Cêrita Sambung - Ting
  

Ting 19

IS rada suwe latihan wayang wong leren tanpa karuwan sebabe. Nanging saperangan anggota kandha yen anane nganti kaya ngono kuwi jalaran dhek Agustusan kepungkur kae ketuwa lan pimpinan liyane padha ngotot yen ora susah nganakake pentas. Mangka sebageyan gedhe akeh anggota padha kepengin melu ngramekake pengetan dina kamardikan kuwi kaya taun-taun kepungkur.
Kanthi ora anane latihan wayang, swasana malem Minggu ing omahe Mbah Jumali sing adate tansah regeng saiki malih sepi nyenyet.
Nanging tumrape wong desa kono, kari-kari iki ana sesawangan sing rada nyleneh lan nuwuhake pitakonan. Saiki Tarmijan, Tamun lan sawetara kancane malih kerep mlaku-mlaku ing dalan-dalan desa, tur ana sing nyekeli gaman barang. Yen tujuwane kanggo njaga keamanan, wong olehe kaya ngono mau wayahe isih klebu sore malah sok-sok uga awan. Ana maneh sing kandha jare meruhi wong-wong kuwi nganakake sapatemon kanthi sesidheman lan manggone ora ajeg, ngolah-ngalih. Apa sing dirembug, ora ana sing ngerti kejaba Tarmijan karo kanca-kancane.
Gemi sing maune ora tau melu ubyag-ubyug bangsane ngono kuwi, saiki malih rada kerep muncul ing antarane wong-wong mau. Kejaba ngancani Sugeng, batine pancen wiwit ketarik marang propagandane Tarmijan sakanca. Apa maneh bareng dijanjeni muluk-muluk dening Tarmijan yen perjuwangane kasil, atine Gemi saya manteb. Diajak melu kegiyatan apa bae dheweke manut, klebu yen kudu cucul dhuwit kanggo ragad. Mangka yen ana omah, rina wengi Sugeng tansah menehi ceramah kanggo ngubuhi semangate.
Udakara wis sepuluhan dina iki Sugeng duwe pakulinan ayar. Prasasat sedina muput dheweke ora tau adoh saka radio. Sing digoleki ajeg berita, dudu uyon-uyon kaya sing uwis-uwis. Yen wis kadhung nggethu ngrungokake berita, ora kena diselani urusan liyane. Nanging yakuwi, olehe nyetel digawe lirih kaya-kaya ora oleh krungu wong liya. Saking lirihe, Gemi kerep ngonani janggute sing lanang ditumpangake lambe meja mepet radio. Yen ora ngono, kothak sing bisa muni sembarang kalir kuwi ditumpangake pangkone.
“Jane sampeyan kuwi ngrungokake apa ta Mas, leh njinggleng kok eram?”
“Ngrungokne beritane Jakarta.”
“Jakarta enek apa?”
“Ya embuh, wong aku dhewe sik nyanggong, ngenteni. Nanging jare Pak Tarmijan karo kanca-kanca wingi kae mung kari sedhilut kok, ra suwe.”
“Apane ...?” Gemi mlenggong. Sugeng meneng ora wangsulan. Radio dipateni mak ceklek jalaran siaran berita saka pusat wis rampung.
Keprungu swarane lawang dithothok rada seru. Gemi menyat arep mbukakae. Sugeng mung meneng ora tumindak apa-apa, uga ora menggak. Ana sirah mecungul saka petangan. Sirahe Tarmijan, sing sajake mung ijen tanpa kanca. Atine Sugeng sing maune rada goreh bali anteng maneh.
“Dhik Sugeng repot ...?” tarmijan takon tanpa kula nuwun.
“Boten. Enten napa?”
“Anu, undhangan ndadak teng kantor anak cabang. Sakniki!”
“Sajake kok penting?”
“Kula kinten boten namung penting Dhik, nanging ugi radi gawat. Wong kawontenane empun kadhung kados ngeten. Dhik Geng saged ta, ngancani kula?”
“Nggih kedah saged, wong kangge kepentingane rakyat.” Nuli sambunge, “Ya ngene iki lho Dhik, sing jenenge berjuwang kuwi. Ra peduli awan apa bengi, udan deres apa panas kenthang-kenthang, awake dhewe kudu terus siyap. Nek ra direwangi kaya ngene, kapan kaum buruh lan tani isa mulya uripe?”
Sing diumuki mesem mongkog. Ora kleru olehe milih, sisihane jebul pancen hebat samubarang tur pejuwang tulen. Nalika sing lanang njawil lengene karo jumangka mlebu, Gemi tanggap nuli nginthil ana burine.
“Eneng apa, Mas ...?” pitakone sawise tekan sandhing lawang kamar.
“Sangune nggo tuku bensin, wong mau ming kari thithik.”
“Apa yahmene bakule bensin jik bukak?”
“Ya mesthi isik, wong leh bukak nganti bengi.”
Tanpa nganggo guneman maneh Gemi ngrogoh slempitan centhinge, njupuk dhuwit sakuwel banjur diulungake sing lanang tanpa dietung luwih dhisik.
Budhale Sugeng karo Tarmijan diuntabake nganti tekan regol ngarep. Gemi lagi bali mlebu omah maneh bareng swarane mesin BSA kuwi wis silang saka pangrungu, nggondhol Sugeng karo Tarmijan sing ngamplok ana burine.
Ora nganti telung menit lakune udhug wis metu saka dalan padesan kebak bledug banjur ganti ngambah dalan aspalan. Bareng dalane alus, playune si jaran wesi saya dicepetake kanggo mburu wektu sing jare Tarmijan wis mepet banget.
Tekane apes pancen ora kena dibadhe sadurunge. Nalika Sugeng weruh klebate kucing ireng njedhul saka petengan, kagete setengah mati. Arep mbanting setir ora wani jalaran wedi selip. Ora ana pilihan liya kejaba ngerim ngarep buri bebarengan. Keprungu swarane ban gesekan karo aspal lan lakune udhug banjur mandheg jegreg, njalari raine Tarmijan nggabrus gegere Sugeng mak gabrus.
Nanging apa sing ditindakake Sugeng mau kasep senajan klebu bali slamet. Sepedhah motore ora nganti tiba, nanging si kucing apes tetep keplithes. Tarmijan mudhun saka boncengan banjur clilang-clileng nggoleki kucinge. Udhug sing mesine ora kebacut mati diundhurake sethithik supaya sorote lampu bisa madhangi papan keplithese kucing byayakan kuwi mau.
Tarmijan nemokake sing digoleki wis meneng tanpa obah, mati siya-siya kanthi endhas cemet gepeng. Getih campur uteg ngecembeng ana cedhake. Bathang kucing dijupuk kanthi tangan gemeter banjur digawa nyedhaki Sugeng sing isih tetep methongkrong ana dhuwur sadhel.
“Wah gawat, Dhik Geng!” celathune ngemu rasa kuwatir.
“Sing gawat napane Pak Jan?”
“Lha niki? Ngeten niki empun genah nek alamat boten sae!”
“Sing boten sae napane, wong atase namung kucing mawon? Mbok nggih empun gek diuncalake teng nglebet kebon, criyose wau selak kesesa!”
“Kesesa nggih kesesa, nanging perkawis niki kedah dirampungake riyin.”
“Ngoten mawon kok repot. Pokok dibucal lak empun rampung!”
“Sampeyan wantun nanggung akibate? Naluri, Dhik, naluri. Awit jamane embah-embah buyut riyin empun sami percados nek ngantos enten tiyang nyilakani kucing, disengaja utawi boten, napa malih ngantos pejah kados kucing niki. Bathange kedah diramut, diupakara sing sae. Nek boten, ageng walate. Sampeyan purun ngalami nasib kados ngeten?”
Sing diweden-wedeni mung ngguyu lirih, nuli kawetu guneme, “Lajeng nek manut Pak Jan, sakniki saene dospundi?”
Tarmijan dhewe ketara bingung, mangka wektune ngoyak terus saya bengi. Dheweke banjur mlebu menyang plataran omah pinggir dalan, bathang kucing sing wis wiwit kaku dicangking kewer-kewer. Sugeng nyawang saka kadohan.
Mbokmenawa krungu swara klesede sikil ing jaba, sing duwe omah metu.
Katon regemange wong ngadeg ana petengan, gage olehe nyapa.
“Sinten, nggih ...?”
“Aku, Kang Ran ..., Tarmijan!”
“Ooo ... ayo mlebu kene,” Tumiran, sing duwe omah mbagekake grapyak.
“Wis ra usah, Kang. Wong aku ming butuh njaluk tulung, kok.”
“Njaluk tulung apa?”
“Ngramut iki, wong aku selak kesusu,” wangsulane Tarmijan karo nuduhake bathang kucing wulu ireng meles kuwi. Kanthi cekak aos dheweke banjur crita apa sing mentas kedadeyan. Ora lali uga ninggali dhuwit samurwate kanggo tuku sarat-sarate.
“Nanging lak ora kudu sakiki, ta? Wong kudu tuku lawon barang ra ketang ming sekilan. Mangka kiwa-tengen kene ra enek wong bakulan kain.”
“Sesuk esuk ya kenek Kang, terserah sampeyan. Pokok sampeyan openi sing apik ben ra marahi walat.”
“Aja kuwatir. Aku jik kelingan kok, leh muruki Mbah Nang biyen.”
Tanpa ndedawa olehe rembugan, Tarmijan age-age bali menyang ratan maneh marani Sugeng. Swarane mesin terus nggereng-nggereng kaya selak ora sabar ngenteni sing lagi petung bab bathang kucing.
“Mampir pados bensin riyin Pak Jan, timbang ngantos kesatan.”
Nom-noman loro pelayan agen bensin wis ringkes-ringkes arep kukut nalika BSA sing disetiri Sugeng menggok mlebu plataran. Tandhon bensin saka tugelan drim sing wis mengkureb dilumahake maneh banjur diiseni separo. Bocah sijine gage nyandhak canthing ukuran seliter kanggo ngladnei. Durung nganti rampung wis kesaru tekane udhug siji maneh menggok, mereke Norotn. Sing numpaki Cina setengah tuwa lanang wadon.
Kaya sing dikuwatirake Tarmijan, tekan nggon rapat swasanane wis sepi, nandhakake yen rapat wis diwiwiti.
“Kula entosi teng njawi mawon nggih, Pak Jan? Sugeng usul sawise mateni mesin lan njagang sepedhah motore.
“Tumut mlebet mawon, Dhik. Boten napa-napa, wong sing diundang sedanten nggih kanca kiyambak.”
Sing ditawani ora bisa nulak. Wong loro runtung-runtung mlebu. Nalika nyawang menjero Sugeng cingak. Dheweke ora ngira babarpisan yen meh kabeh wong sing lungguh ana kursi empuk sing mligi kanggo para pentholan kuwi wis ditepungi. Tarmijan dhewe uga ora kalah gumune bareng weruh Sugeng sing maune mung dijaluki tulung ngeterake ngiras kanggo rewang jebul malah gapyuk rerangkulan karo wong-wong sing duwe posisi penting. Yen ngono, pelatih tari Genjer-genjer kuwi mesthi uga nduweni kalungguhan sing ora baen-baen.
Tekane Tarmijan karo Sugeng nyebabake sapatemon sing wis rada suwe olehe wiwit kepeksa sigeg sauntara wektu. Udakara sepuluh menitan candhake rapat dibacutake maneh nganti sarampunge, meh jam sewelas.
Swasana ing kutha kawedanan kuwi krasa tintrim lan samun nalika sepedhah motore Sugeng mlayu nggendring ngambah dalan aspalan. Swarane knalpot gemludhug nyuwek kasepen. Nalika saka kadohan katon ana sepasang mata mencorong kaya murub, Sugeng gage olehe nyilikake gas. Pengalaman mlindhes kucing nalika budhal mau nyebabake dheweke kudu saya ngati-ati.


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

компромат Вадим Логофет сковорода гриль для электрической плитылобановский александр жена

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535749
  Hari ini     :  Hari ini :725
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1402
  Bulan ini   :  Bulan ini :10924
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 6

Kontak Admin.

email-kidemang