Puspåwarnå - ᭙

37. Kusumaníng Bångså

Tanggal 10 Novèmbêr dipuntêtêpakên minångkå Hari Pahlawan. Pèngêtan utawi upåcårå dintên pahlawan dipún wóntêni ing sabên tlatah.
Cak-cakanipún warni-warni. Wóntên ingkang arupi upåcårå ing kantór-kantór, sarasèhan, nancêpakên têtêngêr bambu runcíng, rênungan suci, utawi ziarah ing Makam Pahlawan,
Sadåyå kålå wau mujúdakên pèngêtan kanggé ngúrmati agêngíng lêlabêtan pahlawan dhumatêng bångså lan nagari.
Dumugi wêkdal samangké, cacahipún pahlawan mbótên namúng éwón, nangíng malah yutan ingkang gugúr ing palagan, utawi surút ing alam kalanggêngan.
Sédanipún pårå pahlawan mbótên sagêt dipúnpisahakên kaliyan lêlabêtan utawi sujarah pêrjuwangan-ipún. Lêlabêtanipún dipunúrmati utawi dipúnpèngêti ing sabên wêkdal. Kanthi mênikå lajêng dipúnpilíh cårå utawi tåtåcårå kanggé ngèngêt-èngêt utawi ngúrmati pahlawan. Tumrap para punggåwå pangêmbatíng pråjå dipún wóntêni upåcårå, rênungan suci, ziarah utawi nyêkar wóntên makam pahlawan.
Kumandhangíng sangkakala ngrênggani swasånå rênungan suci ing makam pahlawan. Pårå sastrawan ugi ngúrmati pahlawan kanthi nganggít puji-pujian, syair, lêlagón utawi himnê ingkang mligi dipún pisungsúng-akên dhatêng pårå pahlawan.
Lumantar syair ingkang kasêrat, mujúdakên tåndhå yêkti kanggé ngúrmati miwah ngagúngakên asmanipún pårå pahlawan.
Kanggé ngurmati pårå kusumaníng bångså kathah sangêt têtêngêr ingkang dipún damêl. Rupinipún warna warni lan kathah ingkang pinanggíh ing sabên tlatah.
Inggíh mênikå arupi monumèn, astånå, têtêngêr, cåndrå sangkålå, patúng, dhiorama lan sanès-sanèsipún. Supadós mbótên kêpatèn óbór, wóntên ing pamulangan kathah gambar pahlawan ingkang kapacak wóntên ruang kêlas. Kajawi mênika kanggé mèngêti dintên pahlawan inggíh dipún wóntêni drama ingkang paraganipún ngginakakên simbol-simbol pêrjuwangan.
Upaminipún manggúl bambu runcíng, ngagêm pita, brós utawi lêncana ingkang rupinipun abrít pêthak lan sanès-sanèsipún.
Buku-buku ngèngingi pêrjuwangan pårå pahlawan ugi dipúncêtak supadós dadós waósan ingkang sagêt nêdahakên lan ngèngêt jiwå lan sêmangat pahlawan, mliginipun dhatêng pårå siswa ing pamulangan.
Bêbadan éksêkutif lan législatif inggíh wóntên ingkang nêtêpakên nami ratan kanthi nyêrat asmanipún pahlawan wóntên ing plang-plang pinggír margi.
Ingkang sadayanipún supadós dadós pangèngêt-èngêt tumrap pahlawan ingkang kathah lêlabêtanipún dhatêng nuså lan bångså.
Wóntên malíh cårå kanggé ngèngêt-èngêt pårå kusumaníng bångså kanthi maringi nami Taman Makam Pahlawan, inggíh mênika: Giri Tunggal, Ratna Nagara, Kusuma Nagara, Ratna Bantala lan sanès-sanèsipún.
Têmbúng-têmbúng kêmbang, sêkar, púspå, ratna, lan sanès-sanèsipún dipúnpilíh kagêm nami utawi sêsêbatan TMP.
Wêrdi lan suraósipún supadós pårå pahlawan ingkang sumaré ambabar lan nyêbar dåyå panga-ribåwå ingkang ambêtipún wangi lan arúm.
Wóntên satêngahíng pèngêtan dintên pahlawan wêkdal mênikå, wóntên babagan ingkang pantês dipúndadósakên tulådhå utawi kaca brênggålå.
Sakíng sujarah kamardikan taún 1945, kathah sangêt babagan ingkang prêlu dipúnpindêng.
Sêsanti ingkang cacahipún kathah sangêt, upaminipún: ’mêrdéka atau mati’, sêpi ing pamríh ramé ing gawé, gótóng róyóng holopís kontúl barís, rawé-rawé rantas malang-malang putúng, rukún agawé santosa, crah agawé bubrah, lan sanès-sanèsipún sampún nyawiji wóntên pêrjuwangan taún 1945.
Watak utawi étós nasional-ismê, patriótismê, héroismê, sêmangat sêtya kawan lan sanès-sanès-ipún sagêd dipún-trêpakên kaliyan kawóntênan wêkdal samangké.
Nilai-nilai taún 1945, kalêbêt ing ngriki nilai kêpahlawanan ingkang cacahipún kathah sangêt, sagêt dadós bundhêlan kanggé ngadhêpi kaanan wêkdal samangké.


Déníng : Ki Sutadi
Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

Логофет Вадимкисти для макияжа White Lineофициальный никас сайт харьков

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9925823
  Hari ini     :  Hari ini :200
  Kemarin     :  Kemarin :1544
  Minggu ini   :  Minggu ini :5969
  Bulan ini   :  Bulan ini :25448
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 8

Kontak Admin.

email-kidemang