Cêrita Sambung - Ting
  

Ting 14

IWIT bubar sholat Isyak mau Pak Dwija wis nyekluk ana meja tulis nerusake olehe ngoreksi garapane bocah-bocah sing mung kari sawetara lembar. Wiwit dadi guru anyaran biyen Pak Guru siji iki pancen rada beda yen dibandhing karo guru-guru liyane. Sing akeh-akeh sabubare rampung olehe nggarap ulangan, guru-guru banjur nyraya murid-muride kanggo ngoreksi garapane kancane kanthi cara ijol-ijolan. Cara kaya ngono mau kejaba cepet, praktis, uga ngenthengake gurune. Nanging nganti seprene dheweke ora tau gelem tiru-tiru nggunakake cara ngono kuwi. Dheweke tetep ngukuhi panemune yen ngoreksi ulangan nganti menehi biji kuwi dudu tugase murid nanging tanggung jawabe guru. Apa maneh wong jenenge murid Sekolah Rakyat, mesthi ana sing sembrana nganti kleru olehe nliti.
Nalika kertas ulangan sing durung dikoreksi kari rong lembar, dumadakan keprungu swarane wong uluk salam. Petlot kelir warna abang diglethakake banjur nyopot kaca mripate. Sarunge sing rada mlorot disuwelake munggah njalari weteng sing sejatine cilik nglempet dadi rada mbedhudug.
Let sedhela keprungu swarane sandhal napaki plesteran tumuju lawang.
“Ooo ... sapeyan ta, Dhik. Mangga pinarak kene,” pambagene Pak Guru sawise ngengakake lawang sing maune tutupan rapet.
“Dereng sare ta, Pak? Kok empun tutupan,” tembunge Sardi karo mlangkah mlebu omah sing banjur ditutwuri Parman.
“Durung, wong lagi yah mene. Rung enek jam wolu. Kok nguwit kolang-kaling, iki mau mung kebeneran mampir apa pancen duwe perlu?” pitakone sing duwe omah sawise dhayoh sakarone mapan lungguh.
“Njenengan kok kagungan wangsalan enggal, Pak? Kula dereng nate mireng.”
Pak Dwija ngguyu renyah, dheweke ngerti yen Parman pancen seneng ngapalake wangsalan lan parikan.
“He-eh, lehku ngothak-athik dhewe. Timbang nganggur.”
“Mbok kula panjenengan paringi suraosipun,” Parman nguber.
“Sampeyan lak ngerti ta, kolang-kaling kuwi wohe apa?”
“Inggih ngertos. Woh aren.”
“Nek ngono lak wis trep. Nguwit kolang-kaling kuwi tebusane kadingaren, padha karo wangsalan njanur gunung kae.”
Parman manthuk-manthuk. Jroning batin dheweke ngapalake ukara wangsalan gaweyane Pak Dwija kuwi mau, arep dianyari mengko yen wis tekan omah sadurunge mapan turu.
“Pitakonku mau kae lak durung sampeyan wangsuli. Leh sampeyan sakloron teka mrene mau mung dolan apa enek perlu liyane?”
“Lha njenengan sing marahi riyin, mbagekake tamu ngangge wangsalan napa,” wangsulane Parman emoh ngalah.
“Ngeten lho Pak Guru ...,” Sardi nyaut kaya emoh kedhisikan kancane.
“Siyang wau Tarmijan lak mubeng ngedum damar kurung nanging tesik kosongan dereng enten ublike. Criyose rayatane Parman wau, sedaya anggota ringgit sami disukani setunggal. Sing dados masalah, teng mriku enten simbul partaine Tarmijan. Lajeng piyambake pesen semu ngancam. Nek pengin wilujeng ting niku kedah disumet lan dicanthelake teng ngajeng griya wiwit tanggal setunggal njing emben niku ngantos telase wulan Mei. Dados sakwulan wetah. Napa tumindake ngoten niku boten ngawur?”
Pak Dwija manthuk-manthuk kanthi kulit bathuk njengkerut, nuli ucape, “Mbokmenawa dheweke wis yakin tenan nek kabeh anggota wayang tunggal golongan karo dheweke. Nek ngono tenan, bener ta, angen-angenku sing takkandhakne sampeyan kepungkur kae? Kumpulan wayang iki mesthi arep digiring supaya nggamblok menyang golongane. Tujune aku kok wis metu. Upama isih dadi anggota mbokmenawa ya didumi pisan.”
“Nek njenengan nggih mesthi boten disukani. Piyambake lak empun ngertos njenengan niku tiyang napa. Benten kalih kula. Senaosa wiwit siyen kula niki anggota njenengan, nanging lak boten patos ketawis,” tembunge Sardi bareng dienteni rada suwe Parman ora tumuli guneman.
Kanggo sawetara wektu swasana njero omah ketara sepi. Bu Dwija sing mbokmenawa wis kelem ing alam pangimpen ora ngerti yen ana tamu. Mula saka kuwi dhayoh loro mau sidane mung oleh suguhan anggur. Rokok ya ora, wong sing duwe omah pancen ora doyan rokok. Dhayohe arep ngetokake rokoke uga sungkan, samar yen Pak Guru sing didhayohi kuwi ora betah mambu keluke.
“Lajeng sakniki dospundi Pak sekecane?” pitakone Sardi sateruse.
“Nek panemuku, apike ra usah melu masang. Kuwi nek sampeyan wani.”
“Kok boten wani, sing diajrihi niku napane? Atase Tarmijan mawon!” tembunge Parman rada sengol, kaya-kaya sing diadhepi kuwi Tarmijan tenan. Apamaneh bareng kelingan yen dheweke biyen sawijining jago pencak sing saben tarung akeh menange tinimbang kalahe.
“Kosik ta Dhik Man, aja kesusu. Manut etunganku, perkara ting kuwi ora ming urusane Tarmijan dhewe, nanging enek sing nyetir, sing ndhalangi. Kiraku nek ming sak Tarmijan ra mungkin duwe gagasan kaya ngono kuwi,” tembunge Pak Guru ngedhem atine Parman sing wiwit kebrongot.
“Nek ngoten, napa sing enten gerakan dum-duman ting niku boten namung teng mriki mawon Pak, teng dhaerah sanes nggih enten?”
“Perkara kuwi aku dhewe ra ngerti. Nanging anu, sampeyan apa weruh damar kurung kuwi leh nggarap neng endi? Nek ra ngono, apa kira-kira oleh kiriman saka dhaerah liya?”
“Nek dikintuni king panggenan sanes kula kinten kok boten, margi tiyang-tiyang mesthi sami semerap. Nanging anu, Pak. Kula mireng empun radi dangu teng griyane Yu Gemi enten sawetawis tiyang sami mlebet medal, niku ben dinten. Nanging napa kegiyatane, boten enten sing semerap wong manggene teng griya wingking,” wangsulane Sardi sawise ngeling-eling sedhela.
“Terus, sing dha mrono mau wong kene apa dudu?”
“Nek sanjange Simin nggih tiyang mriki mawon, malah sing kathah anggota ringgit. Napa kinten-kinten nggih griyane Yu Gemi mriku angsale sami nggarap?”
Pak Guru Dwija manggut-manggut sedhela, nuli kawetu tembunge maneh, “O ... nek ngono tenan, iki mesthi enek campur tangane pelatih Genjer-genjer sing jarene saiki wis dadi bojone Gemi kuwi.”
“Boten namung sanjange Pak, nanging empun resmi dados rayatane sakestu. Wong pas nikahan nika danten anggota ringgit sami diundang senaoasa namung mendel-mendelan.”
Sepisan engkas Pak Guru sing wis ngundhuri tuwa kuwi manthuk-manthuk.
“Saiki mbaleni bab olehe nggawe wadhah ting kuwi mau. Apa kira-kira Tarmijan utawa ketuwa sing saiki ora narik urunan saka anggota wayang?”
“Nek niku jelas boten. Upami enggih, kula kalih Kang Sardi lak mesthi tumut ditarik. Nyatane nggih boten.”
“Nek ngono, kiraku mesthi enek wong sing cucul dhuwit, ngragadi. Nek ora, mosok Tarmijan gelem tambel wong kahanane ya kaya ngono.”
“Jelas boten mungkin Tarmijan purun tambel. Nek pados bathi mbokmenawa malah enggih. Kula lak empun apal kelakuwane tiyang niku.”
“Nek ngono, kira-kira sapa sing nguwati?” Pak Guru nyoba mancing.
“Kula yakin mesthi Yu Gemi, boten enten malih!” tembunge Parman manteb kaya tanpa nganggo dipikir luwih dhisik.
“Apa iya wong sing kaya ngana paite kae gelem cucul dhuwit sing genah ra bakal metu bathine?” Sardi nyrekal.
“Leh pait kuwi nek karo wong sing ra disenengi. Nanging nek karo wong lanang sing dicocogi, mesthi loma. Moprol. Apa sampeyan ra kelingan Simin? Terus Sugeng sing jare pirang-pirang dina iki njajali udhug ngalor-ngidul? Empun, Pak Guru. Sakniki kula tiyang kalih njenengan paringi saran sing cespleng, barang angsale nyukani Tramijan niku saene dinapakaen. Napa diobong mawon ...?”
“Ya aja kesusu main kasar ngono ta. Aku mau lak wis kandha yen Tarmijan kuwi ora ijen, nanging akeh kancane.”
“Nek namung kanca mawon kula nggih gadhah kathah. Kula tasik saged kok, ndugekake lare-lare bala pencak riyin nika sakwanci-wanci!”
“Nek sik enek cara sing luwih apik, kenek apa kok nganggo gegeran barang? Saiki piyen upama ting-ting kuwi sampeyan balekne? Nanging welingku nek guneman ya sing alus, ra usah panas-panasan ati.”
“Lajeng alasane sing sae dospundi?”
“Ya sampeyan kandha terus terang nek wis duwe golongan dhewe. Nanging resikone rada abot. Kurang begjane, sampeyan wong loro isa dicuthik saka anggota wayang kaya aku kepungkur kae.”
“Botena didalaken nika kula empun gadhah uneg-uneg ajeng medal, kok!” tembunge Parman sereng. Nuli disambung pitakone Sardi.
“Dospundi upami njenengan kula katutaken? Maksud kula angsal kula sami mangsulaken ting niku saking saran njenengan.”
“Ngono ya kenek, ra apa-apa,” wangsulane Pak Dwija ayem.
“Njenengan napa boten ajrih?”
“Sing diwedeni kuwi apane, wong awake dhewe ra salah.”
“Tarmijan niku kancane kathah,” Parman nyaut karo nggleges.
“Sing guneman ngono mau lak aku, aja tiru-tiru. Sampeyan weruh tawon? Kewan cilik kuwi senajan duwe entup, nanging lagi gelem ngentup nek kecepit utawa enek sing nganggu!”
“Dhayoh loro kuwi bareng ambegan lega. Nitik omongane, Pak Guru sing sawangane klemak-klemek kuwi kok duwe entup sing kena digunakake sawayah-wayah yen wis kepepet tenan.


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет детикарандаш для губникас работа

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535803
  Hari ini     :  Hari ini :779
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1456
  Bulan ini   :  Bulan ini :10978
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 22

Kontak Admin.

email-kidemang