Cêrita Sambung - Ting
  

Ting 04

ENGINE isih durung pati jero wong lintang Panjer Sore isih durung angslup menyang sikil langit kulon. Swasana ing omah gebyog kanthi plataran cukup jembar kuwi ketara sepi lan samun. Sorote ting ing jero lodhong benthet sing digantung ana emperan mung keconggah menehi pepadhang sethithik.
“Kulanuwun ....!!”, salah siji saka wong loro sing ngadeg ana ngarep lawang uluk salam. Lan tanpa nganggo mindhoni maneh, saka njero omah gedhe kuwi keprungu swara wangsulan, renyah cemlentheng.
“Mangga ...!!”, banjur disusul mengane lawang sing maune tutupan rapet.
“Takkira nek ra sida, Mas, tiwas lawange kadhung takinepi. Mangga pinarak!” tembunge sing duwe omah grapyak banjur ndhisiki mapan lungguh.
“Ya mesthi sida, ta, Yu Mi, wong wis semayan. Jane lehku arep budhal wis rada mau, nanging terus eneng dhayoh nyelani. Jalaran olehe teka butuh rembagan perkara penting, sidane lehku mrene terus rada mundur,” Tarmijan, salah siji saka dhayoh mau ndhisiki aweh alesan.
“Dhayohe sapa, ta, terus sing jare penting mau perkara apa?”
“Yanto, Tamun, karo kancane loro. Kuwi lho, ngrembug leh arep ngretool ketuwa wayang.”
“Ngretool kuwi apa, ta, Mas Jan? Aku kok ra mudheng,” Gemi nambong.
“Kuwi lho, nek tembung wayange njongkeng ngana kae. Karepe kanca-kanca, Pak Dwija arep diretool, dipocot saka kalungguhan ketuwa terus diganti sing luwih progresip repolusioner.”
Bareng olehe rembugan sajak arep mlenceng saka tujuwan olehe medhayoh, dhayoh sijine gage olehe nyigeg, “Kok lajeng ngrembag perkawis niku, Mas Jan? Mbok sing niku dirembag mengke mawon nek empun cekap betahe.”
O, enggih, Dhik Geng, sepuntene mawon. Soale kula niki nek pun kadhung ngrembag perjuwangan nggih ngeten niki. Semangat empatlima kula muntab,” tembunge Tarmijan karo ngungalake dhadhane sing pancen kebak otot. Nuli, “Ngene lho, Yu Mi. Leh mrene iki mau jane pancen eneng perlune, yakuwi ngrembug perkara Dhik Sugeng iki. Sampeyan lak wis kenal ta?”
“Nek kenale ya durung, nanging wis tau weruh. Njenengan lak sing nglatih tari Genjer-genjer wingenane nika, ta?” sing duwe omah nakoni Sugeng.
“Enggih, leres. Njenengan kok semerap, ta, Mbak?”
“Nggih meshi semerape, ta, wong kula ngleresi ningali. Malah nalika Mas Sugeng dados Boma niku kula nggih semerap. Wis, Mas Jan, teruse?”
“Ngene. Dhik Sugeng leh neng kene iki lak ora gur sedina rongdina. Bisa uga nganti nganti sesasi. Mangka senajan olehe ana kene wis olehe seminggu durung ana panggonan kanggo nginep sing tetep. Dadi sasuwene iki kepeksa ngolah-ngalih.”
“Lha daleme Pak Dwija lak gedhi, ta?”
“Aku mau lak wis kandha nek wong kuwi arep diretool. Karomaneh dheweke kuwi ra setuju anane latihan tari iki. Dadi ya mokal, ta, nek Dhik Sugeng manggon neng kana.”
“Terus ...?” pitakone Gemi kanthi mripat sumunar kebak pengarep-arep.
“Piye upama Dhik Sugeng tak titipne neng omah kene?”
“Nek aku ngono olah-oleh ae, Mas, ra kabotan. Nanging Mas Sugenge dhewe piye, wong omahe kaya ngene rusuhe?” tembunge Gemi kanggo ulas-ulas.
“Griya kados ngeten kok tesik kirang sae, ta, Mbak. Kalih malih wong kula niki empun kulina ngumbara, blakrakan dugi pundi-pundi. Dados tilem utawi manggen enten pundi mawon saged.”
Olehe padha rembugan kepunggel sedhela. Atin, ponakane wadon Gemi metu saperlu ngladenake suguhan wedang kopi karo nyamikan pisan.
“Nanging anu, lho, Yu Mi. Lehku titip Dhik Sugeng neng omah kene iki ming titip thok, maksude ra eneng apa-apane. Jalaran saka pimpinan pancen ra nyediyani biaya kanggo ngene iki. Kabeh ming perjuwangan mbelani rakya. Dene mbesuk nek wis klakon lan eneng asile, aku sampeyan bakal melu ngrasakake urip penak. Pokoke sama rasa, sama rata, sama bahagia.”
“Masiya ra eneng bantuwan saka ndhuwuran ya ra apa-apa, Mas Jan. Mosok ra kuwat nek gur ngopeni wong siji ae. Nanging nggih niku, Mas Geng, njenengan kedah nrimah sakentene. Wong mriki niki tebih peken.”
“Empun ta, Mbak, boten usah repot. Pokok empun angsal enggen kangge tilem, kula empun matur nuwun sanget.”
“O, enggih, Mas, nek sare mengke teng kamar wingking njenengan niku,” tembunge Gemi kaya dielikake bareng Sugeng nyandhak bab turu.
“Durung bengi iki, kok, Yu Mi, sik lagi sesuk,” Tarmijan sing mangsuli. Gedhang goreng sepiring munjung mung kari separone lan wedang kopi neng gelas uga kari cekakike. Dhayoh loro mau pamitan mbarengi tumibane grimis ngurtug gentheng. Sejatine sing duwe omah nyoba menggak, ewasemono kekarone tetep nekad. Nanging bareng lakune Tarmijan karo sugeng nyedhaki gerdhu ing pojok prapatan, grimis saya mundhak gedhe-gedhe lan let sedhela wis dadi udan lumayan derese.
Wong loro kaya balapan rebut dhisik olehe arep ngeyup menyang gerdhu. Jebul ing jero katon regemenge wong lungguh ijen sing mbokmenawa uga lagi ngeyup. Nanging marga peteng dadi ora genah sapa wonge.
“Kang Tarmijan ...?”
Sing diaruh-aruhi ora tumuli wangsulan. Pawongan kemul sarung kuwi dicedhaki banjur diiling-ilingi sedhela, lagi kawetu tembunge, “Ooo ..., Parman ta. Iki mau ngeyup apa niyat cangkrukan?”
“Wis dhek mau, kok, Kang. Ngenteni make bocah-bocah pijet ngetan ron. Anu, sampeyan sangu korek? Embuh, nganti yahmene tinge kok durung eneng sing nyumet.”
“Apa lengane sik enek ...?” pitakone Tarmijan karo grayah-grayah sak. Sawise ketemu nuli ngranggeh ting sing digantung ana kayu usuk.
Let sedhela swasana gerdhu sing maune peteng dadi padhang jalaran sorote dimar ting sing digawe saka tilas umplung cet lan dikrobong kaca lampu petromaks.
“O ..., iki mau karo Dhik Sugeng, ta ...? Ka endi, ta, Kang Jan, kok bengi-bengi?”
“Ka omahe Yu Gemi.”
“Eneng perlu apa?” Parman takon kanthi praupan rada mbrabak, tujune ora ketara jalaran swasanane mung remeng-remeng. Kedadeyan dhek mulih saka latihan kepungkur kae muncul maneh ing angen-angene.
“Iki lho, nggolekne enggon Dhik Sugeng, wong neng omahku sumpege kaya ngana. Nggone Yu Gemi lak jembar, mesisan kenek dienggoni latihan.”
“Terus asile piye? Diolehi pa ra?”
“Beres. Yu Gemi lak ya seneng kesenian. Sapa ngerti nek dheweke terus pengin melu latihan pisan.”
“Mosok wong kuwi sik butuh latihan. Jare wis pinter.”
“Yu Gemi pinter njoged ...? Aku kok rung tau krungu, njoged apa ...?”
“Anu, kok, leh njoged neng turon,” wangsulane Parman karo nggleges, kelingan awake dhewe sing meh bae kena jirete Yu Gemi. Kejiret apa njiret? Terus, olehe ora sida angrem ana kamare Gemi kepungkur kae kudune perlu disyukuri apa malah digetuni. Nanging sing cetha sawise kedadeyan kuwi atine bola-bali muni, “Slamete, tujune, athuka lak ....”
“Sik, ta, Kang Jan, mumpung kepethuk aku arep takon jalaran sampeyan sing takanggep paling ngerti. Apa tenan, ta, jare Pak Guru arep dilereni saka leh dadi ketuwa wayang wong. Nek iya, gek salahe apa ....?”
“Merga dheweke ora gelem dijak berjuwang mbelani rakyat. Wonge pasip, ra nduweni jiwa progresip repolusioner kaya awak-awak iki. Malah sing genah dheweke kuwi antheke kabir!”
“Mosok Kang, Pak Guru kuwi kapir? Wong senajan dadi ketuwa wayang wong, nanging pendhak Jemuwah mesthi pethuk aku neng mejid, Jemuwahan, kok.” Tarmijan ngguyu, semono uga Sugeng sing wiwit mau durung nyuwara.
“Jane kupingmu ki apa buntet, ta, Man? Aku mau ra muni kapir, nanging kabir. Tegese kapitalis birokrat!”
“Wah ..., malah saya mumet aku, kang. Wis, sakiki omong sing gampang ae, sing utegku isa nyandhak. Terus, nek sida dipocot tenan, sapa sing arep ngganteni? Nek aku krungu jare Pak Guru Parwa?”
“Sing omong sapa ...?” Tarmijan ketara mlenggong, gela.
“Akeh, ra ming siji loro. Pokok nek Pak Dwija sida leren, kabeh anggota arep padha milih Pak Parwa, sing padha gurune.”
“Pa nek duduk guru kir ra godag mimpin wayang wong?” pitakone Tarmijan sengak. Mangka dheweke wis kadhung yakin yen bakal bisa nglungguhi kursi ketuwa nglintir kalungguhane guru Dwija.
“Ya ra ngono, Kang. Nanging nek guru kuwi lak wis kulina mimpin bocah.”
“Dadi, anggota wayang sing wis dha gerang-gerang kuwi kokpadhakake karo bocah sing sik umbelen, iya?” tembunge Tarmijan asaya sereng.
“Kosik ta, aja kesusu nesu. Saiki sampeyan pikir, Pak Guru Dwija kae kurangane apa. Nyang kesenian utamane wayang dheweke mumpuni, sabar, disungkani anggota, lan sing paling penting yen eneng apa-apa gelem cucul ragad, tambel. Nek kanggoku, sing jeneng seniman tulen ki ya wong sing kaya ngono kuwi. Ora gur mikir leh arep golek enthitan utawa mbathi. Terus akal-akal arep ngendhih pimpinan nganggo alasan sing ra maton.”
“Man, Parman. Nek awakmu omong kaya ngono kuwi ya memper, kok. Wong pancen awakmu ra ngerti politik!”
“Apa, kang ...? Politik ...? Nek ming kuwi aku ngerti, Kang, masiya sekolahku gur tamat SR. Pu-li-tik, nek ngumpul mesthi ithik-ithik,” tembunge Parman sengaja gleyingan kanggo nutupi atine sing melu panas.
Udane wis meh terang, kari grimis cilik-cilik. Saka wetan keprungu swara krubyuge sikil nyasak banyu udan. Senajan ing swasana peteng nanging Parman bisa ngira-ra yen sing mlaku mau bojone.
“Apa antri, ta, kok leh sauwen-uwen ...?”
“He-eeh. Ngenteni Murti anake Mbokdhe Sikem. Kengser apa ngono,” wangsulane wong wadon sing tibane pancen bener bojne tenan.
“Wis, ya, Kang Jan, aku takdhisik!” Parman menyat karo pamitan. Ora ana sing mangsuli. Sajake Tarmijan isih durung bisa nyirep atine sing kemranyas jalaran olehe sulaya tembug mau.


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

william hill pokerкисти для макияжа джастооо полигон украина

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535794
  Hari ini     :  Hari ini :770
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1447
  Bulan ini   :  Bulan ini :10969
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 19

Kontak Admin.

email-kidemang