Cêrita Sambung - Ting
  

Ting 17

ENAJAN durung nggabung karo rombongan saka desa liyane, nanging barisan karnaval pimpinane Tarmijan wiwit budhale wis katon rame lan regeng, malah ana sing ngarani ngeram-eramake. Minangka cucuk laku sepedhah motor merek BSA kanthi rerenggan janur kuning lan dluwang maneka warna. Disetiri Sugeng kanthi mboncengake Gemi sing tansah ngetapel ngamplok wetenge sing lanang kaya kuwatir tiba.
Lelorone penganggone seragam, clana lan klambi warna ireng, sirahe ubel-ubelan udheng lan nganggo kacamata uga ireng. Rambute Gemi sing ireng njanges ngranggeh bokong sengaja diumbar madhul-madhul kesempyok angin. Sing nyawang padha eram, ing batin ngalembana pasangan sing pancen ketara harmonis, setel banget. Tumrap sing durung tau weruh, kaceke umur sing lumayan akehe pancen ora ngetarani. Brengos, godheg lan alis palsu njalari praupane Sugeng katon angker lan luwih tuwa tinimbang satemene.
Saburine cucuk laku disusul rombongan liyane kanthi pacakan werna-werna. Ana wong pawakan lemu nganggo jas lan dhasi nanging gulune dikalungi kertas karton mawa tulisan KABIR. Ana maneh sing tulisane Tuan Tanah, Lintah Darat, Kontra Revolusi lan liya-liyane.
Wong-wong sing pacakane kaya ngono mau ethok-ethok tangane dibanda lan bangkekane uga dicancang nganggo tampar dawa. Supaya luwih serem, turut dalan wong-wong bandan mau terus-terusan didhupaki lan dipenthungi dening wong-wong sing ngetut ana burine karo nyekeli tampare. Semono maneh isih ditambahi swara-swara pating brengok sing wose ngundamana wong-wong sing nalika kuwi dianggep mungsuh, mungsuhe rakyat.
Ing burine maneh disusul bregada menganggo sandhangan wayang wong, kethoprak, ludruk, jathilan, uga dhadhak merak ganep satabuhane. Sawise kuwi lagi disambung maneh sabregada sing kabeh padha ote-ote, mung nganggo suwal cendhak. Sakojur awake wiwit sikil nganti tekan rai katon ireng meles jalaran diblodro langes. Dening warga masyarakat kono, barisan sing pacakane rada nggilani kuwi diarani “dhayak-dhayakan”. Sebutan sing satemene kleru banget, salah kaprah. Tujune nganti seprene kok durung tau ana sedulur suku Dayak sing protes. Mangka barisan karnaval sing macak kaya ngono mau ora mung ing tlatah kono bae, liya panggonan uga ana.
Minangka pimpinan rombongan, Tarmijan kanthi menganggo kaya Pak Sakerah lan nunggang jaran, jaran silihan duweke Pakdhe Astra. Bola-bali wira-wiri sadawaning barisan saperlu aweh aba-aba. Tangane kiwa nyekeli lis dene sing tengen nggegem garan clurit ukuran gedhe tur putih gilap mingis-mingis. Kanthi pacakan kaya ngono mau Tarmijan pancen katon luwih angker merbawani.
“Lete karo barisan ngarep dijaga supaya rada adoh, aja mepet-mepet!” ukara ngono mau bola-bali diucapake saben lete antarane rombongan siji karo liyane dirasa kacedhaken.
Nyedhaki alun-alun Tarmijan nggelak jarane supaya rada banter saperlu ndhisiki laku arep ndhaftar menyang panitia kanggo golek nomer urut. Marga tekane pancen klebu rada dhisik mula dheweke bisa oleh nomer urut rolas. Baline maneh menyang rombongan dipapag tembung-tembung pating clebung padha sambat ngelak. Panase srengenge Agustusan pancen kaya nylomot kulit.
“Ngelak, Pak Jan ...!”
“Guluku kobong, Kang Jan ...!”
Tanpa nganggo wangsulan Tarmijan nglakokake jarane lon-lonan, mripate clilang-clileng kaya ana sing digoleki. Bareng weruh Sugeng karo bojone methongkrong ana dhuwur sadhel udhuge, gage diparani.
“Enten napa, Pak Jan?” pitakone Sugeng tanpa mudhun saka sadhel.
“Nika lho, lare-lare sami sambat ngelak.”
Gemi anjlog saka boncengan. Bakul es lilin sing wiwit mau ngglibed ana cedhake diawe. Si bakul sing isih bocah gage mara kanthi ulat sumringah. Termos loro sing isih kebak menceb krasa entheng ing tangan.
“Wis le. termosmu tinggalen kene. Wong-wong sing nggrombol kae kongkonen rene. Omongana nek diceluk Pak Sugeng!”
Tanpa nganggo mindhoni barisan karnaval pimpinane Tarmijan banjur kemruyuk ngrubung Gemi sing banjur repot dadi tukang ngedum es.
Ora nganti seprapat jam es lilin rong termos wis entek gusis. Ora perduli sing macak Gathutkaca, Damarwulan, Sarip, sing nyunggi dhadhak merak uga sing methingkrang ana sadhel udhug, kabeh klomat-klamet nglamuti es lilin. Pokoke sama rata sama rasa sama bahagia. Mesthi bae sing rumangsa paling seneng si bakul es sing ora perlu kesuwen olehe ider. Nanging jalaran kepengin oleh rejeki akeh, sawise nampa dhuwit saka Gemi dheweke banjur gegancangan bali maneh menyang pabrik perlu nambah dagangan. Sapa ngerti iki mengko uga klarisan kaya sing dhisik. Lumayan, bathine kena kanggo tamba bunci tombok dhadhu mengko bengi.
“Weteng kula luwe Mbokdhe Mi, bidhal wau dereng nedhi!” sambate bocah wadon ganggo sandhangan jathilan kanthi polatan nglentrih. Nalika ditamatake jebul jaran kepang sing ana kempitane uga ketara kepleh, mbokmenawa uga kaliren. Sing disambati nyedhak banjur guneman bisik-bisik.
“Enya tukuwa dhewe. Nanging aja ajak-ajak kancane. Wong sakjane jatahe mangan engko nek wis bubaran.”
Mripat jathil sing maune surem dadi sumunar gilar-gilar. Dhuwit sing ana tangane Gemi disaut banjur jogedan karo setengah mlayu tumuju bakul panganan sing thirik ana pinggir alun-alun.
Jam setengah loro thet ana aba-aba saka panitia supaya barisan ngarep dhewe budhal metu saka lapangan. Nanging sarehne kesaru swarane drumband lan tetabuha liyane, aba-abanne panitia sing dibantu pengeras suwara mau ora pati cetha. Mula saka kuwi salah siji saka panitia banjur nyedhaki barisan kanthi seragam putih-putih lan padha nyekeli gendera.
Let sedhela barisan sing kapatah dadi cucuk laku kuwi wis budhal ning galake lapangan, disusul barisan liyane sing cacahe akeh banget. Supaya swarane ora gumyur, barisan drumband sing dumadi saka pirang-pirang organisasi pemudha sengaja dipisah rada adoh.
Ing wektu candhake kabeh barisan karnaval sing dawane nganti udakara rong kilometer wis ninggalake alun-alun kutha lan sateruse ngambah dalan gedhe lumayan adohe. Dalan aspalan sing wis pating cromplong ing kana-kene ketambahan tumiyupe angin sasi Agustus sing kaya ora ana lerene njalari bledug mabul-mabul nyesakake dhadha. Mangka dhek mau wong-wong sing manggon ana sadawane dalan sing arep diliwati karnaval wis dikerigake supaya nyirami ratan.
Senajan hawane panas ora jamak ketambahan bledug sing kaya ora ana lerene, ewasemono ewon penonton sing rila ngadeg ana pinggir-pinggir dalan tetep jejel riye prasasat ora kena dipiyak. Mung kala-kala malah padha bubar mlayu salang tunjang karepe dhewe yen mbeneri ana jaranan ndadi utawa banthengan nyundhang-nyundhang ana cedhake. Nanging bareng sing gawe wedi wis ngalih, wong-wong mau uga banjur padha bali suk-sukan maneh kaya maune. Adate yen wis kaya ngono mau mesthi ana bocah cilik nangis njempling-njempling jalaran pisah karo wong tuwane, utawa uga ana biyung sing kontrang-kontrang nggoleki anake sing uwal saka gandhengan.
Tekan ngarep kantor kecamatan barisane Tarmijan rada ngrindhikake lakune saperlu nganakake atraksi unggulane. Wong-wong sing didhapuk pesakitan olehe ngajar saya dinemeni, kaya iya-iyoa kae. Malah wong lemu sing dikalungi tulisan Kabir mau awake diogrok-ogrik bambu runcing. Nanging yakuwi bambu runcinge mau dikempit ana cangklakan. Sauntara kuwi tembung-tembung kasar lan pangundhamana kayadene ganyang, gantung, retool, lintah dharat, kabir lan liya-liyane terus ngumandhang kaya tanpa pedhot. Apamaneh olehe bengak-bengok ngono mau uga dibarengi jogedan pating glidrah ora karuwan karo sok-sok menthung utawa ndhupaki wong-wong sing didhapuk dadi pesakitan. Sauntara kuwi swarane tembang Genjer-genjer uga terus keprungu saka bocah-bocah ing dhuwur cikar sing kanggo momot rangsum wujud sega pecel pelangan, olehe nggawa saka omahe Gemi.
Ngadhepake Magrib cacahe barisan wis suda akeh. Sebageyan padha methal ora kanthi ngenteni nganti finish ing lapangan maneh. Ewa semono barisan pimpinane Tarmijan isih tetep wutuh kaya nalika budhale. Pawadane Tarmijan, ora marem yen olehe mlaku ora tutug nganti rampung.
Marga kudu mlaku ngubengi kutha lan bali menyang lapangan maneh, mula tekane menyang desane maneh uga wis bengi, bubar Isyak. Lagi bae manyuk mlebu wewengkon desane, wong-wong sing bubar melu karnaval kuwi wis dibagekake dening sesawangan sing ora ngepenaki. Ting gedhe sing dipasang ana prapatan ora katon murub.
“Jajal deloken Mun, apa pancen kelalen durung disumed!” prentahe Tramijan marang Tamun sing ngamplok ana burine. Sing oleh prentah gage anjlog saka geger jaran banjur mlaku marani Dumadakan nom-noman panas aten kuwi isuh banter banjur cengkelak bali nyedhaki Tarmijan.
“Kenek apa ...?”
“Nek ..., ra pokale antheke kabir ra enek. Wis genah kuwi!”
“He ..., kenek apa?” pitakone Tarmijan diambali, luwih seru.
“Dluwange diobol-obol uwong. Dimare ya ra enek!”
Tarmijan anjlog kanthi kesusu. Gloyoran sedhela, nuli ngadheg jejeg kanthi polatan nyureng ngempet nesu. Garan clurite digegem rapet.
“Neng endi Genjik Simin mau ...?” pitakone santak.
“Anu, tumut numpak cikar,” ana swara saka petengan.
“Celuken rene, saiki!”
Let sedhela ana sirah nganggo iket modhel wetanan anguk-anguk saka walike awak jaran. Sirahe Simin sing dhek mau dipacaki nganggo sandhangan sing jare ngemba Sawunggaling.
“Madosi kula, Pak Jan?”
“Dhek mau kowe tau methal saka barisan?!” pitakone Tarmijan , sereng.
“Boten kok. Sakestu. Wong awit bidhal king nggone Yu Gemi wau kula terus sareng kalih Midi yoga sampeyan. Enten napa ta?”
“Ya wis, ra pa-pa!” wangsulane Tarmijan cekak banjur gage mencolot menyang geger jarane. Sawise kuwi nuli dhisiki nerusake laku ngambah dalan kebak bledhug sing nyigar padesan.
Tekan prapatan candhake jebul ana sesawangan sing padha karo dhek mau. Dluwange damar kurung uga wis bedhah moblah-moblah, semono uga dimare teplok uga ilang ora karuwan parane. Termijan nggeget untu.
“Ya wis, nek pancen niyat golek perkara!” grenenge karo getem-getem. Tanpa sengaja garan clurit digegem saya kenceng.
“Sapa, Pak Jan?” Tamun sing ana mburine nlesih.
Ora ana wangsulan. Sing keprungu mung swara kumeproke sikil-sikil jaran saya suwe saya cepet, ninggal bledug mabul-mabul nyesakake dhadha.


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

broker mfxкупить сковороду гриль чугуннуюалександр лобановский харьков класс

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535750
  Hari ini     :  Hari ini :726
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1403
  Bulan ini   :  Bulan ini :10925
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang