Princèníng Ringgít Púrwå - ᭙ᨾ

BAB KAJÊNGÍNG WÅNDÅ LAN KAGUNAN

Ing ngajêng sampún kapratélakakên têmbúng wåndå têgêsipún gambar pasêmóníng praéan. Wiwit íng kinå wóntênipún kagunan padalangan, gambaríng ringgit Púrwå punikå kanggé sarånå utawi pirantósipun andongèng. Wóntênipún ringgit wacucal kêtingal kadós déné gambaraníng tiyang, punikå bótên sanès jalaran kêbêktå sakíng dayaníng : ,,Raós kagunan anggambar." Manawi tiyang ningali ringgit wacucal wóntên pakêliran binarúng íng swantêníng gångså sarta kaucapakên íng Kyai Dalang, íng ngriku pårå ningali sami kêraós kêduginíng manah, tuwin kêsêngsêm nyumêrêpi lêlampahaníng satunggal satunggalipún ringgit, déníng sagêbyaran kêtingalipún kadós déné sagêd molah tuwin sagêd wicantên pijambak, punikå bótên sanès jalaran sakíng dayaníng ,,Raós kagunan dalang".

Manawi tiyang maós buku-buku dongéng, roman, cariyós ringgit sasaminipún sagêd kêgugah íng manah, kêraós sênêng, bingah lan susah tuwin sanès sanèsipún, punikå bótên sanès jalaran kêbêktå sakíng dayaníng ,,Raós kagunan sastrå."

Dadós dayanipún kagunan anggambar, kagunan andalang tuwin kagunan sastrå, íngkang tumandukipún sagêd anggugah manah bingah, susah tuwin sênêng punikå, jalaran sadåjå wau sami anggambarakên watak lêlampahaníng ngagêsang, bótên bédå kaliyan ningali lêlampahaníng tiyang, utawi ningali lêlampahanipún piyambak.

Jalaran sakíng raósipún lêlampahan gêsang íng dalêm raós kagunan anggambar, kagunan andalang tuwin kagunan sastrå, punikå sami kalilan raósipún lêlampahan gêsang íng dalêm lêlampahanipún tiyang sanès utawi lêlampahanipún piyambak, íngkang sadåjå wau sami asipat lêlajêngan tuwin sambêt sumambêt isi awón saé, bingah susah sasaminipún, íng ngriki tiyang sawêg mangêrtós, bilih lêlampahanipún manungså íng donyå punikå isi kagunan warni-warni.

Kósók wangsulipún sarèníng lêlampahanipún manungså íng ngalam donyå punikå limrahipún winastan sêjarah kagunan, dadós manawi makatên kagunan anggambar, kagunan andalang tuwin kagunan sastrå inggih lajêng dadós satunggilíng sêjarah, såhå sêjarah wau sami isi lêlampahaníng ngagêsang. Cêkakipún lêlampahaníng ngagêsang, sêjarah, punika sami satunggilíng kaéndahan.

DAYANIPÚN KAGUNAN.

Tindakipún tiyang ahli kagunan punikå tansah ngambah íng alam kaéndahan, ngantós bótên wóntên wêkdal íngkang bótên kisèn íng tindak éndah, inggih punikå sadåyå kagunan dêdamêlanipún, såhå kagunan wau sadåyå sami sagêd andayani datêng masarakat.

Sababipún punåpå déné dayanipún kagunan punikå sagêd namani datêng manahipún tiyang ?

Íng nginggil sampún kapratélakakên bilih wåndå punikå gambaríng wêwatêkanipún manungså, íngkang bótên naté pêjah. Mila gambaraníng ringgit Púrwå kintên kintên bótên sagêd pêjah ngantós bénjíng sabujadíng jaman, ugêr watak watakíng manungså bótên éwah. Inggih anggèníng bótên éwah wau ingkang nêtêpakên dayanipún kagunan mêsti sagêd namani datêng manahipún tiyang.

SILAH SILAHIPÚN WÅNDÅ

Awit sakíng tiyang ningali lêlampahan ringgit punikå raósipún sami kaliyan lêlampahanipún tiyang, milå tiyang ningali praéaníng ringgit íngkang anggambarakên wêwatêkanipún manungså, punikå raósipún inggih sami kaliyan ningali wandanipún manungså.

Wóndéné rai ringgit punikå péranganipun agêng wóntên tigang gólóngan, kadós ngandap punikå:

1. Manawi rai ringgit irungipún lincip, tamtu mripatipún liyêp, punikå
    anggambarakên tiyang abadan andhap alit.

2. Manawi rai ringgit irungipún sêmbådå, tamtu mripatipún kêdêlèn utawi
    kêdóndóngan, punika anggambarakên tiyang abadan pidêkså.

3. Manawi rai ringgit irungipún dhémpók, tamtu mripatipún thêlêngan, punikå
    anggambarakên tiyang abadan agêng inggil.


Mênggah silah-silahíng praéan ringgit tigang gólóngan íng nginggil punikå sadåjå wóntên íngkang : apacak tumungkúl, wóntên íngkang apacak lóngók tuwin wóntên íngkang apacak langak.

Wóndéné wandanipún praéan tumungkúl, punikå andarbèni watak sabar, mungkúl tuwin sarèh dhatêng sadåjå lêkasíng tindak tandúk. Mèh kósók wangsúl kalijan íngkang pradan langak. Déné pradan lóngók watakipún wóntên íng antawis langak kalian tumungkúl.

ÅNTÅWACÅNÅ LAN WÅNDÅ

Åntåwacånå têgêsipún lênggahíng pakêcapan tumrap satunggal satunggalipún ringgit. ?alang manawi ngucapakên ringgit tamtu njawang datêng praénipún ringgit, kadóstå :

Liyêpan :
a. Liyêpan lurúh, punikå swantênipún agêng ènthèng.
b. Liyêpan lóngók, punikå swantênipún ènthèng.
c. Liyêpan langak, punikå swantênipún alit ènthèng.

Kêdêlên :

Kêdêlên lurúh, punikå swantênipún agêng sêdêng.
Kêdêlan lóngók, punikå swantênipún têngah sêdêng.
Kêdêlên langak, punikå swantênipún alit sêdêng.

Têlêngan :

a. Têlêngan lurúh, punikå swantênipún agêng antêp.
b. Têlêngan lóngók, punikå swantênipún sêdêng (têngah ) antêp.
c. Têlêngan langak, punikå swantênipún alit antêp.

Katrangan
Swantên agêng: wilahan noot 2
Swantên têngah: wilahan noot 3
Swantên alit: wilahan noot 6

Mriksanana gambar noot dêmúng sléndro íng ngandap punika :

NÊRANGAKÊN PÉRANG PÉRANGANÍNG ADÊGIPÚN BADAN RINGGÍT

Mênggah adêgipún sadåyå badan ringgit punikå satunggal satunggalipún sami andarbèni pérangan nêm prakawis, inggih punikå 1. Rai. 2. Sirah. 3. Badan. 4. Tangan. 5. Suku. 6. Sandangan. Satunggal satunggalíng pérangan bédå bédå prinènipún.

Wóndéné cårå anggèn kulå, mratélakakên racak racakíng pricèníng ringgít sakotak, urutipún kadós íng ngandap punikå:

NYUMÊRÊPI GÓLÓNGANÍNG RINGGÍT

Sarèhníng wujudipún princèn gambar ringgít punikå gêgajutan kaliyan bab sandhangan, kadóstå : jamang, gêlang, dódót sapanunggilanipún, mangka trap trapaníng sandangan ringgit púrwå awêwatón pangkat kalênggahaníng drajat, kadóstå : ratu, satriyå, panditå, wadyåbålå, salajêngipún, milå íng ngriki lajêng gêgayutan kalijan gólóngan ringgit, pratélanipún kadós íng ngandap punikå :

Mênggah cacahipún ringgit sakotak íngkang jangkêp punika kirang langkúng wóntên 300 iji. Ringgit samantên wau sagêd dipún pérang dadós 16 gólóngan.

1. Gólóngan déwå
2. Gólóngan panditå
3. Gólóngan katóngan (ratu)
4. Gólóngan dugangan (agêng)
5. Gólóngan dugangan (alit)
6. Gólóngan putran
7. Gólóngan putrèn
8. Gólóngan bålå.
9. Gólóngan dênåwå
10. Gólóngan kêtèk
11. Gólóngan dagêlan.
12. Gólóngan sétanan.
13. Gólóngan kéwan.
14. Gólóngan dêdamêl.
15. Gólóngan prampógan.
16. Gólóngan kayón (gunungan)

Sadåyå punikå tumrap íngkang pêpêthan tiyang, kêjawi bédå bédå sandanganipún, péranganíng badan inggih bédå bédå corèkipún.
Salajêngipún mriksanånå gambar gambar lêmbaran.

♦ Gambar lêmbaran I. Isi mripatan tuwin irung irungan.

♦ Gambar lêmbaran II. Isi cangkêman

♦ Gambar lêmbaran III. Isi praéan warna warni

♦ Gambar lêmbaran IV. Isi praéan dênåwå

♦ Gambar lêmbaran V. Isi praéan kêtèk

♦ Gambar lêmbaran VI. Isi praéan déwå

♦ Gambar lêmbaran VII. Isi praéan warna warni

♦ Gambar lêmbaran VIII. Isi praéan Kuråwå tuwin rasêkså

♦ Gambar lêmbaran IX. Isi irah irahan íng sirah, gêlúng sapanunggilanipún.

♦ Gambar lêmbaran X. No. 1. 2 tuwin 3 isi irah irahan sirah putri.


Salajêngipún gambaríng sarira sêmêkanan, mawi kalúng tuwin mawi ulúr ulúr.

♦ Gambar lêmbaran XI. Pêpêtaníng gêlúng satriyå warni warni.

♦ Gambar lêmbaran XII. Jangkang, makutå tuwin tópóng.

♦ Gambar lêmbaran XIII. Kêthu tuwin gêlung putri.

♦ Gambar lêmbaran XIV. Kêlat bau.

♦ Gambar lêmbaran XVI.
   1 dumugi 6. Driji warni-warni.

♦ Gambar lêmbaran XVI.
   1 dumugi 6. Gêgêman tuwin gêlang.

♦ Gambar lêmbaran XVII.
   1 dumugi 6. Panganggé tumrap íng badan.
      1). Dêwa Biwårå. 2). Wanårå kalúng. 3). Wanårå ulúr ulúr.
      4). Wanårå sléndang. 5). Wanårå pråbå. 6). Badan wadyå.

♦ Gambar lêmbaran XVIII.
   1 dumugi 6. Panganggé tumrap íng badan.

♦ Gambar lêmbaran XIX.
   1 dumugi 6. Panganggé tumrap íng badan.

♦ Gambar lêmbaran XX.
   1 dumugi 6. Badan warna warni

♦ Gambar lêmbaran XXI.
   1 dumugi 6. Sléndhang, sarirå, ulúr ulúr, tuwin kalúng.

♦ Gambar lêmbaran XXII.
   1 dumugi 6. Suku warni warni.

♦ Gambar lêmbaran XXIII.
   1 dumugi 6. Rapèkan tuwin dódót.

♦ Gambar lêmbaran XXIV.
   1 dumugi 6. Bókóngan.

♦ Gambar lêmbaran XXV.
   1 dumugi 6. Sléndang sapanunggilanipún.

♦ Gambar lêmbaran XXVI.
   1 dumugi 6. Sumpíng tuwin jamang.

♦ Gambar lêmbaran XXVII.
   1 dumugi 6. Kêlat bau, kalung tuwin sumpíng.

♦ Gambar lêmbaran III, IV, V, VI, VII tuwin VIII.
   Isi praéan ringgit inggih racak racakíng rai.


Katrangan

BAB MRIPATAN
Manawi tiyang ningali gambaríng mripatan liyêpan, íng ngriku pinanggih wóntên warni tigå, inggih punikå:

1. Liyêp brêbês, suluhanipún garis jêjêg, inggih punika liyêpan ringgit umúm.

2. Liyêp barak ngirit, suluhanipún garis ragi mêmbat, inggih punika ringgit
    liyêpan kagungan íng Pråjå Mangkunagaran, kadós wujudíng gambar gambar
    ringgit wêdalan Balai Pustaka.

3. Liyêp jait, suluhanipun garis malêngkúng, inggih punika ringgit liyêpan
    kagunganíng Karatón Surakarta, kadós déné ringgít íngkang sumimpên
    wóntên íng gêdóng Muséum Sriwêdari Surakarta.


 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx brokerкисти для макияжа wobsотзывы

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8686340
  Hari ini     :  Hari ini :369
  Kemarin     :  Kemarin :1341
  Minggu ini   :  Minggu ini :6456
  Bulan ini   :  Bulan ini :20567
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang