Cêrita Sambung - Ting
  

Ting 15

IS oleh pirang-pirang bengi swasana desa sing kulina peteng ketara urip lan luwih regeng. Senajan cacahe ora pati akeh nanging ing sawetara regol omah katon padhang dening sorote dimar ublik sing diseleh sajrone damar kurung olehe ngedumi Tarmijan sawetara dina kepungkur.
Nanging jebul ana kedadeyan sing gawe runtik atine Tarmijan. Ora kaya bengi sepisane, cacahe ting sing murub saya suwe saya suda. Jalaran sawetara anggota wayang wong sing dudu golongane Tarmijan banjur padha mogok ora gelem masang.
Sing saya gawe muntabe Tarmijan bareng sawijining dina oleh wadulan yen ana damar kurung sing kobong malah bisa uga sengaja diobong nganti entek resik. Mangka sing kaya ngono mau ora mung siji loro. Kedadeyan kobongan ting mau lumaku meh saben bengi.
Tanpa nganggo golek sisik melik luwih dhisik, Tarmijan langsung wani mesthekake yen sing duwe trekah ngobongi ting mau yen dudu Parman ya Sardi. Malah bisa uga loro-lorone. Jalaran ya mung wong loro kuwi sing kandha terang-terangan yen ora gelem melu nyumed, malah jatahe damar kurung dibalekake.
Sejatine nalika Sardi karo Parman teka menyang omahe saperlu mbalekake barang kuwi, guneme Tarmijan wis rada sengak. Malah ukara “nek kepengin slamet” dibolan-baleni maneh. Nanging bareng kelingan yen wong sing diadhepi kuwi tilas jago pencak kondhang, atine dadi mengkeret dhewe. Olehe guneman banjur rada alus senajana batine isih ngigit-igit. Yen ana apa-apa tenan, jago pencak kuwi mesthi didhisikake. Senajan ngadhepi ijen padha ijen ora saguh nanging dheweke rak bisa nggunakake tangane kanca-kancane, yen perlu ngebon saka tlatah liya.
Nalika wektune nyandhak tengahan sasi cacahe ting sing isih murub wis kari sethithik, kurang luwih kari separone. Mesthi bae sing kaya ngono mau saya ndadekake atine Tarmijan lan wong-wonge saya mongah-mongah. Sawetara omah sing tinge isih nanging ora disumed banjur diparani, diurus apa sebab kok padha ora gelem nyumed. Wangsulane uga beda-beda. Nanging sebageyan gedhe alesane padha, ora duwe lenga gas. Dhasar nalika kuwi lenga gas pancen lagi angel golek-golekane. Sidane Tarmijan ora bisa tumindak apa-apa kejaba mung misah-misah tanpa karuwan sapa sing dipisuhi.
Kanepsone Tarmijan saya sundhul tekan mbun-mbunan bareng ing sawijining bengi ana wong thothok-thothok lawang omahe.
“Pak Jan ...! Pak Jan ...! Sampeyan metu sedhilut, penting!”
Tarmijan sing lagi nyeleh awake menyang peturon gage menyat, nanging ora enggal mbukak lawang.
“Sapa?” pitakone karo nilingake swara njaba.
“Aku, Tamun.”
Sawise genah sapa sing celuk-celuk, lawang banjur dibukak. Tamun karo kancane siji wis ngadeg ana ngarep lawang, tangane nyekeli gobang.
“Enek apa?”
“Anu ..., ting sing neng prapatan entek kobong,” Tamun mangsuli kesusu.
“Kapan kedadeyane?”
“Sik tas iki mau. Wong dhek aku ngonangi mau wis kari sithik. Terus aku gage mlayu rene iki mau.”
“Neng kana mau ra enek wong kemliwer?”
“Ra eneng sapa-sapa, kok. Sepi,” wangsulane sing sijine, Mislan.
“Upama aku ngonangi sing ngobong, wis genah tak plathok tenan!” tembunge Tamun karo ngliling gobange sing gilap mingis-mingis. Kancane uga nuli melu-melu pamer kethese saka luyung warna ireng meles.
Tarmijan manthuk-manthuk senajan atine krasa kemranyas. Prentahe supaya saben bengi ana wong sing gelem nganglang kanggo nyanggong pawongan sing ngobongi ting jebul dilakoni tenan. Nanging sing gawe getem-getem, kok meksa isih kecolongan. Apa maneh ting sing dilapurake Tamun mau sing ukurane paling gedhe. Olehe masang uga wis cukup dhuwur, dicantholake pang wit randhu ing pojok prapatan sandhing gerdhu. Upama kobong karepe dhewe kok ora mungkin jalaran nalika nggawene wis dipethung njlimet. Yen ngono genah kobongan ting kuwi saka pokale tangan jail. Sapa maneh yen dudu Parman, Sardi, utawa kongkongane. Malah bisa uga anane kedadeyan kuwi guru Dwija uga melu campur tangan.
“Sing mubeng bengi iki mau wong pira, Mun?” kawetu pitakone Tarmijan sawise meneng rada suwe jalaran kaya kentekan akal.
“Enem. Dipecah loro-loro. Yanto karo Sugi mau takbagehi ngliter neng kiwa tengene omahe Parman kana, ngawat-awati. Pokok nek nganti dheweke utawa Sardi ketok kemliwer metu saka ngomah mesthi konangan.”
“Bener, ya ngono. Wiwit enek obong-obongan ting kae sing tak sujanani ming wong loro kuwi. Wis ta, nek kecekel lan kebukten tenan, ra perduli sapa wonge, embuh Parman, Sardi, guru Dwija dhewe, utawa wong liyane, ya wis kaya omongmu kae, plathoken ndhase. Ra usah diampuni, wong wis genah nek antheke kaum kabir tukang nindhes sakyat!”
“Nanging, kosik ta Pak Jan. Apa wis genah tenan nek ting-ting sing kobong kuwi pancen sengaja diobong uwong? Apa ora merga keterak angin upamane?” Mislan sing durung pati percaya nyelani takon.
“Upama sing kobong kuwi ming siji loro, lehmu omong kaya ngono mau enek empere. Nanging nek accahe nganti puluhan?”
Swasana ing emper omahe Tarmijan tidhem sedhela. Wong telu kaya kenyut dening angen-angene dhewe-dhewe.
“Sampeyan ra pengin eruh buktine Pak? Nek iya, ayo saiki!” Tamun ajak-ajak karo nyabukake sarunge kanggo nyengkelit gobang.
“Iya. Entenana dhilut, taksalin suwal dawa!” Tarmijan mengsuli banjur mlangkah mlebu omah.
Nanging durung nganti rampung olehe nganggo clana dumadakan saka ratan keprungu swara rame-rame. Let sedhela sarombongan uwong wis menggok mlebu plataran. Tamun karo Mislan banjur metu mapagake kanthi patrap siyaga ditututi Tarmijan ditirokake dening wong liyane.
“Sapa kae ...?” Tarmijan takon kanthi swara gemeter embuh apa sebabe.
“Nek ndelok dhuwure kok kaya Sardi. Muga-muga dheweke tenan!”
“Nanging kok awake kuru?” Mislan kurang percaya.
Sawise cedhak tenan lagi cetha yen wong lanang sing tangane loro pisan dierut nganggo tambang kuwi tibane dudu Sardi.
“Lho ... kok Simin, Kang Mun?” guneme Mislan maneh kaya kurang percaya. Tarmijan dhewe uga ketara kaget. Mosok bocah kuwi? Nanging yen dudu, nyatane sing ngrangket kuwi kabeh wonge Tarmijan sing lagi tugas njaga lan ngawat-awati sakabehe ting sing ana pinggir-pinggir dalan desa.
“Piye, wis kecekel?” pitakone Tarmijan tanpa mingket saka panggonane ngadeg. Let sedhela, mak gedebug! Awake nom-noman ndlolet kuwi tiba mengkureb ana lemah mung sawetara langkah saka panggonane Tarmijan.
“Ya iki Kang Jan, pelakune. Kecekele iki mau nalika pas arep ngobong ting sing dipasang neng ngarep omahe Yu Gemi!”
“Taksigare ndhase kene, ra sah kakehan cangkem!” tembunge Parman santak karo mlangkah nyedhak. Tangane wis nggegem rapet gagang gobange.
“Kosik ta, aja kesusu!” keprungu swara pamenggak saka petengan banjur disusul jumedhule sawijining pawongan. Jebul pak Guru Parwa ketua wayang wong sing anyar, sing dhek pilihan kepungkur ngalahake Tarmijan.
“Apike diurus supaya ngaku olehe ngobongi ting kuwi oleh prentahe sapa. Nek dipateni saiki perkarane malah buntu. Piye ...?”
“Enggih, Pak Guru. Leres njenengan, ngoten mawon ...!”
“Setuju. Kajenge gek konangan sinten sing ngengken!”
Tamun nglendheh. Gombang ing tangane banjur disengkelit maneh. Dheweke ora bisa tumindak apa-apa nalika Simin digiring mlebu menyang omahe Tarmijan kanthi ditutake wong akeh.
Kayadebe pesakitan, tekan jero Simin ora dilungguhake kursi nanging nglesod ana jogan kanthi tangan tetep dibanda kenceng.
“He Min! Apa karepmu kok ting semono kehe padha kok obongi? Sapa sing ngongkon?” panggetake Tarmijan karo njambak rambut, didhangakake.
“Boten enten sing ngengken, Pak Jan. Kajeng kula kiyambak. Sakestu.”
Blog! Tungkake Tamun nggejoh geger kanggo nyuntak kanepsone.
“Ngaku pa ra? Ap njaluk takiris kupingmu?” pitakone Tamun sereng karo nglolos gobange, sauntara tangane kiwa njewer kupinge si pesakitan.
“Empun Lik Mun, empun diiris .... Nanging sakestu, angsal kula ngobong ting-ting niku sanes kengkenane sinten-sinten,” Simin ngrerepa.
“Dadi tenan, saka karepmu dhewe?” guru Parwa nyelani takon.
“Enggih Pak Guru, niku sakestu. Lha mbok kithing, ta. Napa samber bledheg, kula nggih purun kok, nek kula ngapusi.”
“Ra sah bledheg-bledhegan. Nek cangkemmu nganti goroh, sida tak plathok gobang tenan ndhasmu!” panyentake Tamun karo mlangkah ngadoh.
Simin mengkeret. Kupinge sing kena jewer mau isih krasa panas.
Kanthi sareh Pak Guru Parwa sing watake kalem kuwi nerusake pitakone, “Terus, nek tumindakmu mau ra enek sing ngongkon, tujuwanmu apa?”
“A ... anu, pak Guru ..., manah ... manah kula mangkel sanget.”
“Mangkel karo sapa? Apa karo ting-ting kuwi?”
“Mbo ... mboten. Mangkel kula kalih Yu Gemi sak rayatane.”
Swara pating greneng keprungu ngebaki omah. Saiki lagi padha mudheng kena apa jaka ngiyeyet kuwi kok kumawani duwe trekah kaya ngono. Crita ngenani sesambungan peteng antarane Simin lan Gemi kepungkur kae pancen wis diweruhi wong akeh. Genahe ngono olehe Simin tumindak ngono mau mung saka rasa butarepan, cempuru marang wong anyar sing klakon nyingkirake dheweke saka kamare Yu gemi.
“Terus lehmu ngobongi wis entek pira, lan wiwit dhek kapan?”
“Nggih empun kathah Pak, kula boten kober ngetang. Wong angsal kula wiwit nyumes empun seminggu niki,” wangsulane Simin syaa lancar.
“Nanging kenek apa kok dudu nggone Yu gemi sing kokobong dhisik, kok malah liyane?”
“Nek kula langsung ngobong tinge Yu Gemi mesthi gampil konangan margi tiyang-tiyang mesthi lajeng sami nyurigani kula.”
Guru parwa manthuk-manthuk. Utege Simin pancen klebu encer, pinter. Pinter manut ukurane wong sing cethek nalare.


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет женакоррекция овала лица макияжникас ресторан отзывы

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535750
  Hari ini     :  Hari ini :726
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1403
  Bulan ini   :  Bulan ini :10925
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang