, sartå paningsêtipún dipún tindhihi íngkang sapalíh. Prabu Salyå alón andudút astanipún, paningsêtipún lajêng katigas íng dhuwúng. Nuntên tumêdhak liríh, íngkang garwå lajêng dipún apít íng gulíng, sartå payudaranipún kasêsêlan íng golèk kancånå, sartå kawicantênakên : ”Ibu, Si bapak lungå pêrang.” Prabu Salyå lajêng têdhak íng jawi, aningali srêngéngé sampún malêthèk. Balanipún sampún pêpak, nuntên wangsúl angrangkúl sarta angarasi íngkang garwå. Pangandikanipún : ”Nimas, kariå saré, aku pamít pêrang.” Anggènipún ngandikå makatên punika sarwi amêgêng waspå. Prabu Salyå lajêng dandós. Srêngéngé sampún inggíl. Balanipún dangu anggènipún sami ngêntósi. Prabu Salyå miyós anitíh råtå. Balanipún lajêng anabuhi têngaraníng pêrang, såhå angrakít gêlar. Prabu Suyudånå sabalanipún angumpúl wóntên íng ngriku. Pandhåwå inggíh sampún angrakít gêlar såhå anabúh têngårå, lajêng mangsah íng pêrang. Têmpúhíng pêrang kadós mêndhúng pêthukan sami mêndhúng, raméníng pêrang swaranipún kadós rêdi jugrúg. Sampun kathah íngkang pêjah. Koråwå amêstèkakên yèn Pandhåwå baddhé tumpês déníng sénapati Salyå. Prabu Salyå amêdalakên aji Cåndhåbiråwå, anuntên kathah sarta warni warni danåwå íngkang mêdal sakíng sariranipún. Angêbêki íng paprangan, sartå sami ambêktå dêdamêl. Ambêbujêng mêngsah, anggadani, amêdhangi såhå anyakóti mêngsah. Yèn kawalês dipún pêjahi, sangsåyå wêwah kathah. Koråwå surak gumêrah sartå sami sukå aningali. Bålå Pandhåwå kåthah íngkung pêjah, girís sami lumajêng. ngungsi wingkíngipún Prabu Krêsnå såhå prabu Yudístirå. Prabu Krêsnå lajêng angundhangi bålå Pandhåwå sadåyå, andikakakên ambucali dêdamêlipún, sartå sami kêkudungå. Lajêng sami anglampahi dhawúhipún Prabu Krêsnå sadåyå. Dawånå íngkang mêdal sakíng aji Cåndhåbiråwå lajêng sami dhêlóg dhêlóg kémawón, angadêpi mêngsahipún. Prabu Krêsnå anuntên angatag dhatêng Prabu Yudhístirå amêthúkna pêrangipún Salyå. Prabu Yudhístirå énggal anitíh råtå, majêng dhatêng íng paprangan. Prabu Salyå amatak aji Cåndhåbiråwå malíh, ambrubúl wêdalíng danåwå sakíng sariranipún. Agêng agêng sartå katah, angungkúli íngkang rumiyín. Sami amurúgi Prabú Yudhístirå. Prabu Yudhístirå énggal amawas Kalimausada, amêdalakên latu anglangkungi agêngipún. Latu wau lajêng ambêsmi danåwå wau, têlas kabêsmi sadåyå. Prabu Yudhístirå lajêng anglêpasakên Kalimåusådå. Prabu Salyå kénging jajanipún pêjah, gumêbrúg Yudhístirå dhawah ing råtå. Bålå Pandåwå surak gumêrah, sartå ambyúk ambujêng mêngsah. Koråwå lumajêng ing sapurug purúg. Nanging kathah ingkang kacandhak pêjah tuwin têlúk. Patih Sangkuni kacandak dhatêng Radèn Wrêkodårå, lajêng dipún sêmpal sêmpal. Prabu Suyudånå lajêng kondúr dhatêng pasanggrahanipún, sabålå punggåwå såhå satriyanipún. Wóntên bupati ing Mandaråkå satunggil sampún sêpúh, katatón kalanipún andhèrèk Prabu Salya amêdali pêrang, punikå apratélå dhatêng Dèwi Sêtyawati, yèn ingkang råkå sédå wóntên ing paprangan. Sarêng dipún pratélani makatên, Déwi Sêtyawati lajêng kantu. Sasampuning êngêt, kêkah ing karså badhé ambélani ingkang råkå, lajêng anitih råtå sarwi angastå patrêm, kadêrêkakên ing prékan satunggil, anåmå Sugandini. Sumêdya tindak dhumatêng ing Kurusétrå, angupadósi layónipún ingkang råkå. Sarêng andhungkap dumugi ing Kurusétrå, ratanipún rêmúk, dadós kapêkså tindak dharat angupadósi layóning råkå. Dangu dangu pinanggíh Dèwi Sêtyawati énggal angunus patrêm. Katamakakên íng jajanipún, lajêng sédå. Parékan íngkang nåmå Sugandini inggíh sudúk sarirå, ambélani gustinipún. Anuntên pårå déwå såhå pårå widådari sami angiríng nyawanipún Prabu Salyå, akaliyan nyawanipún Dèwi Sêtyawati dhumatêng íng Surålåyå. Wóntên íng ngriku sami pakantúk kanugrahaníng swargå.
|