Cêrita Sambung - Ting
  

 

Ting 06

ENGINE wis rada jero. Omahe Gemi sing saben dina pancen ajeg sepi ing bengi kuwi saya ketara sepi lan sintru. Ting ing emper ngarep wiwit sore mau uga ora katon murub. Kamar ngarep sing maune kanggo turu Sugeng wis pirang-pirang bengi iki kothong mlompong, jalaran sing ngenggoni wis ngalih menyang kamare sing duwe omah.
Sesambungan anatarane Gemi karo Sugeng pancen wis saya bebas sawise Atin sing diemong Gemi wiwit cilik metu saka omah kono, mulih menyang omahe wong tuwane dhewe sing ora liya mbakyune Gemi tunggal embah. Anane Atin nganti mulih mau jalaran wong tuwane ora nrimakake anake didakwa nyolong dhuwit. Mangka jarene cacahe ora sethithik : rong pupuh ewu, sing wis kena kanggo tuku sepedhah anyar gres.
Swarane kenthongan dithuthuk kaping rolas keprungu gemonthang. Lon-lonan tangane Sugeng sing ngrangkul awake disingkirake banjur ngranggeh sandhangane sing nglumbruk ana pojok peturon nuli dienggo, Awake Sugeng sing uga mbligung tanpa awer-awer banjur ditutupi slimut lorek.
Rampung olehe nganggo sandhangan dheweke banjur bali mapan ngglethak maneh, mripate kethap-kethip kaya ana sing dipikir. Atine lagi krasa ayem bareng let sedhela saka wetan omah keprungu swara klesete sikil sing sajake luwih saka rong pasang. Banjur disusul swara panguwuh saka buri omah,
“Yu ..., Yu Gemi!! Tulung lawange sampeyan bukak!”
“Cepet, Yu, gek dibukak tinimbang takdhobrag ...!!” ana swara liya saka ngarep omah.
Kanthi kesusu awake Sugeng dihoyog-hoyog karo guneman ketara yen gugup, “Mas ... tangi, Mas ... eneng wong gugah-gugah!”
Sugeng njenggirat arep gage mudhun saka peturon. Nanging bareng kelingan yen awake wuda blejet banjur gage nyaut suwal sing wis diathungake Gemi. Ora lali kaos oblonge uga dienggo.
“Enggih ... mangke riyin, sekedhap!” Gemi mangsuli sing celuk-celuk. Lan nalika lawang ngarep dibukak, mak grudug, ana rombongan nom-noman mlebu kanthi sikep sing ora ngepenaki. Kabeh wis ditepungi jalaran pancen bocah saka kono bae. Ing antarane bocah-bocah mau katon Wasis, sing kanggone wong kono dianggep kaya dene pimpinane.
Tanpa ngenteni dimanggakake Wasis mapan lungguh sing banjur ditirokake dening kanca-kancane.
“Enten napa, ta, Mas Wasis, kok dalu-dalu?” pitakone Gemi kaya tanpa rumangsa salah babarpisan. Dene Sugeng sing pancen durung tau tepung mung trima meneng karo nyititekake dhayohe mbaka siji.
“Ngeten, lho, Yu Mi. Angsal kula sami dugi mriki wau mergi nuruti wadulane tanggi kiwa tengen mriki. Sedanten sami rumaos boten remen lan kawratan margi enten tiyang jaler sing manggen griya mriki, mangka boten enten hubungan kulawarga kalih sampeyan.”
“Lho, sing sami diawrati niku napane, wong omah-omah kula dhewe!”
“Leres niki griya sampeyan. Nanging sing sampeyan lampahi tiyang kalih niku empun damel kisruh mergi nerak kasusilan. Tiyang jaler estri manggen sakgriya, mangka sanes sanak utawi kadang!”
“Lajeng ... karep sampeyan dospundi?” pitakone Gemi cemlentheng.
“Empun, sakniki ngenten mawon. Mase niki kesah king griya mriki, utawi purun tanggeljawab ngrabi sampeyan. Wangsulane kedah sakniki, boten saged disemayani!”
Ditari kaya ngono mau Sugeng ketara nggragap, kosokbalen karo Gemi sing tetep ayem sajak ora ana apa-apa. Malah banjur kawetu pitakone,
“Piye Mas, nek kadhung kaya ngene iki...?”
“Lha sampiyen piye ...? Sugeng genti takon kanthi pasemon mbodhoni.
“Nek aku Mas, wong wis kadhung teles, ya piye maneh,” Gemi nglendheh.
“Nek ngono ya wis terserah, aku ming manut piye apike.”
Wasis manthuk-manthuk, lan praupan-praupan kereng mau baka sethithik katon saya kendho. Maune padha ngira yen wong lanang sing angrem neng omahe Gemi kuwi arep polah, emoh tanggung jawab.
Pimpinan pemuda mau banjur ngetokake kertas salembar sing wis ana tulisane, diulungake marang Sugeng.
“Niku diwaos riyin, Mas. Sing kothong niku sampeyan isi kiyambak. Niki pulpene. Nek empun diwaos kalih diiseni, lajeng sampeyan tanda tangan teng ngandhape. Kalih Yu Gemi sisan.”
Sugeng banjur maca tulisan sing ana dluwang. Jebul isine nyebutake yen dheweke saguh dadi bojone Gemi. Mung bae jeneng lan identitas Sugeng liyane isih kothong durung ana isine. Tanpa kakehan rembug dheweke banjur nyandhak pulpen sing diulungake Wasis, nggon sing kothong diiseni. Rampung olehe tanda tangan, dluwange banjur genti diwenehake Gemi sing olehe nampani karo mesem-mesem ketara yen kalegan atine.
“Nanging ngeten lho, Mas Wasis ...,” tembunge Gemi sawise tandha tangan.
“Kula semados angsale ijaban njing bar gebyagan ringgit mawon. Mergine wekdal niki Mas Sugeng lak tesih repot nglatih tari kalih latihan ringgit, wong piyambake niku dipeksa mistere supados dhapuk Prabu Boma. Dados wekdal niki nggih dereng kober nek kedah ngurus serat-serat teng Blitar mrika. Blitar niku tebeh lho, Mas ....”
“Nek perkawis niku boten masalah, Yu. Sing penting Mas Sugeng empun nandhatangani surat pernyataan niku wau. Nanging nggih niku, sakmantune gebyagan enggal diurusi sakestu serat-serate. Ngoten nggih Mas Geng?”
“Enggih Mas, kula janji. Sakestu,” Sugeng mangsuli manteb.
Sawise rampung butuhe Wasis sakanca pamitan. Dalan padesa saya krasa sepi lan peteng. Ing dhuwur sirah langite katon ireng kemul mendhung. Sorote ting pinggir dalan sing mung ana siji loro kuwawa miyak pepeteng sing ngemuli jagad. Unine angkup genti-genten karo swarane walang saya nambahi kekese swasana.
Yen meh kabeh kancane padha ngrasa sepi, jebul kosokbalen karo sing ana jroning pikirane Wasis. Ing angen-angene wis katon ngegla dhuwit nematus sing bakal ditampa saka Gemi, minangka tambahe panjer patang atus wingenane kae. Mangka dhuwit semono kehe mau bakale dipek dhewe. Kancane ora bakal ana sing diciprati, jalaran pancen ora ana sing ngerti olehe petung karo Gemi kepungkur kae. Nyatane kabeh rancangan bisa lumaku kanthi becik. Gemi klakon dadi bojone Sugeng lan dheweke oleh kaya lumayan akehe, mangka ora ngetokake kringet satetes-tetesa. Dadi ora jeneng rugi yen iki mengko kanca-kancane digiring menyang warunge Mbokdhe Giyeng sing ajeg bukak sewengi muput.
Saulihe Wasis sakancane, pikirane Gemi dadi saya padhang. Kanthi tekane Wasis ateges sesambungane karo Sugeng kaya wis setengah resmi. Dheweke uga ora rumangsa risi bareng ing dina sesuke tangga-tanggane padha nggrombol karo guneman pating klesik lan sedhela-sedhela nyawang omahe sing lawange menga mintip-mintip kena kanggo inceng-inceng nyawang menjaba.
Sing kaya malah saya ngece, esuk iku uga tanggane padha weruh Gemi diboncengake Sugeng nganggo sepedhahe sing merek Humber, embuh menyang endi. Wangsulane lagi cetha bareng kira-kira jam sepuluh wong sakloron mau wis katon mulih kanthi numpak sepedhah dhewe-dhewe. Gemi numpaki Humber dene Sugeng sajak ngematake empuke sadhel sepedhah anyar gres sing yen ndeleng gebyare kaya merek Gazalle sing kondhang apik lan larange. Mangka ing boncengan sepedhah loro mau katon barang blanjan sepirang-pirang dibuntel glempo karo kamli rong iji sing kabeh kebak mencep embuh isi apa.
“Dhasar wedokan kemalan konok onggrok, bengine bar digrebeg pemuda kok ra gableg isin, malah kaya njarag. Esuk-esuk wis ngobral dhuwit nggo nyenengake lanangane. Jajal pikiren, Ni. Mosok nek aku omong ngene iki ya sik kokarani meri, pengin ...?” grenenge Sarmi marang ponakane.
Wong loro kuwi katon lagi nyekru milihi beras sing dieler ana tampah. Arep ora dipilihi kok kaya ora mentala ngedang, wong elas karo krikile pating pecicil sepirang-pirang. Mangka anake sing marep mesthi gemreneng yen nalika nengah-nengahi mangan dumadakan ngremus krikil.
“Ya wis ben ta, Lik, mumpung sik enom. Suk nek wis tuwek koyok ....”
“Koyok sapa ...? Aku ...? Masiya wis tuwek ngene, sik akeh kok wong lanang sing ngarepne. Umpama aku gelem ngladeni ...,” tembunge Sarmi cepet. Ponakane sing lagi arep njumput krikil kaget.
“Kok sampeyan ta, Lik? Karomaneh sapa sing omong nek sampeyan wis tuwek? Sampeyan kuwi jik enom. Malah upama gelem ngramut awak, kiraku kok undha-undhi nek dibandhing karo Mbokdhe Gemi. Meh kalah thithik.”
“Kalah ...? Kalah apane? Sing genah ya kalah sugih!”
“Nek bab kuwi angger uwong wis weruh, Lik. Kejaba kuwi jik eneng maneh. Kalah manis, kalah semog,” wangsulane Paini karo nggleges.
“Lambenu Ni. Ya mesthi ae ta, wong dheweke rung tau mbrojolne endhas bayek. Balik aku ...? Wis ping papat, Ndhuk!”
Beda karo semangat empat limane sing padha nggunem, Sugeng karo Gemi malah katon adhem ayem. Ketungkul olehe ngiling-ilingi sepedhah Gazelle kinyis-kinyis tur tomor persneleng, disambi nyomak-nuamuk mangan jajan sing mberah neng dhuwur meja. Bir sabotol mung kari nyisa saprotelone.
“Mas ..., sampeyan isa numpak udhug?” pitakone Gemi mak clemong.
“Udhug ...? Sepedhah montor, ta?” Sugeng malah genti takon.
“He-eh, nanging sing gedhi, Wis tau numpak?”
“Jane ya wis tau blajar, diblajari kancaku. Nanging wis suwiii ... Eneng apa ta?”
“Ngene lho. Nek sampeyan wis isa nyetir udhug, suk nek bar gawene awake dhewe aku kepengin tuku, ra ketang sing wis kanggo. Ya ben eruh rasane penake digonceng udhug ta. Piye, gelem ya Mas ....?”
“Nek aku ngono gelam gelem ae wong ming kari numpak. Terus sampeyan seneng sing merek apa? Mereke akehe, lho. Macem-macem. Eneng Michels, Norton, BSA, AJS lan liya-liyane.”
“Nek aku ya ra ngerti ta, mas. Pokoke terserah sampeyan. Nek sampeyan dhewe seneng numpak sing emrek apa?”
“Aku ngono gampang kok, ra usah angel-angel. Upama dikongkon milih, aku luwih seneng sing merek Gemi!”
“Ah, Mas Geng, ki. Nek sing kuwi ra usah diomong,” tembunge Gemi kemayu banjur nglendhot, ngalem.


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx broker как вывести средствакосметичка интернет магазинкухня никас

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535792
  Hari ini     :  Hari ini :768
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1445
  Bulan ini   :  Bulan ini :10967
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 17

Kontak Admin.

email-kidemang