Cêrita Sambung - Ting
  

Ting 20

EMI lungguh ijen ana emper, thenger-thenger. Panyawange kothong, kaya lagi nyawang omahe tanggane sing mung katon ngregemeng kemul pepeteng. Atine pancen lagi kelimput pedhut. Sedina muput iki mau Sugeng sasat ngebleng arang metu saka kamar kejaba yen perlu banget. Wiwit parak esuk mau radio Tjawang duweke sing wadon ora tau uwal saka tangane. Sing ora ngerti mesthi padha ngarani yen Sugeng lagi kemaruk. Dhasar nalika kuwi wong sing duwe radio transistor lagi siji loro. Ing desa kelairane kana sing wis klakon bisa tuku mung wong siji thil, Pak Lurah. Dene ing kene sing duwe luwih akeh. Kejaba Gemi, mantri Suntik lan Pak Dayat pensiunan tentara uga wis padha ngingu. Uga Giman blantik, tanggane Sardi.
Saka ngrembuyunge godhong sawe keprungu swarane manuk deres ngiris ati. Gemi mrinding. Klompen ing sikile dicangking karo menyat saka palungguhane. Sawise kuwi banjur mlaku jinjit mindhik-mindhik nyedhaki lawang kamar sing mung ketutupan slambu. Kupinge dijereng amba, mbokmenawa bisa krungu swarane radio sing pancen sengaja disetel lirih.
Dumadakan sepine swasana pecah dening kemlothonge bakiyak mrucut saka cekelan. Gemi nratab. Lan luwih kaget maneh bareng ing wektu candhake ana sirah mecungul saka walike kordhen.
“Eneng apa, Dhik?” Sugeng kumecap kanthi polatan beda karo biyasane.
“Anu ..., ra apa-apa kok. Takkira sampeyan wis sare. Mulane klompenku takcangking, samar mbrebegi. E ..., malah ceblok.”
Gemi mlebu kamar karo mesam-mesem ngemu teges, nyoba nggugah si ati lanang sing jebule tetep adhem ayem. Ing sorote dimar teplok, praupane Sugeng ketara butheg. Gemi saya ngesuk wani. Lha piye, wis oleh telung dina iki babarpisan ora disenggol. Sing dadi sumbere perkara wis genah, ya radio keparat sing swarane kerep mengkis-mengkis ora cetha kuwi.
“Mas ....”
“Heh!”
“Mosok aku sampeyan maru karo radio. Mbok uwis, radione diseleh terus genti ngopeni aku,” guneme ngrerepa, ngalem.
“Sabar dhisik, ta. Wektu iki atiku lagi kisruh Dhik, mikir swasana sing sajake saya panas ngene iki.”
“Sampeyan ki kok aneh. Sakiki lak wayahe bedhidhing, saben uwong sambat kadhemen. Kok sampeyan malah kandha saya panas?”
“Sing takkarepne ki dudu panase hawa nanging panase swasana negara sing enek gandhenge karo perjuwangane awake dhewe.”
“Sampeyan mesthi oleh kabar saka radio mengi kuwi sing dina-dina terus sampeyan keloni. Wis, saiki sampeyan genahe aku ben melu ngerti.”
Manut berita sing keri dhewe iki mau, Jakarta wis wiwit rame.”
“Sampeyan kuwi kok ya aneh. Masiya omahku ndesa lan rung tau weruh pojokane Jakarta, nanging aku ya ngerti kok nek Jakarta kuwi rame!”
“Wis ..., wis ..., metuwa kana. Tiwas nambahi mumet!” Sugeng nyengol.
“Banjur malik awake, nyingkur. Gemi sing oleh suguhan bokong banjur klithih-klithih metu saka kamra. Lampu gantung sing sorote dirasa kepadhangan diulir nganti mung kari mendrip.
Swarade dares keprungu maneh, malah saya cedhak kaya ana dhuwur wuwung. Lagi bae leren wis disusul unine bunglon. Rumangsane Gemi bengi kuwi kok olehe sepi ngremet ati. Ah, apa ora jalaran atine sing lagi kagol, cuwa? Nanging pungkasane gelaning ati kepeksa kalah dening rasa ngantuk. Lan nalika tekek ing pojok omah muni ngganter, Gemi wis ora krungu. Ketungkul olehe ngorok senggar-senggur sing kuwawa ngalahake swarane si radio mengi.
Wayah parak esuk sadurunge kenthong subuh, Gemi rumangsa olehe keturon durung pati suwe kaget nalika sing lanang nyableki pundhake.
“Enek apa, Mas? Lho, tibane aku mau keturon neng kene, ta? Ngono kok ra gelem nggugah mau-mau. Enek apa kok gita-gita?”
“Anu ..., aku kudu budhal ngidul sakiki!”
“Nyang Blitar? Bengi-bengi ngene iki? Apa wis krungu kenthong subuh?”
“Ya embuh, wong kupingku ra krungu. Karo maneh dhek kapan awake dhewe tau urusan karo subuh. Pokok aku kudu budhal sakiki. Kebeneran mumpung sik peteng.”
“Jane enek apa ta, Mas?”
“Sing dirembug nalika rapat karo Pak Jan kepungkur kae sida kedadeyan tenan. Neng Jakarta, begundhale kabir karo nekolim wis padha modar. Mula sakiki uga aku kudu menyang Blitar ndeleng kahanan!”
Aneh. Nalika ngucapake ukara sing kari iki mau swarane Sugeng ketara semu groyok kaya ngemu rasa kuwatir.
“Ya wis, nek ngono. Ora ngopi dhisik?”
“Uwis. Lha kuwi cingkire sik neng kamar.”
“Uwis ...?” pitakone Gemi setengah ora percaya.
“Apa wedang sing dhek sore sampeyan ngengeh?”
“Ya ora. Aku mau nggodhog dhewe.”
Gemi meneng sedhela, sing lanang dipandeng rada suwe. Tuwuh rasa welase marang wong lanang sing ana kene tanpa sanak lan kadang kuwi.
“Wis nduwe sangu?”
“Ya jelas ta. Jelas nek ra duwe!” Sugeng mesem njeruk pecel, kecut.
Gemi menyat tumuju kamar sisih buri. Lawang lemari kuna sing kandele meh rong sentimeter dibukak. Dhuwit satekem didudut saka ngisor tumpukan sandhangan. Lan kaya biyasane tanpa nganggo dietung banjur digawa metu diwenehake Sugeng sing wis jaketan kulit. Ketara gagah lan mundhak ngganthenge. Ah, upama si kemul urip kuwi ora selak kesusu lunga ...
Swarane knalpot BSA mbeker-mbeker mbrebegi tangga sadurunge mbandhang ninggalake plataran nyasak pepeteng. Ing bang wetan langite wis rantak-rantak. Sajlirit rembulan buyuten ngegla ing wetan kana.
Gemi ambegan jero banjur nutup lawang. Batine nggresah, mbokmenawa krasa yen wong lanang sing durung pati suwe dadi bojone kuwi wis ora bakal teka maneh nganti puluhan taun candhake, malah bisa uga selawase.
Kanggo nglipur tumlawunge ati dheweke banjur menyang buri nggoleki sapu korek. Rekane arep nyicil nyaponi latar senajan larahane durung pati katon jalaran sesawangan isih repet-repet.
Jembare plataran njalari olehe nyapu kudu mbutuhake wektu suwe, nganti meh setengah jam. Kringet mruntus nelesi bathuke. Apamaneh kejaba nyapu dheweke isih kober njabuti suket lan thukulan liyane.
Dumadakan sapu diglethakake kanthi kasar. Saka kadohan keprungu swara bocah bengok-bengok kaya keweden.
“Enek wong mati! Enek wong mati ...!”
Gemi jumangka cepet nyedhaki ratan. Jebul Supri sing durung pati suwe olehe liwat kono karo nuntun sapine lagi mlayu sipat kuping. Sapine sing dhek mau dituntun ora katon, embuh ditinggal neng endi.
Gemi ngaglah ana tengah dalan, nyegat playune sing lagi kamigilan.
“Wong mati, le? Neng endi?” pitakone kesusu.
“Teng mrika, Mbokdhe. Enten sandhing sumber!”
“Kowe genah sapa wonge?”
“Boten ketingal, wong raine jibrat getih.”
“Terus ..., sing tatu apane?”
“Anu, nggen gulu. Tipate kados dibeleh!”
Saka kadohan ana wong kethingkilan nggenjot sepedhah sajak kesusu. Sawise cedhak lagi cetha yen Dariman, sing yen main wayang wong ajeg didhapuk dadi bala rucah. Kaya Supri, praupane uga ketara pucet.
“Pak Jan dibeleh uwong, Yu Mi. Lha kae ngglethak neng sandhing sumber!” tembunge karo anjlog saka sadhel, ambegane ngos-ngosan.
“Pak Jan ...? Sing kokkarepne, Pak Tarmijan?” pitakone semelang.
“He-eh!” Banjur mak prok, Dariman ndheprok sing banjur ditututi ambruke sepedhah. Tujune ora nganti ngebruki awake.
Gemi bengok-bengok. Supri tiru-tiru. Wong akeh gumrudug mara. Awake Dariman diroyong digawa mlebu menyang omahe Gemi. Senajan awake lemes tanpa daya nanging dheweke isih bisa crita ngenani Tarmijan. Swasana jero omah kosek, umyeg. Nanging durung nganti entek rasa kaget lan gumune, jebul ana warta susulan sing saya gawe giris. Sing nggawa kabar anake Sarmi sing lagi budhal menyang sekolahan. Ana mayit diumbar ngglethak ana cedhak buk. Nanging sing iki wis cetha sapa wonge. Tamun! Kaya dene Tarmijan, patine Tamun uga jalaran gulune meh pedhot tilas digorok uwong.
Saya awan kahanan desa saya umyeg nanging uga ngemu swasana kekes lan tintrim kaya desa mati. Bala-balane Tarmijan sing sawetara wektu kepungkur tansah pamer olehe pating pethithi briga-brigi, dina iku ora ana sing katon irunge.
Ukara-ukara pating clebung wiwit keprungu. Kabeh mung padha bisa ngira-ira utawa gawe rekan ngenani kedadeyan sing lagi diadhepi.
“Oooo, mulane dhek sore aku kok kepethuk Pak Guru Parwa numpak sepedhah karo nggawa tas gedhi koyok arep lunga adoh. Bisa uga dheweke wis ngerti nek arep enek lelakon ngene iki!” cluluke Parman.
“Dhik Geng kok boten enten ketinggal, Yu Mi?” ana swara pitakon.
“Nyang Blitar. Dhek parak esuk mau,” Gemi mangsuli semu kuwatir. Kena apa sing dadi kurban rajapati kok Tarmijan karo Tamun? Uga ana apa Guru Parwa lunga nggawa tas gedhe? Banjur Sugeng sing pamit lunga kanthi dadakan, bali ngridhu pikirane sing sadurunge pancen wis kisruh.
Srengenge isih sagenter. Omahe Guru Dwija sing adate sepi, esuk kuwi ketara regeng dening akehe wong sing padha nglumpuk. Anehe, kabeh padha ngatonake polatan aclum lan pucet jalaran kaweden. Kabar patine Tarmijan lan Tamun njalari wong-wong sing racak anggota wayang wong mau gumrudug mara menyang omahe Pak Guru Dwija-pawongan sing sasuwene iki tanah disingkang-singkang-, saperlu njaluk pengayoman supaya slamet ora katut dadi kurban kaya Tarmijan lan tamun, uga Guru Parwa lan Sugeng sing jebul wis ndhisiki lunga embuh menyang endi parane.
Tekane wong semono kehe mau cetha gawe kaget lan gumune sing duwe omah. Nanging bareng wis ngerti larah-larahe, wekasane banjur bis anampa. Apa maneh bareng ngelingi yen kejaba tokoh masyarakat sing disungkani, dheweke uga salah sijine pimpinan partai sing gedhe pengaruhe.
Sing dadi papan jujugane wong ngayom jebul ora mung Pak Guru Dwija. Wiwit esuk langgare Pak Kyai Qomari uga kebak uwong. Dening Kyai sing kondhang sholeh lan sabare, wong-wong sing kaya wis tanpa getih mau banjur diklumpukake saperlu dituturi lan diyem-yemi supaya ora kebacut-bacut olehe diburu rasa wedi.
Wayah sholat Luhur swasana langgar saya katon reja sawise ketekan Pak Dwija kanthi nggiring wong-wong sing ngungsi menyang panggonane. Langgar sing ukurane pancen ora pati jembar kuwi dadi sesak saka mbludage jamaah sholat dadakan. Lucune, saperangan saka wong-wong mau olehe wudlu mung kok les, pokok teles, ora manut aturan sing bener. Malah nakika ana sing kepentut negpasi sujud, dheweke tetep nerusake oelhe sholat. Maklum, wong olehe melu sholat ya lagi sepisanan kuwi.
“Hayya alash sholaaahhh ....!”
(Rampung)


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

игровые автоматы вулкан играть онлайн бесплатно без регистрациипосуда tima официальный сайт интернет магазинхарьков никас

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535803
  Hari ini     :  Hari ini :779
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1456
  Bulan ini   :  Bulan ini :10978
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 16

Kontak Admin.

email-kidemang