Puspåwarnå - ᭙

44 Gumelare Watak Satriya Abdi Nagara

Ana ing jagad pewayangan, akeh banget paraga kang duweni sesebutan satriya. Dedununge ana ing kasatriyan minangka papan kang mirunggan kanggo para sinatriya. Tuladhane, Sang Wrekudara duweni kasatriyan ana ing Munggulpamenang. Sang Arjuna ana ing Madukara, Antareja ana ing Saptapratala, Gatutkaca ana ing Pringgadani, Abimanyu ana ing Plangkawati, Raden Samba ana ing Paranggarudha, Arya Sentyaki ana ing Swalabumi, lan liya-liyane. Cacahe akeh banget nganggo tembung kang sarwa apik lan endah. Jejere para satriya ana ing pewayangan, tinemu ana ing simpingan wayang pering kiwa lan pering tengen. Bebudene para satriya kang ana ing simpingan tengen ora sarwa apik lan sempurna. Sabanjure para satriya kang ana ing simpingan kiwa ora kabeh ala, nanging ana kang tinemu apik. Ulah kridhane para satriya ing pewayangan ora ana kang sempurna, kang sempurna ya mung Gusti Kang Maha Sempurna. Nyambung karo babagan iki, gumelare watak satriya caket lan raket karo budi pakarti, cipta, rasa lan karsa. Satriya dadi paraga minangka ’carakaning’ nagara. Ulah kridhane satriya banjur nuwuhake darmaning satriya marang nagara, nusa lan bangsa. Lelabuhane para satriya ana ing ranah nagara ora winates madeg senopati ana ing palagan, nanging jembar tebane. Ngukup lan nyakup perangan kang maneka warna, yaiku: babagan laku jantraning nagara, kawicaksaning nagara, paugeraning nagara, panguwasane nagara, kawulaning nagara, lan liya-liyane. Karana iku, ulah-kridhane satriya ana ing pewa-yangan jembar lan banjur malembar tumeka ing tlatah lan ranah kang maneka warna. Gumelare watak satriya banjur hambabar darma, lelabuhan, ayahan, lan pakurmatan kanggo para Dewa, Ratu (Gustine), para brahmana utawa pandhita, nagara, lan para kawula; mligine kang lagi nandhang papa lan kasangsaya. Darmaning satriya banjur nyawiji utawa manungal ana ing ayahan nagara. Babagan nagara ana ing janturan ki dalang, sesambungan karo kahanan nagara kang panjang apunjung, pasir awukir, loh jinawi, gemah ripah, tata tur raharja. Ana ing sastra pedhalangan uga ingucapake manawa ayahan nagara supaya bisa ’weh boga marang kang kaluwen, weh sandhang marang kang kawudan, weh teken marang kang kalunyon’. Kajaba saka iku dicaritakake menawa para mantri bupati sapanekare wicaksana, limpad ing kawruh, lan tansah hangudi raharjaning praja. Gumelare watak satriya ana pewayangan ora kabeh bisa dicakake ana ing jaman wektu saiki. Saperangan pancen bisa dadi tuladha utawa kaca brenggala. Ananging ana perangan liyane kang angel dicakake. Apamaneh manawa malebu ing babagan filosofi darmaning satriya tumrap bangsa lan nagara. Sawijining perangan kang gampang disinau, dingerteni, nanging ora gampang dicakake ana bebrayan wektu iki. Paraga satriya ing wektu iki nyakup kabeh paraga kang lagi ngemban lan ngembat praja. Bisa sinebut abdi praja lan abdi nagara, utawa kabeh paraga kang ana ing birokrasi nagara. Ana kang ngabdi ing bebadan eksekutif, legislatif, lan legislatif. Kabeh padha ngayahi tugas lan kuwajiban kanggo mujudake kahanan supaya luwih adil, makmur lan sejahtera. Handhudhah pitutur luhur utawa piwulang kautaman kanggo para satriya ana ing pewayangan lan kasusastran Jawa liyane tinemu akeh. Wulangan kanggo para satriya ana ing pewayangan tinemu ana teks-teks Pustakaraja Madya anggitane R.Ng.Ranggawarsita. Para satriya prayoga sinau, nyinau lan nyecep wulangan Asthabrata. Ajaran Asthabrata nuntun para pangemban pangembating praja supaya duweni hambeg utawa watak  wolu, yaiku watak-watak : pratala (bumi), tirta (banyu), dahana (geni),  maruta (angin), surya (srengenge), candra (rembulan), kartika (lintang), himandha (mega). Manawa di ringkes, wulangan Asthabrata nyakup ayahan supaya mindeng filosofi lan gumelare alam saisine. Para satriya diprayogakake supaya duweni watak-watak seneng weh (dana driyah), menehi pepadhang, gawe seneng lan tresna asih marang rakyate, susila anoraga, luhur ing budi, adil paramarta, tegas lan wani mbrastha watak ala, hangganjar marang wong kang apik amarga wis leladi marang nusa-bangsa, lan menehi paukuman marang wong kang salah. Ana maneh pocapan dalang kang bisa dadi pepeling kang surasane kamot ana ing sesanti Sabda Pandhita Ratu tan kena wola wali, lan Berbudi Budi Bawa Laksana. Wulangan iki nuntun supaya para satriya bisa netepi pangandika aja padha mbalenjani marang janjine. Aja mencla-mencle, esuk dhele sore tempe, sore tempe esuk dhele. Ana ing pewayangan ajaran Asthabrata digelar ana ing lakon Wahyu Makutharama kanggo wulangan para  satriya supaya bisa mujudake kahanan tata tentrem, adil makmur, lan raharja. Wulangan tumrap para satriya supaya tumindak adil uga tinulis ana ing Serat Ajipamasa kanthi sesebutan: Sama-Bedha-Dhana-Dhendha, Nistha-Madya-Utama, Anata (ngatur), Aniti (naliti), Apariksa (ngawasi), Amisesa (ngadili). Para satriya kang duweni wewenang utawa lagi amurba amasesa, kudu ngerteni lan nguwasani babagan etika moral kang ngemot wulangan bener-luput, becik-ala, pantes-ora pantes, lan liya-liyane. Akeh banget pitutur utawa piwulang kang gampang dipandeng lan dipindeng, ananging tinemu angel aliyas ora gampang dicakake. Apamaneh ana ing jaman transisi dhemokrasi wektu saiki.


Déníng : Sutadi
Pangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

игровой автомат fairy land лягушкисковорода блинная чугуннаяалександр лобановский харьков

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535777
  Hari ini     :  Hari ini :753
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1430
  Bulan ini   :  Bulan ini :10952
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang