Puspåwarnå - ᭙

50 Kawruh Jawa

Kawruh, ngelmu, utawa pangawikan Jawa ora bisa dipisahake karo makartine manungsa Jawa wiwit jaman kawuri tumeka dina iki. Ana kang arupa budaya tulis, nanging uga ana kang arupa budaya lisan lan tradhisi tutur tinular. Minangka titikan, bisa dipindeng ana adikaryane para Mpu, Pujangga, Ratu, lan Sufi Jawa; utawa tulisane para sarjana, sujana, nimpuna, budayawan Jawa, sastrawan Jawa lan liya-liyane. Cacahe akeh banget prasasat tanpa wilangan. Pangawikan Jawa akeh tinemu ana ing kitab utawa naskah-naskah kuno (manuscript), kakawin, sastra parwa, serat-serat suluk, ensiklopedhi, kamus, serat babad, almanak, primbon,  wejangan, wulangan, pitutur, pepali, kidungan, tembang lan liya-liyane. Karaton lan kabeh arta kaya budaya kang ana, dadi punjering pengangson tumrap sapa wae kang kepengin ngangsu kawruh ngenani ngelmu Jawa. Kejaba saka iku, kapustakan lan museum dadi papan kanggo sinau lan nyinau kawruh Jawa. Ngenani  babagan iki, akeh banget adikarya sastra Jawa kang bisa dadi sumbering kawruh, umpamane Mahabharata, Ramayana, Negara Kertagama, Sutasoma, History of Java tulisane Sir Stanford Rafles,  Kalangwan anggitane Eyang PJ Zoetmulder, Serat Centhini, buku Nusa Jawa Silang Budaya karyane Denys Lombard, buku Sastra Jawa terbitan Pusat Bahasa cetakan Balai Pustaka, lan liya-liyane. Anane susastra Jawa wiwit jaman Hindhu, Majapahit, Islam, Mataram, lan Surakartan, tebane, cakupane, lan isine ngedab-edabi. Menawa dipindeng saka wawasan kang asipat ilmiyah, tebane  malebu ana ing laladan metafisika, filsafat, logika, lan ranah etika moral kang nggilut babagan bener-luput, ala-becik. Ana ing wulang Jawa tinemu sesanti ‘mamayu hayuning bawana’, sing mbanjur tambah dadi mamayu hayuning nusa bangsa, mamayu hayuning sasama, lan mamayu rahayuning sarira. Wewaton sesanti iki diajab supaya pada ‘sadar kosmis’, bisa njaga, lan nglestarekake lingkungan (eco system). Ana maneh sesanti kang ringkes lan njurung watak becik yaiku ‘aja dumeh’. Sesanti iki nuntun marang sapa wae supaya bisa  ngendhaleni dhiri, lan menehi pepeling yaiku: lamun sira darbe kuwasa aja kumawasa, lamun  duweni wewenang aja ‘sewenang-wenang’. Nilai (values) ana ing sesanti Aja Dumeh’ gayut banget karo watak lan kharakter pemimpin sing prayoga ‘andhap asor, lembah manah lan nguwongake wong’. Babagan estetika uga tinemu akeh ana ana ing tradisi, adat istiadat, upacara (ritus, ritual), pewayangan lan pedhalangan (seni widya, seni ripta, seni sastra, lan seni pentas), Ana ing pangawikan Jawa akeh ‘ngelmu’ sing bisa disinau, yakuwi : filsafat Jawa, etika Jawa, kebatinan, kejawen, kawaskithan, kalantipan, kajiwan, kanuragan, guna kasantikan, pawukon, petung, palintangan, ramalan, jangka, pralambang, ngelmu kalang, wewangunan utawa arsitektur, lan liya-liyane. Ana maneh wulangan Jawa sing trep banget menawa dicakake ana pemerintahan, yakuwi  watak utawa kapribadhen  ana ing tembung ‘njaga praja’. Paugeran lan ayahan njaga praja ora mung nata babagan pemerintahan, njaga katetentreman, gawe undang-undang lan liya-liyane, nanging nyakup ayahan njaga kawibawan, harkat lan martabat para nayaka praja lan punggawa. Prajane bebadan eksekutif, legislatif  lan yudikatif  kudu dijaga, kalebu ana ing kene prajane aparat kepulisian, kejaksaan, lan pengadilan wiwit tataran ndhuwur tekan tataran ngisor. Kawruh, ngelmu lan pangawikan  Jawa bias diumpamakake  kaya banyu kang ora bisa dipisahake karo sumber utawa tuk ing pegunungan terus lumaku mili tumeka ing segara. Kalebu ana ing kene, banyu kang ana ing sumur, belik, sendhang, lan talaga. Tirta, toya, utawa banyu wis dadi pralambang ngelmu pangawikan. Gumelare ana ing pewayangan tinemu ana ing lakon Bima Suci. Ana ing lakon iki, sang Bima dadi paraga kang lagi ngangsu utawa hangudi kawruh, nyecep ngelmu lan surasane tirta ’perwita adi’ utawa tirta ’mahening suci’. Dumadine banyu ora bisa dipisahake karo anasir alam liyane, yaiku: surya (srengenge), candra (rembulan), kartika (lintang), maruta (angin), bantala (bumi), agni (geni), lan himandha (mega). Kawruh Jawa kang nulad lakuning alam cacah wolu banjur sinebut ’hastha brata’. Hastha brata dadi pangawikan utawa kawruh Jawa kanggo para pemimpin.


Déníng : Sutadi
Pangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx brokerвизажист харьков ценыдепутат лобановский

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7589801
  Hari ini     :  Hari ini :718
  Kemarin     :  Kemarin :1068
  Minggu ini   :  Minggu ini :7325
  Bulan ini   :  Bulan ini :19536
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang