Puspåwarnå - ᭙

46 Jiwa Merdika Adhedhasar Pancasila

Jiwa merdika bisa dijarwani jiwa kang ora kejiret utawa kebanda dening kahanan. Jiwa merdika duweni surasa yaiku ora kasangsaya dening prekara kang maneka warna. Tuladhane ora kejiret prekara ekonomi, babagan sandhang, pangan, papan, undhaking rega-rega lan maneka warna kebutuhan kadonyan liyane. Kahanane sarwa kecukupan lan kepenak ora mlarat utawa kesrakat. Jiwa merdika uga duweni titikan ora kegubel prekara lan lelara. Awake karasa bagas waras ing wektu awan, sore, bengi nganti prak esuk. Mula banjur ana unen-unen, dhemit ora ndulit-setan ora doyan, kala kalane sumingkir.

Jiwa merdika ana ing kebatinan Jawa, ngluhurake Semar minangka pralambang ngelmu gaib. Udakara taun 1950-an tinemu ana kaligrafi Jawa gambar Semar, unine: ’Baya sira arsa mardi kamardikan, ajwa samar sumingkiring dur kamurkan’. Kekeran lan kekarepan mardi kamardikan ana ing kene duweni gegayuhan yaiku mardikaning jiwa. Jiwanggane dibudidaya supaya ora dijajah dening hawa-nepsu kadonyan. Watak dremba, murka, ala, lan njalari rusaking kahanan disingkiri utawa didohi. Manungsa Jawa kang sejati duweni pekerti hangudi lan ngresiki jiwa supaya ora kebanda dedosan.

Ngendhaleni hawa nepsu dadi laku supaya jiwa lan suksmane merdika tumuju urip kang sempurna. Filosofi kamardikan ana ing jagad kejawen, tinemu ora beda karo surasa kamardikan ana ing sujarah kabangsan. Wiwit taun 2008, jiwa bangsa kang merdika inukir ana ing Sumpah Pemuda taun 1928. Wektu iku bangsa Indonesia kepengin bebas merdika ora kebanda karo penjajahan walanda. Kabangsan Indonesia utawa jiwa merdika wektu iku sangsaya ngrembaka tumuju Proklamasi kamardikan Indonesia ing taun 1945. Gelenging tekad, ana pilihan cacah loro nanging siji yaiku, merdika utawa mati. Jiwa bangsa kang mardika lan wani mati dadi swasana kebatinan kanggo merdikakake bumi Indonesia. Penjajahan Jepang lan Walanda kudu dikendhangake saka Bumi Nuswantara. Bung Karno, Bung Hatta, lan para paraga kang sinebut ’the founding fathers’  banjur nggantha lang ngrum-paka tatanan Nagara Indonesia adhedhasar Pancasila.

Ana ing babagan politik jiwa kang mardika manjing ana ing rakyat kang duwe purba lan wasesa kanggo mranata nagara. Tembunge kang populer diarani kedaulatan ana tangane rakyat. Nagara ditata lan dirumpaka dening rakyat, saka rakyat lan kanggo rakyat. Prinsip dhemokrasi dipilih kanggo mranata lan ngatur nagara. Dhemokrasi duweni substansi merdika ing kabeh babagan panguripan, yaiku sosial, ekonomi, politik lan liya-liyane. Lumakune dhemokrasi kawiwitan ing jaman Demokrasi Terpimpin (1959-1965), Demokrasi Panca-sila (1967-1998), banjur malebu ing jaman transisi demokrasi sawuse gerakan reformasi tekan wektu iki.

Mindeng lumakune dhemokrasi wektu iki, ana pakar politik sing ngarani menawa obahing reformasi kasil nggugah semangat dhemokrasi politik. Kebebasan ing babagan politik banjur nglairake parte-parte kang cacahe patang puluh wolu.

Pemilihan Umum minangka ajang kanggo ngecakake demokrasi politik banjur rumit. Karasa menawa pimpinan parte padha murka, dremba lan butarepan.
Akeh kang padha rebut ngarep supaya bisa nguwasani kursi legislatif lan eksekutif. Akeh politisi padha pecah lan dredah ana ing ranah politik. Kahanan politik gonjang ganjing lan ngalirake ekses kang werna-werna. Kamardikan ing babagan politik kang surasane merdika utawa bebas, karasa kebebasen utawa kebablasen.

Ana nimpuna utawa pakar kang ngarani menawa wektu iki akeh politisi kurang nyecep filsafat politik, nanging padha ngumbar pilsyahwat politik. Jiwa merdika ditafsirake bisa bebas sakarepe dhewe, bebas dhemo, bebas ngrusak, utawa bisa bebas tumindak sakerepe dhewe. Jiwa merdika kang oyode saka sujarah lan tradhisi bangsa dicakake nganggo nalar kang cupet, mula banjur nglairake kahanan kang ruwet. Ndungkap ambal warsa kamardikan Republik Indonesia kaping 64 taun, isih tinemu kahanan masyarakat kang mrihatinake. Akeh warga kang durung bebas saka kemiskinan, pengangguran, kemlaratan, lan kasangsaran. Durung kabeh warga ngrasakake kahanan kang adil lan makmur kanthi warata. Karana iku dhemokrasi prelu dibudidaya supaya bisa dadi sarana njamin lan mujudake kahanan kang luwih adil lan makmur.

Dhemokrasi mbutuhake anane paugeran utawa peraturan. Lumakune kebebasan kudu wewaton Pancasila dhasaring nagara. Pratelan ngenani cak-cakaning dhemokrasi prelu dirinci adhedhasar filosofi Pancasila. Ana ing alam transisi dhemokrasi wektu iki, prayoga manawa gujengan filosofi gotong royong. Gotong royong minangka sistim sosial prelu dijumbuhake karo kahanan. Nanging gotong royong minangka sistim nilai prelu dicakake kanggo mbangun nagara. Ayahan mbangun nagara ora bisa dipisahake karo ayahan mbangun bangsa. Karana iku ana pepindhan ing pewayangan, yaiku nagara kudu bisa: ’weh pangan marang wong kang kaluwen, weh teken marang wong kang kalunyon, weh sandhang marang wong kang kawudan, weh pepadhang  marang wong kang lagi nandhang peteng’. Kanggo mujudake ayahan iki, prayoga manawa duweni lan gujengan sesanti  ’Samjaya’  kang ngemu teges ’bersama kita jaya’ .


Déníng : Sutadi
Pangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

игровой автомат колумб columbusrus youtubeхарьков никас официальный сайт

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

8535829
  Hari ini     :  Hari ini :805
  Kemarin     :  Kemarin :921
  Minggu ini   :  Minggu ini :1482
  Bulan ini   :  Bulan ini :11004
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 14

Kontak Admin.

email-kidemang