Cêrita Sambung - Ting
  

Ting 03

wIS oleh telung sore iki wiwit sadurunge srengenge angslup nganti bengi swasana ing omahe Mbah Jumali ajeg regeng. Rame dening swarane puluhan bocah lan sawetara wong diwasa sing padha kesengsem ndeleng gladhen tari gagrag anyar sing jare asale saka tlatah wetan kana, Banyuwangi.
Sing melu latihan ana nem pasang remaja lanang lan wadon. Dene pelatihe sawijining nom-noman aran Sugeng sing ditekakake adoh-adoh saka wewengkon Blitar, mligi kanggo nglatih joged sing senajan umure durung pati suwe nanging jroning wektu sedhela wis mratah tekan ngendi-endi.
Kaya yen lagi train wayang wong, olehe latihan njoged uga mung garingan tanpa ditabuhi gamelan. Bedane, yen latihan wayang ngana kae nganggo aba-aba dhodhogan kothak lan keprak, nanging ing latihan tari kuwiiringane wujud tembung sing uga isih anyar sing wong-wong kono durung tau krungu. Sing bengak-bengok nembang uga pelatihe dhewe, dene bocah-bocah sing nonton mung padha nirokake saben pungkasane ukara. Nanging marga olehe nembang terus dibolan-baleni ora suwe ing antarane bocah-bocah wis ana sing rada apal.
Njer genjer neng kedhokan pating keleler
Enake thole teka-teka mupusi genjer
..........................................................
Swara kenthong Magrib saka langgare Pak Kyai Qomari ora pati keprungu, kesilep dening ramene sing lagi tetembangan. Apa meneh cacahe bocah sing melu nembang uga saya akeh.
“Kok kados empun wanci Magrib, Mas, napa boten kendel riyin?” pitakone Sholikhin, bocah lanang sing lagi sapisanan kuwi melu atihan jalaran pangajake Sri, kenya sing kerep runtang-runtung karo dheweke.
“Nyangapa kok dadak leren barang? Sing sembahyang ya ben sembahyang, awake dhewe sing lagi latihan uga kudu terus latihan. Apa maneh neng kene lak adoh langgar utawa mejid!” wangsulane Sugeng ketara yen ora seneng.
“Nek ngoten kula tak medal sekedhap, mengke latihan malih!” tembunge Sholikhin banjur gegancangan metu. Ing kulon kana langite pancen wis abang mlerah.
Marga ana sing lunga, si pelatih kepeksa nyigeg olehe latihan.
“Sapa jenenge cah kuwi mau ...?” pitakone marang bocah sing ana cedhake.
“Anu, Mas ... Solikhin.”
“Kok kaya jeneng santri?”
“Boten namung kados, nanging pancen santri saestu. Wong kiyambake niku asli turun santri, putune kaji. Nanging nggih niku, wiwit mbahe, bapake, kalih sedherek-sedherek kathah sing remen kesenian. Nanging nggih namung Solikhin niku sing purun blajar njoged.”
“Nek ngono bocahe iki mau sembahyang nyang langgar?”
“Kula kinten nggih ngoten,” sing mangsuli Midi anake Tarmijan Bagong.
“Neng edi langgare? Adoh apa cedhak?”
“Kilen mrika, radi tebih.”
“Biyuh, kok leh ngaya!” komentare Sugeng banjur aba ngajak nerusake latihan senajan sing melu ora ganep. Sidane Srini sing mau pasangan karo Sholikhin kepeksa kijenan.
Oleh sarambahan engkas Sugeng lagi ngrasa marem. Let sedhela Sholikhin teka kanthi krenggosan sawise mlayu cukupan adohe. Atine rada gela jalaran rumangsa yen ditilap dening kanca-kancane. Apamaneh bareng weruh yen sikepe pelatihe malih beda karo dhek mau kae. Saiki kok ketok yen rada sinis marang dheweke. Apa jalaran olehe pamit lunga saperlu sholat Magrib mau?
“Gebyagane wayang mung kari setengah sasinan. Mangka manut Mas Hadi, tari iki metu dhisik dhewe kanggo ekstra sadurunge jejeran. Mula saka kuwi supaya mbesuk ora ngisin-isini, yen latihan sing sregep lan ngepen. Aja disambi sing neka-neka utawa ora pati perlu!” Sugeng elik-elik, lan nalika tekan ukara sing pungkasan dheweke kober nglirik Sholikhin sing kebeneran uga lagi nyawang dheweke. Sawise ngaso kurang luwih setengah jam, olehe padha gladhen diwiwiti maneh. Nanging swasana wis ora pati regeng kaya dhek mau jalaran bocah semono kehe mau wis entek padha mulih. Sing kari mung sawetara wong wadon sing olehe nonton trima saka jabane lawang ngarep lan iringan.
Jalaran swasana rada sepi, swara kenthong Isyak saka langgar bisa keprungu cetha. Semono uga swarane muadzin sing bisa luwih banter jalaran sibantu nganggo corong saka klonthongan blonceng.
“Sampeyan ra sembahyang dhisik ...?” pitakone Srini kanthi tangan dhepaplangan ngetutake obahe pelatihe.
“Engko ae neng omah, timbang dinesoni Mas Sugeng. Karo maneh wektu Isyah lak luwih dawa.”
Nalika jam kuna sing cementhel ana saka guru nuduhake jam setengah wolu siji loro wong sing arep latihan wayang wiwit teka. Nanging jalaran lagi ngengah-nengahi sidane olehe blajar njoged diterusake nganti sarampunge.
Ing wektu candhake cacahe sing arep latihan wayang saya akeh. Ketuwane kumpulan, Pak Dwija, uga wis rada mau olehe teka. Suhadi sing dipercaya dadi mister uga wis katon ing antarane wong-wong kuwi mau.
Sugeng sing isih kalungan sampur mara nyedhaki Suhadi. Nuli pitakone, “Anu, mas, jane njing gebyagan niku mendhet lampahan napa, ta?”
“Niku lho, Dhik Geng, kanca-kanca sami usul Rebut Kikis Turanggana.”
“Ooo, anu, ta ... Boma Kikis,” tembunge Sugeng reka-reka mbenerake.
“Leres, nggih niku. Nanging tiyang mriki sami mestani Rebut Kikis Tunggarana,” mister Suhadi kaya emoh ngalah jalaran rumangsa bener.
“Terus ..., sing dhapuk Boma sinten?”
“Bomane kula piyambak. Dene Gathutkacane Mas Yanto, niku sing rasukane pethak,” Suhadi mangsuli karo nudingi wong sing dikarepake.
“Upami lho Mas Di, namung upami. Nek sing Mboma kula, dospundi? Mengke njenengan sing dados Gathutkaca,” usule Sugeng semu keminter.
“Nggoten nggih sae. Mangke kula takteng ngandhap mawon ndhalang. Kleresan dalu niki mengke wancine adegan wos, tempuke Boma kalih Gathutkaca.”
“Nanging ..., sing dados Gathutkaca napa nggih empun saged sakestu. Utamine bab antawecana?”
“Piyambake niku dhalang wayang kulit, Dhik, senaosa angsale nyantrik nembe tigang taun. Nanging dhalangane empun pajeng, malah kepetang laris.”
Si pelatih Genjer-genjer wis ora ngunggahi rembug maneh, banjur nyedhaki murid-muride perlu ngandhani yen wis oleh mulih.
Kaya kandhane Suhadi mau, latihan bengi kuwi wayah adegan perang tandhinge Gathutkaca mungsuh Bomanarakasura. Yanto si dhalang wayang kulit adhep-adhepan karo Sugeng pelatih tari sing tawa-tawa arep nggenteni dadi Boma.
Nanging bareng dheweke wiwit metu menyang kalangan, wong-wong wis katon yen padha gela. Joged lan sabetane isih luwih apik Gathutkaca. Apa maneh yen ditandhingake Suhadi, durung ana saamput-ampute. Gelane sing padha nonton saya ndadi bareng tekan wayahe antawecana. Tembunge Kawi lan unggah-ungguh basa jebul mawut, pating pecothot ora karuwan. Contone,
“Biyen kae Rama Prabu rak wis matur, ta, Dhi ...,” ukara liyane maneh, “Senajan jenengsira sekti mandraguna, ora tedhas tapak paluning pandhe utawa lanciping wastra ....!”
Yen wong-wong sing isih durung pati suwe olehe ajar wayang rumangsa gela weruh penampilane Sugeng, apamaneh Pak Guru Dwija lan Suhadi mistere. Nanging arep kepriye maneh wong dhek mau wis kadhung diolehi. Karomaneh dheweke kuwi jejer minangka tamu lan olehe teka mrono jalaran pancen sengaja diundang.
“Ditekakake adoh-adoh, tibake ming kaya ngono kwi?” cluluke salah siji anggota sing bengi kuwi ora wayahe latihan.
“Lha iya, timbangane wong kuwi lak luwih apik Kang Parman,” liyane urun.
“Kira-kira isane ya ming njoged Genjer-genjer thok, ra jegos mayang!”
“Mosok kaya ngono kuwi ya njaluk bayaran?” Sardi melu urun rembug.
Nanging pambijine wong akeh mau jebul ora padha karo pikirane Yu Gemi sing tekane wiwit sabubare Magrib mau. Nalika sepisanan weruh wong anyar katon mau atine langsung kepencut. Ora maido, wong Sugeng pancen kanggonan rupa nggantheng lan pawakane uga oleh. Sejatine yen bab rupa isih luwih nggantheng Parman sing durung klakon dienggo kemul marga kepalangan matine Pak Sabar dhek emben kae. Mung bae bocah Blitar iki luwih enom lan katon resik, ketara yen kopen. Meneng-meneng jroning ati Gemi wis gawe rancangan, nata siasat kanggo nelukake atine pelatih Genjer-genjer sing durung ditepungi kuwi.
Nalika Sugeng karo Yanto lagi matengake olehe seteman perang tandhing, Pak Dwija nyedhaki Suhadi sing mung ngematake saka papan rda adoh.
“Sing dadi Boma kuwi wong endi, Dhik?” pitakone karo mapan lungguh njejeri Hadi.
“Anu ..., tamu saking Blitar.”
“Apa sing jare nglatih tari kuwi?”
“Enggih, Pak, leres. Nggih niku tiyange.”
“Ko sik, ta, Dhik. Jare sing didadekake ketuwa kumpulan kuwi aku, nanging nek eneng apa-apa kok aku pijer ditilap, dilangkahi. Kaya leh nekakake pelatih tari kuwi, kudune rak ya taren dhisik,” tembunge Pak Dwija maido.
“Anu, kok, criyose Kang Tarmijan selak kesesa, rebat cekap. Sing gadhah gagasan latihan tari niku piyambake, semonten ugi sing pados pelatih.”
“Sampeyan kuwi sing jejer dadi pelatih ngrangkep TD kok malah manut Tarmijan? Apa dheweke duwe karep nggenteni aku, utawa dupeh dheweke sing arep kanggonan gebyagan? Wis, saiki sampeyan kongkonan ngundang Tarmijan supaya mrene!” tembunge Pak Dwija kanthi praupan rada mbrabak.
Let sedhela sing diundang wis teka banjur melu lungguh ana kono.
“Enten napa, Pak Guru ...?” sing lagi teka ndhisiki takon.
“Ngene, aku mung butuh arep takon. Awakmu kok ujug-ujug ngundang pelatih tari kuwi piye? Kok ra gelem taren utaw ngandhani aku luwih dhisik!”
Sing disrengeni tetp ayem sajak ora ana apa-apa, nuli kawetu wangsulane, “Margi wekdale empun nylepeng sanget, Pak. Jane kula nggih empun ajenge matur njenengan, nanging kula padosi ngantos ping kalih boten kepanggih. Kalih malih, angsal kula ngantos tumindak ngoten niku lak nggih setunggaling usaha supados gebyagan mebnjing niku saya ketingal sae. Nek kelampahan sae sakestu, sing angsal nami lak nggih ketuwane, sanes kula!”
Krungu wangsulane ngono mau pak Dwija tetep durung bisa lilih. Jalaran ora mung sepisan iki dheweke rumangsa dilangkahi, wis bola-bali.
“Wis ta, Dhik Jan, awakmu ra usah kakehan alesan. Taketung wis ping enem iki olehmu tumindak kaya ngene iki, nglangkahi wewenange ketua, pelatih, lan pengurus liyane. Saiki timbang terus-terusan kokkiwakake, apike aku takleren lehku dadi ketuwa. Gantenana. Aku wis krungu suwe kok, gerenenge sebageyan anggota nek awakmu kepengin dadi ketuwa ngganteni aku!”
Sing rumangsa ditantang jebul ya ora gigrig, nuli wangsulan entheng, “Nej njenengan empun rumaos boten mampu, dospundi malih. Kula nggih siya.”
Pak Guru Dwija sing rumangsa ketampeg raine banjur ngadeg nyat, gegancangan metu saka kono tanpa pamit. Lan durung sepira adoh olehe mlaku, saka mbalene Mbah Jumali wis keprungu swara-swara pating clomet,
“Retool ..., retool ..., retool ...!”
“Hidup Tarmijan! Retol Dwija ...!”
Olehe bengak-bengok leren, nuli disusul swara tetembangan :
Njer genjer neng kedhokan pating keleler
Enake thole teka-teka mupusi genjer


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

игровые автоматы бесплатно lucky drinkинтернет магазин посуды краснодаротзывы о seo компаниях

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535841
  Hari ini     :  Hari ini :817
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1494
  Bulan ini   :  Bulan ini :11016
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 18

Kontak Admin.

email-kidemang