Cêrita Sambung - Ting
  

Ting 13

AKA latar keprungu suwarane bel sepedhah ngganter. Jebor sing wis isi banyu disuntak menyang jembangan maneh banjur dicanthelake menyang panggonane. Sawise kuwi age-age njranthal metu saka pawon.
Tekan ngarepan jebul sing lanang wis nganyer nyekeli setang sepedhahe karo isih terus ngebel-ngebel krang-kring.
“Dengaren kok gasik, Pakne, yahmene wis tekan omah?”
“Wong dagangane wis entek, ki. Mosok arep tiru-tiru pegawai, budhal karo mulih nyambutgawe dadak angon jam,” Parman mangsuli kanthi ulat sumringah. Enteke gula tajung saobrog ateges athine uga lumayan.
Kaya adate, saben nglebokake sepedhah menyang omah, tanpa nganggo diprentah sisihane Parman mesthi ngrewangi nyurung. Ora perduli obroge ana isine utawa ora.
Ya jalaran saka pakulinan sing katone sepele mau nyebabake olehe jejodhowan seprana-seprene tansah katon rukun nganti sok-sok gawe merine tangga. Senajan panguripane kena diarani pas-pasan nanging bale somahe kok ketara tentrem, babarpisan durung tau krungu ana swara banter ngemu kanepson. Sing kerep keprungu mung guyu-guyu sumringah utawa kumandhang swarane Parman yen lagi rengeng-rengeng ing wayah bengi sepi.
Sawise njagang sepedhah ana emperan, Parman gage mlebu omah. Nanging nalika lagi manyuk lawang langkahe landheg. Panyawange nabrak sawijining barang sing diseleh jejer lemari cedhak lawang kamar.
“Kuwi apa Mak, kok kaya damar kurung ...?”
“Pancen iya, kok. Diteri Tarmijan dhek mau.”
Parman mara luwih cedhak. Barang wujud pesagi nganggo rangka pring lan diblebed dluwang layangan gage diangkat, dililing mbaka sesisih.
Dumadakan Parman njomblak nalika ing perangan rong rai saka brang sing diarani damar kurung mau jebul ana gambare simbul salah sawijine partai sing nalika kuwi klebu gedhe lan akeh pengaruhe.
“Terus Tarmijan mau ya kandha barang iki dikongkon ngapakne?”
“Anu, jarene mau ming karo menehi ublik neng nggon tengahe, wong wis diwenehi papan nggo nyeleh.”
“Ming kuwi ...?”
“Pesene sing keri dhewe, wiwit tanggal siji suk emben iki dikongkon nyumed terus digantung neng regol ngarep kono suwene sesasi utuh. Kuwi mau nek awake dhewe kepengin slamet. Jajal, pa ra medeni?”
“Tarmijan wani ngancam ngono kuwi?”
“Embuh ngancam utawa ora, nanging dheweke mau muni ngono tenan.”
“Awakmu au ya eruh, sapa ae sing diwenehi?”
“Nek sing takeruhi mau nggone Kang Sardi ya diteri. Malah jarene mau kabeh anggota wayang padha didumi. Wong olehe nggawa sepirang-pirang diemot cikar.”
Sing dikandhani nggeget untu, pokale Tarmijan wis dianggep kliwat wates. Pangirane yen kumpulan wayang wong arep digiring supaya nggabung marang salah sijine partai dadi saya kandel. Mangka wiwid madege biyen kumpulan kuwi sipate netral, ora melu mrana utawa mrene. Anane Parman ngerti kaya ngono mau awit dikandhani dening Pak Guru Dwija sing saiki malah wis metu saka kumpulan.
Tanpa ngenteni tuntase kringet, kaos oblong sing ana sampiran disaut nuli dienggo cepet-cepetan.
“Aku arep metu sedhilut,” pamite marang sisihane.
“Arep nyang endi meneh? Pa wis mari kesel ...?”
“Nggone Kang Sardi.”
“Eneng apa ta ...?”
“Ya arep ngomongne ting sing genah nek arep marahi mala kuwi!”
“Yahmene apa dheweke wis mulih?” bojoe ngelikake.
Parman ketara yen mangu-mangu, kemrungsunge ati rada lerem. Nanging nalika saka kadhohan keprungu krengket-krengket sing wis diapali banget, dheweke gage njranthal metu, nyegat.
“Kosik Kang Di, sampeyan mandheg dhilut!” pangatage karo ngaglah nyegati dalan kaya pakulinane Buta Cakil ngana kae.
Sing diendheg manut karo ngudhunake pikulane. Swara krengket-krengket uga wis ora keprungu maneh.
“Kowe buta murang tata, wani ngadhang lakuku ana parigawe apa?”
“Ra usah wayangan, kang. Aku arep omong penting karo sampeyan. Karomaneh endi eneng critane Cakil kokwani nyegat Werkudara!”
Sardi mengenges. Tangane kumlawe mbukak tutup kuwali karo tawa-tawa, “Ngombe pa piye? Iki maeng sik eneng turahan sithik!”
Parman ora wangsulan. Tangane sing tumandang, njupuk mangkok sing ditata mengkurep tharik-tharik banjur diulungake bakule. Wiwit mlebu omah mau gorokane pancen durung kober klebon banyu.
“Iki lho, sendhoke!” tembunge Sardi karo ngulungake sendhok banyakan. Nanging sing diulungi ora ngreken, mangkok isi dhawet mung dikokop.
“Ra sah sendhok-sendhokan, kok kaya priyayi. Ngene ae malah gelis,” Parman mangsuli sawise dhawete entek gusis. Dhawet saka pathi aren gaweyane Sardi pancen kondhang enak lan segere.
“Pinten, Makdhe ...?” guyone Parman karo ethok-ethok nggrayahi sak.
“Wis, saiki ndang kandha eneng apa perlune nyegat lakuku!”
Parman ketara mikir sedhela, nuli kawetu wangsulane, “Ngene ae Kang Di, apike saiki sampeyan mulih dhisik ben ndang weruh omah sampeyan eneng apa. Engko dhilut engkas taktututi.”
“Awakmu mbok aja ngedhedhegi. Eneng apa ta, sakjane ...?”
“Wis ta, sampeyan mulih dhisik. Engko taksusul!”
Tanpa nganggo guneman Sardi gage nyandhak pikulane. Let sedhela swara krengket-rengkete pikulan wis mecah swasana sore sing sepi. Lan kegawa saka kemrungsunge ati, isih manyuk emper lambene wis nyuwara dhisik, “Nah ...!”
Bojone sing lagi ana pawon metu kanthi kesusu, mung kotangan.
“Apa, Pak? Teka-teka kok wis ngeget-geti!”
“Parman mau kok kandha ra pati penak. Eneng apa ta?”
“Ra penak piye ta? Muring-muring, apa ngono?”
“Ora kok muring-muring ngono. Nanging leh omong pancen ra genah. Pokok aku dikongkon cekat-ceket mulih. Wis, ming ngono kuwi.”
“O, nek ngono aku wis nyandhak karepe. Kae lho, barange cemanthel neng canthelan kurungan. Deloken dhewe kana!”
Sardi mlebu omah liwat lawang pawon tanpa ngreken bekakase dodol dhawet sing banjur ditinggal gledhag ana emperan. Kaya sikepe Parman mau, dheweke uga gumun bareng weruh barang memper damar kurung cemanthel ana kulon lawang. Apamaneh bareng weruh yen barang kuwi mau ana gambare salah sijine partai, partaine Tarmijan.
Nalika tangane Sardi kumlawe arep ngranggeh, saka njaba keprungu swara dheheme Parman sing wis diapali banget.
“Wis eruh, Kang?” cluluke karo mlangkah mlebu.
Awakmu ya oleh, ta?” sing duwe omah takon tanpa tumoleh.
“He-eh. Malah kiraku kabeh anggota wayang padha didumi siji-siji ra eneng sing kliwatan wong leh nggawa mau sakcikar kebak. Nek ming perkara leh ngedumi ting ora dadi apa, Kang. Nanging ancamane kuwi sing marahi ra penak.”
“Nganggo ngancam barang? Ngancam piye, kuwi?”
“Sing krungu bojoku, wong aku rung mulih. Jarene Tarmijan, nek pengin slamet, tinge kudu disumed dipasang neng ngarep omah wiwit suk tanggal siji ngarep iki suwene sesasi utuh. Jajale, omongan ngono kuwi apa ra klebu ancaman? Wong bojoku ae nganti keweden.”
Kanggo sauntara wong loro kuwi padha amem, keli marang angen-angene dhewe-dhewe. Tanpa nganggo semayan panyawange manther tumuju barang sing dadi dhadhakane perkara.
“Terus awake dhewe piye Kang, penake?” pitakone Parman mecah sepi.
“Nek aku wis genah, ra arep nyumed. Ra kere. Upama gelem, ya ra takwenehi ublik!”
“Terus, leh sampeyan nyumed piye?”
“Ya kurungane kuwi ta, dislomot geni. Ben mundhak padhang!”
“Ngono kuwi jenenge lak padha karo nanthang. Nek Tarmijan krungu ...?”
“Krungu ya ben. Malah mesisan ben melek nek aku ra padha karo dheweke, dudu golongane. Wong kumpulan wayang kuwi wiwit biyen sipate umum, ra nggamblok salah sijine golongan.”
“Kosik Kang, aja kesusu emosi. Timbang diobong, pa ra luwih apik nek dibalekne terus omong apik-apikan?”
“Piye Man? Tarmijan arep kokjak omong apik-apikan? Rumangsamu gampang? Wong kuwi kosro, Man. Bongol. Aku apal, wong kumpul wis suwi.”
“Anu Kang, aku taktakon dhisik mbokmenawa sampeyan ngerti. Jane arep eneng apa ta, kok Tramijan nganggo ngancam barang?”
Sing ngerti sapa ...? Ya takona Tarmijan dhewe kana, wong dheweke sing guneman. Wis, saiki ngene. Perkara ting, ayo engko sore menyang daleme Pak Guru. Sapa ngerti dheweke duwe panemu sing luwih apik. Nanging kosik ..., kira-kira Pak Guru katut didumi pa ora ya?”
“Nek kiraku genah ora, wong wis dudu anggota wayang. Karo maneh Tarmijan lak ngerti nek dudu golongane. Malah bisa uga dianggep musuh. Buktine leh nyuthik alon-alon saka ketua kae?”
Nalika srengenge wis ora katon jalaran kaling-kalingan dhapuran pring apus, Parman lagi pamit mulih. Rancangane wong sakloron gilig, mengko bengi arep menyang nggone Pak Dwija saperlu ngrembug lan njaluk tetimbangan ngenani dum-duman ting sing sajake bakal ana buntute sing nglawer dawa.


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

Логофет Вадимкисточки для макияжа купить киев никас

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535752
  Hari ini     :  Hari ini :728
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1405
  Bulan ini   :  Bulan ini :10927
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang