Cêrita Sambung - Ting
  

Ting 12

EBYAGAN wayang wong neng omahe Tarmijan wis mungkur. Sugeng sing nalika mayang kena plintheng sirahe uga wis waras, malah wis boncengan sepedhah karo Gemi tekan ngendi-endi saben dina kaya ora ana bosene. Saka senenge, Gemi pancen sengaja mamerake wong lanang bakal bojone kuwi marang sedulur-sedulure senajan adoh papan dununge.
Sabubare gebyagan sing meh nggawa kurban, yen wayah bengi omahe Mbah Jumali uga banjur ketara sepi. Balene mung dipanjeri lampu templok. Jalaran kaya sing uwis-uwis, sabubare gebyagan utawa ditanggap wong duwe gawe, olehe latihan wayang sing sebageyan anggota ngarani trin, kanggo sauntara wektu dilereni dhisik.
Suwara tembung Genjer-genjer uga banjur ora pati keprungu maneh jalaran olehe latihan njoged uga melu leren. Mung bae senajan arang kadhing, lelagon anyar kuwi isih ditembangake dening bocah-bocah wadon yen pinuju nguru-uru adhine sing ana gendhongan.
Sore kuwi Gemi lagi thenguk-thenguk ijen ing dhuwur lincak sendhen gebyog ana emper ngarep. Saka polatane ketara yen wong wadon kuwi atine lagi goreh. Bola-bali dheweke mlebu menyang bale sedhela saperlu ndeleng pandom jam sing ana tembok singgetan. Sugeng sing olehe budhal wiwit parak esuk mau nganti seprene durung ana bali. Yen pamite ngono sadurunge surup srengenge wis tekan omah maneh. Senajan Blitar kuwi adoh nanging janjine mung nyuk-lik, wong butuhe mung arep ngurus layang plolosan saka desane kanggo sarat olehe arep ijab.
“Mas Geng sedina mbethethet kok ra eneng ketok Yu ...?” pitakone Sarmi sing lagi nyaponi latar.
“Lha ya kuwi. Wong pamite ming golek plolosan kok, ra kathik mampir-mampir. Kok nganti yahmene rung tekan omah. Gek eneng apa ...?”
“blitar kuwi adoh lho, Yu. Nek sepedhahan ra cukup rong jam,” Sarmi ngeyem-eyemi, kosok balene karo batine sing setengah muji muga-muga Sugeng ora bali mrono maneh, sokur yen selawase.
“Dongakna ae Yu, muga-muga calon bojomu slamet ra eneng alangan apa-apa. Wong jenenge ae Sugeng sing tegese padha karo slamet. Lak iya ta Yu?” Sarmi mungkasi guneme karo nyangking cikrak banjur digawa menyang buri. Sing dijak rembugan wis ora pati ngrungokake, malah nuli melbu menyang bale maneh perlu ndeleng jam. Nalika metu maneh atine Gemi krasa ora kepenak bareng weruh wong sing dienteni mlebu palataran mung mlaku sikil, ora numpak sepedhah kaya nalika budhal dhek esuk.
“Kok nganti yahmene ta Mas ...?” pitakone kanthi ulat manis kanggo ndhelikake rasa kuwatire.
“He-eh, wong budhalku ka kana wis rada sore. Kathik ngenteni tekane oplet suwine ra kaprah,” sugeng mangsuli kanthi polatan suntrut.
“Kok numpak oplet barang, terus sepedhahe neng endi?”
“Dicolong uwong neng cedhak Nglegok kana, pas tak tinggal sarapan. Jane ya wis tak kunci. Nanging bajingane pancen pinter tenan. Tujune kok eneng truk liwat amot klapa sing gelem taknunuti. Athuka lak cotho tenan, ra sida entuk layang.”
“Nanging lak wis sida oleh ta?”
“Uwis, lha iki. Nanging terus sepedhahe kuwi?”
“Wis ra sah dipikir. Neng toko sik mumbruk. Nek perlu sesuk esuk ayo golek gantine sing luwih apik. Sokur nek sampeyan gelem madik-madik golek kabar mbokmenawa eneng wong adol udhug sing sik apik. Nek dhuwitku kurang, sawah etan kali kae takdole,” Gemi ngeyem-yemi.
Krungu kesaguhane Gemi ngono mau lambene Sugeng mesem sacleretan, tanpa diweruhi Gemi sing isih kalimput dening rasa seneng jalaran bakal klakon nikahan karo wong lanang nggantheng kuwi. Perkara umur sing njomplang ra dadi apa, wong mung kacek sangang taun luwih tuwa dheweke.
Kegawa saka angen-angene sing kaya ngranggeh langit, durung ana jam wolu Gemi wis ajak-ajak mlebu kamar saperlu nguja kasenengane nganti sakatoge. Lan sawise rampung dheweke banjur turu nglepus tanpa maelu awake sing mbligung tanpa awer-awer kaya bayi mentas dilairake. Lambene isih ketara mesem, esem kalegan lan kebak pengarep-arep.
Kahanane Gemi sing kaya ngono mau jebul kosokbalen karo Sugeng sing nganti bengi isih molak-malik ora bisa turu. Kedadeyan sing dialami dina iki mau bali gawang-gawang ing angen-angene.
Marga sepedhahe isih kinyis-kinyis lan entheng pancalane, udakara rong jam lakune wis mlebu desa kelairane. Nanging kaya sing dirancang sadurunge, dheweke ora njujug omah nanging malah ngener menyang kelurahan saperlu golek layang-layang kanggo sarat olehe arep nikahan. Atine wis manteb lan yakin. Senajan satemene dheweke kuwi wis duwe bojo lan anak-anak loro, nanging wani mesthekake yen tetep bakal oleh layang keterangan bujang saplolosane pisan. Olehe kaya ngono mau jalaran sing dadi carik wektu kuwi isih pamane dhewe, adhine ragil wong tuwane wadon. Satekane kelurahan ndilalah swasana isih sepi jalaran wayahe pancen isih esuk. Sing ana kono lagi Pak Carik ijen tanpa rowang.
“Kok wis suwe ora njebus Le, nglayap tekan endi ae ...?” pitakone carik bareng weruh ponakane wis ngadeg ana lawang pendhapa.
“Bara Lik. Entuk undangan nglatih tari kaya biyasane. Nanging sing iki luwih adoh, mulane ra kenek diduduk.”
“Neng endi ta ...?”
“Wates,” wangsulane Sugeng cekak. Banjur disambung ngandhakake keperluwane nganti dheweke tekan kono. Mesthi bae carik Kandar njomblak.
“Kowe kuwi gendheng pa piye ta, Geng?” pitakone kanthi rai mbrabak.
“Terus bojomu karo anak-anakmu arep kokpatekne apa piye ...?”
Sing disentak mung ngguyu nggleges kumat klejingane.
“Ya ra ngono Lik, wong nek metu asile mbesuk ya arep tak enggo ngingoni putu-putu sampeyan,” wangsulane Sugeng kaya tanpa sanggan.
Sing dikandhani mung mlongo, durung nyandhak sing dikarepake Sugeng.
“Rung mudheng, Lik? Ngene. Sampeyan delok sepedhahku kae. Nek didadekne dhuwit pa ra payu limalas ewu repis?”
“Ya payu, malah bisa uga punjul. Pa arep kokdol?”
“Anggitku ya ngono. Terus dhuwite kenek nggo ninggali sing neng omah.”
“Kosik. Jane kuwi sepedhahe sapa ta?”
“Nek neng layange ditulis jenengku, Lik. Nanging sing ndhuwiti ya calon bojoku kuwi,” wangsulane Sugeng mongkog.
“Eee ... dadi gedhe cilike awakmu ki blajar ngeret, apa ngono?”
“Ya ra ngeret ngono, Lik. Ming golek kaya.”
“Apa wedokan sing kokrabi kuwi tuweke wis padha karo mbokmu, kok nganti gelem torog?”
“Ooo ..., nek sampeyan kepethuk wonge, nek ra kepencut kethoken guluku. Tenan, Lik. Masiya umure luwih tuwek kana sangang taun, nanging sik ngene!” umuke Sugeng karo mamerake jempol tangane loro pisan.
“Wis ta Lik, sepisan iki aku sampeyan tulungi. Aku ya ra arep merem, kok. Karo maneh nek ra takenyangi eman-eman. Wong saupama wit calon bojoku iki bakale kenek taknggo sendhen selawase urip.”
“Nanging Geng. Jare wong sing ngerti agama, nggawe layang keterangan palsu kaya sing kokjaluk ku klebu dosa!”
“Nek bab dosa, awake dhewe wiwit bayek nganti tuwek ra tau nglakoni salat. Kuwi ya mbahe dosa. Wis ta, saiki aku sampeyan gawekne layang. Dhek mau aku lak wis omong nek ra arep merem. Nek ra percaya ..., enya!” tembunge Sugeng karo ngrogoh dhuwit sakuwel saka clanane banjur diseleh ana meja ngarepe carik.
Weruh dhuwit methuthuk ana ngarepe mau sakala mripate carik dadi ijo. Dheweke wis ngerti banget yen neng donyane dhuwit kuwi ora ana tembung sedulur, paman lan keponakan.
“Ya wis, pisan iki penjalukmu tak turuti. Nanging pisan iki ae, aja dipindhoni,” tembunge carik sareh banjur nyandhak tumpukan map ing meja tulis sing ana cedhake.
Let sedhela apa sing dadi kebutuhane Sugeng wis dadi. Ora susah ngenteni Pak Lurah wong dheweke wis budhal nyambangi sawah. Karo maneh kabeh blangko kothong wis ditandhatangani lan distempel pisan. Olehe nglumuhi kaya ngono mau jalaran lurah siji kuwi pancen rada angel golek-golekane.
“Bar iki engko awakmu terusa nyang Naiban, mumpung sik isuk,” tembunge carik Kandar karo ngulungake layang-layang sing dibutuhake ponakane lan ora lali ngrayuk dhuwit ing ngarepe. Tanpa nganggo dietung luwih dhisik dhuwit mau banjur dilebokake slorokan mejane.
“Kana pa ra eneng cathetane nek aku wis rabi, Lik? Nek konangan ....”
“Ya mesthi eneng. Nanging apa iya petugase gelem metani cathetan semana kehe. Utawa ngene, kandhaa nek takkongkon.”
Sugeng manut. Tibane tenan. Bareng dheweke ngaku yen kongkonane carik Kandar malah isih ponakane, urusane dadi lancar ora kakehan reken. Rampung urusane karo Kenaiban dheweke ora terus mulih. Ana maneh sing kudu ditandangi kanggo gawe senenge bojo lan anak-anake. Sepedhah digelak tumuju PDS, Persatuan Dagang Sepeda. Olehe ngira-ira carik Kandar mau tibane cocog tenan. Sepedhah merek Gazelle sing pancen isih anyar kuwi dituku pitulas ewu repis. Sateruse kanthi sak mentol-mentol kebak dhuwit dheweke niyat mulih nyambangi anak-anak lan bojone. Sadurunge nyegat oplet sing mengko ngliwati desane, Sugeng mampir dhisik menyang toko panganan perlu golek oleh-oleh kanggo sing ana ngomah.
Nalika let sedhela ana oplet liwat sing penumpange wis kebak mencep gage olehe ngendheg. Sateruse, tanpa ngreken ambu pating klenyit saka trasi, iwak asin lan dagangan liyane, mangka isih ketambahan kringet saka bakul-bakul sing mbokmenawa ora kober adus, Sugeng gage nrenjel mlebu. Suk-sukan lan yen perlu ngempet ambegan ora dadi apa, sing penting bisa katut lan gelis tekan omah.


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет Сбербанкникас менютоподин отзыв

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535795
  Hari ini     :  Hari ini :771
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1448
  Bulan ini   :  Bulan ini :10970
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 21

Kontak Admin.

email-kidemang