Cêrita Sambung - Ting
  

Ting 16

LEHE jejodhowan Gemi karo Sugeng wis ngancik telung wulan. Ewa semono tetep durung ana tandha-tandhane yen arep duwe momongan. Mangka kegawa saka kepengine duwe turun, olehe mbudidaya uga wis ora kurang-kurang. Wiwit saka jamune Nyah Brintik, pijet menyang dhukun bayi, nganti njaluk tulung wong tuwa sing kabare nduweni ngelmu linuwih. Nanging nganti entek ragad sepirang-pirang tetep durung ana asile.
Mung bae sing ketara ngaya kepengin enggal duwe anak kuwi Gemi. Dene sing lanang sajake kok adhem ayem, senajan yen lunga golek srana ngana kae ya dheweke sing ngeterake kanthi dibonceng udhug merek BSA sing durung pati suwe olehe tuku. Malah dhuwit sing kanggo tuku kuwi mau saka pepayone adol sawah setengah bau tinggalane saka wong tuwane Gemi.
Nanging ora lagi sepisanan kuwi Gemi ndhindhal lemahe. Sawah sandhing dham wis kadol luwih dhisik. Semono uga sing kulon kuburan uga wis dudu duweke maneh. Kabeh mau mung nuruti karepe Sugeng. Senajan jarene, dhuwit asile dodolan mau ora kanggo kepentingane Sugeng dhewe. Sebageyan gedhe kanggo ragad perjuawangan mbelani rakyat cilik. Dene mbesuk yen sing jarene perjuwangan mau kasil, mesthi bakal oleh ijol.
“Wis ta, Dhik ...,” pangarih-arihe Sugeng sawijining bengi nalika lagi bae munggah peturon. “Sakiki awake dhewe tambel dhisik ra apa-apa wong kabeh mau minangka perjuwangan mbelani rakyat cilik. Sampeyan percaya, dhilut engkas lak wis ketok asile. Lemah semana jembare kae bakal dadi duweke rakyat sing akeh-akehe buruh tani. Lan awake dhewe minangka wong sing melu cucul ragad mesthi uga bakal oleh bageyan sing ora sethithik, sing nek didol bejajine luwih akeh tinimbang dhuwit sampeyan sing dienggo tambel.”
Marga jajine Sugeng sing kaya iya-iyoa mau njalari Gemi mung banjur manut apa jare sing lanang. Mangka saya suwe penjaluke Sugeng saya ndadra lan kaya ora tinemu nalar. Dhuwit kanggo ragad perjuwangan mau ora mung kanggo tlatah kono bae nanging uga kanggo tlatah Blitar tanah kelairane Sugeng. Pawadane, lemah sing ana kana luwih jembar yen dibandhing karo lemah sing diperjuwangake Tarmijan lan kanca-kancane.
Sejatine Gemi uga wis tau nyubluk nemoni Tramijan ngenani janji-janjine Sugeng. Nanging wangsulane Tarmijan jebul malah saya nyakinake. Semangate Gemi kanggo mbantu perjuwangan dadi saya gedhe. Mula yen kepungkur kae dijaluki ragad kanggo nambeli gawe damar kurung, kuwi mung dianggep sepele. Semono uga dhuwit sewan prahoto sing kanggo ngemot wong-wong saben budhal utawa mulih saka nyambangi lemah sing arep dikrayah, sing lumrah padha diarani “ngedrop”.
Metune dhuwit sing ditanggung Gemi saya mundhak kerep lan akeh bareng nyedhai Agustusan. Saben rong dina sepisan dheweke kudu nyangoni bocah sepuluh sing arep budhal latihan drumband menyang kutha. Dening pimpinan tingkat kecamatan, Tarmijan pancen dijaluki tenaga bocah lanang sepuluh perlu melu latihan drumband kanggo ngisi karnaval suk Pitulasan.
Mangka kejaba ngirim regu drumband, Tarmijan dhewe uga duwe rancang-rancang arep ngirim liyane supaya karnaval sing ajeg dianakake ana kutha kecamatan kuwi luwih katon regeng lan semuwa. Olehe nganti tumindak kaya ngono mau pamrihe mung supaya dheweke luwih ketengen dening pengurus tingkat kecamatan, sokur yen bisa nganti tekan kabupaten. Apa maneh dhasar ragad kanggo nyukupi kabeh kegiyatan mau bakal disangga dhewe dening Gemi. Wiwit tuku bahan, nyewa sandhangan wayang wong, kethoprak, jaran kepang sadhadhak merake, konsumsi kanggo sing melu karnaval, kabeh ditanggung. Sing kaya ngono mau mesthi bae ora uwal saka campur tangane Sugeng sing rina wengi ora tau bosen olehe ngrimuk Gemi supaya ora waleh olehe mbantu sakehe kegiyatan sing jarene perjuwangan kuwi mau. Ukara “sama rasa sama sama bahagia” tansah dibolan baleni kaya ora ana bosene.
Kanggo nyukupi kebutuhan dhuwit semono kehe mau Gemi kepeksa ngedol sebageyan mas-masane. Arep ngelongi lemah maneh rasane kok ora penak disawang tangga, wong sawahe wis luwih akeh sing kadol tinimbang sisane. Mangka kena dititeni, saben sing wadon mentas oleh dhuwit kena dipesthekake yen sesuke Sugeng mesthi pamit lunga menyang Blitar kanthi alasan ninjo kegiyatan sing ana kana mesisan ngeterake dhuwit ragad. Dene Gemi anane mung monat-manut bae tanpa duwe rasa sujana babarpisan. Dhasar tangkepe Sugeng marang dheweke saya dina saya apik, gemati lan tansah ngatonake katresnane. Mangka sejatine saben pamit lunga menyang Blitar ngana kae butuhe mung nyambagi lan ngirim cadhong pangan uga kebutuhan liyane kanggo anak lan bojone. Pintere, saben teka saka Blitar dheweke mesthi banjur ngethupruk kojah perkara kemajuwane wong-wonge sing ana kana.
“Pokoke sedhela engkas mesthi wis beres, Dhik Mi. Luwih cepet tinimbang langkahe Pak Tarmijan. Neng kana kuwi wong-wonge luwih progresip revolusionar. Wong kene kalah adoh, ra enek sakamput-ampute. Apamaneh kana kuwi pejabate padha aktip mabantu awake dhewe.”
Anehe, saben oleh gunem nggedobos kaya ngono mau Gemi anane mung mesam-mesem, esem kebak pengarep-arep, kapercayane saya gedhe. Lan yen wis kaya ngono kuwi buntute wis kena dibedhek, sing lanang banjur diglandhang menyang kamar kanggo nuruti kasenengane. Ora perduli wayah esuk, awan, sore utawa bengi. Ya merga swasana kaya ngono mau olehe bebrayan Gemi karo Sugeng tansah katon seneng, ayem lan tentrem.
Kurang seminggu sadurunge tanggal pitulas Tarmijan kanthi dikancani Yanto mara methuki Sugeng. Wis kena dijagakake saben mara ngono kuwi mesthi duwe perlu sing ana gandhenge karo dhuwit. Nanging jalaran antarane Tarmijan karo Sugeng wis padha gedheg karo anthuk sadurunge, mula nganti seprene apa kebutuhane Tarmijan ajeg dicukupi. Wong Gemi ya mung manut miturut kaya kebo dikeluh.
“Anu, Dhik Geng. Siyang wau kula angsal prentah king pimpinan ana cabang ndamel damar kurung malih. Ukurane kedah langkung ageng, wong rencanane ajeng dipasang teng saben prapatan. Dados nggih kados sing riyin nika, kula atas sami partai kepeksa ngrepoti njenengan malih.”
“Lajeng ..., kinten-kinten telase ngantos pinten, Mas Jan?” pitakone Gemi kebak semangat. Rimukane Sugeng sajake pancen mandi tenan.
“Senajan sing iki cacahe luwih sethithik nanging ukurane luwih gedhe tinimbang sing biyen kae. Mula saka kuwi takkira ragade kok pada. Ya wis gampang, engko nek eneng kurange thithik-thithik taktambelane.”
“Timbang njenengan ngantos tambel, napa sakniki mawon kula punjuli?”
“Ngono ya luwih apik, wangsulane Tarmijan karo mlengeh kesenengen.
Dina candhake omahe Gemi wis ketara regeng dening wong-wong lanang wadon sing oleh tuags gawe damar kurung ukuran gedhe. Olehe nyugata sing duwe omah jan ndemenake banget, njalari sing padha nyambutgawe rumangsa seneng lan krasan kaya ora duwe kesel. Apa maneh sing duwe omah tansah ngatonake ulat grapyak semanak tur gelem melu tumandang. Pengalaman gawe damar kurung sing ndhisik njalari wong-wong kuwi ora pati mikir bab opah. Sawis erampung, kabeh padha oleh sangu sing cacahe lumayan akehe. Mangka sadurunge nyambutgawe Tarmijan bola-bali kandha yen kabeh mau minangka perjuwangan, dadi ora susah ngarep-arep bayaran.
Kasurung dening rasa seneng lan makantar-kantar semangat, jroning wektu rong dina olehe padha tandang gawe wis rampung. Supaya luwih cepet, dimare ora nggunakake ublik sing ndadak gawe, nanging merlokake tuku lampu teplok menyang pasar.
Wayah sorene damar kurung cacah wolulas iji genep salampu teploke wis siyap kabeh, mung kari nyumed. Angele golek lenga gas ora dadi pepalang wong nyatane Tarmijan bisa golek lan oleh lumayan akehe.
Mung bae sadurunge wiwit nyumed, Tarmijan kongkonan uwong supaya nggoleki Simin perlu ditekakake menyang omahe Gemi. Tujune sing digoleki kok pinuju ana ngomah ora klayapan kaya biyasane.
“Enten napa, Pak Jan, madosi kula?” pitakone Simin semu wedi karo nyawang damar kurung sing ditata tharik-tharik.
“Ngene, rungokna. Wiwit engko bengi, saben prapatan neng desa iki arep disumedi ting maneh. Nanging awas, kowe aja pisan-pisan ganggu gawe kaya kepungkur kae. Lan supaya tanganmu ora bisa clinthisan, wiwit engko bengi kowe kudu melu wong-wong nganglang ngubengi desa kanggo nyegah wong-wong sing arep golek perkara. Piye ...?”
“Ajeng dospundi malih ta, Pak jan. Kula nggih kedah manut, tinimbang enten napa-napa kula sing diarani,” Simin mangsuli pasrah.
“He-eh, nek ngono kowe ya bakal slamet. Terus, sore iki engko meluwa mubeng nyumedi ting-ting kuwi. Ming kari nyantholake, wong cagakake wis dipasang uwong-uwong mau!”
Simin manthuk abot, lan tanpa dijarag mripate nyawang wong-wong sing ana kono mbaka siji. Saka rumangsane kok ora ana siji-sijiya saka wong-wong kuwi sing sikepe nyumadulur. Apamaneh bareng weruh mripate Sugeng sing dirasa ora ngepenaki banget. Semono uga Gemi sing tansah mesam-mesem ana jejere, solah bawane sajak ngece, manas ati.
Nalika Tarmijan ngabani supaya budahal, damar kurung semono kehe mau banjur diusungi menyang cikar sing wis cemawis ana ratan. Srengenge wis saya endhek nalika cikar gapit duweke Tamun kuwi tleser-tleser ninggalake omahe Gemi kanthi ditutwuri sawetara nom-noman nunggang sepedhah.


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

com mfxbroker развод гриль ценаникоса сайт

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535803
  Hari ini     :  Hari ini :779
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1456
  Bulan ini   :  Bulan ini :10978
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 21

Kontak Admin.

email-kidemang