Cêrita Cêkak -  

22. Skripsi

Jênêngé Sartó. Pakaryané magang dadi tukang kêbón sawijiníng SMP. Nadyan mangkono pikirané mlêtík tinimbang kanca-kancané síng sababag tunggal profèsi.
Nalika jaman diombyak guru kudu duwé gêlar sarjana dhèwèké mèlu kasêmpyók atiné.
Niyat kuliyah ora kêna disêmayani, kanthi pangangkah njunjúng drajat lan ajiníng dhiri íng têngah-têngah sêsrawungan.
Tékad kåyå mangkono kuwi bêcík lan pantês ditiru, íng atasê magangan tukang kêbón waé duwé krêntêg kuliyah, kathík guruné sók-sók isíh pådhå ngêndhé-êndhé wêktu, alêsanê ragaté durúng ånå.
Sartó yèn diarani modhèl mahasiswa jaman saiki pancèn kalêbu mahasiswa síng uthún, wís ora patút tênan srawúng karo kåncå-kåncå liyané.
Apamênèh síng jênêngé birokrasi kampús, wís pókóké ora mudhêng thêg kliwêré síng pånå.
Nangíng minångkå mahasíswa dhèwèké nduwèni tékad síng kêncêng yaiku kuliyah lan biså ngrampúngké nganti antúk gêlar SPd.
Diarani cêcak nguntal pågå ya bèn, nyatané kabèh mau wís dilakóni.
Satêmêné atiné Sartó kadhang yå rådå mindêr sabên awór kåncå-kåncå síng dadi barakané wís duwé gêlar sarjana.
Jaman saiki jênêng síng ora ånå èmbèl-èmbèlé kuwi jaré kurang nduwèni bóbót.
Nyatané nadyan duwé kapintêran mênjila langít níng yèn tanpå ijazah síng ånå èmbèl-èmbèl sarjana kók sajak ora ånå síng gêlêm canthúk arúh.
Gêgayuhané Sartó pancèn kêpingín dadi sarjana. Jênêng Sartó súk yèn lulús bèn éntúk èmbèl-èmbèl Sartó SPd.
Mêsthi jênêngé bakal luwíh mêntèrèng, lan bakal disåpå arúh déníng liyan, mula tékad kuliyah wís kêncêng nadyan pêndhak dinå dipådå déníng kåncå-kancané nyambút gawé.
"Ora ngonoa Sar, awakmu kuwi kêpingín dadi åpå.
Pangkatmu waé múng tukang kêbón isíh magang kók ndadak kuliah barang?" pitakóné Pak Pardi síng sabên ndinané dódól bakso sundúk.
"Aku kêpingín dadi sarjana Pak. Bèn dirêgani déníng wóng liyan," wangsulané Sartó mantêb.
"Mêngko yèn disêbút nèng ndéså dadi Sartó SPd. Cita-citamu múlyå, sokúr awakmu iså ndang diangkat, dadi mêngko ijasahmu kêna nggo pêrsamaan.
Saora-orané awakmu iså dadi guru, mêrga duwé titêl Sarjana Pêndidikan.
Bédå karo aku, ndhisík nggónku kuliah rêkåså éntúk gêlar dé èr ès saiki ora wani nganggo."
"Yèn ngono sampéyan kuwi sarjana Pak, généya múng trimå bakúl bakso sundúk?" pitakóné Sartó sêmu ndómblóng.
Nasíb Tó, sajaké aku ora ditakdírké dadi pêgawé nêgêri, nyatané anggónku nglamar píng sêpulúh ora tau katút, wêkasané aku mutúng êmóh magang. Kuwi dak lakóni sêpulúh tahún kêpungkúr.
Ngopèni anak bojo ora cukúp såkå hónór magang.
Wêkasané dak nggo nglêmbårå nèng kuthå.
Ijasahku payu mêrgå sarjana, saora-orané isa dadi pêngawas nèng pabrík. Urípku mapan, niatku dadi pêgawé nêgêri wís luntúr."
***
Skrípsi kudu dilakóni mêrgå jatahé kuliyah wís êntèk, kalêbu KKN lan PPL.
Pêngalaman-pêngalaman síng ora tau ditêmóni sajroné dadi tukang kêbón magang jêbúl nuwúhaké sêmangat anggóné kêpingín dadi guru.
Anggóné PPL lancar nadyan sadurungé dilakóni kanthi ndhrêdhêg mêrgå kudu ngadhêpi muríd lan durúng duwé pêngalaman saithík-ithíkå.
"Síng dadi kunci kuwi têtêg lan pênampilan. Yèn awakmu nèng ngarêpé muríd wís grógi lan ndrêdhêg mêsthi bakal digêguyu muríd.
Níng yèn awakmu wís sangu têtêg kåyå patrapé guru mulang, tangkêbé síswå bakal pêrcåyå yèn awakmu kuwi pantês dari guru têmênan," pêsêné Pak Kêpala Sêkolah.
Kunci kåyå ngono kuwi dilakóni tênan, nyatané dhèwèké anggóné PPL biså rancag tênan, dhèwèké kåyå wís dianggêp guru síng tênanan, saora-orané kåyå guru síng wís duwé pêngalaman magang, nganti ora kråså wêktu PPL rampúng éntúk pangalêmbånå såkå Kêpala Sêkolahé. KKN yå lancar, mêrga mbarêngi déså ngêcakké program kêrja bhakti mbangún dalan lan gawé saluran banyu.
Saiki tugas síng kèri dhéwé yaiku skripsí.
Sajaké gawéyan kuwi rådå waringutên anggóné kêpingín arêp ngayahi. Lha piyé jênêng nulís ukårå waé ora tau, åpå mênèh kênèng måcå buku babar blas ora tau dilakóni.
Nangíng dhèwèké ora mupús nåmpå kahanan koyo mêngkono, niyaté kêpingín jênêngé nduwé èmbèl-èmbèl SPd ora surút, kêpårå tansåyå nóthól jroníng ati.
Anggóné turu yèn wêngi ora jênjêm, yèn awan anggóné nyambút gawé ya ora kónsèntrasi kåyå padatan.
Síng dipikír yå múng babagan skrípsi.
Pikirané saya bunêg, arêp takók kåncå-kancané ya kurang srawúng.
Yèn takók nèng kampús dijêlaské ya ênggíh-ênggíh níng ora kêpanggíh. Mêtu såkå platarané kampús pituduhé dósèn wís ilang såkå angên-angêné.
"Mênawi kêpingín pinanggíh Pak Pardi sakniki mpún wangsúl sakíng Jakarta, Kang," cluluké Jókó salah sijiné murid síng omahé tangga karo Pak Sardi.
"Bênêran bangêt, yèn ngono aku pêsên mêngko bakdå Magríb dak sowan. Iki pêntíng, kón nyêlakké tênan," wangsulané Sartó kanthi bungah.
Niyaté Sartó wís kêncêng tênan.
Bakda Magríb agahan mênyang omahé Pak Pardi, ora lali nggåwå gawan gula tèh lan rókók kåyå patrapé wóng arêp njalúk tulúng.
"Niki ngatên Pak Pardi, têkå kulå niki badhé nyuwún tulúng sampéyan ndamêlké skrípsi kulå.
Mangké opahé pintên kulå ndhèrèk." aturé Sartó
"Awakmu kuwi guyón apa tênanan, tukang dódól bakso sundúk dikón gawé skripsí. Umpåmå biså yå skripsí babagan bakso sundúk," wangsulané Pak pardi karo guyón mêrga dibasani mlipir.
"Niki saèstu Pak, kula niku núl puthúl babagan skripsí. Ditêrangké dhósèn mlêbu kupíng têngên bablas mêtu kupíng kiwå. Ajêng takón prêkéwúh, takón kåncå-kåncå isín mêngko dikirå mahasiswa ora mudhêngan." cêlathuné Sartó.
"Ngéné waé, awakmu sowanå Pak Sarjikún SPd síng wís ngastå guru. Dhèwèké lagi mêntas waé nduwèni gêlar SPd.
Nèng kånå awakmu luwíh gamblang.
Yèn aku wís lali kabèh, lha wóng wís ånå limolas tahún kliwat ora nyêkêl buku.
Åjå mênèh nulís skripsí kuwi ånå aturané síng pêndhak-pêndhak ånå owah-owahan." pitêrangé Pak Sardi.
Sidané Sartó sowan dalêmé Pak Sarjikún SPd. Mêsthi waé ora lègèh. Gawané luwíh akèh tinimbang nyang omahé Pak Pardi, mêrgå statusé wís bédå.
Gulané têlúng kilo, rókóké Jisamsu róng pak, tèhé sak près, isíh ditambahi róti kalèngan bundêr cilík.
"Nyuwún sèwu sakdèrèngipún dhatêng Pak Sarjikún SPd, nami kula Sartó pakaryan kula magang tukang kêbón SMP.
Déné sowan kula badhé nyuwún tulúng kaliyan Pak Sarjikún SPd," wangsulané Sartó andhap asór nalikå didangu déníng Pak Sarjikún.
"Lha síng dikêrsakké Nak Sartó niku nåpå, kók kêraya-raya tindak ngriki, gèk ngastå bóntótan barang, wóng kula niku naming tiyang limrah mawón." sêmauré Pak Sarjikún.
"Kulå mênikå rak ndhèrèk kuliyah Pak, bêtèkipún kêpingín dadós sarjana. Níng kulå waringutên damêl skrípsi. Milå sowan kulå ngriki badhé nyuwún tulúng Pak Sarjikún supadós kêrså ndamêlakên skrípsi kulå, mangké pêrkawís ragat kulå ndhèrèk." aturé Sartó.
"Ngatên Dhík Sartó, kulå niku bingúng ajêng wangsulan. Lha wóng kula piyambak skrípsi niku nggih ndandakké, ngêrtós-ngêrtós dadi. Pancèn cårå ngótên niku kulå síng salah, pungkasané wóng atasé kulå niku sarjana mênawi ditakèni mahasiswa anyar babagan skrípsi kók ora mudhêng." wangsulané Pak Sarjikún.
Sartó atiné dadi mêndhêlóng gêlå dadakan.
Èsêm síng maunê sumringah sakålå malíh èsêm síng kêcút, praupané malíh pucêt.
"Niki ngatên mawón Dhík Sartó, slirané ora susah mumêt mikír skripsi. Pénaké luwúng ndandósakên mawón, mêngké kulå lantarké dhatêng kåncå kulå." panglipuré Pak Sarjikún.
Têkan ngomah atiné wiwít ditåtå.
Gulå tèh lan rókók åpå déné gawan liyané síng wís mabúr ora prêlu digêtuni.
Kalêbu gawan síng arêp dinggo lantaran pêsên skrípsi iki mêngko wis disumadiyakaké nadyan diréwangi golèk utangan.
Nangíng wêktu kuwi udané dêrês bangêt, listrík mati. Diêntèni saya wêngi ora têrang malah kêpara dêrês.
Atiné Sartó nglokro, dhêlêg-dhêlêg ånå ngèmpèr karo nggagas nasibé. Anggóné kuliyah nggunakké ragat.
Dhèwèké kêpingín duwé jênêng èmbèl-èmbèl gêlar sarjana mêrga kêpingín nggadhúh ilmu síng múrwat karo titêlé.
Manåwå skrípsi ndandakké mêruhi dadi, atêgês sarjanané ora adóh kåyå barang tukón.
Sartó unjal ambêgan landhúng.
Råså kêdhuwúng kuwi ngélíngaké atiné.
Dhèwèké êmóh yèn diarani mahasiswa nul puthúl.
Niyaté ndandakké skrípsi diwurúngké.
Mbúh kêpiyé waé rêkasané nggawé skrípsi bakal dilakóni, mêrga ngono kuwi wís wajibé mahasíswa kanggo nêmpúh gêlar sarjanané.
Tas plastík wêrna irêng kuwi isiné gulå limang kilo, tèh sak près, rókók Jisamsu sak slóp, róti Kóng Guan kothak siji, ajiné kliwat atusan. Timbang diwènèhké wóng liyå anggúr dinggo dhéwé.  
Nadyan pakaryané múng magang tukang kêbón, nangíng atiné dhadhag lan sêmbådå bakal nudúhaké skrípsiné síng kanggo nguyak gêlar sarjanané asli såkå kringêt lan pikirané dhéwé.


::Dening: Sri Sugiyanto::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет детисковорода гриль для стеклокерамической плитыникос ресторан харьков

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7338923
  Hari ini     :  Hari ini :1008
  Kemarin     :  Kemarin :1150
  Minggu ini   :  Minggu ini :1967
  Bulan ini   :  Bulan ini :24368
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 52

Kontak Admin.

email-kidemang