Cêrita Sambung - Ting
  

Ting 11

OCAH lanang rada nggantheng pawakan lencir ndlolet kuwi ketara gumun semu bingung nalika weruh yen Suhadi mister wayang wong karo Parman sing dhek bengi dadi Cakil jebul wis ana kono. Apamaneh bareng nyawang polatane jagabaya sing angker merbawani.
Lagi bae Simin nyeleh bokonge wis dipapag pitakone sing duwe omah, “Kowe dhek bengi ya nonton wayang, Le?”
“Ningali. Enten napa ta ...?”
“Terus ..., nalika eneng rame-rame kae kowe nang endi?”
“Sing njenengan kajengaken nalika sing dados Boma dhawah nika ta? Anu kula ngleresi andhok enten dhasarane Mbokdhe Giyem.”
“Eneng seksine ...?”
“Enten. Mbokdhe Giyem kiyambak kalih lare-lare. Sukri, Sumiran, kalih Kamdi. Lajeng yoga njenengan nggih ngleresi enten mrika, wong kula kalih lare-lare sing mbayari nggih kiyambake,” Simin mangsuli tatag senajan durung nyandhak menyang endi arahe rembug sateruse. Bubar mangsuli ngono mau Simin banjur nguceg-uceg mripate sing krasa risi. Saka kesusune jalaran dienteni kongkonane jagabaya, dheweke dadi ora kober raup dhisik. Wong nalika diparani mau kae bocahe pancen durung tangi.
Krungu wangsulane Simin ngono mau sing krungu padha pating plenggong.
Luwih-luwih bareng let sedhela nom-noman kuwi takon nggenahake, “Jane enten napa ta Pak, kok kula didugekaken mriki?”
Krungu pitakon kaya ngono mau sing rumangsa ketampeg raine mesthi bae Parman jalaran pancen dheweke sing nduweni pandakwa kaya ngono kuwi. Atine wiwit dirambati rasa kuwatir. Tujune jagabaya kok banjur guneman, “Ngene lho, Min. Tibane ambruke Boma dhek bengi kae merga kena plintheng sirahe. Mangka olehe mlintheng nganggo mur. Tujune kok ngenani sumping. Upama nganti kena nggon pathak lak sida blai tenan.”
“Lajeng ..., napa sambete kalih kula?” pitakone Simin wiwit njengek.
Atine Parman sing wis ketir-ketir dadi saya mengkeret. Sajake Simin wiwit krasa yen disujanani. Apamaneh bareng bocah kuwi wani nyuwara santak, “Napa kula sing diarani? Didakwa mlintheng ...?”
“Ora kok ndakwa ngono, Min. Pak Baya ki ming arep takon,” Parman munggel.
“Nek gur butuh takon keneng apa kok takon aku, kok ra liyane? Apa sing duwe cangkem ming aku thok?”
Krungu tembunge Simin sing wiwit ninggal subasita mau atine jagabaya uga melu kemropok.
“Kene iki omahe menungsa, Le. Nek guneman sing nganggo aturan. Ra usah bengak-bengok kaya neng alas. Wong telu iki ra eneng sing budheg. Apa maneh nek aku ndakwa kowe kuwi uga wis eneng empere, ora ngawur angger ngarani. Kabeh kanthi alasan maton lan klebu nalar!”
Simin sing maune briga-brigi sakala mengkeret. Wiwit biyen jagabaya siji iki wis misuwur yen kadhung nesu sok mara tangan, cengkiling. Mangka yen nganti ngampleng utawa nempiling akeh-akehe ora susah mindho. Pisan ji bae sing ketiban tangane mesthi njungkel, semaput!
“Lajeng napa alasan njenengan kok ngarani kula sing mlintheng?” pitakone Simin sateruse kanthi lambe kedher kegawa bruwalaning ati.
Weruh sikepe Simin kaya ngono mau, jagabaya Marto uga banjur rada sareh. “Ngene. Siji, kowe tau sumbar arep nggagalake olehe ijaban Gemi karo wong Blitar kuwi. Lehmu ngancam ngono mau eneng seksine, Parman kuwi. Loro, nang tlatah kene ra eneng wong sing nek mlintheng titisi ngungkuli kowe. Mosok alasan kaya ngono mau sik kokarani ngawur?”
“Nanging sing mlintheng sanes kula, Pak Baya. Sakestu. Nek boten percados sakniki njenengan taken Heru, kajenge genah.”
Wangsulane Simin sing lancar lan tatag mau njalari jagabaya dadi magu-mangu. Malah jroning batin wiwit ngandel yen nom-noman ndlolet kuwi pancen ora tumindak. Nanging kanggo nglegani atine Suhadi lan Parman dheweke banjur mlebu menyang omah buri saperlu ngundang Heru anake ragil.
“Lak iya ta, Ru. Pas eneng rame-rame ...,” tembunge Simin kesusu.
“Sssst ..., aku sing kudu nakoni, dudu kowe!” jagabaya munggel. Mak klakep, lambene simin uga banjur mingkem rapet.
“Aku taktakon Her, wangsulana apa anane. Apa bener kowe dhek bengi andhok bareng Simin neng warunge Yu Giyem?”
“Enggih Pak, malah boten kalih Simin mawon. Lare kathah. Enten napa ta, kok sajak ....”
“Husssy ..., sing kudune takon ki aku, dudu kowe!” jagabaya nyendhu.
“Kowe sik kelingan, kira-kira jam pira?”
“Nggih empun dalu Pak, sakmantune perang Cakil. Nanging sareng mireng rame-rame nika lajeng buyar, kepengin semerap enten napa.”
Simin ngetokake ambegan dawa, dawa banget. Atine krasa mak plong. Senajan pancen ora tumindak tenan, nanging dheweke luwih seneng yen perkara kuwi ora nganti kedawa-dawa, apa maneh tekan kantor pulisi barang. Kepungkur kae ana salah siji kancane sing kena urusan lan kepeksa mlebu tahanan nganti sawetara dina. Nanging bareng mulih jebul raine ketara bengep lan gosong-gosong senajan pulisi dhewe wis mesthekake yen dheweke ora kebukten salah. Entek-entekane mung pulisi kleru olehe nyekel uwong jalaran jenenge padha.
“Wis, saiki ngene Min ....,” tembunge jagabaya sawise sepi sauntara.
“Saiki awakmu oleh mulih. Nanging yakuwi, perkarane durung rampung. Dadi sawayah-wayah mbokmenawa keteranganmu isih dibutuhne.”
“Kok ngoten, Pak ....?” Simin protes.
“Wis ta, ra usah kuwatir. Nek pancen kowe ra tumindak tenan lak ya ra bakal eneng apa-apa. Wis, ngono ae. Saiki gek mulih, adus kana.”
Sing diprentah gage menyat banjur metu nganti kelalen ora pamit. Heru uga banjur bali maneh menyang buri nerusake olehe sarapan.
“Nek empun ngeten niki lajeng dospundi, Pak?” cluluke Parman.
“Terus arep piye meneh ...? Ya wis buntu, kok piye!”
“Nek purun lapur pulisi mbokmenawi pelakune saged kecepeng.”
“Pa rumangsa gampang? Kok tiwas ngekeh-kehi ragad. Karo maneh wong sing keplintheng ya wis ra apa-apa, malah mbokmenwa wis isa kelonan karo Gemi. Karepku mbok ya uwis, dicuthel tekan semen ae.”
Parman meneng senajan batine isih kurang trima. Sebabe wis cetha, nguwatirake keslametane dhewe yen Simin ora enggal dicekel pulisi. Tilas dhemenane Gemi kuwi mesthi ngigit-igit marang dheweke sing dianggep tumbak cucukan, kesusu wadul marang jagabaya yen sing mlintheng Prabu Bomanarakasura mau bengi ora ana liya kejaba Simin.
“Wis cukup, ta? Nek uwis sakiki gek padha mulih, aku selak menyang sawah nunggoni wong matun neng sawah kidul kuburan,” tmebunge jagabaya setengah nundhung dhayohe, banjur ndhisiki menyat saka palungguhane. Bebau siji kuwi pancen sok kaya ngono, ora perduli marang subasita.
Parman sing luwih tuwa banjur ngadeg, Suhadi uga gage tiru-tiru. Lets edhela wong loro sing raine isih ketara pating cloreng tilas paes kuwi wis katon goncengan sepedhah metu saka plataran omahe jagabaya. Parman milih manggon ngarep, mancal, pawadane kanggo ngilangi ngantuk.
Tekan panggonan sing kanggo wayangan dhek bengi katon Tarmijan lagi repot masang pager sing dicopot wingi kae. Parman ngerim arah-arah lan Suhadi banjur anjlog saka boncengan. Tarmijan leren, tangane isih nyengkeli liningan pring sing arep dipasang ana gaplok.
“Kok ditandangi ijen ta, Kang Jan?’ pitakone Suhadi.
“Jane dhek wingenane kae wong-wong ya wis takwanti-wanti nek esuk sawise wayangan takjaluk supaya rene meneh perlu mbongkar tarup karo genjot, mesisan mbalekna barang-barang silihan kuwi. Nanging nganti yahmene kok rung eneng sing ketok irunge. Jajal, ngene iki upama aku njagakne anggota ....”
Parman sing rumangsa kesenggol rada mbrabak. Nanging sarehne rumangsa bubar nindakake ayahan sing dianggep penting mula atine banjur lerem.
“Iki mau dha ka endi ta, isuk-isuk kok wis goncengan, pa ra ngantuk?”
Tarmijan ngenggokake rembug karo nyelehake pring sing dicekeli.
“Ka nggone pak Jagabaya. Teruse sing dhek bangi kae,” wangsulane Suhadi karo mlangkah saya nyedhak. Tarmijan langsung ketarik, banjur ndhisiki mlaku tumuju emper sing isih dikebaki kursi-kursi pating slengkrah.
“Terus piye, wis oleh titikan sapa sing mlintheng?”
“Durung. Maune pancen eneng sing disujanani. Nanging bocahe selak. Mangka dheweke duwe seksi akeh, salah sijine anake jagabaya dhewe. Tujune bocahe kok kenek dieluk, wurung ra sida muring-muring.”
“Sapa ta ...?”
“Simin, putune jenate Mbah Sur dhukun pijet,” sing mangsuli Parman.
“O ..., nek cah kuwi ye eneng empere. Dheweke lak wis kondhang paling titis nek mlintheng. Malah jare tau, kok dheweke isa mlintheng dara sing lagi miber. Nek tenen, kiraku cah kuwi kok duwe aji Sirwenda ....”
Tekan semono olehe padha rembugan kandheg. Ana anggota wayang mlaku runtung-runtung menggok mlebu plataran. Racak raine isih katon kumus-kumus, ketara yen durung kambon banyu.


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофеткупить сайт в украинеооо полигон официальный сайт

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535843
  Hari ini     :  Hari ini :819
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1496
  Bulan ini   :  Bulan ini :11018
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 21

Kontak Admin.

email-kidemang