Cêrita Cêkak -  

47. Uneg Uneg Wareg

Jam 08.23 sêpúr Logawa jurusan Púrwokêrtó-Jêmbêr síng daktumpaki mandhêg íng stasiún Kutóarjó. Bakúl-bakúl asóngan pådhå patíng sliri, patíng cruwèt nawaka­ké dagangané kang arupå sêgå ramès, inuman, minyak angín, buku-buku wacan, rókók lan isíh akèh manèh. Ånå siji loro síng tuku. uneg-uneg-wareg-1Akèh pênumpang síng mung­gah. Sapérangan gêdhé  mlêbu gêrbóng­ku, gêrbóng nómêr 4, síng kawít såkå Púrwókêrtó pancèn isiné durúng kêbak. Aku  lunggúh ijèn ånå kúrsi 15 A, déné kúrsi 15 B isíh kósóng.
“Kósóng mas?” sawijiníng kênyå sa­umúrku takón. Aku múng manthúk lan awèh tåndhå supåyå dhèwèké lunggúh kursi 15 B.
“Tindak pundi mas?” takóné kênyå mau sawisé nyèlèhaké bókóngé.
“Wónókrómó, Bu.”
“Wah mbók åjå ngundang bu. Undang waé Gótri,” ujaré karo ngathúngaké tangan ngajak salaman.
“O, jênêngmu Gótri,” èpèk-èpèké dakgêgêm, kråså lumèr.
“Jané jênêngku Tri Waras Rahayu. Níng bapak ibuku yèn nimbali Gótri. Omahku sakidulé stasiún iki. Nah  kaé, omah síng cèté kuníng kaé,”  ucapé karo tudíng-tudíng mênjåbå. Jêbúl bocah wadón iki grapyak. Arang-arang lho ånå wanitå  gêlêm ndhisiki nêpúngaké arané marang priyå síng mêntas ditêpungi. Åpå­manèh  nudúhaké omahé barang.
Wanitå iku ngêtókaké pêrmèn såkå saké clånå, banjúr tåwå-tåwå, “Iki nèk kêrså pêrmèn. Åjå sêmêlang, iki dudu pêrmèn kang bisa marakaké mabúk, apa­manèh mabúk asmårå ha ha ha.”
Aku mèsêm. Bocah iki kók jan olèhé agrèsif. Kanggo nglêgani anggóné tåwå-tåwå, tanganku kumlawé arêp njupúk pêrmèn siji såkå njêro wadhahé. Nangíng èpèk-èpèkku malah ditampani lan di­gêgêm.
“Sêpisan êngkas salaman mas, nah ngono. Sampéyan asmané såpå? Mau rak durúng nêpúngaké tå?” Góntri mrêkês tanganku, mripaté síng bundêr iku ora ngalíh såkå raiku. “Ya ampún, sampéyan iki kók kaya priyå síng tau daktêmóni jro­níng impènku wingi kaé tå? Såpå jênêng­mu mas, såpå jênêngmu mas?”
Wanitå kuwi trégal-trégêl kåyå Sri­kandhi. Aku ora kumêcap, suwé-suwé malah risi dhéwé. Åjå-åjå  kênyå iki ora waras njúr ngrangsang aku.
“Kók mênêng waé síh? Nèk ngono cobå tak badhéné, jênêngmu Sadéwå. Iyå åpå ora?”
Aku kagèt. Wanitå iki kók wís ngêrti jênêngku. Åpå dhèwèké múng anggêr mbadhé? Nèk múng anggêr mbadhé kók biså cèplês bangêt. Durúng ilang råså gumúnku Gótri ngrangsang. Aku dirukêt, dirangkúl lan….diambúng.
“Oalah mas Sadéwå. Akhiré awaké dhéwé biså kêtêmu íng papan kéné,” Tri nangís ngglolo. Wóng sagêrbóng  pådhå gumún ndêlêng aku lan Tri síng rêrang­kul­an. Aku dhéwé bingúng marang karêpé wanitå síng mêntas daktêpungi iki. Wóng mauné ngguyu cêkakakan kók ujug-ujug nangís ngglolo. Åjå-åjå kênyå iki pancèn owah pikiré. Ora kråså sêpuré wís mlaku manèh. Tri isíh nangís ngglolo, nangíng dakumbar waé. Barêng sêpuré wís têkan Watês tangisé Tri lagi mêndhå.
“Síng gêdhé pangapuramu yå Mas Déwå, åjå kók kirå aku iki édan. Dhèk êmbèn kaé aku pancèn ngimpi kêtêmu sampéyan. Jroníng impèn mau pênjê­nêngan janji bakal nêmóni aku nèng gêrbóngé Logawa. Lha kók jêbulé tumús tênan. Ndårå dasihi. Sêpisan manèh sê­purané síng gêdhé yå mas nèk tumindak­ku mau murang tåtå, wani ngrangkúl lan ngêsún pênjênêngan.”
Aku manthúk. Aku dhéwé numpak sêpúr iki duwé tujuwan síng gumathók. Sêminggu kêpungkur aku kirím sms marang Bangún Adi, kancaku kuliah íng Unwiku Púrwókêrtó síng saiki wís nyam­bút íng Suråbåyå. Bangún ngakón aku mênyang Suråbåyå, jaréné íng papané nyambút gawé lagi mbutúhaké karyawan. Aku ditawani kêrjå, aku sanggúp. Mångkå aku lagi ora nyêkêl dhuwít síng rådå ombèr. Karcis sêpúr iki waé anggóné nukókaké Dèwi, kancaku kuliah íng Unwiku. Saiki Dèwi wís kêrjå íng lokèté karcis Stasiún Raya Púrwókêrtó. Saliyané diwènèhi karcis gratis,  aku isíh disangóni satús èwu. Satêmêné ånå råså isín nalikå nampani dhuwít pawèwèhé. Nangíng arêp dak­tulak ya piyé, wóng nyatané aku múng nyêkêl dhuwít Rp 50 èwu.
“Hé, malah ngalamún. Sampéyan mau arêp tindak ngêndi? Oh iyå, Wónókrómó,” Tri bali cêmruwèt kåyå bèthèt.
“Wís mari på olèhé nangís ?”
“Hé hé hé, uwís. Aku ya arêp mênyang Krian kók mas. Dolan nyang omahé Éndang, kancaku kuliyah. Omahé nèng Kêmasan Kidúl.”
uneg-uneg-wareg-2Daklirík Gótri nganggo kaós putíh, clånå jéan biru rådå klawus. Sabuké síng ora nguwati, timangé åmbå warnå kuníng êmas, têngahé ana gambaré léo utawa ndhas singå. Rambuté dioré nganti gêgêr. Rangsêlé disèlèhaké bagasi ndhuwúr, jèjèr karo rangsêlku. Daktamataké rainé åmbå, kulité kuníng, alisé dåwå, lambéné ora dibèngèsi. Dandanan síng åpå anané kuwi malah narík kawigatènku. Aku pan­cèn sênêng marang wanitå síng sarwå natural.
“Hé mas, kênångåpå sampéyan malah nyawang aku têrus? Piyé tanggapanmu ngènani impènku mau?”
“Åpå ora olèh yèn aku nyawang kowé?”
“Olèh mas. Nyóóh sawangên kabèh rai lan awakku sawutuhé!”
Gótri banjúr critå yèn mêntas ngimpi  kêtêmu aku ånå sêpúr Logawa. Sandhang pênganggóku, jaréné, ugå pêrsis kåyå síng dakènggo saiki. Clånå jéan biru, kaós putíh ånå tulisané Don’t Carê, kulít nyawo matêng lan rambuté cêndhak cukuran modhèl têntara.
“Síng ora nguwati irungé mas, kók olèhé sêtêngah mbangír,” ngómóng ngono karo nyandhak irúngku. Jané wís arêp daktangkís, níng tangan iki kók rasané kaku. Mula daktógaké waé dhèwèké mithês irúngku.
Têkan stasiún Yogya jam 10. Gótri mbukak rangsêlé, ngètókaké kardhús kothakan loro lan bótól banyu minêral. “Månggå Mas Sadéwå,  dakaturi dhahar. Mênikå pakurmatan sakíng dhiajêng Tri Waras Rahayu Kutóarjó!”
Sêgå kêrdhusan lan bótól  banyu minêral daktampani. Kêbênaran wêtêngku pancèn lagi ngêlíh. Mula télap-tèlêp sêgå, ayam gorèng, osèng témpé, sambêl, timún lan gódhóng kêmangi tanpå rikúh paké­wúh dakpangan. Sêdhélå waé amblas lan múng kari wadhahé.
Kêgåwå wêtêng warêg, mripatku njúr kråså ngantúk. Åpåmanèh sawêngi mau aku mèh ora turu mêrga mikirké sidå mê­nyang Suråbåyå åpå ora. Lha piyé olèhé ora gojag-gajêg wóng  dhuwít múng kari Rp 50 èwu. Arêp ora budhal aku kadhúng nyanggupi pakóné Bangún, kancaku síng wiwít SMP biyèn wís akrab kåyå déné sê­dulúr tunggal yayah rênå.
“Åjå ora sidå lo Wa, mumpúng iki ana lówóngan lan durúng ånå síng nglêbóni. Aku wís matúr marang bós nèk duwé kåncå síng pintêr, síng kirå-kirå pas upåmå dadi humasé pêrusahaan. Bósku sêtuju,” ngono ujaré Bangún lumantar handphonê sadinå sadurungé aku mangkat.
“Tarík, Tarík. Wís têkan stasiún Tarík mas Déwå!”
Aku kagèt, dakkira nêmbé têkan Madiún apa Nganjúk ngono. Jêbúl wís têkan stasiún Tarík, Sidóarjó. Atêgês olèhku turu anglêr bangêt, malah sirahku tumumpang ånå pangkóné Gótri. Édan tênan!
“Ayo mas, mudhún Krian waé. Iki rang­sêlé sampéyan wís dakjupúkné pisan!”
Antarané sadhar lan ora aku mèlu  ngêtutaké Gótri nalikå tanganku dituntún têkan cêdhak lawang gêrbóng sisíh mburi. Ora gantalan suwé sêpúr mandhêg íng stasiún Krian .
“Ayo, ayo, ayo….såpå  síng arêp ngê­tó­kaké unêg-unêg,” ngono alóké pawóng­an síng ditutaké kaméra akèh bangèt. Aku isíh dituntún Gótri.
“Lha, iki pasangan Kamajaya–Ratih, Roméo–Yulièt. Ayo arêp ngêtókaké unêg-unêg?” krungu swårå mau Gótri mlayu karo nuntún aku ngoyak wóng síng lagi alók-alók. Pawóngan kuwi  rupané pêrsis Uya Kuya, juru sulap hípnotis íng stasiún télévisi swasta.
“Lha iki ana síng gêlêm. Ayo lunggúh kéné, Roméoné sisíh kiwa, Yulièté sisíh têngên!!!”
Gótri dihípnotis kanthi ngóbóng kêrtas putíh, banjúr mak thêkluk sirahé tumung­kúl. Wóng síng kåyå Uya Kuya kuwi banjúr kojah wêrna-wêrna, síng wósé Gótri supåyå ngómóng jujúr åpå anané.
“Jênêngmu såpå?”
“Tri Waras Rahayu, cêlukané Gótri!”
“Kowé mréné karo såpå ?”
“Karo pacarku Mas Sadéwå, síng kê­têmu íng sêpúr Logawa. Omahé Púrwó­kêrtó!”
“Kapan wiwít pacaran !”
“Wiwít aku ngimpi kêtêmu dhèwèké dhèk êmbèn kaé!”
“Ha ha ha ha!” guyuné wóng síng kåyå Uya Kuya ditirókaké déníng wóng sa stasiún Krian síng padha nóntón.
Rampúng Gótri gênti aku síng di­híp­notis. Aku múng kèlingan nalikå ndêlêng kêrtas putíh dióbóng, bubar kuwi ora kè­lingan åpå-åpå. Ngêrtiné nalikå aku ndê­lêng rêkamané ånå íng CD. Aku crita wiwit­ané kêtêmu karo Gótri íng Kutaarjó têkan stasiún Krian. Ora kèri aku ugå crita nalikå dirangkúl Gótri. Ånå íng rêkaman mau daksawang wóng-wóng padha ngguyu krungu wangsulanku.
“Månggå pådhå tapak asmå íng kêrtas matêréi. Åpå parêng nèk rêkaman iki disiaraké télévisiku?”
Gótri katón ora mikír nalikå diulungi kêrtas måwå  tulisan: ora arêp nuntút yèn rêkaman mau disiaraké télévisi. Dhèwèké langsúng tandha tangan ånå sandhuwuré mêtêrai Rp 6000. Bubar iku banjúr  di­wènèhi amplóp kandêl.
“Sêlamat Roméo-Yulièt síng wís pacar­an såkå Kutoarjo – Krian!”
Aku kagèt. Kók Bangún wís ånå sta­siún Krian? Janjiné rak arêp mêthúk íng stasiún Wónókrómó? Kók saiki wís nèng kéné? Durúng mari råså gumúnku, tanganku lan tangané Gótri digèrèd mêtu såkå stasiún. Ånå sangarêpé stasiún wís sumadiyå mobíl Isuzu Panthêr abang, aku lan Gótri dikón mlêbu.
***
Ngono critaku olèh bojo dhiajêng Tri Waras Rahayu, kênyå Kutóarjó síng sê­jatiné mbakyu ipéné Bangún. Bab crita impènè Gótri mau jêbúl múng sandiwårå, akal bulusé Bangún. Ora dadi ngåpå, síng pêntíng aku olèh bojo lan olèh gawéyan. Nalikå amplóp pawèwèhè “Uya Kuya” mau dakbukak, isiné Rp 1,5 yutå. Wah gårå-gårå ngêtókaké unêg-unêg aku olèh bojo lan olèh kêrjå. Turu, mangan warêg dikan­cani Gotri.


Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
Posted by admin on Juli 4, 2011
http://www.panjebarsemangat.co.id/

 kds penutup
wangsul-manginggil

Логофет Вадим Геннадьевичmac косметика официальный сайтооо полигон украина

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7343334
  Hari ini     :  Hari ini :794
  Kemarin     :  Kemarin :1531
  Minggu ini   :  Minggu ini :6378
  Bulan ini   :  Bulan ini :28779
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 23

Kontak Admin.

email-kidemang