Puspåwarnå - ᭙

33. Sumbangan Båså lan Budåyå Jåwå Tumrap Manajêmên

Durung suwé iki ånå ing Sêmarang diadani sarasèhan síng ngrêmbug babagan sumbangan Jåwå tumrap Manajêmên. Åpå ånå sumbangan båså lan budåyå Jåwå tumrap manajêmên, síng wêktu iki kêpårå maju nututi majuníng jaman modèrn.
Prayogå mênåwå digolèki lan dijingglêngi.
Ånå ing sarasèhan mau aku miwiti såkå andharan bab ‘Wóng Jåwå, Budåyå Jåwå lan Jagad Jåwå'.
Têbané jêmbar bangêt, amarga ‘wóng Jåwå' wêktu iki ora múng síng ånå ing pulo Jåwå.
Wóng Jåwå wís tambah, mrambah lan mratah ånå êndi-êndi; kalêbu ånå ing bumi Surinamê iki.
Wóng Jåwå ora biså pisah karo sêjarahé wiwít jaman kunó têkan saiki.
Prof Dr Koêntjåråningrat
[1] ånå ing bukuné Kêbudayaan Jåwå ngrujúk tulisané Th Pigêaud, BJ Schrieke lan WF Wertheim njlèntrèhaké bab anané unsúr budåyå Jåwå, yåkuwi: båså, sistêm tèknologi, sistêm ékonomi, organisasi sosial, sistêm réligi lan sêni budåyå.
Kêjåbå iku ugå di andharaké anané ‘variasi régional' utåwå ‘sub kultur' ing pulo Jåwå, yakuwi: Bantên, Sundå, Pêsisír Kulón, Banyumasan, Bagêlên, Nêgari Gúng (Surakarta lan Ngayogyakarta), Pêsisír Wétan, Mancånagari, Mêdurå lan Sabrang Wétan. Karånå iku Budåyå Jåwå têbané jêmbar lan jêro bangêt, upåmå sumúr mênåwå ditimba banyuné ora bakal asat.
Gêgandhèngan karo babagan iku ånå pitakónan síng pêrlu digatèkaké : ‘åpå ånå sumbangan båså lan budåyå Jåwå tumrap manajêmên' ?.

Wóng Jawa lan Budaya Jawa åpå wís malêbu ‘forum' global?
Globalisasi pêrlu ditêgêsi minångkå kaanan síng kêdadèn sawisé bångså-bångså ing donya iki pådhå sêsambungan ing babagan sosial, ékonomi lan politik.
Dr Sri Hastanto
[2] ånå ing tulisané ngandhakaké yèn ngungak sêjarah Jåwå, ukiran ing candi Bóróbudúr ånå síng tinêmu ing Madagaskar.
Pujånggå Jåwå anggóné nulís crita Panji Inu Kêrtapati ugå tinêmu ing Thailand lan Cambodia, kanthi sêbutan Ino. Kakawín Ramayana lan Mahabarata såkå India malêbu ing tanah Jåwå; kabudayan Cina uga malêbu ing bumi Jåwå lan sapituruté.
Malah kêpårå akèh tulisan utåwå buku síng ditulís déníng sarjana mancånagårå ngênani bab sastrå lan budåyå Jåwå. JHC Kêrn lan WH Rassers
[3] akèh naliti bab båså Sanskêrta, båså Kawi lan kabudayan ‘Timúr', yakuwi : Kawi Studien, de Panji Roman, The Cultural Hero, A Structural Study of Religion in Java, lan liyå-liyané.
Ånå ing buku ‘Sastrå Jåwå'
[4] akèh bangêt ngêmót akèhíng sarjana måncå síng nulís lan naliti bab wóng Jåwå lan budåyå Jåwå. PJ Zoetmulder ugå nulís buku síng misuwúr antarané yakuwi ‘Kalangwan' lan kamus ‘Old Javanese English Dictionary'. JJ Rass ngênani sastrå jåwå ånå ing bukuné ‘ Maatschappij en Letterkunde op Java', GWJ Drews ånå ing ‘The Roman of king Anglingdarmo', JFC Gericke lan T Roorda ånå ing ‘Het Oud Javaansch-Nederlandsch Woordenboek',
JMW Bakker ånå ing buku ‘ Ahama Asli Indonésia, Niels Mulder ånå buku ‘Kêbatinan dan Cara Hidup Orang Jawa', Frans Magnis Susénó nganani ‘Étika Jawa', Denys Lombard
ånå ing buku ‘Nusa Jawa: Silang Budaya'.
M Clara van Groênêdael ånå ing buku ‘Dalang di Balík Wayang' lan isíh akèh bangêt manèh tulisan utawa buku ngênani budåyå Jåwå.
Kumpulan layang pårå Ratu marang para sakhabaté ana ing måncånagårå síng sinêbut ‘Thê Goldên Lettêrs', lan kumpulan layang-layangé Ibu Kartini ånå ing buku ‘Habis Gêlap Têrbitlah Têrang', biså dadi tåndhå mênåwå Wóng Jåwå lan Budåyå Jåwå wís malêbu ing forum global.

Sumbangan Båså lan Budåyå Jåwå tumrap Manajêmên
Manajêmên wêktu iki kêpårå maju ora múng mligi bab prosèsé wiwít såkå ‘pêrêncanaan, pêngorganisasian, pêlaksanaan lan pêngawasan', nangíng wís malêbu ånå ing tataran utåwå ranah pêmêrintahan lan pêmbangunan wilayah/ daérah.
Orièntasiné ora múng ‘one sided' nanging wis ‘multiple sided' gumantúng karo cak-cakané.
Ngadhêpi kaanan utåwå jaman síng maju, sumbangan ing babagan ilmu pêngêtahuan lan tèknologi tumrap manajamên akèh bangêt.
Piranti studi síng rupå analisis wís akèh bangêt, yåkuwi analisis : ‘short term, long term, lingstra, telstra, MIS, decision making process' lan liyå-liyané, dadi piranti síng pênting tumrap manajêmên.
Karånå iku åpå ånå sumbangan båså lan budåyå Jåwå tumrap manajêmên ?.
DR RMA Sudi Yatmana
[5] milah bab-bab síng ånå sambúng rakêté karo båså lan sastrå, yåkuwi : aksårå Jåwå, babad, riwayat, carita gancaran, caritå cêkak, caritå ginurít, salokå, novèl, ésèi, naskah-naskah, manuskrip, primbón, wêjangan, andharan, pitutur, pêpali, sulúk, kidungan, têmbang lan liya-liyané.
Ånå ing båså lan sastrå Jåwå akèh ‘ngèlmu' síng biså disinau, yåkuwi : filsafat Jåwå, étika Jåwå, kêbatinan, kêjawèn, kawaskithan, kalantipan, kajiwan, kanuragan, gunå kasantikan, pawukón, pétúng, palintangan, ramalan, jångkå, pralambang, ngèlmu wêwangunan (arsitèktúr) lan liyå-liyané isíh akèh bangêt.
Wulangan Jawa síng ånå ing Tradisi
[6], adat istiadat, upåcårå (ritus, ritual), pêwayangan lan pêdhalangan (sêni widya, sêni riptå, sêni sastrå, sêni pèntas), têtêmbungan utåwå ‘ungkapan tradisional' lan liya-liyané bisa dadi sumbêr kanggo njingglêngi sumbangan Jåwå tumrap manajêmên.
Sêpisan,
nilai-nilai filsafati síng ånå ing sêsanti ‘mamayu hayuning bawånå', síng mbanjúr tambah dadi ‘mamayu hayuning nuså bångså, mamayu hayuníng sasåmå'. Wêwatón sêsanti iku ånå wulangan Jawa supåyå pådå ‘sadar kósmís', biså njågå, ngapikaké, nglêstarèkaké lingkungan (echo systêm). Ånå ing manajêmên pêmbangunan sinêbut pêmbangunan síng lumaku lêstari utåwå ‘langgêng' (sustainable development).
Kapindho,
ånå ing pêwayangan lan pêdhalangan akèh bangêt wulangan síng biså disumbangaké tumrap manajêmên . Wêwatón crita Ramayana ånå prinsip síng sinêbut ‘Astha Brata', wulangan cacah wólu supåyå bisa duwé watak hambêging : ‘kismå, tirtå, samirånå, samodrå, cåndrå, baskårå, dahånå lan kartikå'. Yåkuwi watak-watak: trêsnå, lomå, asíh, susilå anorågå, adíl, sabar, momór lan momót, madhangi, mratani lan bêngkas angkårå amúrkå.
Watak Ratu ugå sinêbut ånå ing pocapan dalang : ...‘déné utamané Nata bêrbudi bawa laksana'. Ratu utawa pêmimpín kudu ngugêmi lan mêmundhi sumpah, janji, prasêtyå, prinsip lan paugêran, têmbungé liya : ‘Sabdå Pandhita Ratu tan kênå wolawali'. Ratu utawa pêmimpín kudu njaga ilaté : åjå méncla-ménclé, åjå ésúk dhêlé soré témpé.
Katêlu,
nilai-nilai síng ånå ing kakawin, naskah-naskah, sêrat-sêrat, manuskríp Jåwå pêrlu digolèki, tuladhané yåkuwi sêsanti ‘Åjå Dumèh' , lamún sirå nduwèni panguwåså åjå ‘kumawåså', lamún sirå duwé wêwênang åjå ‘sêwênang-wênang'.
Nilai-nilai síng ånå sêsanti ‘Åjå Dumèh' gayút bangêt karo watak-watak lan kharaktêr pêmimpín síng prayogå ‘andhap asor, lêmbah manah lan nguwóngaké wóng'.
Sri Mangkunagara IV
[7] nulís ånå piwulang tumrap pårå nayåkå pråjå lan punggawa ånå ing têmbang Dhandhanggulå ‘Wêrdiníngkang warsitå jinarwi, wrúh ing khukúm iku watakirå, adóh marang kanisthané, pamicårå punikå, wèh rêsêpé ingkang miyarså, tåtåkråmå punikå, ngêdóhkên panyêndhu, kagunan iku kinaryå, ngupå boga déné kêlakuan bêcík, wèh rahayuníng rågå'.
Ånå manèh wulangan såkå Sri Mangkunagårå I yakuwi Tri Darmå : rumångså mèlu handarbèni, wajíb mèlu hangrungkêbi, mulat sarirå hangråså wani'.
Kêjåbå såkå iku, Mabês TNI ugå nêtêpaké 11 (sêwêlas) asas kêpêmimpinan TNI síng dijupúk såkå båså lan sastrå Jåwå, yakuwi :
Takwa, Ing Ngarså súng Tulådhå, Ing Madyå Mangún Karså, Tút Wuri Handayani, Waspådå Purbå Waséså, Ambêg Parama Årtå, Prasåjå, Satyå, Gêmi Nastiti, Bêlåkå lan Lêgåwå'.
Ånå manèh wulangan Jåwå síng pas bangêt mênåwå dicakakê ånå pêmêrintahan yåkuwi nilai-nilai síng ånå têmbúng ‘njågå pråjå'.
Konsèp njågå pråjå ora múng nåtå babagan pêmêrintahan, njågå katêtêntrêman, gawé Undang-undang lan liya-liyané, nanging wís malêbu ånå ing tataran njågå kawibawan, watak harkat lan martabat pårå nayåkå pråjå lan punggåwå. Prajané lêmbaga èksêkutif kudu dijågå, prajané lêgislatif lan yudikatif ugå kudu dijågå.
Drs RMP Sósrókartónó
[8] mènèhi wulangan, yåkuwi nilai-nilai síng ånå ing sêsanti :
(
1) ‘nglurúg tanpå bålå, mênang tanpå ngasóraké,
digdåyå tanpå aji, sugíh tanpå båndhå'
(2) anglurúg
tanpå bålå, tanpå gaman, ambêdhah tanpå pêrang,
tanpå pêdhang, mênang tanpå mêjahi, tanpå nyakiti,
wênang tanpå ngrusak ayu, tan ngrusak adíl, yèn
unggúl, sujúd bêkti marang sêsami'.
(3) lêladi Sasaminíng Dumadi, Mamayu Hayuníng
Sasaminíng Umat, Mamayu hayuníng Jagad, Ngawula
Dhatêng Kawulaníng Gusti, Mamayu hayuníng Uríp'.

Ånå ing babagan manajêmên politik síng kalêbu angèl lan rumit, ånå têtêmbungan síng pêrlu digatèkaké, yåkuwi : ‘kriwikan dadi grojogan, dhandhang diunèkaké kóntúl, kóntúl diúnèkaké dhandhang, ésúk dhêlé soré témpé, méncla-ménclé, cidra ing janji, ujaré mbolak mbalík mbulêt, njåbå putíh njêro irêng, mélík géndhóng lali, ånå dóm sumurúp ing banyu, nabók nyilíh tangan, mbidhúng apirowang', lan liya-liyané.
Sabanjuré ånå ugå têtêmbungan síng prayogå di ngrêtèni lan dirasakaké, yåkuwi : ‘sêpi ing pamríh ramé ing gawé', ‘gótóng róyóng holopís kóntúl barís', ‘åjå rumångså biså, bisåå rumångså', ‘tan mélík tan nampík', ‘manêmbah, manunggal, makarti, makåryå, mandhirêng', ‘têpå sarirå mulat sarirå, élíng prêcåyå, trêsnå, têmên, adíl, budi luhúr, ‘rukún agawé santoså, crah agawé bubrah', lan liya-liyané.
Kapat,
tradisi slamêtan utåwå wilujêngan tumrap wóng Jåwå bisa dadi wulangan.
Sadurungé miwiti pakaryan dianani slamêtan kanthi lambaran panyuwunan supåyå kabèh ayahan wiwít purwå, madyå, wasånå tinêmu slamêt, hayu, rahayu niskålå. Sawisé kabèh rampúng diadani syukuran síng ujubé ngaturaké panuwún marang Gusti Allah Síng Måhå Kuwåså.
Wulangan Jåwå tumrap pêrêncanaan tinêmu ana ing ‘tanggap ka', yakuwi wulangan supaya aja : ‘kêdhuwurên, kêdawan, kêgêdhèn êmpyak kurang cagak, kakèhên, kêbangêtên, kabablasên' lan liya-liyané.
Ånå manèh wulangan ånå ing têtêmbungan: ‘kêsusu sêlak åpå', ‘kêsuwèn ngêntèni åpå', ‘alón-alón ning kêlakón', síng rikat ning åjå kêbat kliwat', ‘síng gêmi nastiti ngati-ati', ‘åjå mindho gawèni', ‘síng rigên mugên lan têgên', ‘síng titi, rúkti rumanti', lan liyå-liyané.


Drs Darmantó Jatman SU [9] ugå ngandharaké bab nilai-nilai budåyå Jåwå síng gayút karo pêngawasan, yåkuwi prêluné ‘mawas diri' síng inik Jåwå minångkå prosès njingglêngi ‘diri pribadi' (self control, self assesmênt), lan anané nilai utåwå konsèp : nuturi, ngandhani, ngélikaké', ‘élik-élik, alók-alók, èlèk-èlèk', ‘ngono ya ngono ning ya åjå ngono' lan liya-liyané.
Drs Sutadi
[10] ugå njlèntrèhaké bab pêngawasan cårå Jåwå, nganggo cara laku ‘namúr kawulå', utawa ngirím parågå síng dadi ‘têlik sandi', kanggo ngrêtèni kaanan síng sanyatané.
Konsèp jåwå síng gayút karo pêngawasan, yakuwi : Déså måwå Cårå, Nêgårå måwå Tåtå', Síng Såpå salah Sèlèh', Mênåwå Kasinungan Panguwåså åjå Kumawåså, Jêjêg jujúr iku jêjêring Manungså' , lan liya-liyané.
Nilai-nilai étík lan moral síng migunani lan gayút karo pêngawasan uga tinêmu ånå ing : prasêtyå, janji, ikrar, sumpah, pêpali, wêwalêr' lan liya-liyané.
Båså lan Budåyå Jåwå akèh síng biså disinau, dijingglêngi lan ditêliti supåyå biså disumbangaké tumrap manajêmên. Kêmajuan babagan ilmu pêngêtahuan lan tèknologi prêlu disinau lan dicakaké tumrap manajêmên, supaya luwíh cêpêt, rancag, têpat lan akurat.


Déning : Ki Sutadi

[1] Koentjaraningrat, Prof Dr, Kebudayaan Jawa, PN Balai Pustaka, 1984
[2] Sri Hastanto, Dr, Peran Seni Budaya dalam Kehidupan Global, makalah, 2005
[3] JHC Kern,and Rassers, Ciwa dan Budha, Jambatan, 1982
[4] Pusat Bahasa, Sastra Jawa, Suatu Tinjauan Umum, Balai Pustaka, 2001
[5] Sutadi, Drs H lan RMA Sudi Yatmana, DR, Blencong 45, Aneka Ilmu, 2005
[6] Hardjono, Prof Mr, Tradisi Sosial, Fakultas Sosial Politik, UGM, 1965
[7] Karkana, Karangan Pilihan KGPAA Mangkunagara IV, Yayasan Centhini, 1992
[8] Sosrokartono, Drs RMP, Kumpulan Renungan Rebo Pahing, 1977
[9] Darmanto Jatman, Drs SU, Pengawasan Cara Jawa, makalah, 2004
[10] Sutadi, Drs, Pengawasan Menurut Budaya Jawa, makalah, 2004

 kds penutup
wangsul-manginggil

Логофет Вадимгриль сковорода lodgeполигон отзывы

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535806
  Hari ini     :  Hari ini :782
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1459
  Bulan ini   :  Bulan ini :10981
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang