Puspåwarnå - ᭙

48 Mbangun Praja  Kangge nanggapi Ewah-ewahan Jaman

Keparengna kula ing ngriki murwakani andharan kanthi lelandhesan Tema ‘Kanthi Niyat Nandur Tekat kang Kuwat, ngudi marang Sejatining Becik, Pamarentah lan Bebrayan Kutha Semarang nedya Mbangun Santosane  Jatidiri  Bangsa’.
Wewaton tema menika, wonten tembung-tembung pinilih (keywords), ingkang prelu dipun priksani kanthi premati, inggih menika:
(1) Niyat lan tekad ngudi  kabecikan
(2) Pamarentah lan Bebrayan kitha Semarang
(3) Mbangun  santosane  Jatidiri Bangsa.
Naliti tembung-tembung kasebat, wonten konsep (concept) lan wos (esensi, content) ingkang prelu dipun dhudhah tuwin dipun jingglengi.
Ingkang sepisan, niyat lan tekad ngudi kabecikan.
Tiyang Jawi anggadhahi aksara Jawi  (ha, na, ca, ra, ka//  da, ta, sa, wa, la// pa, dha, ja, ya, nya// ma, ga, ba, tha, nga) mengku nilai-nilai (values), ingkang sae, endah lan adi (luhung, luhur). Aksara  ‘nga-ba’ kaserat kawitan murwakani seratan salajengipun. Aksara ‘nga-ba’ manawi kaserat jangkep, mracihnani wontenipun niyat ‘ngajab becik’, utawi ‘mangajapa becik’.  Falsafah, values, menapa dene isinipun, mengku panga-jab supados sadaya ayahan ingkang badhe katindakaken lelan-dhesan niyat ingkang sae (tuwin tekat ingkang kiyat).
Ingkang kaping kalih, ‘ngudi’ utawi mbudidaya mujudken samukawis ingkang dipun (e)ner. Tembung sanesipun, mbu-didaya supados visi, lan  gegayuhan  ingkang  kajangka  saged kasembadan. Pramila wonten pepiridan  ingkang  nuntun  dha-teng   kasembadaning  sedya,  sadaya ayahan prayogi dipun: jangka, (utawi) jinangka, (lajeng) jinangkah, supados jinang-kung dening Allah Subhanahuwataala.
Menika mracihnani bilih ‘ngelmu panjangka’ (perencanaan) supados dipun tengenaken.  Visi utawi gegambaran kaanan ingkang sae (adi, endah) prelu dipun tetepaken; kalajengaken prelunipun ‘misi’ supados sadaya ingkang kajangka saged kasembadan. Budaya Jawi nengenaken babagan menika. Pramila, manawi  badhe  nindakaken ayahan  (ingkang wigatos), ngawontenaken ‘wilujengan’ supados tumapaking damel wiwit ‘purwa-madya-wasana’ saged kasembadan kanthi sae, rahayu, niskala. Sadaya ingkang katindakaken trep kaliyan kaanan, mawas wekdal tuwin panggenan, linambaran lampah ‘anggelar pemandeng tuwin pemantheng’.
Ingkang kaping tiga, Pamarentah lan sadaya elemen masyarakat prelu ‘saiyeg saeka praya’  mbangun praja  supados  murakabi tumrap masyarakat, bangsa lan nagari, jumbuh lan trep kaliyan Jatidiri Bangsa. Sadaya  institusi pemerintahan (eksekutif, legislatif), lan bebrayan  ingkang  arupi  bebadan menapa kemawon, upaminipun: paguyuban, paheman, perhimpunan, persatuan, ‘lembaga swadaya masyarakat’, partai politik lan sanes-sanesipun, prelu mbudidaya andayakaken (empowering, empowerment) potensi  ingkang wonten kalebet (n)jawi rangkah, tataran provinsi, nagari tuwin brayan global.
Sadaya potensi prayogi dipundayakaken kangge mujudaken kahanan ingkang majeng, adil, makmur, mandiri,  lan kawentar, lelandhesan jatidiri bangsa.
Ewah-ewahan Jaman lan krisis Multi Dimensi
Manungsa ingkang kalairaken  ing alam donya dumados   saking  ewah-ewahan  ingkang  lumintu. Kawiwitan saking  ewah-ewahan  (sang) ’kala’  wiwit  detik,  menit,  jam, dinten, pasaran, wulan, lan taun, salajengipun, njangkah lan nembus rangkah (ruang, space) ingkang tebanipun wiyar sanget.
Ewah-ewahan dumados, lan nemah lingkungan alam ingkang arupi: bumi, lepen, toya, hawa, mangsa, tetaneman, (flora), kewan, rajakaya, sato iwen (fauna), pangupa jiwa, panggesangan, papan,  pakarangan, pemukiman, pasabinan, lan sanes-sanesipun. Kajawi menika, ewah-ewahan ugi nemah lingkungan manungsa ingkang arupi: jinis, cacah, pikiran, watak, basa, sastra, idiologi, politik, ekonomi, hukum, pamarentahan, lan sanes-sanesipun. Ewah-ewahan nemah sistem kabudayan ingkang tebanipun jembar sanget. Sadaya tansah ebah-ewah mboten wonten ingkang mandheg. Ewah-ewahan budaya ingkang dumados, ambanyu mili, wonten ingkang cepet, wonten ingkang rendhet,wonten ingkang ical,  lan sanes-sanesipun. Kaanan ing donya mboten wonten ingkang langgeng, ingkang langgeng inggih ewah-ewahan menika. Jaman samangke, lampahing ewah-ewahan kapara cepet, amargi kapecut dening teknologi, informasi, modernisasi lan globalisasi.
Ewahing kaanan wonten ingkang dipun mangertosi lumantar ngelmu panjangka (prakiraan, prediksi), ananging ugi wonten ingkang angel dipun mangertosi. Kalebet kawontenan alam arupi musibah ingkang warni-warni, wontenipun lindhu, tsu-nami,banjir bandhang,angin lesus,kobongan,flu manuk, lum-puh layuh, kirang gisi, DBD, pageblug, lan sanes-sanes-ipun. Saperangan wonten ingkang saged dipun mangertosi; namung   wonten  saperangan  ingkang  mboten saged dipun prediksi, malah kapara samar,  amargi  kasengker, lan ka-wengku  dening  panguwaosipun   Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawasa, Gusti Ingkang Murba, lan Masesa jagad saisinipun.
Ewahing kaanan ugi kadayan dening  pembangunan ing-kang katindakaken.   Ayahan  pembangunan  ing era  orde baru  kasil  mbangun  babagan  fisik, inggih menika: mbangun gedhong, mal-mal, pasar-pasar modern, estate-resort, hunian eksklusif,  hotel-hotel ingkang inggil, lan asri,  griya sakit ing-kang modern, lan sanes-sanesipun.
Sadaya ngatingalaken kawontenan ingkang majeng, modern, teknologi-nipun canggih, sarwa computerized, lan sanes-sanesipun. Lambang-lambang kalairan ingkang kasebat ultra modern, lan canggih sampun mrambah lan mratah mboten namung ing kitha malah sampun dumugi tlatah padesan.
Namung prelu kawuningan bilih pembangunan ingkang sampun lumampah wiwit orde baru, kasurung faham ‘develop-mentalisme’.  Faham ‘developmentalisme secularis’ langkung ageng pengaruhipun katimbang faham ‘developmentalisme humanis’. Lampahipun faham  ‘developmentalisme   secularis’ celak  kaliyan  faham kapitalisme lan individualisme, ingkang ndayani kaanan ingkang nengenaken babagan kalairan.
Ayahan pembangunan ugi kadayan  idiologi ‘fragmatisme’ ingkang asipat jangka pendek’, kirang mandeng lan ngudi babagan ingkang asipat ‘jangka panjang’. Pemandeng lan pemantheng ingkang adhedhasar faham idealisme kirang dipun ginakaken amargi nengenaken bab-bab ingkang ’praktis pragmatis’.
Samangke, ewah-ewahan budaya ingkang kadayan de-ning globalisasi, nuwuhaken ombyaking jaman (mainstream) ing babagan kalairan, karagan, lan kadonyan. Babagan karagan ugi penting namung dayanipun’ lajeng  kirang ngudi babagan kajiwan lan alam kalanggengan. Budaya ingkang nengenaken kadonyan (materialisme) langkung ageng dayanipun katimbang  budaya kajiwan utawi lampah spiritual. Globalisasi ingkang isinipun interaksi budaya manca karana majenging iptek, mboten sadaya ngasilaken kaanan ingkang sae. Saperangan malah wonten ingkang nuwuhaken dampak utawi imbas ingkang awon.
Kaanan ingkang mrihatosaken asring kabiwarakaken wonten ing media cetak tuwin tayangan media elektronika. Wonten ing koran Meteor, Pos Kota, Pos Sore, Posmo, kriminal,   lan sanes-sanesipun, asring kagambar kanthi vulgar. Samanten ugi wonten ing  giyaran TV rubrik Buser, Brutal, Kriminal, Kanal, Hotspot, Tikam, lan sanes-sanesipun ngetingalaken kawon-tenan ingkang damel miris tuwin girising manah. Asring katingalaken adegan pornografi, pornoaksi, ngumbar syahwat, perselingkuhan,  perkosaan, miras, narkoba, anak mejahi ibu-nipun, bapak mejahi anak, putu mejahi embahipun, tumindak wengis, pelanggaran HAM, pengadilan massa, teror bom, lan sanes-sanesipun. Krisis kamanungsan (dehumanisasi), sampun lumampah lan mrambah wonten ing tengahing bebrayan.
Kaanan ’krisis kamanungsan’ ingkang makaten, katam-bahan kaanan ekonomi ingkang karaos awrat. Krisis moneter ingkang kawiwitan  taun 1997, dumugi samangke kawon-tenanipun dereng pulih lan taksih mrihatosaken, katitik saking wontenipun: pertumbuhan ingkang stagnan, utang luar negeri, pengangguran, pemutusan hubungan kerja (phk), kemiskinan, KKN ingkang ‘ngrembaka’, money laundring, skandal BLBI, wos impor, penyelundupan, ilegal logging, mlorotipun ekspor, alas ingkang risak, prekawis freepot, panen ingkang gagal utawi puso, lan sanes-sanesipun.  Kawontenan krisis ekonomi ingkang makaten katambahan kaanan ingkang mrihatosaken ing babagan sosial lan budaya.
Salajengipun, wonten ing tengahing bebrayan, ingkang  sinebat  ‘multi organization society”, katambahan lampahipun faham demokrasi, kapara nambahi rumit ayahan pamarentahan lan pembangunan. Faham demokrasi ngusung babagan ingkang saperangan karaosaken sae, namung kanyatanipun benten kaliyan ingkang dipun gantha. Keadilan lan kemakmuran  dereng saged dipunwujudaken. Demokrasi ngusung preskripsi, inggih menika: pamarentahan ‘dari rakyat, oleh rakyat, untuk rakyat’, prelunipun wakil-wakil  ing  lembaga  perwakilan (legislatif), prelunipun   partai-partai, prelunipun pama-rintahan ingkang dipun awasi (cheks and balances), lan prelunipun hukum ingkang jejeg (supremasi hukum). Demokrasi mbetahaken kadiwasan, ngurmati pamanggih ingkang benten, lan ngurmati hukum.
Ewa semanten cak-cakanipun cengkah kaliyan prisip-prinsip demokrasi (sejati). Tuladhanipun, manawi kawon ing pemilihan umum utawi pilkada kathah ingkang mboten legawa lajeng ngancam, demo ageng-agengan, wonten ingkang ngrisak utawi tumindak anarkis. Preskripsi (moral) wonten ing paham demokrasi pinanggih benten kaliyan ingkang wonten lapangan. Kiprahipun para elite politik ingkang  gentlemen, resik, lan jujur, karaosaken taksih  tebih saking kanyatan.
Wonten ing jagad politik (praktis), wonten kaanan:  ngrembakanipun budaya demo, ngancam, meksa, pengerahan massa, lan sanes-sanesipun. Budaya politik ingkang lumampah katingal kebak konflik, perang tanding, lan sanes-sanesipun. Tatakrama lan sopan santun politik sampun mbleret. Kaanan politik asring obah, owah lan mboten stabil. Wonten politisi ingkang  kirang pangertosanipun ing babagan moral, etika lan ’filsafat’ politik.
Wonten ing pamerintahan kathah peraturan perundang-undangan ingkang sipatipun situasional.  Undang-undang ing-kang dereng medal aturan pelaksanaan-ipun badhe dipun ’yudicial review’ utawi kadhesek badhe dipun revisi. Pramila wonten ing kabupaten/kitha asring nuwuhaken prekawis. Cak-cakanipun otonomi daerah kapara kebablasen.Kathah pepalang ingkang lajeng ngrerendhet lampah, amargi kedah nut  tatacara ingkang sinebat ’demokratis’. Demokrasi ingkang celak kaliyan faham liberalisme cak-cakanipun lajeng kebablasen. Demokrasi dipuntafsiraken  saged ’bebas’ tumindak punapa kemawon kalebet saged  ’ngrisak’  menapa kemawon.
Mbangun Praja Lelandhesan Jati Dhiri Bangsa
Wekdal samangke Indonesia taksih ngadhepi krisis multi dimensi. Campur aduking prekawis ing bidang ekonomi, politik, hukum, pamarentahan, sosial, budaya lan sanes-sanesipun, katrajang  ombak globalisasi ingkang dayanipun ageng sanget.
Globalisasi ingkang lumebet ing TV ngusung budaya manca ingkang benten kaliyan budaya Indonesia. Ombak globalisasi saperangan mbeta virus ingkang kadayan saking idiologi individualisme, kapitalisme, materialisme, lan hedonisme.
Kajawi menika ombak globalisasi ugi mbeta sampah budaya manca ingkang saperangan mboten trep kaliyan budaya Bangsa. Globalisasi lan interaksi budaya asing ingkang lumam-pah wonten ingkang nabrak nilai-nilai (values) ingkang sae. Nilai-nilai ingkang sae, lan taksih dipun rungkebi saget risak katerak budaya asing. Gelaring globalisasi ingkang karaos ndheseg-ngrangseg, saged ‘ngrubuhaken’ Jatidiri Bangsa ingkang sampun kagegem, karegem, lan kadarbe dumugi samangke. Krisis utawi tragedi kamanungsan ingkang keda-dosan ing saperangan tlatah, nggambaraken kawontenan ingkang tebih kaliyan kaanan ’adil dan beradab’. Kaanan ingkang arupi Kemiskinan, Kebodohan, Keterbelakangan (K3) ugi dereng saget dipunentasaken.
Wontenipun gerakan saparatis (’Aceh’, Papua) ingkang kepengin merdika lan misah saking NKRI inggih dereng saget dipun udhari. Wawasan kabangsan karaosaken luntur, kadayan, lan kadhesek kaliyan faham individualisme, liberalisme, kapitalisme, materialisme, lan hedonisme.
Dumugi titi wanci samangke Ibu Pertiwi taksih nandhang krisis multi dimensi. Prahara alam arupi musibah ingkang maneka warni taksih kadadosan ing saperangan tlatah bumi Nuswantara.
Gegandhengan kaliyan kaanan kasebat, prelu wontenipun ayahan (ageng) ingkang sinergis ing  tataran  pusat, provinsi, kabupaten, kitha, kecamatan, dumugi tataran kalurahan, lan  RW/RT.  Ayahan  ’Mbangun Praja’  wekdal samangke karaosaken angel lan rumit (complicated). Prekawis ingkang badhe dipun udhari sakelangkung rumit tuwin campur adhuk. Babagan politik campur kaliyan babagan ekonomi, sosial, budaya, hukum,  pamarentahan, keamanan, lan sanes-sanesipun.
Kajawi menika wonten prekawis ingkang kalebet wonten ing tataran nasional.  Kathah prekawis ingkang mboten  saged dipun udhari kanthi cepet, amargi prelu kajangka gangsal taunan, sadasa tahunan, utawi selangkung taunan.
Dumugi wekdal menika sampun kathah pamanggih para pakar ingkang prelu dipun dadosaken referensi kagem ngentasaken krisis multi dimensi. Kajawi menika kathah wulangan ingkang prelu kapethik saking sejarah jaman Orde Lama lan Orde Baru. Pengalaman sejarah ing manca nagari saperangan ugi saged dipun dadosaken referensi. Upaminipun kados pundi pembangunan ing China, Jepang, India lan Malaysia wonten ing alam global.
Ayahan ’Mbangun Praja’  tebanipun jembar sanget, mboten namung mbangun babagan idiologi, politik, sosial, ekonomi, hukum,  lan sanes-sanesipun. Konsep (concept) lan esensi (content) Mbangun Praja nggadhahi cakupan mboten namung babagan lair,  perangan  batin,  perangan watak, utawi kajiwan ugi kacakup. Mbangun Praja nyakup ayahan kangge mujudaken kaanan ingkang sae, inggih menika mbangun babagan watak, ’harkat, lan martabat’.
Mbangun Praja nyakup ayahan supados ’harkat lan mar-tabatipun’ institusi eksekutif, legislatif, yudikatif, langkung sae, resik, jujur, pangandikanipun sae, tumindakipun sae, disiplin, ngugemi aturan, mboten KKN, lan sanes-sanesipun.
Mbangun Praja ugi nyakup ayahan supados bebadan, paheman, paguyuban, LSM, partai, komite, asosiasi, perhimpunan lan sanes-sanesipun nggadhahi watak, harkat lan martabat ingkang sae. Konsep mbangun watak, harkat lan martabat sampun malebet wonten ing konsep ’good governance lan good corporated governance’.
Taksih sesambetan kaliyan ayahan Mbangun Praja, wonten ing babagan administrasi, manajemen lan kepe-mimpinan wonten referensi ingkang prelu dipun jingglengi.
Sampun wekdalipun para pemimpin utawi elite politik langkung nengenaken babagan  etika, moral, jujur,  adil, lan profesional. Kajawi menika elite politik prelu  anggadhahi  watak  ingkang  saged ngrembakaken semangat nasionalisme lan patriotisme ingkang ageng. Ngadhepi ewah-ewahan jaman lan wontenipun krisis multi dimensi, wonten pakar ingkang ngendikakaken prelunipun pemimpin-pemimpin ingkang anggadahi kompetensi manusiawi (la competence humaine), kompetensi teknis (la competence technique), tuwin kompetensi memutuskan (la competence decisionelle).
Kompetensi mujudaken satunggaling bab ingkang penting, lan wigatos (sanget)  kagem sarana ngentasaken krisis multi dimensi. Wonten ing tataran pundi kemawon, utawi komunitas pundi kemawon prelu nengenaken lan mapanaken sumber daya manusia (SDM) ingkang nggadhahi kompetensi. Kompetensi sambet lan raket kalian babagan ingkang sinebat kecerdasan emosional lan spiritual (EQ, ESQ). Sampun wekdalipun  nengenaken,   lan  mapanaken  pemimpin  ingkang anggadhahi integritas ingkang saged  ngrembakakaken  watak  rukun tuwin ngiyataken  semangat Bhineka Tunggal Ika.
Sampun wekdalipun nengenaken ayahan ingkang sinebat mbangun watak lan karakter bangsa (nation and characters building).  Wawasan kabangsan prelu dipun kiyataken (malih) linambaran tekad ingkang kiyat ngadhepi ewah-ewahan jaman. Ayahan pembangunan ingkang nengenaken watak, budi pekerti, lan karakter bangsa, prelu dipun dayakaken malih.
Kajawi mbangun watak lan karakter Bangsa, ayahan pembangunan linambaran wawasan budaya lan jatidiri bangsa prelu dipun tengenaken. Budaya mancanagari ingkang mbeta virus budaya lan ngusung idiologi liberalisme, individualisme, kapitalisme, lan hedonisme,  prelu dipun tanggapi kaliyan idiologi ingkang lair wonten ing bumi Nuswantara.  Kanthi punika, prelu dipun dayakaken malih sadaya potensi, falsafah, lan wulangan, ingkang jumbuh lan trep kaliyan jatidhiri Bangsa.
Pengalaman sejarah nedahaken bilih Bangsa Indonesia saged nampi budaya manca. Budaya lan teknologi ingkang sae, modern, lan trep kaliyan kaanan ing ngriki inggih prelu dipun ginakaken. Namung virus  budaya manca ingkang awon lan mboten trep kaliyan kaanan, prelu dipun seleksi. Salajengipun saperangan budaya manca ingkang ngrubuhaken jatidiri Bangsa  kedah dipun adhepi, lan dipun  ’perangi’.
Gegandhengan kaliyan prekawis-prekawis kasebat, ayahan pamarentahan lan pembangunan ingkang lelandhesan jatidiri Bangsa prelu dipundayakaken. Wonten bab-bab ingkang prelu dipuntaliti, dipunpilah, dipunpilih, tuwin dipun dayakaken.
Sepisan, Pancasila minangka jatidirining Bangsa  prelu dipun sinau malih, dipun cecep, tuwin dipun amalaken wonten ing bebrayan.  Pancasila ingkang nggadhahi nilai-nilai ingkang sae, adi, lan luhur, prelu dipun wujudaken wonten ing tengahing bebrayan. Nilai-nilai ingkang wonten ing Pancasila ingkang kalairaken ing Bumi Nuswantara prelu dipun  wujudaken wonten ing bebrayan wiwit tataran pusat dumugi tataran daerah.  Ombak reformasi ingkang kala samanten ’apriori’ lajeng  njabut  P4,  prelu dipun taliti malih.  Manawi  kala samanten dipun  anggep ’indoktrinasi’, lan sipatipun ’top down’, ingkang kirang leres, inggih metode-nipun ingkang prelu dipun sampurnakaken. Mboten malah njabut sadaya nilai-nilai lan substansi ingkang wonten ing Pancasila.
Kaping kalih, ayahan Mbangun Praja prayogi dipunjembaraken tebanipun malebet ing ranah mbangun watak, harkat lan martabat. Jalur pendidikan prelu dipun dadosaken prioritas ayahan pembangunan.
Pembangunan watak (nation and character building) prelu dipun utamekaken, supados semangat ka-bangsan, nasionalisme lan patriotisme kagigah, lan saged ngrembaka wonten ing pamulangan (formal, nonformal, lan informal). Wulangan bab budi pakarti, tatakrama, lan sopan santun prelu kacakup wonten ing  pendidikan.
Kaping tiga, ing babagan administrasi, manajemen lan kepemimpinan prelu nengenaken lan mapanan paraga utawi SDM ingkang nggadhahi kompetensi manusiawi (la competence humaine), kompetensi teknis (la competence technique), lan kompetensi mutusaken (la competence decisionelle). Manawi babagan menika dipun lirwakaken, kawontenan mboten badhe sae malah kapara ’risak’.
Kaping sekawan, nilai-nilai ingkang wonten ing budaya, sastra, lan ’Jagad Jawa’, prelu dipundhudhah, dipuntaliti, dipun-intrepretasi, dipunpilah, dipunpilih, salajengipun dipun-dayakaken wonten ing manajemen pamarentahan lan pembangunan, wiwit tataran perencanaan dumugi penga-wasan.
Kaping gangsal, wonten pamanggih wewaton tradisi Jawi, inggih menika prelunipun ’ruwatan’ supados saged ngicali lan mbucal sukerta ingkang taksih kasandhang. Ayahan ’Ruwatan’  prelu dipun jembaraken tebanipun. Kajawi menika sinten kemawon ingkang (rumaos) taksih wonten rereged utawi dereng resik ati tuwin, pikiranipun, prelu dipun ’ruwat’ lelandhesan ajaran agami, utawi budaya Jawi.


Déníng : Sutadi
Pangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx broker инвестициисковороды из литого алюминияwobs отзывы

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7589848
  Hari ini     :  Hari ini :765
  Kemarin     :  Kemarin :1068
  Minggu ini   :  Minggu ini :7372
  Bulan ini   :  Bulan ini :19583
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 21

Kontak Admin.

email-kidemang