26. Rêncana lan Stratêgi Kanggo ndayakaké Båså lan Sastrå Jåwå (1)
|
Kanggo nglêstarèkaké båså lan sastrå Jåwå ånå ing wêktu iki, prêlu rêncana síng sipaté stratêgis (rênstra). Rênstra síng disusún kudu nyakúp kabèh ayahan kanggo ‘ndayakaké' båså lan sastrå Jåwå. Ånå ing ngèlmu pêrêncanaan, Rênstra dadi bab síng wigati síng kudu ånå. Rênstra prêlu kajångkå, upamané limang taunan, sêpulúh taunan, limalas taunan, róng pulúh taunan lan satêrusé. Babagan wêktu dadi pêntíng lan prêlu mandêng lan njångkå kabèh kaanan síng arêp têkå. Limang taún manèh båså Jåwå arêp mênangi jaman åpå? Sêpulúh taun manèh båså lan sastrå Jåwå arêp kaprabawan åpå?. Ånå têngahíng bêbrayan síng maju lan modèrn båså lan sastrå Jåwå åpå isíh murakabi? Akèh bangêt pitakónan síng prêlu dijawab lan dijlèntrèhaké kanggo bahan informasi tumrap såpå waé síng arêp gawé rênstra. Ngèlmu panjångkå (prédiction) dadi bab wigati síng biså dadi katrangan ngênani kaanan síng arêp kêdadèn. Sapérangan pênganggêp utåwå asumsi prêlu dipilíh utåwå ditêtêpaké. Saliyané iku kabèh asíl studi ngênani båså Jåwå prêlu dingêrtèni kêpiyé kaanané båså Jåwå. Båså Jåwå åpå isíh digunakaké kanthi bêcík ånå ing bêbrayan. Kaanané isíh apik åpå wís mrihatinaké amargå kadhêsêk karo båså Indonesia lan båså-båså asíng liyané. Kaanan båså Jåwå síng sanyatané (factual) dadi pérangan síng pênting kanggo nyusún rênstra. Prêluné Rêncana lan Stratêgi Akèh prêkara síng nggubêl båså Jåwå kang prêlu di-studi, dijingglêngi lan di-analisis, sabanjuré prêlu dipilah wêwatón pêmandêng lan pêmanthêng (aproach) síng trêp karo kaanan. Mawas kaanan, papan lan wêktu dadi piranti síng pênting kanggo gawé rênstra. Ånå ing ngèlmu pêrêncanaan akèh babagan síng bisa dadi pathókan. Prêlu nêr, utåwå blêgêré kaanan (síng apík, éndah lan múrwat) síng arêp diwujúdaké. Têmbungé liyå prêluné visi lan misi kanggo nglêstarèkaké båså lan sastrå Jåwå. Ånå manèh piranti utåwå formula síng biså digunakaké kanggo ndhudhah prêkårå síng nggubêl båså Jåwå. Upamané nggunakaké bab-bab síng ‘ånå' ing isiné têmbúng ‘kêkêpan' (kêkuatan, kêlêmahan, pêluang dan ancaman). Analisis kêkêpan ajêg digunakaké ånå ing ngèlmu pêrêncanaan. Karånå iku prêlu di-studi dåyå kêkuatané båså lan sastrå Jåwå. Kêjåbå såkå iku båså, sastrå Jåwå åpå ånå síng ringkíh lan dadi pêpalang kanggo ngadhêpi kêmajuwaning jaman. Åpå ånå bab-bab síng malah cêngkah karo sipat-sipat modèrn síng sarwå maju, profèsional, ngê-‘donyå' (go-intêrnasional) lan liya-liyané. Båså lan sastra Jåwå síng malêbu ånå ing jaman global pancèn dadi prêkårå síng ora ènthèng. Ånå éwóníng båså síng digunakaké déníng bångså-bångså ing alam donyå iki. Wêwatón cacahíng pênutúr, båså Jåwå pancèn mapan ana tataran 11 sawisé båså-båså Mandarín, Spanyól, Inggrís, Bêngali, Hindi, Pórtugis, Rusia, Jêpang, Jêrman, lan Wu (Cin). Sabanjuré, kanggo ngadhêpi globalisasi síng kêsurúng majuníng tèknologi, åpå båså lan sastrå Jåwå isíh duwé potènsi kanggo mujúdaké kaanan (panguripan) síng luwíh: apík, adíl, makmúr, maju (modèrn?), têmåtå, lan mandirêng. Pitakónan síng ugå prêlu yåkuwi: åpå båså lan sastrå Jåwå biså ngudhari (sapérangan) kaanan krisis wêktu iki síng sipaté wís multi dimènsi. Åpå ånå sumbangané båså lan sastrå Jåwå kanggo mujúdaké stabilitas ékonomi lan politik wêktu iki. Kêjåbå såkå iku åpå båså lan sastrå Jåwå biså didayakaké kanggo ndadani watak utawa karaktêr bångså síng nyakúp bab unggah-ungguh, sopan santún lan budi pakarti síng wêktu iki wís mblêrêt. Akèh bangêt pitakónan síng prêlu dijêmbaraké têbané supaya båså lan sastrå Jåwå migunani tumrap pamaréntahan lan pêmbangunan. Karånå iku prêlu didhudhah lan dipilah supåyå bisa murakabi tumrap bêbrayan. Tantangan globalisasi Ombak globalisasi dadi tantangan síng ora cilík. Globalisasi duwé dåyå síng gêdhé lan ngédab-édabi. Karånå iku ånå sing kuwatír mênåwå båså Jåwå bakal kèli lan kéntír ånå têngahíng globalisasi. Ora múng båså lan sastrå Jåwå, wóng Jåwå, lan budåyå Jåwå yå arêp kêpalangan karo dayané globalisasi. Globalisasi dadi tantangan síng gêdhé bangêt. Karånå iku, banjúr ånå pangudåråså síng nguwatiraké uripé båså, sastrå lan budåyå Jåwå. Ånå síng pésimis lan ngandhakaké mênawa båså Jåwå mêngkis-mêngkis lan ngêntèni patiné. Rêndhêt utåwå cêpêt båså Jawa ora bakal dicakaké ånå padinan amarga kuno, ora biså kanggo golèk dhuwít, kêtinggalan jaman lan liya-liyané. Kajåbå såkå iku sapérangan ånå síng optimis lan ngandhaké mênawa båså Jåwå ora bakal mati. Saugêr isíh ånå wóng Jåwå, båså Jåwå ora bakal mati. Basa Jåwå ora bakal mati amarga akèh bangêt síng isíh trêsnå karo båså lan sastrå Jåwå. Båså Jåwå ora bakal kêlindhês karo globalisasi. Båså lan sastrå Jåwå isíh têtêp lêstari amargå nduwèni potènsi síng ora cilík. Ånå njêroné båså lan sastrå Jåwå akèh bangêt wulangan síng adi lan luhúr. Wêwatón sêjarah síng wís lumaku, båså, sastrå lan budåyå Jåwå duwé nilai-nilai (values) síng bisa dadi ‘magnet' tumrap såpå waé. Mulå ora anèh mênåwå akèh wóng såkå mancanagara kêtarík lan kêpéngín nyinau båså lan sastrå Jåwå. Karånå iku akèh sarjana måncå síng banjúr kêsêngsêm karo basané, sastrané lan budayané wóng Jåwå. Båså, sastrå, lan budåyå Jåwå dianggêp duwèni potènsi síng biså nyumbang tumrap pêmbangunan watak lan karaktêr bångså. Ånå ing ngèlmu pêrêncanaan ånå tudúh supåyå dingêrtèni bab-bab síng dadi pêpalang. Akèh kawula mudå lan pårå muríd síng nganggêp manawa båså Jåwå kalêbu angèl dipahami. Malah ånå asíl studi síng ngandhakaké mênåwå kawulå mudhå isíh sênêng karo båså Jåwå. Émané, akèh kawula mudhå basané akèh síng ‘rusak' campúr karo båså Indonesia. Kaanan síng mrihatinaké tinêmu ing kuthå-kuthå. Mulå ånå síng ngarani akèh bangêt kawula mudhå síng wis wêdi nggunakaké båså Jåwå. Ånå ing padinan akèh síng wís nggunakaké båså Indonesia. Kaanan iki biså dadi pêpalang lan ngancam uripé båså Jåwå ing kuthå-kuthå. Båså Jåwå kadhêsêk karo båså Indonesia utåwå båså Inggrís, Mandarin, Jêpang lan liya-liyané, amargå biså kanggo golèk pêgawéyan. Akèh sabab síng sipaté ékonomi síng tundhoné biså ngancam uripé båså Jåwå. Globalisasi ékonomi síng orièntasiné tumuju marang pasar utåwå bisnís dadi pêpalang tumrap uripé båså Jåwå. Wêwatón pêmandêng síng isiné ‘kêkêpan' kasêbút, prêlu anané rêncana lan stratêgi (rênstra) síng nuntún kabèh ayahan kanggo nglêstarèkaké båså lan sastrå Jåwå.
Dening : Ki Sutadi |