Cêrita Sambung - Ting
  

Ting 02

NG kalangane bocah-bocah, yen ngundang Mbokdhe Gemi. Dene sing wis klebu diwasa, ora perduli tuwa apa enom, padha ngundang dheweke Yu Gemi. Sasat ora ana sing nyeluk Lik utawa Dhik kejaba sing isih mambu sedulur.
Yen bab rupa pancen ora kena diarani ayu, wong irunge ora mbangir, untune ora miji timun tur ana sing gingsul, idepe uga ora tumenga ing tawang. Nanging wadon iku isih kanggonan sebutan manis. Kulite sing klebu peteng malah saya dadi lan pantese. Isih ana keluwihane maneh. Senajan umure wis ngunduri tuwa nanging pawakane isih ketara weweg, sedhet. Luwih-luwih yen pinuju macak jaritan, njalari mripat-mripat lanang padha jlalatan karo lambene muni ck ... ck ... ck ....
Ana maneh bab liya sing perlu dicathet ngenani Yu Gemi, dheweke kuwi randha tur wedok ora duwe bojo. Olehe ngrandha wis cukup suwe, luwih saka sepuluh taun. Pegat urip sadurunge olehe omah-omah diparingi momongan.
Urip ijen mangka ketunggon bandha saambrah-ambrah njalari uripe prasasat lebur madu. Senajan ora kesandhing bojo nanging akeh sing kandha yen Yu Gemi ora tau weruh rasane kadhemen. Siji loro tanggane crita yen tau ngonangi randha teles kuwi nglebokake wong lanang menyang kamare. Ora mung sepisan pindho, tur akeh-akehe isih nom-noman tur rupa lan pawakane klebu melek. Kanggo jamu awet enom, ngono klesik-klesike sing padha ngrasani.
“Saiki lanangan endi sing arep nulak ditawani pegaweyan kaya ngono penake kuwi? Wis puenak, sik ketambahan diuja sembarang kalir!” tembunge Sarmi, tangga ngarep omahe sing kebeneran uga randha anak papat isih semega kabeh.
“Sampeyan ki padune apa meri, ta, Lik? Mbok ra usah nggunem uwong nek rung eneng buktine!” ponakane sing lagi ngonceki tela, nyendhu sengol.
“Wong barang kaya ngono kok takon bukti, ta, Ni, ya angel nek ra ketangkep basah. Nanging tangga-tangga dha isa mikir, kok. Kae deloken. Simin sing pegaweyane ming klonthang-klanthung saiki sandhangane sepirang-pirang tur ra eneng sing elek. Malah wingenane wis numpak sepedhah anyar gres sing nek dituntun muni crik ... crik ... crik, ngana kae. Jajal, sing dinggo tuku kuwi dhuwik ka endi nek ra leh ngekeki Yu Gemi. Liyane kuwi, Karji dhewe tau ngonangi wayah isuk repet-repet eneng wong metu saka pawone wedokan kuwi karo kemulan sarung. Bareng ditututi jebul simin!”
“Lha nek wis genah kaya ngono kok dha meneng ae, ra digrebeg?”
“Wiwit biyen wong kene iki ra tau gelem nyampuri urusane wong liya, pokok ra nganti ngedol gredhu etan kuwi.”
“Senengane ming dha rasan-rasan kaya sampeyan kuwi mau? Karomaneh aku kok ora pati percaya, ta, Lik, nek Mbokdhe Gemi kuwi seneng torog, tambel. Nek ngono tenan lak ra cocog karo jenenge, gemi.”
“Apa wis mesthi nek jeneng kuwi kudu padha karo klakuwane wonge, utawa kahanane? Contone Waras anake kang beja kae kok malah rung tau tumon nek waras, malah seprene ajeg leh engkrig-engkrigen. Terus Slamet tukang kethok kayu kae, wis ping pirang jinah leh ceblok. Semono uga jeneng Gemi, rung mesthi nek wonge gemi tenan, kaya mbokdhemu kuwi mau. Apa maneh bandha semana kehe kuwi dheweke ora melu golek, ming kari nyekek nganti entek. Mula ya terus diobral sakgeleme nggo nuruti seneng!” tembunge Sarmi atos.
“Anu ki, Lik, jare wong-wong kae Mbokdhe Gemi kuwi ra ming nganggur kok, dhuwit leh adol sawah kae dilakokne.”
“He-eh, aku ya wis krungu. Sing kok omongne dilakokne kuwi mau dianakne, diencretne. Nek ra ngrolasi ya nelulasi!”
Olehe rembugan Sarmi kari Paini ponakane kuwi mau mung salah siji conto saka rerasanane wong-wong kiwa tengene Mbokdhe Gemi. Nanging wong jenenge rasan-rasan, mesthi padha ngati-ati supaya sing dirasani ora nganti krungu. Apamaneh yen mbeneri kepethuk adu arep ngana kae tangkepe tansah apik, ora ana owah-owahan. Ya jalaran tangkepe tangga sing kaya ngono mau nyebabake Mbokdhe Gemi saya kendel. Kejaba nglebokake wong lanang isih ana siji maneh karemenane sing uga mbutuhake ragad, dheweke kerep kedanan marang badhut. Endi sing badhut kethoprak, ludruk, wayang wong apa maneh. Malah kepungkur kae tau ora mulih meh sesasi jalaran katut badhut jaranan. Kira-kira mung ana badhut siji sing ora bakal digandrungi, badhut kemidi kethek!
Jalaran wiwit enom senengane nonton wayang wong, mula saben wayahe train, latihan wayang wong neng omahe Mbah Jumali dheweke meh ora tau absen. Mesthi ngenakake teka nonton lan ora lali sangu panganan satengah kebak kanggo camilane sing latihan. Luwih-luwih bareng krungu yen Parman wis mlebu dadi anggota lan ajeg teka latihan, olehe mbontot jajan saya diundhaki, semono uga maceme. Yen maune ajeg nggawa tela goreng, saiki diselingi nagasari karo gedhang goreng.
Wis suwe Mbokdhe Gemi ngendhem rasa marang Parman sing pawakane gothot tur kiyeng kuwi. Kanthi anane latihan wayang wong seminggu sepisan, ateges ana dalan jembar kanggo nyedhaki Parman sing senajan anggota anyar nanging jogede klebu wis apik. Meh saben nonton latihan randha Gemi nyelakake tuku rokok cap Toke Sacepet banjur kongkonan bocah supaya diwenehake sing nyakil. Nanging yakuwi, sadurunge diwanti-wanti supaya olehe ngulungake kanthi cara dhedhemitan supaya ora kaweruhan wong liya.
Dhasar nekik rokok mula sing dikirimi uga age-age olehe nampani. Ewa semono jalaran omahe pancen let adoh, nganti pirang-pirang latihan Parman isih durung nyandhak marang karepe Gemi. Apamaneh dheweke uga durung tau krungu yen wadon manis pawakan weweg kuwi karemane gonta-ganti kemul.
Nganti ing sawijining malem Minggu, wiwit nengah-nengahi latihan mau grimis gedhe-gedhe keprungu pating tlethok nibani gentheng. Wiwit sore mau langit pancen wis kemul mendhung, dhasar mangsa rendheng. Saya suwe udane saya deres, nganti latihan rampung isih durung teang babarpisan. Kari grimis riwis-riwis sing swarane keconggah gawe ngerese ati.
Yen kanggone wong liya swara grimis kuwi njalari risi kuping, jebul malah kosok balen karo sing ana pikirane Gemi sing nalika kuwi lagi nyekethem gagang payung ana emperan. Atine ngontog-ontog daya-daya arep mlebu amor anggota wayang sing isih kari jalaran wedi banyu udan.
Mbokmenawa nasibe Gemi pancen lagi begja. Dumadakan si Cakil sing dadi ati njedhul saka lawang banjur lingak-linguk nyawang kiwa-tengen.
“Kok dereng wangsul, Mas Parman ...?” pitakone Gemi semanak.
Sing ditakoni ora enggal wangsulan, panyawange nyureng nyoba nembus petenge emper sing pancen tanpa lampu.
“Ooo ..., Yu Gemi, ta. Jane nggih empun ajeng mantuk, nanging wong tesik grimis ngeten, kok.”
Sing rumangsa wis kepotangan budi banjur mara rada nyedhaki Gemi sing ngadeg sendhen cagak. Payung dluwang neng tangane wis digarake.
“Sareng kula napa pripun ...?” si Randha Teles tawa-tawa masang jirete.
Parman isih durung aweh wangsulan, epek-epeke malah banjur ditadhahake menyang njaban tritis.
“Wong mendhung pethak ngeten, mas, terange mesthi tasik dangu. Malah saged ugi mengke parak enjing,” jirete Gemi saya menga amba.
“Payunge wiyar, kok, cekap kangge tiyang kalih,” tambahe ngyakinake.
“Nggih empun nek ngoten. Entosi sekedhap kula tak pamitan kanca-kanca,” tembunge Parman banjur cengkelak bali mlebu balene Mbah Jumali sing swasanane wis saya sepi, ora regeng kaya dhek mau.
Ing wektu candhake lanang wadon sing sejatine olehe tepung durung pati raket mau wis mlaku dadi sapayung nyasak grimis kemul pepeteng. Parman sing nyekeli gagang payung dene Gemi mlaku kepara mepet ing sisih kiwane.
“Yu Gemi wau bidhal alih sinten?” Parman mbukani rembug.
“Mau karo anake Kasiyem kulonku. Nanging banjur ndhisiki mulih jarene wedi kodanan. Apike mbok wis ora usah basa ta Mas, kok kata karo sapa. Karomaneh senajan tuwek aku, nanging kaceke lak ra pati akeh.”
Guneman ngono mau Gemi karo saya mepetake awake sing mula isih padhet lan singset. Ambune lenga awangi cap Srimpi nyogrok irunge Parman sing nalika kuwi ketege jantunge uga krasa yen asaya kerep. Meh bae tangan kiwane kumlawe arep ngrangkul, tujune kok banjur kelingan marang anak-anake sing mbok menawa lagi ngringkel dikeloni emake sing meh sabendina tansah watuk cekreh-cekreh ora waras-waras.
“Sampeyan pa ra krasa adhem, mas Man?” randha Gemi saya mepet.
“Ya adhem, ta, Yu Mi ..., sampeyan ki kok aneh,” wangsulane sing ditakoni kanthi swara rada groyok. Sauntara iku awake krasa pating priyang.
“Nek adhem mbok ya ngene, ra sah sungkan!” Gemi nyaut guneman karo nyandhak lengene Parman sing kiwa banjur dirangkulake pundhake dhewe. Gemi mesem lega. Cetha yen pepenginane bakal kasil tenan, tur ora entek ragad akeh. Mung cukup dibandhani jajan ora nganti limalas pelang lan rokok cap Toke nem cepet, jebul wis klakon ngrasakake angete dikemuli si Cakil gothot lan nggantheng. Olehe mlaku saya digelak mumpung dalan pinuju sepi. Jarite dicincing tekan dhuwur dhengkul. Parman kepeksa ngimbangi nyepetake langkah tanpa maelu clane sing jibrat blethok. Tangane sing tumumpang pundhak saya dirapeti, kepara ngekep. Anake sing pating kringkel ana amben lan bojone sing tansah wotak-watik wis ilang saka pikiran.
Dumadakan Parman ngendhegake langkahe. Saka jero omah kiwa dalan sing lampune petromaks isih kencar-kencar keprungu swara pating jlerit.
“Lik Sabar ...! Wis, sampeyan terus, Yu!” tembunge kesusu karo ngulungake panyung, banjur mlaku rerikatan setengah mlayu tumuju swara jerit-jerit kuwi mau. Dheweke lagi kelingan yen wis seminggu iki adhine ragil bapake kuwi ora bisa tangi jalaran penyakit kematuse kambuh. Mangka minangka keponakan sing omahe paling cedhak dheweke durung kober nyambangi.
Gemi sing ditinggal gledhag kanggo sauntara wektu isih nganyer ana tengah dalan ngecembeng banyu udan. Panyawange mencurat ngetut lakune Parman ngati si kemul wurung kuwi ilang diemplok lawang sing menga ngeblak.
Ati wadone ngontog-ontog, pepenginan sing wis meh dadi kanyatan jebul buyar dadakan. Wis genah yen ing bengi sing adheme ngrikiti balung kuwi wurung ora sida kemul si cakil nggantheng.
“Pak Sabar ... Pak Sabar, modar ae kok sik kober ngrusuhi kesenengane liyan. Titenana, ra kere nglayat aku!” grenenge lirih kanthi ulat peteng mbesengut, kaya petenge ratan sing arep diambah.


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

автомат crazy monkey играть бесплатногде можно купить консилерооо полигон плюс

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535780
  Hari ini     :  Hari ini :756
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1433
  Bulan ini   :  Bulan ini :10955
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang