Puspåwarnå - ᭙

27. Rêncana lan Stratêgi Kanggo ndayakaké
Båså lan Sastrå Jåwå (2)

Ombak globalisasi síng kêsurúng karo majuníng tèknologi infórmasi biså dadi pêpalang tumrap båså, sastrå lan budåyå Jåwå.
Mlêbuné budåyå måncånagårå sing digåwå lumantar TV lan intêrnèt dayané ngédab-édabi. Sistêm budåyå måncå nggåwå pola pikír, gaya hidúp, sistêm tèknologi, lan liya-liyané síng banjúr ndayani panguripané wóng Jåwå.
Lumêbuné budåyå måncå sapérangan ånå síng migunani tumrap panguripan. Nangíng ånå bab-bab síng biså ngancam lan ngrusak tatanan budåyå Jåwå.
Ngadhêpi prêkårå iki prêlu bangêt anané stratêgi kêbudayaan síng ugå ngêmót stratêgi kanggo nguri-uri lan dayakaké båså lan sastrå Jåwå.
Rênstra síng isiné ayahan-ayahan kanggo ndayakaké båså Jåwå kudu dadi pérangan síng wigati ånå ing stratêgi kabudayan.
Stratêgi kabudayan dadi pênting bangêt amargå bakal mayungi kabèh ayahan síng sambúng karo unsúr-unsúr kabudayan, yåkuwi: sistim ékonomi, sistêm tèknologi, réligi, sistêm prånåtå sosial, kêkêrabatan, adat istiadat, lan liya-liyané.
Bab budåyå dadi pêntíng bangêt amargå wóng måncånagårå utåwå turís tumêkå ing Jåwå iki, tataran sêpisan amargå kêtarík karo budayané.
Tataran kapindho banjúr kêpéngín ngêrti lan nyinau båså Jawané síng digunakaké ånå padinan mliginé ing tradisi, adat istiadat, upåcårå, lan jinís-jinís sêni budåyå liyané.
Orièntasi stratêgi
Sadurúngé nyusún rênstra båså Jåwå ånå bab-bab síng prêlu dadi têtimbangan.
Sêpisan, potènsi síng diduwèni båså lan sastrå Jåwå ånå ing budåyå Jåwå.
Båså lan sastrå Jåwå wís dadi lambang (symból) jatidhiri budåyå Jåwå.
Akèh bangêt nilai (values) síng biså nuntún lan nguwataké budi pakarti lan budayané wóng Jåwå.
Karånå iku orièntasi stratêgi nguri-uri båså lan sastrå Jåwå prêlu lan kudu manunggal karo stratêgi budåyå Jåwå.
Lêlandhêsan karo bab iku kabèh ayahan ngênani båså Jåwå prêlu tumuju marang tujuwan lan sasaran
(1) mujúdaké manéka warna (diversitas) budåyå Jåwå;
(2) nguwataké jatidhiri Jåwå ånå ing ranah Indonesia;
(3) mêmangún babagan kajiwan, budi pakarti lan watak
síng jumbúh lan adaptif karo kaanan síng têrús obah
lan owah;
(4) mêmangún råså pangråså ing babagan båså (kêpêkaan
linguistis) síng jumbúh karo ayahan nguri-uri lan
ndayakaké båså lan sastrå Jåwå;
(5) ngudhari kabèh prêkara sing nggubêl båså lan sastrå
Jåwå.
Tujuwan lan sasaran kasêbút prêlu luwih nêngênaké kawula mudhå ånå ing sêkolahan, kulåwargå, lan masyarakat.
Sêpisan manèh prêlu ditandhêsaké mênåwå rênstra ngênani båså lan sastrå Jåwå kudu dadi pérangan síng pênting ånå ing stratêgi kabudayan Jåwå kanggo mbangún kabudayan Indonesia.
Rêncana lan stratêgi ndayakaké båså lan sastrå Jåwå síng arêp disusún prêlu manunggal karo program utåwå ayahan otonomi daerah.
Kawicaksanan ngênani otonomi daérah dadi program síng nyurúng kabèh ayahan kanggo ndayakaké artå kåyå kabudayaan síng ånå daérah.
Lumakuné ayahan otonomi daérah dadi landhêsan sing mantêp kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå.
Jumbúh karo program otonomi daérah, rênstra ngênani båså Jåwå prêlu nggatèkaké anané kawasan budåyå (sub-sub culture) síng ånå ing tataran wilayah wiwít provinsi têkan kabupatèn lan kuthå.
Ånå ing Provinsi Jawa Têngah tinêmu kawasan budåyå Surakarta, Pêsisír Kulón (wiwít Brêbês têkan Batang), Pêsisír Wétan wiwít Kêndhal têkan Rêmbang), Bagêlên (èx Karésidènan Kêdu), lan kawasan budaya Banyumasan.
Karånå iku rênstra båså Jåwå síng arêp disusun prêlu nggatèkaké kawasan-kawasan budåyå kasêbút.
Kajåbå såkå iku anané manéka warnå dialèk prêlu dadi têtimbangan. Fénoména utåwå anané manéka warna ‘båså', kayåtå båså panginyóngan, båså Têgal, båså pêsisiran kulón utawa wétan, båså Surakartan, lan liyå-liyané prêlu digatèkaké.
Prêluné payúng hukúm
Rêncana lan stratêgi ndayakaké båså lan sastrå Jåwå prêlu duwé landhêsan hukúm síng kuwat.
Sanadyan wís ånå amandêmèn UUD 1945 mliginé pasal 31 lan pasal 32 isíh prêlu pêraturan pêlaksanaan bisa rupa Undang-undang, Pêraturan Pêmêrintah lan liyå-liyané. Kabèh pêraturan mau dadi landhêsan síng ngatúr cak-cakané ånå ing provinsi, kabupatèn lan kuthå.
Sanadyan wís ånå landhêsan rupå Pêraturan Daérah ngênani Rêncana dan Stratêgi Pêmbangunan Daérah, utåwå Arah Kêbijaksanaan Umúm Pêmbangunan Daérah, babagan kabudayan sipaté mligi lan wigati. Pêraturan Daérah síng isiné ngêmót rêncana lan stratêgi kabudayan wís prêlu lan kudu ånå.
Kalêbu ing kéné rênstra kanggo ndayakaké båså lan Sastrå Jåwå.
Ånå ing Pêrda iki tujuwan lan sasarané kudu cêthå, kalêbu visi lan misi síng nuntún kabèh ayahan ngênani båså, sastrå lan budåyå Jåwå.
Visi lan misi prêlu disusún wêwatón niat, sêmangat, lan tékad síng kuwat.
Upamané tékad supåyå båså lan sastrå Jåwå biså dadi sarånå síng kuwat kanggo mbangún jatidiri bångså.
Mênåwå wêktu iki båså Inggris wís dadi lambang globalisasi kanggo sarånå ngrêmbakané ilmu pêngêtahuan lan tèknologi, sabanjúré båså Arab wís dadi lambang nguwataké iman lan taqwa, åpå båså lan sastra Jåwå biså dadi lambang kanggo mbangún budi pakarti luhúr?
Wêwatón akèhing kaanan síng sinêbút krisis multi dimènsi síng rupå krisis-krisis: ètika, moral, kêpêmimpinan, kêtêladanan, lan liyå-liyané, åpå båså lan sastrå Jåwå biså dadi sarånå kanggo mbangún kapribadhèn bångså síng duwèni watak lan budi pakarti luhúr?
Nanggapi anané pluralismê lan mulitikulturalismê , åpå båså lan sastrå Jåwå biså dadi sarånå síng nyakêtaké lan ngrakêtaké pêrsatuan lan kêsatuan Bangsa síng wêktu iki ringkih kaanané?


Déning: Ki Sutadi

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет Sberbankкупить утятницуалександр лобановский харьков класс

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9925731
  Hari ini     :  Hari ini :108
  Kemarin     :  Kemarin :1544
  Minggu ini   :  Minggu ini :5877
  Bulan ini   :  Bulan ini :25356
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 4

Kontak Admin.

email-kidemang