Krisis ékonomi lan monêtèr lan anané réfórmasi síng umuré wís pitúng tahunan iki durúng biså mulihaké kahanan síng luwíh apík. Réfórmasi diplèsètaké dadi “répótnasi” amargå kahanan ékonomi isíh mrihatinaké. Rêgå-rêgå mundhak, wragad sêkolah larang, golèk gawéan angèl, pêngangguran akèh, cacahíng wóng miskín ora kêpårå sudå malah tambah, data tindak kriminal mundhak, curanmór akèh, cacah laku amoral, narkoba lan tumindak múrsal såyå tambah lan liyå-liyané isih akèh. Kanggo nyåndrå kahanan iku mantan Lurah Jawa Têngah, Pak Ismail nggunakaké têmbúng S-3 yakuwi “sangsåyå suwé sangsåyå”: usrêg, ruwêt, rêkåså, sêngsårå. Kapan bisa têmåtå dadi luwíh apík, luwíh maju, adíl lan makmúr (?) Kanggo ngadhêpi kahanan iku ånå pilihan pitakónan 1. mbangún babagan politik luwíh dhisík banjúr ékonomi, 2. nêngênaké ékonomi sawisé iku politik 3. mranåtå politik bêbarêngan karo ékonomi. Kåyå-kåyå pilihan nómêr têlu luwih prayogå. Åpå biså? Ånå sing duwé panêmu mênåwå babagan politik iku kalêbu bab, wilayah utawa ranah síng sipaté sènsitif, rumít, rumpíl, riwíl, bab sêpélé biså dadi gêdhé, kriwikan biså dadi grójógan. Politik síng diawaki lan dipandhégani déníng partai-partai politik ngusúng faham (dóktrin, idiologi, ismê) síng arêp diwujúdaké nggunakaké stratêgi (cara, tèknik, taktik) supåyå biså kasêmbadan nduwèni pówêr ing ngêndi-êndi. Cita-citané, visi lan misiné ngarah supåyå biså kuåså lan nguwasani laku jantraníng nagårå. Karêpé kêpéngín nduwèni panguåså síng nguwasani kalungguhan ing èksêkutif lan lêgislatif. Malah ånå síng kêpårå drêmbå, múrkå, ngångså, ngangsêg kêpéngín ngêrèh lan nguwasani pêrangkat yudikatif. Kanggo mujúdaké visi lan misiné ånå lan akèh síng kêgåwå, kêgodhå, kêpilút karo pikirané Sartre “tujuan mênghalalkan cara”. Ånå uga síng ngugêmi prinsip powêr is money (ånå nêgårå “komunis”) utåwå money is powêr (ånå nêgårå kapitalis). Karånå iku mulå ora anèh mênåwå ånå istilah politik dhuwit (money politics) utåwå dhuwit politik (?). Kanggo ngrêbút panguwåså ing législatif utåwå éksêkutif mliginé kalungguhan Mêntêri, Gubêrnúr, Bupati lan Walikota, pimpinan DPRD lan liyå-liyané kudu duwé båndhå donyå kanggo main dhuwít ing ranah politik. Babagan monéy politics ånå ing alam transisi démokrasi katón mlåhå, nglêgênå, cêthå wélå-wélå. Dhuwít orå biså dipisahaké karo politik, politik orå biså dipisahaké karo dhuwit. Jêr basuki mawa béya (?) Kabèh mau kanggo nggayúh lan nglungguhi drajat, pangkat lan sêmat ånå ing lêmbaga éksêkutif lan législatif. Mênåwå wís biså kuåså lan kasíl nguwasani kalungguhan kasêbút, kêpénginé supåyå langgêng lan lêstari. Síng dadi panjångkå nduwèni “powêr” síng suwéné limang tahun, munggahé sêpulúh tahún, tandúk dadi limålas tahún, mênåwå biså tandúk manèh dadi róng pulúh tahún lan satêrusé. Politik dhuwit dadi pilihan lan paradigma síng mrambah lan mratah ånå ngêndi-êndi. Kêpêntingan utåwå intêrèst ing babagan politik kadangkålå pancèn ngono. Mênåwå syahwat politik tangi lan diumbar têrús-têrúsan biså lali marang filsafat politik. Babagan politik prayogå nduwèni filosofi síng di thukúl lan ngrêmbåkå wêwatón nilai-nilai politik síng sêjati. Filsafat politik mulang supåyå sadhar lan njingglêngi mulå bukané politik utåwå purwå dumadiné politik. Wiwít têmbúng polis lan policy utåwå kawicaksanan lan kêarifan kanggo ngatúr laku jantraníng “nêgara kota”. Pårå politikus kudu ngrêti têbané filsafat politik åjå malah kakèhan pilsyahwat politik. Politik sing orå dituntún filsafat bisa nuwúhaké kahanan síng ora prayogå amargå gampang milíh cårå síng diwulangaké déníng Sartre. Kabèh cårå, rékådåyå, rékåyåså diugêmi lan dianggêp halal síng pêntíng klakón. Pêmikirané Lord Acton ånå ing têtêmbungan “powêr tends to corrupt” kudu dingrêtèni, difahami lan digatèkaké. Aja mílík “nggéndhóng lali” têrús kêgodha nindakaké korúpsi lan kolusi (KKN) wiwít tataran pusat têkan tataran anak cabang utåwå rantíng. Babagan politik prayogå katindakaké wêwatón budåyå politik síng apík. Kabèh parågå politik prêlu nduwèni étika politik, sopan santún politik lan tåtåkråmå politik wêwatón fatsoen åpådéné kodê étik tumrap pårå politikús. Kåyå wis wêktuné pårå kadêr partai politik nduwèni watak lan kapribadhèn síng njunjúng nilai-nilai luhúr síng biså ngunggahaké wibawané, harkaté lan martabaté. Njingglêngi prêkårå politik ora biså dipisahaké karo démokrasi. Faham démokrasi ngusúng prinsip-prinsip ngênani kêdaulatan rakyat. Punjêring kêkuasaan ånå tangané rakyat. Rakyat bênêr-bênêr nduwèni kêdaulatan kanggo åpå waé ing babagan åpå waé. Kêjåbå såkå iku nilai-nilai démokrasi nuntún adêging pêmêrintahan wêwatón pêrsêtujuan rakyat síng diatúr lan dipréntah. Mênåwå ånå partai politik duwé massa akèh (mayóritas) hak-hak masyarakat síng cacahé sêthithik (minóritas) kudu diurmati. Amargå, róh démokrasi ngúrmati anané hak azasi manusia (HAM). Síng lagi kuwåså prayogané åjå kumawåså, åjå sawiyah-wiyah, åjå sêwênang-wênang. Ånå wulangan Jåwå nganggo têmbúng “ngono yå ngono níng mbók yå åjå ngono”. Èsènsiné síng múrwat, síng cócók lan timbang karo ukuran lan kahanan. Ånå manèh prinsip démokrasi liyané yåkuwi nganggêp mênåwå jêjêríng manungså ånå sangarêpé hukúm pådhå, ora mbédak-bédakaké drajat lan kalungguhan, ora êmban cindhé êmban siladan. Cak-cakané hukúm pêrlu adíl lan njamín råså kêadilan tumrap såpå waé. Hukúm kudu diúrmati lan åjå ånå politisasi aparat pênêgak hukúm. Prinsip liyané, pêmêrintah kudu lêlandhêsan kónstitusi utåwå undang-undang. Kahanan síng béda-béda síng diarani pluralismê ing babagan sosial, ékonomi lan politik diúrmati kanthi ngrêmbakakaké nilai-nilai tolèransi supåyå biså saiyêg saékå pråyå mbangún pråjå mbangún nêgårå. Åjå malah ngêcakaké politik balas dêndam, jégal-jégalan, góntók-góntókan, tawuran lan drêdah sing ora ånå êntèké. Róh, nilai-nilai lan prinsip-prinsip démokrasi kasêbut ndhuwúr gampang diucapaké nangíng angèl dicakaké. Nangíng wís wêktuné diwiwiti ngiras pantês latihan supåyå munggah drajat såkå politikus dadi nêgarawan.
Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah |